You are on page 1of 7

ANGGOTA KELOMPOK :

1. Aneura Febria I.K(03)


2. Azzahra Choirunnisa(06)
3. Davina Syafa F.(13)
4. Dewi Keysa M.D(15)
5. Elvira Charissa A.(17)
6. Estellita Roewiyane A.(18)
7. Mohammad Nuril(25)
8. Richard Kaimana(33)

Pemain:

Azzahra as Dhea Syifa Shafira = Murid

Aneira as Dwimata Tesa Artika = Murid

Estellita as Kezia Grace Monica = Murid Yang Kehilangan Dompet

Davina as Aulia Putri = Murid

Elvira as Nurul Safira = Murid yang mengambil Dompet

Dewi Keysa as Siti Aisya = Murid

as Taufik Rahman = Wali Kelas

as Kresna Dwiky Ramadhana = Kepala Sekolah

Latar : Dunia Pendidikan (sekolah)

Naskah ::

Siti sing teko dhisek ngajak kanca-kancane piket...

Siti: hayooo! Sopo seng piket iki mau!?

Dhea: aku, aku piket iki mau

Siti: yowes, ayo piket bareng!

Dhea: hooh ayo

Dhea lan Siti nyapu kelas, terus...

Kresna: Rajin tenan bocah-bocah iki, mugo-mugo sak teruse bakal tetep koyok ngene iki yo cah. Dijaga terus
seduluran e, ojo gegeran ae.

Siti lan Dhea: siapp


Siti: oo nggih pak, ngapunten sanget sak derenge, kelas niki kan mboten wonten alat pel. Anggal mboten
misale nyuwun alat pel?

Kresna: ooo iyo iyo, oleh nduk, tak tompo argumen mu kui mau, dienteni yo nduk.

Tesa: ya Allah angel e soale! Wes podo mari gong iki?

Kezia: aku kurang nomor 5 eg iki

Tasha: digarap bareng-bareng yuk, sopo ngerti iso petuk jawaban e

Dhe petuk karo pak Taufik...

Dhea: pak taufik!!

Taufik: oo iyo nduk, enek opo?

Dhea: mboten pak, salam mawon

Taufik: oo iyo, awakmu petuk Fira? Lek petuk engko tulung omongono kon metuk i bapak yo!

Dhea: nggih siap pak

Taufik: matur suwun yo

Dhea: nggih, sami-sami pak

Dhea metuk i Fira...

Dhea: Fir!

Fira: ngopo dhe?

Dhea: awkmu dicslok pak Taufik dikon nyang ruangan e lo

Fira: oo yo, suwun dhe

Dhea: hooh sip

Fira moro nyang ruangan e pak Taufik...

Fira: nyuwun sewu pak!

Taufik: oo fira, melbu o nduk, bapak arepe tekon

Fira: tangklet nopo pak?

Taufik: awakmu opo dirung bayar SPP 3 ulan kepungkur iki? Terus iki piye?

Fira: nggih pak, kula usahakaken minggu niki lunas

Taufik: yowes, pak Kresna ngewehi wektu seminggu dinggo awakmu ngelunasi SPP mu iki
Fira: lek mboten pak?

Taufik: wes awakmu kui Fir, awakmu bakal ditokke karo pak Kresna mengko

Fira: waduh, ngonten nggih pak, nggih pun ngoten mawon pak. Matursuwun ingkang katah

Seminggu sakwise

Fira: duhh piye kih, wes seminggu...duit SPP durung dibayar, ayah yo durung bayaran..

Tesa, Kezia & Siti menyang kantin, ora ono swng nyadar, jebule dompet e Kezia ceblok

Fira: Kez..

Hmmm, piye yo, duit iki lak tak gawe bayar SPP piye yo andekno Kezia yo ora ngerti.. yowes lah tak
gawe wae

Tasha marani Fira

Tasha: oy Fir!!

Fira: heh cah iki, nggarai kaget ae!

Tasha: hahaha, yo sepuranee

Fira: iyo iyo santai

Tasha: arepe neng endi?

Fira: mboh ki, bingung aku sha

Tasha: oalah, neng kantin yok? Lk gak aku tak disek, lue aku

Fira: hooh wes, daah

Dhea moro...

Dhea: Fir, ayo neng kantin?

Fira: yok wes, aku yo pas keluen iki. Tak traktir wes!!

Dhea: hooh wes, suwun yo

Fira: iyo, yok

Kezia sak kanca-kancane neng kantin...

Kezia: aku wes bar ki, ayo mbayar

Tesa: hooh ayo


Kezia: loh ki kok dompetku kok ora ono

Siti: njajal digolek i disek, menowone neng kantong seng sisih

Kezia: ora ono sitt

Siti: ceblok neng ndalan mau paling, engko ben tak tulungi nggolek i, karo cah-cah sisan

Kezia: hooh wes suwun yo, tapi iki aku piye mbayar e, kadung wes tak maem eg

Tesa: yowes, saiki ben tak bayarane disek, dompet mu engko wae digolek i

Siti: hooh setuju

Kezia: ya Allah kok podo apik an to kanca-kancaku iki, suwun lo yo

Tesa & siti: hooh podo-podo Kez

Tasha petuk Fira...

Tasha: lhoo Fir, seng kok cekel kui opo duk dompet e Kezia?

Fira: heh, menengo ae yo sha, aku yo kepeksan njikuk

Tasha: la ngopo?

Fira: aku ora ndue duit ngge bayar duit SPP. Lk dino iki aku durung bayar, aku iso ditok ke teko sekolah.

Tasha: oalah ya allah Fir, sak jane balekno wae

Fira: tapi aku wedi sha

Tasha: eh sepurane yo, aku arep nyang perpus sek

Fira: heh, yowes lah

Kezia petuk Fira...

Kezia: Fir, awakmu tau ndelok dompet ku enek ceblok gak?

Fira: ogak i Kez

Kezia: oo yowes, lak eroh omongo aku yo

Fira: iyo kez

Kezia: oke suwun yo

Pas petuk neng ndalan..

Taufik: Fira! Reneo nduk!

Fira: Wonten nopo pak?

Taufik: awakmu wes bayar duit SPP?


Fira: ohh nggih pak, niki bade kula bayar

Taufik: owalah iyo nduk, pas banget iki awakmu dicelok pak Kresna nyang ruangan e, saiki yo!

Fira: nggih pak, maturnuwun

Tesa petuk Fira...

Tesa: Firaa

Fira: wh tesa, ko endi?

Tesa: teko kantin aku Fir

Fira: ooo, lha saiki arepe neng ndi?

Tesa: kui lo, aku ngewangi kezia nggolek i dompet e, ilang dompet e, ceblok mau kiro-kiro

Fira: oalah

Tesa: eh sek yo, arep nyang kelas aku, lak enek ndelok dompet e kezia omongo yo

Fira: hooh tes

Siti petuk Fira...

Siti: Fir

Fira: eh siti

Siti: arep neng ndi Fir? Kok kesusu ngono sawangane

Fira: hooh iki arep nyang ruangan e pak Kresna

Siti: lho la ngopo? Enek masalah ta awakmu iki?

Fira: ealah iki lho sit, arep e mbayar duit SPP, sek yoo

Siti: oalah hooh, daahh

Neng ruangan e pak Kresna...

Fira: nyuwun sewu pak

Kresna: oo fira? Opo bener ta awakmu bocah seng urong bayar SPP 3 ulan kepungkur iki?

Fira: nggih pak, leres

Kresna: oalah iyo nduk, saiki duit mu SPP ndi nduk?

Fira: niki pak, sampun lunas nggih.

Kresna: iyo nduk, sok sok neh ojo nganti telat ngene ki lo yo nduk, omong marang wong tuane.

Fira: nggih pak


Kresna: yowes saiki mbalik o menyang kelas

Fira: nggih maturnuwun sanget pak, ngapunten, monggo

Kresna: yo...yo nduk ora masalah

Dhea marani Kezia...

Dhea: kezz

Kezia: enek opo dhe?

Dhea: aku mau ngerti fira nyekel dompet mu lho kez

Kezia: mosok sih? Aku mau yakon neng bocah e omongo ora eroh lo dhe

Dhea: hooh tenan! Ndek mau duit e dinggo nraktir aku neng kantin kez

Kezia: hihh! Yowes, tak paranane bocah e

Tesa, Siti, Dhea lan Kezia marani Fira...

Tesa: heh fir! Aaakmu njipok dompet e kezia yo!

Siti: hooh fir, ngaku ae lo, ora usah ngapusi!

Fira: hmmm

Kezia: tenan to fir?

Fira: tapi ojo nesu yo

Kezia: tapi nyapo awakmu njipok dompet ku? Lek ancen bener, nyapo?

Fira: sepurane yo kez. Asline mau dompet mu ceblok, terus arep tak balekne nyang awakmu. Tapi aku
kelingan aku durung bayar SPP, dadi duit e tak gawe

Tasha: kez, lalekno wae lo! Mesakne Fira, lek dino iki cah e gaiso bayar SPP iso ditokne teko sekolah

Tesa: yo tapi ojo nyolong ngono kui lah

Siti: hooh, kan iso to omong apik-apik lek ancen butuh, insyaallah kito to iso ngewangi og fir

Kezia: yongalah fir, nyapo kok kudu nyolong sih, lek awakmu njalok apik-apik aku yo bakale nulungi awakmu
kok

Fira: pisan nkas aku ngapurane seng akeh yo kez

Kezia: yowes fir tak ngapurani, duit e gausah dibalekne gak popo, tapi janji o lo yo, ojo nyolong koyok ngene
iki maneh!

Fira: hooh kez, janji aku, matur suwun lo yo

Kezia: hoog Fir

Tasha: nah ngononlo


Tesa: eh eh pak taufik teko!!

Siti: eh iyo, melbu ae yok!

Together: ayukk!! HHAHAHAH 

~ • Happy end • ~

You might also like