You are on page 1of 3

Nama :

……………………………
Nomor :
……………………….......
PEMERINTAH KABUPATEN GUNUNGKIDUL
DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH DASAR NEGERI KERDONMIRI 1 RONGKOP

Alamat :Kerdonmiri, Karangwuni, Rongkop, Gunungkidul, DIY Kode Pos 55883

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP


TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Rabu, 16 Maret 2022
Kelas : II (Dua) Waktu : 07.30 – 09.00
Wacanen kanthi pratitis!
Pandhawa

Pandhawa iku tegese Putra Pandhu.


Pandhu iku ratu ing Astina.
Jejuluk Prabu Pandhu Dewanata.
Pandhawa cacahe lima.
Mula diarani Pandhawa lima.
Sing mbarep aran Yudhistira.
Adhine Yudhistira aran Bima.
Adhine Bima aran Arjuna.
Adhine Arjuna kembar, yaiku aran Nakula lan Sadewa.

I. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki nganggo basa krama!


1. Pandhawa cacahe pira?
Pandhawa cacahipun .........................................................
2. Pembarepe Pandhawa jenenge sapa?
Pembajengipun Pandhawa asmanipun ...........................................
3. Adhine Yudhistira jenenge sapa?
Rayinipun Yudhistira asmanipun ..............................................
4. Adhine Bima jenenge sapa?
Rayinipun Bima asmanipun ...............................................
5. Putra sing kembar jenenge sapa karo sapa?
Putra ingkang kembar asmanipun .................... kaliyan ..................

II. Wenehana tandha “X” aksara a, b, utawa c ing wangsulan sing bener!
6. Kewan sing seneng mangan wortel, yaiku ....
a. truwelu
b. wedhus
c. sapi
7. Awake gedhe, kupinge amba, duwe telale. Kewan iku arane ....
a. sapi
b. gajah
c. jaran
8. Wite dhuwur, godhonge kanggo gawe kupat, wohe kanggo gawe santen.
Tanduran iku arane ....
a. gedhang
b. pring
c. kambil
9. Pakanane sapi yaiku ....
a. suket
b. jejanganan
c. woh-wohan
10. Suarane kucing yaiku ....
a. ngoh
b. petok
c. meong
11. Bapake pandhawa arane ....
a. Prabu Pandhu Dewanata
b. Yudhistira
c. Nakula
12. Ibu turu ana kamar, turu krama inggile ....
a. dhahar
b. ngunjuk
c. sare
13. Omahe Tini adoh saka kene, adoh kosok baline ....
a. dawa
b. cendhak
c. cerak
14. Bu Anita saben dina mulang ana sekolahan. Pegaweyane Bu Anita
diarani ....
a. guru
b. dokter
c. perawat
15. Tembung “papat” iku kramane ....
a. tiga b. sekawan c. gangsal
KUNCI JAWABAN B. JAWA

1. gangsal (5)
2. Yudhistira
3. Bima
4. Arjuna
5. Nakula lan Sadewa

II
6. a
7. b
8. c
9. a
10. c
11. a
12. c
13. c
14. a
15. b

Rum Jml Skor Nilai


Soal
I 5 2 10
II 10 1 10

NILAI = Nilai Perolehan x 100

40

You might also like