You are on page 1of 6

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GASAL

SEKOLAH DASAR (SD) TAHUN PELAJARAN 2023 / 2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Tema : 1. Kabudayan
2. Bela Negara
3. Pengalaman
4. Budhi Pekerti
Hari, Tanggal : Selasa, 28 November 2023
Kelas : VI (Enam)
Waktu : 90 Menit

I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara A, B, C, utawa D ing ngarepe wangsulan sing bener
ana ing lembar jawab!

Jaran Kepang
Kaya adat saben taun, kanggo mengeti dinten kamaradikan ing Desa Kedungsari,
Kecamatan Gebog Kabupaten Kudus naggap Jaran kepang. Jaran Kepang digawe saka pring
kang diirat utawa dibentuk dadi dolanan awujud jaran. Dolanan kang awujud jaran mau ditumpaki
dening sawijining wong kang dadi paraga. Paraga mau banjur joged dibarengi unine gamelan kang
rancak. Swara Gamelan nambahi jogede para paraga dadi tambah luwes tur marak ati.
Jaran kepang dianakake ing lapangan bal-balan. Akeh wong kang padha kumpul ing
lapangan kanggo nonton jaran kepang. Bocah- bocah cilik sing nonton katon seneng banget.
Nanging ana uga kang keweden amarga ana paraga jaran kepang sing polahe medeni. Bocahe
padha delik ning burine kanca- kancane karo nutupi mripat. Nanging, sedhela-sedhela uga bukak
mripat kepengin ngerti polahe jaran kepang mau.

1. Kaya adat saben taun, kanggo mengeti dinten kamaradikan ing Desa Kedungsari, Kecamatan
Gebog Kabupaten Kudus naggap Jaran kepang. Tegese mengeti yaiku….
a. Tanggapan
b. Turun- temurun
c. Ngeling- eling
d. Diterusake
2. Tradisi kabudayan apa sing di tanggap Desa Kedungsari kanggo mengeti dinten kamardikan?
a. Dugderan
b. Dandhangan
c. Syawalan
d. Jaran Kepang
3. Apa sebabe bocah cilik padha keweden nonton jaran kepang?
a. Ana jaran kepang padha mlayu
b. Ana jaran kepang kang polahe medeni
c. Ana jaran kepang ngoyak sing nonton
d. Ana jaran kepang kang mumet
4. Para paraga jaran kepang jogede katon tambah luwes Amarga…
a. Swara gamelan kang katon rancak
b. Dikeploki sing padha nonton
c. Swarane sing nonton bengok- bengok
d. Jaran kepang plahe medeni
Tradisi Saparan
Tradisi sasi sapar, ing tlatah Jawa tekan saiki isih terus dipepetri lan diestarekake. Kayata
tradisi Saparan Yaqowiyu ing Klaten. Miturut cerita sing wis turun- temurun, sejarahe tradisi
Saparan Yaqowiyu iki ora bisa dipisahake karo Ki Ageng Gribig utawa Syeh Wasibagno.
Panjenengane tekun nindakake ibadah uga cikal bakale Jatinom. Sawijining dina Ki Ageng Gribig
kondur saka tanah suci Mekah. Panjenengane ngasta apem telung iji. Apem iku diddum marang
putra wayah kanthi ngendika “Apem Yaqowiyu”.
Amarga apem cacahe telung iji ora rata didum, Ki Ageng Gribig dhawuh supaya gawe
apem meneh saengga putra wayah bisa keduman. Wiwit kuwi, saben ngepasi tengah- tengahe
wulan Sapar tiba dina jemuah, dianakake sedhekah gawe apem.

5. Tradusi Saparan Yaqowiyu ora bisa dipisahake karo sejarahe….


a. Sunan Kudus
b. Ki Ageng Sela
c. Ki Ageng Gribig
d. Syeh Malaya
6. Tradisi Saparan Yaqowiyu dianakake saben….
a. Ngepasi wiwitan wulan sapar tiba dina Jemuah
b. Ngepasi Tengah- tengahe wulan Sapar tiba dina Jemuah
c. Gawe apem akeh supaya bisa diddum ing dina Jemuah
d. Manut Dhawuhe Ki Ageng Gribing ing dina Jemuah

Perang Tandhing
Perang Barata Yudha yaiku perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa. Ing tengahing
palagan, Gathotkaca tinuding dadi senopatining perang saka trah pandhawa. Mungsuhe senopati
Kurawa kang aran Adipati Karna. Adipati Karna duwe gaman ampuh kang awujud panah senjata
kunta. Gathotkaca ngendhelake anggone mabur tanpa elar. Saben arep di wales, Gathotkaca
banjur mabur luwih dhuwur. Suwe-suwe Adipati Karna keslomot atine. Mula banjur jupuk panahe
kang aran senjata kunta sing ampuh banget bisa goleki Gathotkaca nganti ana langit sap pitu.
Wekasan senjata kunta mau bisa ngenani Gathotkaca nganti nemahi palastra.

7. Tembung Palagan ana ing wacan Perang Tandhing tegese….


a. Mati
b. Senopati
c. Sekti
d. Peperangan
8. “Adipati Karna kagungan pusaka panah naminipun Senjata Kunta”. Ukara iku yen ditulis
nganggo basa ngoko yaiku…
a. Adipati Karna duwe pusaka panah naminipun Senjata Kunta
b. Adipati Kara duwe pusaka panah jenenge Senjata Kunta
c. Adipati Karna gadhah pusaka panah asmanipun Senjata Kunta
d. Adipati Karna duwe Pusaka panah asmanipun Senjata Kunta
9. Pamane Gathotkaca arane Kalabendana. Ukara iku yen ditulis nganggo basa krama yaiuku….
a. Pamane Gathotkaca jenenge Kalabendana
b. Pamane Gathotkaca asmane Kalabendana
c. Pamanipun Gathotkaca jenenge kalabendana
d. Pamanipun Gathotkaca asmanipun Kalabendana
10. Perang Barata Yudha iku perang gedehe antarane….
a. Gathotkaca lawan Adipati Karna
b. Pandhawa lawan Kurawa
c. Punakawan lawan Kurawa
d. Pandhawa lawan Punakawan
11. Guguring Raden Gathotkaca ing Barata Yudha dadosake Kusumaning Bangsa. Kusuma
Bangsa tegese….
a. Pahlawan
b. Palagan
c. Palastra
d. Trengginas

12. Gambar sing ana ing dhuwur yaiku……


a. Adipati Karna, watake nglokro ora wani getih
b. Gathotkaca, watake klemar-klemer, kendel perang
c. Gathotkaca, watake cukat trengginas ora wedi getih
d. Adipati Karna, Watake wani kendel perang

Preinan Ning Candi Borobudur

Dina preinan wingi Siti lunga menyang Borobudur karo Ibu, Bapak lan adikke numpak
mobil. Borobudur saka omahe Siti adoh nglangut kira- kira limang jam, durung maneh yen dalane
macet. Adohe Borobudur ora dadi ngapa amarga ning kana kahanane katon apik lan endah
candine gedhe gumunake, terus maneh Siti durung tau weruh. Ning Kana ana maneka warna
stupa, patung, uga relief saka watu sing gambarake cerita Mataram Kuno. Siti seneng banget
bisa preinan ning Borobudur bareng keluargane, sinau sejarah sing ditinggal Raja
Samaratungga. Bapake ngandika, bocah bocah kudu tansah eling marang sejarah bangsa salah
sawijine yaiku Candi Borobudur. Sawise saka Borobudur, keluargane Siti muter muter kota
Magelang. Pengalaman iki dadi pengalaman sing nyenengake kanggo Siti.

13. Borobudur saka omahe Siti adoh nglangut kira- kira limang jam. Tembung adoh nglangut
tegese….
a. Adoh ning cedak
b. Adoh Banget
c. Ora pati Adoh
d. Cedak Banget
14. Siti lan Keluargane menyang Borobudur numpak….
a. Montor
b. Kreta
c. Mobil
d. Montor mabur
15. Pengalaman Preinan ning Borobudur kalebu pengalaman sing….
a. Guyokake
b. Nyusahake
c. Jengkelake
d. Nyenengake
16. Kepiye kahanane ana ing Candi Borobudur?
a. Katon patung lan stupa cilik- cilik
b. Katon apik lan endah, candine gedhe gumunake
c. Katon relief Majapahit
d. Katon biasa wae
17. Menawa tau ngalami kedadean sing nyilakani, sabanjure kudu luwih….
a. Sembrana
b. Bisa nglalekake
c. Ngati-ati
d. Seneng
18. Ing ngisor iki kalebu pengalaman, kejaba….
a. Menang lomba acara Pitulasan
b. Numpak Pit tiba kecemplung kali
c. Nyapu latar saben dino
d. Entuk Juara Kelas

Kinanthi
(Laras Pelog Pathet Sanga)

Padha gulangen ing kalbu


Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarira nira
Sudanen dhahar lan guling

19. Ing sasmita amrih lantip. Tembung lantip tegese….


a. Ati
b. Ragamu
c. Gladhen
d. Pinter
20. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping telu yaiku….
a. 8a
b. 6i
c. 8e
d. 6a
21. Isine tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku….
a. Asih marang sasama
b. Nyenengake awak
c. Akeh wewarah gladhi ngelmu
d. Seneng biyantu
22. Upacara punika saget katindakaken kanthi climen prasaja. Kosok balen climen yaiku…
a. Gedhen
b. Cilikan
c. Suwe
d. Sedhela
23. wacane yaiku….
a. Darmuji lunga tuku sega
b. Darmuki lunga tuku lenga
c. Darmuki lunga luru sega
d. Darmuji lunga tuku lenga
24. Manuk Manyar yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku….

a.

b.

c.

d.

25. diwaca unine….


a. Uyah gone lurah
b. Uyah regane murah
c. Uyah regane lurah
d. Uyah gone murah

II. Ganepana ukara- ukara ing ngisor iki kanthi tembung sing trep!
26. Kita kedah sami nyengkuyung anggenipun nindakake Budaya Tradisi kayata dandhangan,
dugderan, syawalan supados…..
27. Gugure Gathotkaca amarga kena Senjata Kunta gadahe……………..
28. Nalika lunga mancing, sandale Paijan ilang amarga keli ning kali. Pengalamane Paijan
kalebu pengalaman sing…………………….

29. diwaca unine…..


30. “Ana Praja Numpak Jaran” yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku….

KUNCI JAWABAN
Bagaian I
1 C 6 B 11 A 16 B 21 C
2 D 7 D 12 C 17 C 22 A
3 B 8 B 13 B 18 C 23 D
4 A 9 D 14 C 19 D 24 C
5 C 10 B 15 D 20 A 25 B
Bagian II
26 Lestari (kebijaksanaan guru)
27 Sedih
28 Nyedhihake
29 Kulakan Sabun
30

Pedoman Penilaian
Pilihan Ganda = Skor benar x 1
= 25 x 1 = 25

Isian Singkat = Skor jawaban benar x 5


= 3 x 5 =15

jumlah skor yang diperoleh


Nilai Akhir = x 100
Skor maksimum
25+15
= x 100
40
40
= x 100
40
= 100

You might also like