You are on page 1of 3

PEMERINTAH KABUPATEN KENDAL

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SEKOLAH DASAR NEGERI 1 PIDODOWETAN
Alamat : Jln. Pidodo Raya Desa Pidodowetan Patebon Kendal
E-mail : sdnpidodowetan1@gmail.com NPSN : 20321908 NSS:101032414022

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT) TAHUN PELAJARAN 2020-2021


Nama : Hari/ Tanggal :
Kelas/Semester : Mapel : B.JAWA

I. Wenehana tanda ping (x) tumrap jawaban kang bener!

Jendral Sudirman

Jendral Sudirman kawentar minangka ahli perang Gerilya lan semangate makantar-kantar jroning
nggulawenthah TKR nganti TNI.

Nalika Sudirman pangkate kolonel wis dadi panglima Devisi Banyumas, nalika tanggal 18 Desember
1945, Sudirman ditetepake dadi Panglima Besar TKR kanthi pangkat Jendral.
Nalika Ngayogyakarta dijeki Walanda, Jendral Sudirman ninggalake Ngayogjakarta mimpin pasukan
TNI kanggo nganakake Gerilya marang Walanda. Pitungsasi sasi lawase Jendral Sudirman dadi pandoming
rakyat Indonesia. Panjenengane tansah angudi amrih langgenge Negara Republik Indonesia sabanjure Jendral
Sudirman ditetepake minangka Bapak TNI

1. Jendral Sudirman kasebut dadi ....


a. Bapak BKR b.Bapak TKR c.Bapak TNI d. Bapak Koperasi
2. Jendral Sudirman kawentar minangka ahli perang Gerilya. Kawentar tegese …
a. Julik b.kondhang c.Ahli d. Mimpin
3. Amarga tansah nggulawenthah TNI, mula Jendral Sudirman ditetepake dadi pahlawan. Tembung
nggulawenthah tegese …
a. nglatih b.ndhidhik c. ngadani d. ngopeni .
4. Pahlawan mulih aran awit bekti bangsa
“Mulih aran” ing cuplikan geguritan dhuwur tegese …..
a. seda ing paprangan c. mulih nggawa jeneng
b. menang mungsuh penjajah d. pahlawan mulih saka perang
5. Kang kalebu tembang macapat kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a. Ilir-ilir b. Mijil c. Kinanthi d. Maskumambang
6. Naskah ing crita drama diarani ...
a. sinopsis b. prolog c. epilog d. skenario
7. Bapak nembe kondur saking sawah basa kramane …
a. tegil c. sabin
b. kebon d. wana
8. Tedak Sinten yaiku adat jawa kanggo acara …
a. Laire jabang bayi c. Dhamping penganten
b. medune bayi neng lemah d. Sajroning ana kadhutan
9. Ukara pambuka kanggo ngiringi crita diarani ....
a. Monolog b. Epilog c. Prolog d. Dialog
10. Yen ana telepon nyasar kudu enggal dijawab ….
a. nuwun sewu salah sambung c. nuwun sewu panjenengan sinten
b. nuwun sewu panjenengan ngawur d. cobi dipun bel sekedhap maleh
11. Layang kabar kang metune saben dina diarani ...
a. kalawarti b. Candrawarti c. Ari warti d. Warsa warti
12. Wong kang duwe watak culika lan licik, yen ing pewayangan digambarake kaya ....
a. Werkudara b. Dasa Muka c. Punta Dewa d. Sengkuni
13. Layang Kitir iku tegese ....
a. layang dines c. Layang pribadhi
b. Layang kang kemitir d. layang kang isine cekak aos
14. Taman Maerokoco iku papan ….
a. Wisata b.ziarah c. olahraga d. blanja
.
15. Kang dudu perangane sesorah/pidhato yaiku ….
a. pambuka b.adangiyah c. panutup d. isi

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Tanduran palakependhem iku kayata …


2. Ngasah arit, nganti landhep
Dadi murid, kudu…..
3. Pasopati iku panahe ….
4. Tembang durma iku cacahe …. gatra.
5. Ana ing panutupan pidhato, lumrahe isine ….
6. Guyone sepi pasar artine….
7. ukara tanduk yaiku ….
8. “Rini tuku buku” tulisane aksara jawa yaiku ….
9. geguritan yaiku ….
10. Saiki wes katon padhang jingglang.
Padhang kosok baline….

III. Isinana Cecak-Cecak Ing Ngisor Iki Kanthi Wangsulan Kang Bener !

1. Nalika dina Senin aku melu piknik menyang Yogya.


Ukara ing dhuwur owahana dadi basa krama!
Wangsulan : _________________________________________________________________
2. Sebutna 5 wae kang kalebu tembang macapat!
Wangsulan:__________________________________________________________________
3. Apa bedane layang resmi karo layang pribadhi?
Wangsulan : _________________________________________________________________

4. Terangana tegese paribasan ing ngisor iki!


a. Becik ketitik, ala ketara
b. Sepi ing pamrih, rame ing gawe
Wangsulan :____________________________________________________________________
5. Terangana arane penggawean ing ngisor iki!
a. Empu
b. Jlagra
c. Pandhe
Wangsulan :____________________________________________________________________

You might also like