You are on page 1of 13

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI 4MALANG
Jl. Tanimbar No. 22 Malang 65117 Telp. (0341) 353798, Fax (0341) 363099
Website: http://www.smkn4malang.sch.id. email: mail@smkn4malang.sch.id

SOAL PENILAIAN AKHIR TAHUN


MULOK BASA JAWA
KELAS X
TAHUN AJARAN 2020/2021

1. Ing ngisor iki kang ora kelebu karakteristik basa sastra yaiku …
A. migunakake basa sastra
B. nduweni makna konotatif
C. migunakake aturan basa sing ora ketat
D. Pilihan tembung, ukara lan gaya basa sing winates
E. nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca

2. Ing ngisor iki kang ora kelebu karakteristik basa nonsastra yaiku …
A. nduweni sifat objektif
B. migunakake basa ilmu
C. nduweni makna denotatif
D. migunakake aturan basa sing kuat
E. migunakake pilihan tembung, ukara lan gaya basa sing bebas

3. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha teks sastra yaiku ...
A. artikel
B. sesorah
C. pawarta
D. sandiwara
E. pranatacara

4. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha teks nonsastra yaiku ...
A. cerkak
B. pawarta
C. tembang
D. sandiwara
E. panyandra

5. Ing ngisor iki kang kalebu jenise basa rinengga awujud kawruh basa yaiku …
A. parikan
B. dasanama
C. wangsalan
D. pepindhan
E. rimbag wuwuhan
6. Ing ngisor iki kang ora kalebu paugeran utawa aturane parikan yaiku …
A. unen-unen kang kudu dibatang
B. parikan bisa dumadi saka 2 gatra utawa 4 gatra
C. cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho
D. tibaning ukara sing kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho
E. ukara sing ngarep kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi

7. Gatekna wangsalan ing ngisor iki!


Balung klapa, _________ ora ngerti.

Wangsulan lan batangane balung klapa yaiku …


A. dimen, (damen)
B. judheg, (gudheg)
C. leganana, (degan)
D. kadingaren, (aren)
E. ethok-ethok, (bathok)

8. Gatekna pepindhan ing ngisor iki!


Wong kok galak kaya __________

Bacutane pepindhan kasebut yaiku …


A. alas kobong
B. macan manak
C. gagak reraton
D. geni lan urupe
E. mimi lan mintuna

9. Gatekna paribasan ing ngisor iki!


Desa mawa cara negara mawa tata.

Tegese paribasan kasebut yaiku …


A. wis diwenehi sethithik malah njaluk luwih akeh
B. tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa
C. senajan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani
D. pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
E. saben panggonan nduweni cara utawa adhat dhewe-dhewe

10. Gatekna tegese paribasan ing ngisor iki!


Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka.

Paribasan kang cocok karo teges kasebut yaiku …


A. jalma tan kena ingina
B. ora uwur ora sembur
C. yitna yuwana lena kena
D. busuk ketekuk pinter keblinger
E. gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh
11. Gatekna cangkriman ing ngisor iki!
Sega sak kepel dirubung tinggi.

Batangan cangkriman kasebut sing bener yaiku …


A. geni
B. salak
C. nanas
D. andha
E. sarung

12. Tuladha purwakanthi sastra ing ngisor iki kang bener yaiku …
A. japa mantra
B. ana dina ana upa
C. bibit, bobot, bebet
D. wiwawite lembodonge
E. rujak degan, degane kambil ijo

13. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Kadya kang bantala bubul.

Dasanamane tembung bantala yaiku …


A. geni
B. bumi
C. lintang
D. rembulan
E. srengenge

14. Ukara ing ngisor iki kang nganggo tembung saroja yaiku ...
A. Bangkekane nawon kemit.
B. Mikul nduwur mendhem jero.
C. Ing kiwa tengene ana pekarangan kang jembar.
D. Sandhangan resik lan reget dadi campur bawur.
E. Banyune ana kang nelakake yen olehe ngangsu saka pitung sumur.

15. Ukara ing ngisor iki kang nganggo tembung entar yaiku ...
A. Swasana wengi iku pancen sepi.
B. Atine Ningrum lagi kasaput mendhung.
C. Samubarang panggaweyan luwih becik dicoba dhisik.
D. Dadi bocah iku aja gedhe endhase, mundhak disirik liyan.
E. Lelakon kang nyebabake dheweke kudu ninggalake wong tuwane sing wis sepuh.

16. Gatekna ukara kang nganggo tembung entar ing ngisor iki!
Darto abang kupinge keprungu tembunge Marno sing nglarakne ati.

Tegese tembung entar abang kupinge yaiku …


A. akeh wong susah
B. omongane ampuh
C. nesu utawa muntab
D. wong kang dipercaya
E. nyambut gawe rekasa

17. Ukara ing ngisor iki kang ngandhut tembung yogyaswara yaiku ...
A. Ibu nggawe es kolang-kaling gawe takjil.
B. Bocah iku bola-bali njupuk buku ing perpustakaan.
C. Widadara-widadari padha mudhun saka khayangan.
D. Tantri kepingin menyang alun-alun Tugu pas wayah sore.
E. Para warga padha krungu gonjang-ganjing saka tangga desa.

18. Ing ngisor iki kang kalebu aksara legena utawa aksara dentawyanjana yaiku ...

19. Ing ngisor iki kang kalebu sandhangan cakra yaiku …


20. Ing ngisor iki pasangan aksara kang manggon ing sisihe yaiku ...

21. Ing ngisor iki kang kalebu aksara khusus yaiku ...

22. Ing ngisor iki panulisan angka jawa kang bener yaiku ...
23. Tandha pawacan lan jenenge kang bener ana ing …

24. Ing ngisor iki kang kalebu aksara murda yaiku ...

25. Ing ngisor iki kang kalebu aksara swara yaiku ...
26. Ing ngisor iki kang kalebu aksara rekan yaiku ...

27. Gatekna aksara jawa ing ngisor iki!

Tembung kasebut yen diwaca yaiku …


A. Gunadi
B. Partono
C. Purwanto
D. Karangrejo
E. Karangtengah

28. Tembung “Sarpakenaka” yen ditulis menyang aksara jawa mawa aksara murda kang
bener yaiku …

29. Gatekna aksara jawa ing ngisor iki!

Tembung kasebut yen diwaca yaiku …


A. Osmani
B. Irlandia
C. Ekuador
D. Urganda
E. Amerika

30. Tembung “Umar Aliman” yen ditulis menyang aksara jawa mawa aksara swara kang
bener yaiku …

31. Gatekna aksara jawa ing ngisor iki!

Tembung kasebut yen diwaca yaiku …


A. ghaib
B. zakat
C. dzikir
D. fatwa
E. syukur

32. Tembung “adzan” yen ditulis menyang aksara jawa mawa aksara rekan kang bener
yaiku …
33. Gatekna aksara jawa ing ngisor iki!

Ukara kasebut yen diwaca kang bener yaiku …


A. Arika Feli tanggal 6 menyang Padang.
B. Umi Nadifa tanggal 9 menyang Jakarta.
C. Oni Vanisa tanggal 8 menyang Surakarta.
D. Ismi Maura tanggal 2 menyang Surabaya.
E. Erik Fauzi tanggal 4 menyang Kalimantan.

34. Ukara “Intana Ghani wulan 5 menyang Surabaya.” yen ditulis menyang aksara Jawa kang
bener yaiku ….

35. Cacahe tembang macapat yaiku …


A. ana 10
B. ana 11
C. ana 12
D. ana 13
E. ana 14

36. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha tembang macapat yaiku …
A. cidro
B. sotya
C. balabak
D. kinanthi
E. wirangrong

37. Cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra sinebut …


A. guru lagu
B. guru basa
C. guru gatra
D. guru sastra
E. guru wilangan

38. Lak-luk ing swara kanggo nglagokake tembang sinebut …


A. pathet
B. cakepan
C. cengkok
D. titi laras
E. pedhotan

39. Gegambaran bocah enom kang kebak gegayuhan lan pangangen-angen ana ing tembang

A. mijil
B. sinom
C. pucung
D. megatruh
E. asmaradana

40. Tembang macapat kang duwe watak galak, sereng, nesu, muring yaiku tembang …
A. sinom
B. durma
C. pangkur
D. asmaradana
E. maskumambang

41. Tembang macapat kang gunane kanggo menehi pepenget, nyritakake rasa kagol, lan
mangkel yaiku tembang …
A. durma
B. pucung
C. pangkur
D. megatruh
E. dhandhanggula

42. Tembang macapat kang duwe gatra cacahe 6 yaiku tembang …


A. kinanthi lan mijil
B. sinom lan pucung
C. pangkur lan durma
D. gambuh lan megatruh
E. maskumambang lan dhandhanggula

43. Ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab kang perlu dimangerteni supaya bisa nglagokake
tembang macapat kanthi becik yaiku …
A. nguwasani jenise tembang
B. mangerteni watake tembang
C. mangerteni guru wilangan lan guru lagu saben tembang
D. mangerteni lan ora perlu nguwasani tempo jroning macapat
E. mangerteni tegese tembung-tembung kang ana ing tembang lan isine tembang
44. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Bapa iku pangayoman kang satuhu,
Padha manembaha,
Agung sawabe sayekti,
Suka harja teguh hayu lan wibawa.

Miturut paugerane tembang macapat kasebut kalebu jenis tembang …


A. mijil
B. pucung
C. kinanthi
D. asmaradana
E. maskumambang

45. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadalu warsa kapatuh,
Katutuh pan dadi awon.

Miturut paugerane tembang macapat kasebut kalebu jenis tembang …


A. sinom
B. durma
C. gambuh
D. pangkur
E. megatruh

46. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Minakjingga satuhu satru kang sekti
Yen mboten prayitna,
Kalenan tumekeng lalis,
Ingsun kang nigas jangganya.

Tembang maskumambang kasebut duwe paugeran yaiku …


A. 12i, 6a, 8i, 8a
B. 12u, 6a, 8i, 12a
C. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
D. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
E. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

47. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Nuladha laku utama,
Tumrape wong tanah jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
Kepati amarsudi,
Sudane hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amemangun karyenak tyasing sesama

Tembang sinom kasebut duwe paugeran yaiku …


A. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
B. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
C. 8a, 11i, 8u, 7a,12u, 8a, 8i
D. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
E. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

48. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Semburate srengenge ing wayah enjing
Ngawe tambang endhah
Pandhangane ing mripat iki
Amugo tetep kejaga

Tema tembang macapat maskumambang kasebut yaiku …


A. alam
B. susahe ati
C. srengenge
D. wayah enjing
E. padhange mripat

49. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Anoman malumpat sampun,
Prapteng witing nagasari,
Mulat mangandhap katingal,
Wanodya yu kuru aking,
Gelung rusak wor lan kisma,
Kang iga-iga kaeksi.

Isi tembang macapat kinanthi kasebut yaiku …


A. balung iga nganti katingal
B. ana wong wadon kuru banget
C. crita anoman nulungi Dewi Sinta
D. rambute reget amarga kena lemah
E. anoman malumpat ing wit nagasari

50. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Aja nganti kebanjur,
Barang polah ingkang nora jujur,
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik,
Becik ngupaya a iku,
Pitutur ingkang sayektos.

Pesen sajroning tembang macapat gambuh kasebut yaiku …


A. bisa dadi ajur mumur
B. ngupaya pitutur kang becik
C. lelakon ala bisa kebablasen
D. samubarang kang ora jujur iku dadi ala
E. aja nganti kebablasen lelakon kang ora apik

You might also like