You are on page 1of 16

NASKAH SOAL UJIAN SEKOLAH

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Tahun Pelajaran : 2021/2022

A. Pilihen salah siji jawaban sing bener!


1. Gatekna pethilan pawarta ing ngisor iki!
Dhek Rebo (20/5) kira-kira jam 06.30 esuk dikabarake ana montor mabur sing
nemahi kacilakan ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Kabupaten Magetan. Nalika iku
bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan
kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325. Miturut pawarta
saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka pangkalan Lapangan
Udara Halim Perdanakusuma Jakarta arep tumuju menyang dhaerah Biak, Papua.
Nanging durung nganti tekan papan kang tinuju, lan nalika arep mampir ing Lapangan
Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi kacilakan. Jroning kedadeyan
iki, luwih saka wong satus nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban
montor mabur kasebut.
Sing dadi isi bakune pawarta ing ndhuwur yaiku ....
A. Montor mabur duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nemahi kacilakan.
B. Dhek dina Rebo kabupaten Madiun mengeti Hari Kebangkitan Nasional.
C. Montor mabur duweke TNI AU arep tumuju menyang dhaerah Biak Papua.
D. Jroning kacilakan montor mabur kasebut akeh kurban sing padha tiwas.

2. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!


(1) Kabeh pambudidaya ora ana sing kasil, malah semburane ora bisa diendheg, kejaba
yen wis wayahe mandheg dhewe.
(2) Maneka cara wis dicoba kanggo ngendheg sumembure lumpur iku.
(3) Ora ana sing ngira, sumembure lumpur ing dhaerah penambangan duweke PT
Lapindo Brantas ing Porong, Sidoarjo, bakal kedawa-dawa kaya saiki.
(4) Lumpur kang maune wiwit 28 Mei 2006 mung ndledek cilik ing omahe salah siji
pendhudhuk, saiki nyembur arupa lumpur panas kanthi volume semburan 126.000 m 3
sedina.

Ukara-ukara ing ndhuwur supaya bisa dadi paragraf sing becik, urutane sing paling trep
yaiku ....
A. (4), (1), (2), (3)
B. (4), (2), (1), (3)
C. (3), (4), (2), (1)
D. (2), (1), (3), (4)

1
3. Gatekna pethilan teks tokoh idhola ing ngisor iki!

Muhammad Ridho Irama minangka putrane Rhoma Irama kepengin kiprah ing
jalur musik dhangdhut, kepara yen perlu ngganteni posisine bapake. Ridho oleh
bimbingan lan tuntunan saka bapake ngenani teknik vokal, stage act, kepriye carane
nguwasani penonton, lan kepriye nancepake rasa dhisiplin dhiri marang dheweke.
Muhammad Ridho Irama bakal nggandheng penyanyi dhangdhut asal Amerika, Arreal
Tilghman kanggo nindakake kolaborasi. Suwara cengkok Arreal kang wis rada mateng,
kira-kira bisa cocog karo Ridho. Arreal Tilghman, penyayi jebolan audisi Dangdhut in
America pancen lagi promosi albume sing anyar menyang Indonesia. Nalika sepisanan
nglagokake lagu dhangdhut, Arreal kepencut klawan Rhoma Irama. Nalika audisi
dheweke nglagokake lagu ”Darah Muda”.

Andharan ing ngisor iki sing isine cocok karo pethilan teks ing ndhuwur yaiku ....
A. Nalika melu audisi dhangdhut Ridho Irama nglagokake lagu ”Darah Muda”.
B. Ridho Roma kepengin ngganteni posisine bapake minangka raja dhangdhut.
C. Suwara cengkok Arreal kang wis rada mateng, ora bisa cocog karo Ridho.
D. Penyanyi asal Amerika, Arreal Tilghman kolaborasi karo Rhoma Irama .

4. Gatekna pethilan teks tokoh idhola ing ngisor iki!


Kenya ayu sing saiki isih lungguh ing kelas VII SMP Negeri 1 Selopuro
Kabupaten Blitar iki wiwit nyindhen nalika isih cilik. Nalika isih kelas 3 SD dheweke
wis ajar nyindhen ing Paguyuban Karawitan Ngesti Swandari Bence kecamatan garum
kabupaten Blitar. Wektu kuwi, Desta kerep njaluk gendhong Pak Wandono (bapake)
nalika mulih blajar nyindhen jalaran bubar gladhen wis wengi lan Desta mesthi wis
ngantuk. Sejatine Desta nggilut donyane seni sarana blajar nyindhen iku ora ana sing
meksa. Blajar nyindhen dilakoni krana pepenginane dhewe, kamangka ora ana
keturunan jiwa seni saka Bapak lan Ibune.
Andharan ing ngisor iki sing isine cocok karo pethilan teks ing ndhuwur yaiku ....
A. Kenya ayu sing lungguh ing kelas VII SMPN 1 Selopuro jenenge Desta.
B. Desta iku olehe gelem blajar nyindhen merga saka pepenginane dhewe.
C. Desta nggilut donyane seni sarana blajar nyindhen
D. Desta mujudake pesindhen sing mulai blajar wiwit kelas 3 SD.

5. Gatekna pethilan teks crita wayang ing ngisor iki!


Nalika wis sedina muput olehe padha prang tandhing, padha dene ngetog
kadigdayane, padha dene namakake jemparinge nanging ora ana siji-sijia jemparing
kang tumuju sasaran. Prabu Kresna minangka botoh lan kusire Arjuna paham temenan
ngenani sanjata Pasopati sing dipasang ing gandhewane Arjuna. Nalikane Pasopati
dilepasake saka gandhewa sing karepe mung arep diarahake ing ngarepe Karno,
nanging merga taline kusir jaran digeret rada ngeget mula sanjata sekti kuwi lumepas
ngener ing janggane Adhipati Basukarno. Wusanane putra Dewa Surya rubuh ing
bantala, kretane ajur. Nyumurupi kahanan mangkene iki wadyabala Amarta padha
surak ambata rubuh, dene wadya bala Astina padha kamitenggengen banjur padha
mundur sawise senapatine gugur ing madyaning palagan Kurusetra.
Sing dadi settinge jroning crita wayang ing ndhuwur yaiku ....
A. ing pasewakan agung

2
B. ing satengahe paperangan
C. ing njero taman kaputren
D. ing panggonan pasinaon

6. Gatekna pethilan teks crita wayang ing ngisor iki!

Para kadang Pandhawa kabeh wis kelakon ditampa dadi abdi ing negara Wiratha
kanthi nindakake pakaryane dhewe-dhewe. Kabeh padha nindakake kuwajiban kanthi
tekun lan ora ana kang nguciwani, mulane ora mokal yen Sang Prabu Matswapati
nduweni rasa tresna marang para Pandhawa. Luwih-luwih nalika Balawa bisa kasil
merjaya raja Mallojina, yaiku mungsuh bebuyutane sang Prabu kang nduweni
kekuwatan sing ngedab-edabi.

Sing dadi amanat utawa pesen moral jroning crita wayang ing ndhuwur yaiku ....
A. saben manungsa mesthi kepengin nggayuh urip kepenak
B. tumindak becik durung mesthi nampa piwales kang becik
C. sapa sing gelem tumindak becik bakal nampa kabecikan
D. sapa sing nuruti hawa nepsu uripe mesthi bakal kepenak

7. Gatekna teks geguritan ing ngisor iki!


Elinga
Wanci siyang sangsaya krasa
Panasing surya mbakar driya
Dleweran kringet tambah ndadra
Luru rejeki rana-rana
Nanging sing ditampa ora mingsra
Laraning lara tanpa pangupa jiwa
Ewon cacahe kang padha nandhang sangsara
Arep takon apa sebabe menyang sapa
Rasa kaendahan kang kinandhut jroning geguritan ing ndhuwur dumunung ing ….
A. cacahing gatra sing katulis jroning geguritan
B. wewujudane (tipografine) jroning geguritan
C. pamilihing lan penganggone purwakanthi
D. pamilihing tembung kang angel dingerteni

8. Gatekna teks geguritan ing ngisor iki!


pacul gowang semendhe lawang
endi maneh sawah sing digarap
pari, kedhele, lan sakabehe palawija
poyang-payingan
mendem klepekan
pacul gowang arit kethul
kebo sapi lali garu waluku
precil lan kecebong
singidan sajroning rong
Kahanan utawa swasana kang kagambarake jroning geguritan ing ndhuwur yaiku ....
A. Kahanan nalikane mangsa ketiga para petani ora bisa nggarap sawah.
3
B. Kahanan pacule rusak ora kena digunakake lan disendhekake lawang.
C. Kahanan arit kethul ora kena digunakake lan disimpen karo pacul.
D. Kahanane ora ana precil-precil lan kecebong amarga ndelik ing rong.

9. Gatekna teks geguritan ing ngisor iki!


....
ndhuk
tulisan iki dudu surat dudu layang
amung geganjelaning ati lan pikiran
kang tansah nelangsa eling sliramu
saka tengahing ratri balik ing ratri
....

Isi kang kinandhut jroning geguritan ing ndhuwur yaiku ....


A. Wong tuwa sing kangen banget karo anake.
B. Bocah sing duwe rasa kangen karo kancane.
C. Anak sing ora bisa males budi wong tuwane.
D. Wong tuwa sing kepengin duwe anak wadon.
10. Gatekna teks tembang macapat ing ngisor iki!

Jinejer ing wedhatama,


mrih tan kemba kembenganing pambudi
mangka nadyan tuwa pikun,
yen wis tan mikani rasa,
yekti sepi asepa lir sepah samun,
samangsane pakumpulan,
gonyak ganyuk nglelingsemi.

Yen ditilik saka paugerane (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu) tembang ing
ndhuwur kalebu jenise tembang ....
A. Kinanti
B. Mijil
C. Pangkur
D. Kinanthi

11. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!


Dhuh anakmas sira wajib angurmati,
marang yayah rena,
aja pisan kumawani,
anyenyamah gawe susah.
Isi bakune tembang macapat ing ndhuwur yaiku ….
A. kuwajibane anak marang wong tuwa.
B. kuwajibane guru marang para siswa.
C. kuwajibane para siswa marang guru.
D. kuwajibane wong tuwa marang anak.

4
12. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!
Lamun sira anggeguru kaki.
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta weruh ing hukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kaweruhana.
Nilai kautaman kang kinandhut jroning tembang macapat ing ndhuwur yaiku ….
A. menawa golek guru iku miliha guru sing bener-bener becik.
B. menawa kepengin dadi guru miliha wong sing ahli hukum.
C. guru iku pancen kudu wong ahli ngibadah lan luhur drajade.
D. menawa golek guru miliha wong sing mikir pawehing liyan.

13. Gatekna pethilan teks crita rakyat ing ngisor iki!


Wayahe wis sore. Endang Retnowati arep adus ing kali Jompo. Durung nganti
kelakon, dumadakan ana nom-noman teka ing papan kono. Sajake nom-noman kuwi
putra ratu sing lagi mbebedhag.
“Sliramu kuwi sapa? Ing papan sepi ngene mung ijen wae, apa sliramu ora
wedi?” clathune nom-noman iku.
Endang Retnowati ora sida adus. Gandheng nom-noman iku nuduhake patrap
kang becik, Endang Retnowati uga aweh tanggapan becik. Wong loro terus rembugan
karo lungguh ing sandhuwure wot. Ewadene Endang retnowati ora blaka yen sejatine
dheweke iku putrane Prabu Brawijaya ing Majapait.
Sing dadi setting utawa latar jroning crita rakyat ing ndhuwur yaiku ….
A. ing satengahe alas
B. ing sapinggire kali
C. ing taman kaputren
D. ing sajerone kraton

14. Gatekna pethilan teks crita rakyat ing ngisor iki!


Ora suwe karo budhale Sidapaksa, Prabu Sulakrama kepareng rawuh ing
kepatihan nyedhaki Dewi Sri Tanjung. Rawuhe sang Prabu ora didherekake dening
para prajurit Blambangan.
“Aja kaget wong ayu, Sri Tanjung aku sing teka ing kepatihan.”
“Ndadosaken kageting manah kula dene sinuwun kepareng rawuh ing kepatihan.
Sinuwun, rawuh paduka nyarengi ing kepatihan nembe suwung. Kakangmas
Sidapaksa nembe kesah ngayahi dhawuh paduka, Sinuwun.”
Sing dadi paraga utama jroning crita rakyat ing ndhuwur yaiku ….
A. Prabu Sulakrama
B. Patih Sidapaksa
C. Prajurit Blambangan
D. Dewi Sri Tanjung

5
15. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!

Nalika jam pertama rencanane arep gladhen soal-soal ujian. Amarga soal-soale
keri ing daleme bu Ani, mulane dina kuwi ora sida gladehn.
“Bocah-bocah, dina iki ora sida gladhen soal-soal ujian, jalaran soale keri ing
ngomah.” dhawuhe bu Ani marnag bocah-bocah.
"Kula pendhetaken napa, Bu? " ujare Budi. Senajan ora didhawuhi, Budi gelem
aweh pitulungan marang Bu Ani. Miturut Budi, iku mau uga salah sijine tugas ketua
kelas.
"Ora usah wae, daleme Bu Ani adoh kok! Kejaba kuwi, sing ana ngomah
uga durung mesthi ngerti nggone soal-soal mau."
"Wah ...! Njur ora sida gladhen, iki ...!" pambengoke sebageyan bocah
bebarengan. Katone padha gela dina iku ora sida gladhen soal-soal ujian.
"Mbesuk rak ya bisa ta, cah!"
"Menawi soal aslinipun wonten boten, Bu? Kula purun motocopi,"
kandhane Budi.

Pesen moral kang kinandhut jroning crita cekak ing ndhuwur yaiku ….
A. Murid jaman saiki pancen luwih seneng yen diwenehi soal-soal latihan.
B. Jejere dadi murid iku ora kena mbantah marang apa wae dhawuhe guru.
C. Murid sing becik iku gelem tawa-tawa mbiyantu marang bapak/ibu guru.
D. Dadi murid kuwi kudu nurut marang kabeh pituture marang bapak/ibu guru.

16. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!


Srawungku karo langganan mebelku saka Australia saya raket, nganti wis ora basan-
binasan, cukup ngoko. Sairing karo iku, saya santer pitakonn jroning batinku. Satemene Frans
Husken iku sapa. Ing atase wong kulit putih kok banget njawani, nganti kala-kala aku rada
pakewuh, merga dheweke luwih njawani tinimbang aku sing wong Jawa tulen. Sing dadi
gumunku maneh: dheweke iku kerep nyebutake omah joglo kuna, yasan sawijine demang.
Saweruhku demang sing yasa omah joglo lan seprene isih ngadeg mung mbah buyutku, sarta
demang sarayuda sing jare sedulur tunggal guru karo mbah buyutku.
Adhedhasar pethilan crita ing ndhuwur, yen dijumbuhake karo kahanan panguripane
wong jaman saiki sing isih cocog yaiku ….
A. Saben wong manca yen weruh omah modhel kuna mesthi seneng.
B. Jaman saiki kabeh omah modhel kuna dibangun modhel anyar.
C. Wektu saiki malah akeh wong manca sing gelem sinau bab Jawa.
D. Kabeh wong Jawa iku mesthi paham banget marang budaya Jawa.

17. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!


Mulih saka kantor pak Banu wis dipapag dening bojone. Anak wedok sing kulinane
melu mapag saiki ora katon. Pawartini katon suntrut polatane. Ora tau-taune Pawartini mapag
tekane dheweke kanthi polatan kaya mangkono iku.
“Ana apa ta dhik Tin, kok ketok suntrut?” pitakone Banu.
“Apa aku ketok suntrut? Rumangsaku kok biasa-biasa wae,” wangsulane Pawartini.
Swasana kang kagambarake jroning crita ing ndhuwur yaiku ….
A. nggambarake swasana kang sedhih banget.
B. nggambarake kahanan kang nyenengake.
C. swasana sing dialami ora ana owah-owahan.

6
D. kahanan kang bisa n jalari sapa wae kaget.

18. Gatekna Ukara-ukara ing ngisor iki!


(1) Aku tansah ndonga muga-muga keturutan karepmu.
(2) Kajojang sumangga asta, katigas sumangga jangga.
(3) Ngrepepeh-ngrepepeh pindha sata manggih krama.
(4) Ngamuk pungggung sura tan taha, nirbaya nirwikara.
(5) Sedhakep asuku tunggal, nutupi babahan hawa sanga.
Ukara-ukara ing ndhuwur sing kalebu basa rinengga yaiku ukara nomer ….
A. (2), (3), (4), lan (5)
B. (1), (2), (4), lan (5)
C. (1), (2), (2), lan (5)
D. (1), (2), (3), lan (4)

19. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Bebarengan swarane gendhing Kodhok Ngorek, penganten lanang wis ketok ing
ngarepe gapura omah sing dienggo pesta.

Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi basa rinengga ….


A. Kanthi nglaras swaraning pradangga Kodhok Ngorek, sanggyaning penganten
kakung lerem ing gapura.
B. Sinambi ngonceki surasaning pradangga Kodhok Ngorek, penganten kakung arsa
ninggalake gapura wiwaha.
C. Binarung swaraning pradangga Kodok Ngorek, penganten kakung kawistara ing
sangajenging gapura wiwaha.
D. Binarung ngripta gendhing kodhok Ngorek, sang penganten kakung sami sesekaran
ing ngajenging gapura wiwaha.

20. Gatekna andharan ing ngisor iki!

Sapa wae sing tumindake becik, mbesuke uga bakal nampa piwales kang becik.
Semono uga sapa sing tumindak ala, mbesuke uga bakal nampa bebendu utawa nampa
piwales kang ala. Dadi tumindak becik apadene tumindak ala, mbesuke bakal nampa
piwales saka ngarsane Gusti kang maha kuwasa.

Saka gegambaran jroning crita ing ndhuwur jumbuh karo basa rinengga ….
A. Maju tatu mundur ajur.
B. Kudu tansah andhap asor.
C. Gemi setiti ngati-ati.
D. Becik ketitik ala ketara.

21. Andharan ing ngisor iki sing jumbuh karo unen-unen utawa paribasan “kriwikan dadi
grojogan” yaiku ….
A. Pak Hadi saiki malih moncat-mancit ngurusi putrane sing kesandhung masalah,
jalaran arepa dikayangapa jejere dadi wong tuwa iku yen putrane kena masalah wong
tuwa isih tetep melu repot.
B. Mas Hartono kae pancen salah kedaden, saupama manut karo kandhaku mesthi ora
kaya ngene kedadeyane. Mosok perkara sepele wae kok digedhek-gedhekake, akhire
malih dadi kaya ngene iki.
7
C. Kowe kuwi yen duwe pepenginan mbok ya aja kaya mangkono. Duwe pepengingan
apa wae jumbuhna karo kahananmu, aja njaluk pepenginan sing sekirane mokal lan
angel kelakone.
D. Pak Karji saiki ketoke wis mupus olehe nuturi anake. Anake kuwi pancen rada
lumayan, yen dituturi bapake ora tau nggubris jalaran bola-bali dituturi tetep wae
malah dikandhani sakecap wangsulane limang kecap.

22. Gatekna gambar iklan ing ngisor iki!

Yen ditilik saka jinise, gambar ing ndhuwur kalebu jinise iklan ….
A. layanan masyarakat
B. wara-wara
C. pariwara
D. komersial

23. Gatekna layang ulem ing ing ngisor iki!


Winantu sagunging pakurmatan,
Kanthi hangajab ridanipun Gusti Ingkang Maha Agung, kula badhe
ngawontenanen aqiqoh anak kula ingkang nembe lair, pramila Panjenengan kula
aturi rawuh benjang ing,
dinten : Akad Wage
katiti mangsa : 29 April 2019
wekdal : tabuh 19.00 wekdal Indonesia iring kilen
panggenan : ing griya kula Jl. Raya Tawangsari Garum
kaperluan : walimatul aqiqoh kaliyan waosan serat Ambya
....
Panutupe layang ing ndhuwur sing paling trep yaiku ….
A. Mujudaken satunggaling kabagyan tumrap kula sakeluwarga bilih Panjenengan kersa
rawuh saperlu paring berkah idi pangestu. Awit saking rawuh panjenengan kula
aturaken agenging panuwun.
B. Cekap semanten serat saking kula, hambokbilih wonten klenta-klentunipun anggen
kula nyerat, kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Matur sembah nuwun
saking kawigatosanipun.
C. Kula kinten boten perlu kula panjang lebaraken serat saking kula, ingkang baku
rawuh panjenengan ingkang kula rantos. Bilih wonten kalepatan kula nyuwun
agunging sih samodra pangaksami.
D. Mujudaken satunggaling kuwajibanipun tiyang sepuh dhumateng putranipun jaler
bilih sampun titi wancinipun kedah dipunkhitaaken. Wasana cekap semanten
nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan.

8
24. Gatekna pethilan layang ing ngisor iki!
Blitar, 30 Agustus 2017
Kagem
Anakku kakung sing taktresnane
ing dalem Surabaya
Panulise adangiyah ing ndhuwur sing paling trep kudune ….
A. Kagem
Putraku kakung sing taktresnani
ing dalem Surabaya
B. Kanggo
Anakku lanang sing taktresnani
ing ngomah Surabaya
C. Kagem
Anakku lanang sing taktresnani
ing dalem Surabaya
D. Mugi katur
Putraku kakung sing taktresnani
ing dalem Surabaya

25. Gatekna pethilan layang ing ing ngisor iki!


Mas Handoko sing daktresnani
( ... )
Aku kepengin ngomong karo Mas Handoko menawa aku wis kangen banget
karo sampeyan, Mas. Wis patang taun sampeyan ora mulih. Aku ngerti Mas
Handoko iki golek dhuwit kanggo nyukupi kebutuhane keluwarga. Takjaluk Mas
Handoko mbok ya cepet-cepet mulih jalaran Bapak karo Ibuk uga wis kangen.
Cukup sakmene layang saka aku, mbok menawa ana kaluputan aku njaluk
ngapura. Sepisan maneh takjaluk Mas Handoko cepet-cepet muliha!

Pambukane layang ing ndhuwur sing paling trep yaiku ….


A. He Mas Handoko, Kepriye kabare? Geneya sampeyan kok ora tau mulih, apa ora
kangen karo wong ngomah? Ngertenana ya Bapak karo Ibu kangen karo sampeyan.
B. Lumantar layang iki, takjaluk kanthe banget muga-muga Mas Handoko cepet-cepet
mulih jalaran Bapak lan Ibu wis kangen banget. Semono uga aku, aja lali oleh-olehe.
C. Halo, Mas Handoko piye kabare? Takwenehi ngerti ya lek kabarku ing Blitar kabeh
ya sehat, nanging ngertenana Bapak lan Ibu wis kangen, Kapan sampeyan mulih?
D. Kanthi layang iki aku aweh kabar menawa kahananku sakeluwarga ing Blitar tansah
ginanjar sehat. Takjaluk Mas Handoko semono uga tansah antuk berkahing Gusti.

26. Gatekna andharan ing ngisor iki ing ngisor iki!


Rensi kirim layang marang Mas Didik sing ana ing Malang lan kandha menawa
dheweke njaluk ditukokake tas karo sepatu jalaran sepatune sing lawas wis rusak.
Kejaba saka iku dheweke uga kepengin diajak dolan menyang Jatim Park 3.
Ukara isine layang adhedhasar andharan ing ndhuwur sing paling trep yaiku ….
A. Mas Didik, kepriye kabare sehat-sehat wae ta? Takdongakne sampeyan sakeluwarga
muga-muga tansah ginanjar slamet ora ana alangan apa-apa. Mas, kapan sampeyan

9
mulih? Suk lek mulih aku tukokna tas karo sepatu ya. Kapan-kapan aku mbok dijak
menyang Jatim Park 3 ta!
B. Kebaja saka kuwi aku uga arep kandha marang sampeyan, menawa sawayah-wayah
sampeyan wis mulih tulung aku sapeyan tukokna tas karo sepatu ya. Terus aku ya
wis suwe ora dolan-dolan menyang Malang. Kapan-kapan aku mbok dijak menyang
Jatim Park 3 ta!
C. Takkira cukup sakmene dhisik ya apa sing bisa takkandhakake, mbokmenawa ana
tetembungan sing nglarani ati aku njaluk ngapura. Lan menawa sampeyan wis mulih
tulung aku sapeyan tukokna tas karo sepatu ya. Terus aku ya wis suwe ora dolan-
dolan menyang Malang. Kapan-kapan aku mbok dijak menyang Jatim Park 3 ta!
D. Mas Didik, kahananku ing Blitar tansah ginanjar rahayu slamet ora ana alangan apa-
apa. Dene wosing rembug sarehne tas karo sepatuku wis rusak, menawa sawayah-
wayah sampeyan wis mulih tulung aku sapeyan tukokna tas karo sepatu ya. Kapan-
kapan aku mbok dijak menyang Jatim Park 3 ta!

27. Gatekna layang kiriman ing ngisor iki!


Blitar, Januari 2018
Winantu sagunging pakurmatan,

Katur Panjenenganipun
Bpk/Ibu ….........….............................
ing ……………………...……………

Assalamu’alaikum wr. wb.


Kanthi nuwun berkah saha rahmad saking Allah SWT, keparenga kula ngaturi
rawuh panjenengan sarimbit wonten ing adicara pawiwahan benjang,
ing dinten : Setu Legi
kaiti surya kaping : 6 Februari 2018
titi wanci : tabuh kaping 09.00 wekdal Indonesia sisih kilen
mapan ing : Ds. Tumpang RT 04 RW 06, Talun - Blitar
Mujudaken berkah saha kabagyan tumrap kula bilih panjenengan sekalihan kersa
rawuh paring idi berkah pangestu dhumateng anak kula kekalih.
Mekaten sedhahan kula, boten langkung kula namung saged ngaturaken agunging
panuwun dhumateng karawuhan panjenengan sedaya.
Wassalamu’alaikum wr. wb.

Ingkang hangaturi rawuh,

Shevia/Riyanto Suyitno/Alfiatin

Yen dideleng saka isine layang ing ndhuwur kalebu jinise layang ….
A. ulem
B. kitir
C. lelayu
D. dhawuh

28. Gatekna perangane layang ing ngisor iki!


10
Wasana cekap semanten rumiyin ingkang saget kula aturaken, hambokbilih
wonten kalepatan anggen kula matur saha kirang mranani tumrap penggalih
panjenengan, kula mawanu-antu tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Perangane layang ing ndhuwur mujudake ….
A. adangiyah
B. titi mangsa
C. panutup
D. pambuka

29. Gatekna teks layang ing ngisor iki!


Teks 1: Teks 2:

Katur dhumateng Mugi katur


Bapak/Ibu wali kelas 8D Dhumateng Bapak saha Ibu
SMPN 2 Kademangan ing dalem.

Winantu sagunging pakurmatan, Assalamu’alaikum war.wab.


Kula tiyang sepuh utawi wali Kanthi serat punika kula ngaturi
murid saking RENY PANDHU DEWA pirsa bilih kawontenan kula ing Solo
siswa kelas 8-D SMP Negeri 2 tansah ginanjar rahyu wilujeng. Mugi
Kademangan, ngaturi pirsa bilih anak kawontenan Bapak saha ibu ing dalem ugi
kula dinten punika Kemis, tanggal 29 mekate.
Maret 2018 boten saget tumut Kejawi saking punika keparenga kula
pasinaon kados padatanipun amargi matur, bilih kalawingi kula dereng tamtu
awakipun benter sanget badhe kula tumut ujian amargi jadwalipun pancen
obataken dhateng dhokter. dipunundur. Pramila benjing Minggu kula
Mekaten ingkang saget kula badhe wangsul rumiyin.
aturaken, awit saking kawigatosan Mekaten ingkang saget kula aturaken
saha peparingipun ijin kula bilih wonten kalepatan anggen kula
ngaturaken gunging panuwun. matur, nyuwun agungin pangaksami.
Wassalamu’alaikum war.wab.
Saking wali siswa,
Pandhu Pranata. Saking ingkang putra,
Suhandoko.

Bedane teks layang 1 karo teks layang 2 yaiku ….


A. Layang 1: Layang 2:
- Mujudake layang resmi. - Mujudake layang pribadi.
- Isine masalah pribadine sing kirim. - Isine masalah pribadi utawa keluwarga.
B. Layang 1: Layang 2:
- Mujudake layang resmi. - Mujudake layang pribadi.
- Isine masalah rahasia pribadi. - Isine bab resmi anak marang wong tuwa.
C. Layang 1: Layang 2:
- Mujudake layang pribadi. - Mujudake layang resmi.
- Isine masalah kedhinasan. - Isine masalah pribadi
D Layang 1: Layang 2:
- Mujudake layang resmi. - Mujudake layang resmi.
- Isine uga masalah keluwarga. - Isine masalah kedhinasan
11
30. Jinis kesenian kaya sing dituduhake jroning
gambar ing sisih tengen iki mujudake seni
drama tradhisional kang moncer ing
Banyuwangi. Sumber critane dijupukake
saka crita babad utawa crita-crita sejarah.
Musik lan busana Bali cukup dominan,
nanging basa sing digunakake kanggo
dhialog nggunakake basa Jawa.
Kesenian iki jenenge ....
A. kethoprak
B. wayang
C. janger
D. ludruk

31. Struktur teks drama kang mujudake tata urutan crita ing naskah/pagelaran, kawiwitan
saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami tokoh utama,
ngrembakane masalah kang saya ngambra wara nganti bledhose perkara, wusana tinemu
dalan kanggo mungkasi crita diarani ....
A. alur
B. tema
C. setting
D. amanat

32. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki!


Langkung rumiyin, mangga panjenengan sedaya lan kula tansah muji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan
dhumateng kita sedaya arupi kesehatan jasmani lan rokhani, saengga kita sedaya saged
kempal wonten panggenan ngriki kanthi kawontenan sehat wal ’afiyat boten wonten
alangan menapa-menapa.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake ….
A. dudutan
B. purwaka
C. surasa basa
D. pangarep-arep

33. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki!


Kula kinten cekap semanten ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa
panjenengan sedaya, hambokbilih anggen kula matur menika wonten kekiranganipun,
kula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Wasana kula pungkasi
bilahit taufiq wal hidayah wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh. Nuwun

Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake ….


A. pambuka
B. panutup
C. surasa basa
D. pangarep-arep

12
34. Gatekna perangane teks tanggap wacana ing ngisor iki!
Bapak Camat Gandusari ingkang dahat kinurmatan,
Bapak Kepala Desa Ngaringan saha para perangkatipun ingkang kula kurmati,
Bapak/Ibu Petugas saking Puskemas Kanigoro ingkang kula kurmati,
Boten kesupen para warga dhusun Ngaringan ingkang minulya,
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur mujudake ….
A. surasa basa
B. salam pambuka
C. pambuka
D. panutup

35. Jroning crita pewayangan ana sawijine tokoh jenenge Arjuna nalika isih cilik dijenengake
Permadi, iku mujudake putrane Prabu Pandhu karo Dewi kunthi lan mujudake
panjelmane Dewa Indra. Arjuna nduweni keprigelan njemparing utawa manah lan wis
diakoni dening Pandhita Durna. Arjuna duweni watak watak kalem, anteng, kendel,
pinter, sopan, tliti, lan pinter ngayomi marang wong sing ringkih.
Gambar ing ngisor iki sing diarani Arjuna yaiku ....
A. C.

B. D.

36. Jroning crita pewayangan ing lakon Brubuh Ngalengka, tokoh sing dadi senapati lan
mbiyantu pasukane Ramawijaya yaiku Anoman.
Gambar ing ngisor iki sing diarani Anoman yaiku ....

13
A. C.

B. D.

37. Struktur teks laporan kegiyatan kang isine andharan ngenani jeneng kegiyatan, wektu lan
panggonane, peserta lan panitia, sarta andharan bab asil kegiyatan jroning struktur teks
laporan kegiyatan diarani .…
A. pambuka
B. isi
C. panutup
D. saran

38. Nalikane budhal sekolah banmu bocor ing tengah dalan. Akhire kowe ndadak golek
tukang tembel ban. Krana kedadeyan kuwi olehmu mlebu kelas kowe telat wis kedhisikan
dening gurumu. Apa sing kudu kokucapake marang gurumu nalikane kowe nyuwun ijin
mlebu kelas arep melu pelajaran?
A. Nuwun sewu Pak/Bu, mesthinipun panjenengan sampun ngertos bilih ban kula
kalawau bocor ing tengah margi. Menawi sakmenika kula badhe tumut pelajaran,
kula menapa kedah nyuwun ijin?
B. Nyuwun pangapunten Pak/Bu, sakmenika kula telat amargi nalikanipun bidhal
sekolah kalawau ban kula bocor. Pramila saget boten saget panjenengan kedah
maringi ijin kula tumut pelajaran.
C. Nuwun sewu Pak/Bu, nyuwun pangapunten ingkang agung amargi ban kula kalawau
bocor ing tengah margi pramila kula telat. Menapa pareng kula nyuwun ijin mlebet
kelas badhe ndherek pelajaran?
D. Nyuwun pangapunten Pak/Bu, nalikanipun bidhal sekolah ban kula bocor wonten
tengah margi, akhiripun kula telat mlebet kelas. Menawi panjenengan boten pitados
panjenengan tangklet rencang kula!

39.

14
A
.

B.

C.

D
.

40.

A.

B.

C.

D.

B. Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe

15
41. Gatekna pethilan teks ing ngisor iki!

Humas Dindik Prov. Jatim (Surabaya): Dhek dina Selasa (25/3) mapan ing hotel
Puri Perdana dianakake kegiyatan musyawarah ngrembug bab piwulangan Basa
Jawa. Kegiyatan pirembugan utawa patemon sing dirawuhi 80 peserta iki pancen
katon gayeng anggone padha nganakake musyawarah. Jroning pirembugan bab basa
Jawa sing diadani dening Lembaga Pengkajian dan Pengembangan Pembelajaran
Bahasa Jawa karo GMP Basa Jawa sa-Jawa Timur iki dibukak dening DR. Saiful
Rahman (Kepala Dinas Pendhidhikan Provinsi Jawa Timur). Kejaba iku uga
ngrawuhake sawetara nara sumber, yaiku: DR. HC. Sudi Yatmana, MA, Prof. DR.
Setya Yuwono Sudikan, lan Drs. Amir Mahmud, M.Pd.

Yen dideleng saka wujude teks ing ndhuwur diarani teks ....

42. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Ayo padha sinau,


Yen kepengin entuk akeh ilmu,
Ilmu iku penting kanggone wong urip,
Supay uripe maju,
Yen wis maju aja sombong

Tulisen guru wilangan lan guru lagune tembang macapat ing ndhuwur!

43. Terangna maknane utawa tegese sesanti “Sepi ing pamrih rame ing gawe!

44. Nganti yahmene Pakdhe isih sare, wiwit esuk mau durung gelem mangan merga gerah
waja.
Jroning ukara ing ndhuwur tembung “gelem mangan” kudune diganti ....

45. Ukara mawa tulisen aksara Jawa ing ngisor iki gantinen Latin!

16

You might also like