You are on page 1of 15

PAKET B

BAHASA JAWA SD/MI


DINAS PENDIDIKAN
KOTA SURABAYA

PENILAIAN SUMATIF
SD/MI……………..

TAHUN PELAJARAN 2023/2024

SOAL UTAMA
MATA PELAJARAN
BAHASA JAWA
…………………….
07.30 – 09.00

PEMERINTAH KOTA SURABAYA


DINAS PENDIDIKAN
TAHUN 2024
BAHASA JAWA SD/MI
MATA PELAJARAN
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
Jenjang : SD/MI

WAKTU PELAKSANAAN
Hari/Tanggal : …………………….
Jam : 07.30 – 09.00

PETUNJUK UMUM

1. Berdoalah sebelum mengerjakan soal.


2. Isikan identitas Anda ke dalam Lembar Jawaban Komputer (LJK) yang tersedia
dengan menggunakan pensil 2B.
3. Berilah tanda silang di depan nama mata ujian yang sedang dilaksanakan.
4. Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan soal tersebut.
5. Jumlah soal sebanyak 20 butir pilihan ganda dan 5 butir uraian.
6. Terdapat empat pilihan jawaban A, B, C, dan D. Pilihlah jawaban yang benar
dengan memberi tanda silang.
Contoh :

7. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya, pastikan setiap


lembar soal memiliki nomor yang lengkap.
8. Laporan pada pengwas ujian apabila terdapat lembar soal yang kurang jelas,
rusak, atau tidak lengkap.
9. Tidak diizinkan menggunakan kalkulator, HP, tabel matematika atau alat bantu
hitung lainnya.
10. Periksa pekerjaan Anda sebelum Anda serahkan kepada pengawas ruang ujian.

SELAMAT MENGERJAKAN
SOAL PILIHAN GANDA
1. Wacanen wacan ing isor iki !
Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran.
Bocah-bocah ciilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang.
Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar.
Tandurane pari jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga
desa liyane. Meh saben puluhan meter ana wot kanggo nyabrang wong-wong kang
perlu makarya menyang sawah. Sinawang pancen nyata katon endah.
Ukara inti wacan ing dhuwur yaiku ….
A. Bocah – bocah seneng langen ing kali desaku
B. Ora ana uwuh kumambang ing kali desaku
C. Kali ing desaku resik tur banyune isih alami
D. Sisih kiwane kali desaku ana swah sing jembar

2. Wacanen tembang kinanthi ing isor iki !


wajibe murit puniku
ngudi ilmu kanthi esthi
angel yen durung diwaca
mula becik den titeni
susah seneng den rasakna
kanggo bekal urip iki

Tegese ukara ing larik 1 lan 2 yaiku ….


A. Sinau kudu diwaca lan dititeni
B. Ilmu kudu digoleki ing endi wae
C. Wajibe murit kudu mituhu marang guru
D. Wajibe murit kudu sekolah sing temenan
3. Thukul iku kancaku, senenge . . . sok ngumbar kasaguhan marang kanca-kanca.
Nanging kasaguhane mau ora tau temen, mung waton muni wae
Paribasan sing trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ….
A. kakehan gludug kurang udan
B. mburu uceng kelangan ndeleng
C. kacang ora ninggal lanjaran
D. jer basuki mawa beya

4. Cangkriman ana petang macem, yaiku wancahan, pepindhan, plesetan, lan


cangkriman sing sinawung ing tembang. Tegese cangkriman wancahan “Surles
penen” yaiku ….
A. kasur teles peneken
B. susur teles pepenen
C. tandur ambles tariken
D. busur mbules culeken

5. Wacanen perangane teks pidhato ing isor iki !


Bapak-bapak, Ibu-ibu lan para kanca anggota Karang Taruna ingkang kinurmat,
mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi
solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Perangane teks pidhato ing dhuwur kalebu ….
A. panutup
B. isi
C. pambuka
D. pamungkas
6. Wacanen wacan ing isor iki !
Rabu, 13 April 2016, prahara banjir dikantheni angin gedhe kedadean ing Dusun
Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Prahara iku ngobrak-
abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg
jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani
mbudidaya njejegake pari - parine supaya ora kesuwen kakum banyu udan."Yen ora
diangkat, bisa bosok lan ora payu didol, amarga wis ora kena dipangan. Senajan bisa
dipangan rasane uga wis ora enak,” kandhane Sutiyem mbok tani ing papan kono.
Isi crita ing dhuwur yaiku ….
A. Prahara banjir ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Sampang ngrusak
parine para tani.
B. Akeh omah rusak amarga prahara banjir ing Dusun Timur, Desa Jalmak,
Kecamatan Sampang
C. Prahara banjir ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Sampang amung
sepisan kedadean
D. Saben rendheng ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Sampang kena
prahara angin gedhe
7. Wacanen tembang ing isor iki !
Babo babo teka age tandhingana
Sun prajurit linuwih
Sekti mandraguna
Prawira ing ngayuda
Kang tandhing haywa lumaris
Tan wurung sira
Sirna ndepani bumi
Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ….
A. Pangkur
B. Kinanthi
C. Megatruh
D. Durma
8. Tegese bebasan “Sepi ing pamrih rame ing gawe” yaiku ….
A. karepe ngirit, nanging malah entek akeh.
B. sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka.
C. nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa.
D. kabar iku mesthi sumebar adoh lan adoh karo kanyatane.

9. Cangkriman : Sega sakepel, ….


Bathangane : salak
Jangkepane cangkriman kasebut yaiku ….
A. dipangan uwong
B. dirubung tinggi
C. enak rasane
D. dirubung nyamuk

10. Wacanen penggalan teks pidato kang setiti!


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati.

Bapak utawi ibu guru saha karyawan sedaya ingkang kinurmatan.

Rencang-rencang ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Mangga kito panjataken syukur dalemipun gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit
ing wekdal menika kito tasih diparingi pinaringan sehat sehinggo ing dalem
punika saged makempal kanthi pinaringan sehat walafiat.

Teks pidato ing ndhuwur kagolong perangane …...


A. isi
B. pambuka
C. panutup
D. salam penutup
11. Coba gatekna tembung sesanti ing ngisor iki!
1. Lamun pinter aja ngguroni
2. Lamun landhep aja natoni
3. Sabaya pati, sabaya mukti
4. Sepi ing pamrih, rame ing gawe
Siska iku bocah sing pinter, nanging bocahe ora duwe kanca amarga keminter.
Sesanti sing trep yaiku nomer ... .
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

12. Langkung ana jamane narpati,


Nora nana pan ingkang nanggulang,
Wong desa iku wadale,
Kang duwe pajek sewu,
Pan sinuda dening narpati,
Mung metu satus dinar,
Mangkana winuwus,
Jamanira pan pinetang,
Apan sewu wolungatus anenggih,
Ratune nuli sima.
Tembung dhandanggula ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune ana ing gatra
2 lan 5 yaiku ….
A. 10a lan 7a
B. 10a lan 6u
C. 10a lan 9i
D. 10a lan 8a
13. Pak Broto kerjo mangkat isuk nganti bengi gawe nyukupi kebutuhan kaluwargane.
Bojone Pak Broto uga mbiyantu golek duwet gawe nyukupi kebutuhan sekolah
anak-anake. Amarga anake akeh, Pak Broto lan bojone kudu nyambut gawe rekasa.
Ukara saloka sing trep karo teks wacan ing dhuwur yaiku ... .
A. kebo kabotan sungu
B. jamur tuwuh ing sela
C. kebo nusu gudel
D. kuntul diunekake dhandhang

14. Gatekna gambar ing ngisor iki!

Cangkriman pepindhan sing trep karo gambar ing dhuwur yaiku ... .
A. pitik walik saba kebon
B. pitik walik saba amben
C. bocah cilik tlusap-tlusup ana ing kebon
D. sega sakepel dirubung tinggi
15. Wacanen penggalan teks pidato kang setiti!
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
..................................
Bapak-bapak lan ibu-ibu, saha para kanca karang taruna, tujuan pepanggihan
menika kangge ngrancang adicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang
jadwalipun. Lajeng produk unggulan menapa ingkang badhe dipunpameraken.
Ingkang baku produk unggulan kedah ingkang dados ciri khas kelurahan mriki.
Tema sing cocok karo teks pidato ing dhuwur yaiku ....
A. rapat ngrancang plesiran
B. rapat ngracang perpisahan
C. rapat ngrancang kerja bakti
D. rapat ngrancang adicara

16. Wacanen kanti setiti!


Manungsa mujudake makhluk sosial kang ora bisa urip tanpa manungsa
liyane.Tegese saben-saben manungsa urip mbutuhake makhluk liyane. Mula saka
kuwi kudu nduweni rasa ngajeni lan ngormati marang kahanane kang beda-beda
agama, ras lan suku. Ing lelandhesan satuhune padha-padha anak bangsa, yaiku
bangsa Indonesia. Ayo tulung tinulung, lan urip tansan guyub rukun supaya
maujud Indonesia kang ayem tentrem tur aman.
Tembung ing dhuwur klebu teks informasi …
A. persuasi
B. pawarta
C. pariwara / iklan
D. sesanti slogan djhjd
17. Cangkriman : Wis gedhe kog ………….., bathangane :
Jangkepane cangkriman ing duwur yaiku … .
A. ngguyu terus-terusan
B. ngguyu tangis
C. ngguya-ngguyu
D. nangisan

18. Bagyo lan Paimo wis suwe kekancan kaet cilik. Kekancane katon adem ayem,rukun
lan ora tau congkrah. Bocah sakloron iku bebasan kaya tumbu oleh tutup.
Tegese ukara sing kacethak kandhel yaiku… .
A. sipat lan watege padha
B. wadah oleh tutup mathuk
C. ora ero tukar padu
D. tansah bebarengan sekolah

19. Sono : “ Sin, tak bedheki ya, sanggup gak?”


Sini : “ Ya sanggup thooo, apa iku aku dadi kepo?”
Sono : “ Iku lhooo ana pitik walik kog sabane kebon. Apa iku batangane?”
Sini : “ Wah…apa iku jawabane Son, aku ora weruh?”
Sono : “ Iku batangane ……………………………

Tegese batangan sing mathuk kanggo nglengkapi pacelathon ing duwur yaiku …. .
A. Salak
B. Sulak
C. sapu
D. taplak
20. 1. Ing pasinaon akhir ana kelas 6, muga kowe kabeh bias nerusake ana jenjang
sekolah lanjutan.Mugo bias kasembadhan apa kang dadi gegayuhanmu
kabeh… ,
2. Ayo tansah muji syukur dhumateng Gusti Allah, awit ing dina iki kita kabeh
tansah pinaringan nikmat sehat lan nikmat sempat… .
3. Wasana mekaten atur kulo, menawi lepat nyuwun agunging pangapura.
4. Sugeng enjang, sugeng rawuh sedaya tamu undangan… .
5. Para tamu sedaya, matur suwun sedaya awit karawuhan panjenengan saged
nimbulaken greget lan semangat dating putra putri sedaya… .
Urutan pidhato sing bener yaiku … .
A. 4-2-5-1-3
B. 4-2-1-5-3
C. 5-4-2-1-5
D. 5-4-1-2-5
SOAL URAIAN

21 Saben diutus ibue, Tirta tansah tumandhang kanthi enthengan lan ngrampungi
pagaweyane kanthi ora duwe pamrih utawa kamelikan apa-apa. Mula akeh wong
kang seneng karo Tirta
Tulisen tembung slogan/sesanti sing mathuk karo wacan ing dhuwur ?

22 Ing ngisor iki salah sajining tuladha tembang maskumambang.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis,


Sambate mlas arsa,
Luhnya marawayan mili,
Gung tinameng astanira.

Coba tulisen guru wilangan dan guru lagu tembang macapat kasebut?

23 Wong urip iku aja ngendelake kekuwatane, keluhurane lan kepinterane.


Nanging kudhu bisa lembah manah lan toleransi.
Apa paribasan sing mathuk kanggo ngumpamakake kahanan kaya
ukara ing dhuwur?
Apa paribasan sing mathuk kanggo ngumpamakake kahanan kaya ukara ing
dhuwur?

24 Cangkriman iku unen –unen sing kudhu dibedhek/dibatang.Mula cangkriman


diarani uda bedhekan.
Cangkriman : Emboke dielus-elus anake diidak-idak diarani andha.
Apa pepindhane cangkriman “ sega sakepel dirubung tinggi”?
25

Coba gathekan gambar ing dhuwur iku !


Gawea 4 ukara panutup pidhato kanthi tema “ Perpisahan Kelas 6”?
KUNCI JAWABAN

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA

KUNCI JAWABAN SOAL PILIHAN GANDA

1. C 11. A

2. D 12. C

3. A 13. A

4. B 14. A

5. A 15. D

6. A 16. A

7. D 17. B

8. C 18. A

9. B 19. B

10. B 20. B
KUNCI JAWABAN SOAL URAIAN

21. rame ing gawe, sepi ing pamrih


22. 12i, 6a, 8i, 8a
23. Adigang,adigung , adiguna
24. Kathok
25. Kebijaksanaan Guru

You might also like