You are on page 1of 6

‫مـؤســســة اإلرشــــاد اإلســالميـــة بـكالونـجـان‬

‫مدرسـة اإلرشـاد المـتوسـطـة اإلسـالمـية‬


YAYASAN AL-IRSYAD AL-ISLAMIYYAH PEKALONGAN
SMP AL-IRSYAD AL-ISLAMIYYAH
Jl. Teratai No. 45  (0285) 428967 Pekalong

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT) TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021


Hari / Tanggal : Rabu, 02 Juni 2021 Kelas : Tujuh
Mata Pelajaran : Bahasa jawa Waktu : 10.30 – 12.30 WIB

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ana ing aksara a,
b, c, utawa d tumrap wangsulan kang bener!
Setitekna wacan ing ngisor iki banjur garapen soal nomer 1 – 5!
Tradhisi sadranan ngrembaka dadi maneka wujud, nanging intine tradhisi kasebut dianakake
kanggo ngurmati lan ndongakake arwah leluhur. Sawise agama Islam mlebu ing Indonesia,
tradhisi sadranan diselarasake karo ajaran agama. Anggone ndedonga supaya para arwah mau
diapura dosa-dosane lan dipapanake kanthi becik ing sisihe Gusti Allah.
1. Ukara kang mujudake isine pratelan wacan ing ndhuwur yaiku ...
A. Sadranan kuwi wis ana pakeme, kudu padha karo mbiyene.
B. Anane sadranan wiwite agama Islam mlebu ing Indonesia.
C. Sadranan dianakake kanggo ndongakake arwah leluhur.
D. Sadranan dianakake para arwah kang njaluk diapura dosane.
2. Dosa-dosane ... lan dipapanake becik ing sisihe Gusti Allah. Jangkepane ukara iku sing trep
yaiku ....
A. diapura C. dipapanake
B. dianakake D. diselarasake
3. Dipapanake becik ing sisihe Gusti Allah, tembung kang kacetak kandel tegese ....
A. didadekake C. digawekake
B. dipanggonake D. diweruhake
4. Ing ngisor iki klebu gunane acara sadranan, kajaba ....
A. kanggo ngurmati lan ndongakake arwah leluhur
B. nyuwun supaya arwah leluhur dipapanake becik ing sisihe Gusti Allah
C. nyuwun supaya para arwah diapura dosa-dosane
D. nyuwun apa wae marang arwah para leluhur
5. Tradisi sadranan ing jaman moderen kaya saiki wis luwih ringkes, saka ukara iki bisa
dimangerteni ....
A. tradisi sadranan nembe ana ing jaman saiki
B. tradisi sadranan anane mung jaman biyen
C. tradisi sadranan bisa diowahi manut jaman, nanging ora ngowahi intine
D. sadranan iku acarane suwe butuh ragad lan ubarampe akeh
6. Gambar ing sisih kiwa taksih nindakaken acara ....
A. kacar – kucur
B. among tamu
C. panen raya
D. sadranan

7. Setitekna tembung-tembung ing ngisor iki!


1) tesbih 4) buku
2) beras 5) komputer
3) pengilon
Barang-barang ing ndhuwur kang klebu ubarampe tedhak siten yaiku nomer ....
A. 1), 2), 3) C. 2), 3), 4)
B. 3), 4), 5) D. 1), 3), 4)
8. Setitekna tembung-tembung ing ngisor iki kanthi premati!
1) mantenan 4) kartininan
2) lomba masak 5) sadranan
3) tedhak siten/dhun-dhunan
Tembung-tembung ing ndhuwur kang ora klebu prastawa budaya yaiku nomer ....
A. 1), 3), 4) C. 1), 2), 3)
B. 3), 4), 5) D. 1), 3), 5)
9. Ukara ing ngisor iki kang ora klebu acara tedhak siten yaiku ...
A. Tedhak siten dianakake nalika bayi umur pitung sasi.
B. Tedhak siten dianakake nalika bayi umur pitung taun.
C. Bayi midak jadah pitung werna nalika tedhak siten.
D. Bayi milih barang ing njero kurungan nalika tedhak siten.
Wacanen kanthi patitis banjur wangsulana soal nomer 10 lan 11!
Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana priyayi sing lenggah ing pojok adoh
karo lawang omah iku. Priyayi iku rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin
donga ing kendurenan. Priyayi iku lumrah disebut kaum, lumrahe kaum iku wasis ing bab
ilmu agama. Kaum mau miwiti donga sawise rombongan kendurenan dianggep wis kumpul
kabeh. Sedurunge ndonga, kaum ngandharake tujuan dianakake kendhurenan. Maksude
ora liya nyuwun keslametan, kerukunan tumprap warga lan kulawargane sing padha
ngumpul.
10. Setitekna ukara ing ngisor iki!
1) nyenyuwun marang keslametan Gusti Allah
2) ketemu karo tangga teparo
3) ngraketake paseduluran
4) andum rezeki marang tangga
Ukara ing ndhuwur sing bener karo tujuane kendurenan yaiku ....
A. 1 C. 3
B. 2 D. 4
11. Setitekna pranyatan ing ngisor iki!
1) Kaslametan 3) Lancare rezeki
2) Kabagaswarasan 4) Kacilakan
Pranyatan ing ndhuwur kang ora disuwun nalika kendurenan yaiku nomer ....
A. 1) C. 3)
B. 2) D. 4)
Wacanen pethilan crita deskriptif ing ngisor iki, banjur garapen soal nomer 12!
Sing padha ziyarah mlebu liwat sisih wetan, lan mlaku mubeng searah pandom jam,
banjur munggah ing undhak-undhakan candhake ngliwati telung tataran. Tataran kasebut
yaiku Kamadhatu (tataran hawa nepsu), Rupadhatu (tataran wujud), lan tataran Arupadhatu
(tataran tan maujud). Sajroning lumaku sing padha ziyarah ngliwati rerangkening trowongan
lan udhak-undhakan kanthi njingglengi watara 1.460 panel relief kang endah ing temboking
candhi.

12. Manut wacan ing ndhuwur sing ora klebu tataran undak-undhakan ing candhi Borobudhur
yaiku ....
A. tataran kamadhatu/nepsu C. tataran ngarep/depan
B. tataran rupadhatu/wujud D. tataran arupadhatu/tan maujud
13. Setitekna para paraga ing ngisor iki!
1) Susuhunan Pakubuwono III 3) Susuhunan Pakubuwono IV
2) Susuhunan Hamengkubuwono V 4) Susuhunan Pakualam IV
Paraga ing ndhuwur kang nganggit serat Wulangreh yaiku nomer ....
A. 1) C. 3)
B. 2) D. 4)
14. Tembang kang ana ing sajroning serat Wulangreh cacahe ana ... pupuh.
A. 10 C. 12
B. 11 D. 13
Wacanen teks tembang Sinom ing ngisor iki anjur garapen soal nomer 15 – 21!
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere denalingi,
bodhone dinokok ngayun,
pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkit,
suka lila denina sapadha-padha.
15. Guru lagu lan guru wilangane tembang tembang ing ndhuwur yaiku ....
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i C. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
B. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i, 7u D. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12a, 7a
16. Tumindak kaya sing disebutake ing pada tembang ndhuwur yaiku tumindak sing ....
A. nistha C. becik
B. prayoga D. utama
17. Yen digatekake kanthi temenan tembang ing ndhuwur nuduhake wong sing sifate ....
A. andhap asor C. gumedhe
B. kemaki D. umuk
18. Amiguna ing aguna, ukara iku tinemu ing gatra ....
A. 2 C. 4
B. 3 D. 5
19. Cacahe gatra tembang ing ndhuwur ana ....
A. 7 C. 9
B. 8 D. 10
20. Bodhone dinokok ngayun, miturut gatra iku nduweni teges ....
A. bodhone dikatonake C. bodhone diumpetake
B. pancen bodho D. bodhone ditutupi
21. Guru wilangan lan guru lagune gatra kaping papat tembang ing ndhuwur yaiku ....
A. 8u C. 7u
B. 8i D. 7i
22. Setitekna tembang ing ngisor iki!
1) Dhandhanggula 3) Dhudhuk wuluh
2) Balabak 4) Sinom
Tembang ing ndhuwur kang ora klebu tembang ing serat Wulangreh yaiku ....
A. 1) C. 3)
B. 2) D. 4)
23. Tembang Sinom iku klebu jenis tembang ....
A. Gedhe C. Macapat
B. Dolanan D. Tengahan
24. Sasmitane tembang sinom yaiku ....
1) Anom 3) mudha
2) taruna 4) asmara
Pranyatan ing ndhuwur sing salah yaiku nomer ....
A. 1) C. 3)
B. 2) D. 4)
25. Pranyatan ing ngisor iki sing dudu isine pupuh Sinom ing serat Wulangreh yaiku ....
A. nindakake lan njaga tata krama
B. senenga ngrungokake crita saka sapa bae
C. ora manut pituture wong tuwa
D. ngurangana mangan lan turu
Wacanen crita wayang ing ngisor iki, banjur garapen soal nomer 26 – 33!
Kidang Kencana
Nalika Rama, Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana. Boten
antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa kidang kencana, Dewi Sinta
nyuwun dipuncepengaken dening ingkang garwa. Sang Rama tumuli ambujung kidang
kencana. Pegat, apisah, Rama lan Sinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hanggendering
cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira pepisahan kalawan garwa
mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandhurat
kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang
langkap, wastra lumepas, hangener dhateng kidang.=, tumancep warayang mring hangganing
kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng
gumulundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Kala Marica hangemba-emba
suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
26. Tembung Ramayana iku tegese lelakone Rama. Tembung kasebut asale saka basa ....
A. Indonesia C. Sansekerta
B. Jawa D. Melayu
27. Nalika Rama, Sinta lan Lesmana ngumbara tindakipun dumugi ing tengahing wana.
Ngumbara tegese ....
A. lelana C. lelungan
B. mlaku-mlaku D. ngenggar-enggar
28. Tekan tengah alas, alase katon peteng dhedhet lelimengan. Peteng dhedhet lelimengan
tegese ….
A. remeng-remeng C. repet-repet
B. peteng banget D. rada padhang
29. Raja ing negari Ayodya inggih menika ….
A. Prabu Dasarata C. Prabu Arjuna
B. Prabu Janaka D. Prabu Rahwana
30. Ingkang dipunpengini Dewi Sinta inggih menika ….
A. woh-wohan seger C. segering toya
B. kidang kencana D. endahing wana
31. Tembung kekiter ing ukara “Ing sacelaking papanipun Dewi Sinta, Rama, lan Lesmana
wonten kidang ingkang kekiter.” Tegesipiun ….
A. umpetan C. pejah
B. mlajar D. wira-wiri
32. Swanten ingkang nyarengi gumulundhunging kidang menika swantenipun Kalamarica ingkang
ngemba swantenipun ….
A. Prabu Dasamuka C. Raden Rama
B. Laksmana D. Dewi Sinta
33. Kidang kencana kuwi sejatine malihane ….
A. Anoman C. Prabu Dasarata
B. Kumbakarna D. Kalamarica

Wacanen crita wayang ing ngisor iki, banjur garapen soal nomer 34 – 37!
Sinta lan Lesmana ingkang hanganti dhatenging ingkang Raka Rama dinadak hamiyarsa
suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta
lamun swanten ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila trataban
manahira, sigra dhawuh mring Ari Lesmana, supados enggal lumawat mring Rama, aweh
pitulungan, Lesmana ingkang wicaksana tansah asung pemut, bilih swanten punika sanes
suwantenipun Rama.
Rama uninga kalamun kenging apusipun kidang kencana. Daya-daya wangsul ing
papanipun Sinta lan Lesmana. Ing satengahing margi Rama kepanggih kaliyan Lesmana.
Kekalihipun lajeng wangsul ing papanipun Dewi Sinta. Kejot panggalihipun Sang Rama lan
Lesmana dupi anguningani Dewi Sinta boten wonten. Kekalihipun sigra ngupadi Dewi Sinta.
34. Dewi Sinta nyipta ing wardaya lamun swanten ingkang kapireng menika swantenipun Raden
Rama. Tembung “nyipta ing wardaya” maksudipun ….
A. mbatin C. mbengok
B. wicanten D. ngraosi
35. Mireng swanten sesambat, Dewi Sinta trataban manahipun, maksudipun “trataban
manahipun” ….
A. serik sanget A. kuwatos sanget
B. getun sanget D. remen sanget
36. Nalika Dewi Sinta nganggep swanten ingkang kapireng menika swantenipun Raden Rama,
Raden Lesmana ….
A. ngemutaken C. boten melu
B. ngendelaken D. nyarujuki
37. Nalika ing papanipun Dewi Sinta suwung, Raden Rama lan Lesmana ….
A. ngamuk C. ajrih
B. kaget D. kuwatos
Wacanen teks ing ngisor iki banjur garapen soal nomer 38 – 44!
Bayu : “Sen, yo matur Pak Guru, bab acoro minggu ngarep!”
Sena : “Lha, rak wes ceto to?”
Bayu : “Cetha piye to, genah pirantine apa wae, kumpule jam pira, rung ana katrangan.”
Sena : “Woo … lha kuwi. Kabeh wes diumumke. Koe wae seng ra nggatekke.”
Bayu : “Trus apa wae seng kudu digowo lan kumpul jam piro?”
Sena : “Ketoke kowe jatah nggawa klasa, kumpule Setu jam loro awan.”
38. Ing pacelathon kasebut ana tembung sing kalebu tembung krama, yaiku ….
A. matur C. kumpul
B. jatah D. katrangan
39. Teks pacelathon Bayu sing sepisanan iku sing tembunge salah ana loro, yaiku ….
A. seng lan acoro C. yo lan acoro
B. ngarep lan minggu D. kemah lan ngarep
40. “Lha rak wes ceto to?” tulisane sing bener yaiku ….
A. Lho rak wis cetho to? C. Lha rak wis cetha ta?
B. Lho rak wis cetha ta? D. Lha rak wis cetho ta?
41. “Woo … lha kuwi. Kabeh ki wes diumumke. Koe wae seng ra nggatekke.”
Tembung wes, koe, lan seng iku salah panulise, sing bener ....
A. wis, kowe, lan sing C. wis, kuwe, lan sing
B. wus, kowe, lan seng D. wis, kowe, lan seng
42. “Trus apa wae seng kudu digowo lan kumpul jam piro?”
Ukara kasebut panulise sing bener yaiku ....
A. Trus apa wae sing kudu digowo lan kumpul jam piro?
B. Trus opo wae sing kudu digowo lan kumpul jam piro?
C. Trus apa wae seng kudu digawa lan kumpul jam pira?
D. Trus apa wae sing kudu digawa lan kumpul jam pira?
43. Pacelathon ing ndhuwur dumadi ing ....
A. sekolahan C. omahe Sena
B. ndalan D. omahe Bayu
44. Nitik saka basa sing digunakake para paraga ing pacelathon ndhuwur nuduhake yen lelorone
wis ....
A. weruh C. seneng
B. kenal D. ngerti
45. “Kidang kencana” yen ditulis Jawa sing bener ....
A. ?kif= [kvCn. C. ?kif= ke[vCn.
B. ?kif= ke[vC[n. D. ?kif= kevCn.
46. ?smPunSwtwisWulnPrput]a[y2f-mpnHi=as]mni= pnDit.
Ukara kasebut saka tulisan aksara Latin ...
A. Sampun sawatara wulan para putra Ayodya masanggrah ing papanipun para pandhita.
B. Sampun sawatawis wulan para putra Ayodya mapan ing asramaning pandhita.
C. Empun sawatawis wulan para putra Ayodya dedunung ing papaning para pandhita.
D. Sampun sawatara sasi para putra Ayodya mapan ing padhepokaning pandhita.
47. ?[botenHnTwisFzukekite/rnStu=glLi= kif= kevCn.
Ukara kasebut yen diwaca muni ...
A. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana.
B. Ora antara suwe kekiter satunggaling kidang kencana.
C. Boten antawis suwe kekiter sawijining kidang kencana.
D. Boten antawis suwe wira-wiri satunggaling kidang kencana.
48. ?pekSijtyu[kzi=gmnNipunrhwnski=a[l=k
Aksara Jawa sing salah panulise yaiku ing tembung ....
A. Jatayu C. gamanipun
B. Rahwana D. Alengka
49. nlikrm,sinT,lnLesMnzumBr,tinFkKipunFumugiai= tezai= wn.
Ing ukara kasebut tembung sing salah panulise yaiku ....
A. Sinta C. tengahing
B. tindakipun D. ngumbara
50. Paraga ingkang ngumbara ing wana manut cariyos Ramayana “Kidang Kencana“ inggih
punika ....
A. rhwn,rm,sinT C. rm,sinT,2sMn
B. rm,2sMn,brt D. kumBk/n,rm,brt

~ Selamat Mengerjakan ~

You might also like