You are on page 1of 5

PENILAIAN AKHIR SEMESTER ( PAS ) SEKOLAH DASAR (SD)

TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Pelajaran : 1. Pandhawa
2. Kepahlawanan
3. Tembang Dolanan
4. Aksara Jawa Nglegena
Hari/Tanggal : Selasa, 28 November 2023
Kelas : III ( Tiga )
Waktu : 90 Menit

I. Wenehana tanda ping (x) ing aksara A, B, C, utawa D sangarepe wangsulan kang paling
bener !

Wacanen kanthi premati ! ( kanggo soal no 1-4 )

Raden Janaka

Raden Janaka kasatriyane Madukara. Raden Janaka kuwi satriya panengahe Pandhawa.
Panengah tegese anak sing ana Tengah-tengah. Raden Janaka misuwur dadi satriya
kekasihing dewa. Raden Janaka asring dadi srayaning dewa utawa dadi jagone dewo kanggo
nyirnakake mungsuh sing ngganggu kahyangan.
Raden Janaka sengane tapa. Mulane asring entuk pusaka utawa wahyu. Raden Janaka
watake seneng tapa golek ilmu lan kasekten. Yen kepengin tapa, Raden Janaka lunga saka
keraton ora pamitan. Raden Janaka ora bakal bali yen durung kasil gegayuhane. Raden
Janaka bali yen wis entuk pusaka, ilmu utawa entuk wahyu.
( Kapethik saka Remen Bisa Basa Jawa )
1. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku ….
a. Dewa Ruci Mbelani Abimanyu c. Raden Janaka
b. Werkudara Pakdhene Abimanyu d. Sengkuni Simbahe Abimanyu
2. Raden Janaka kasatriyane ….
a. Ngastina c. Kahyangan
b. Pringgodani d. Madukara
3. Raden Janaka misuwur dadi satriya kekasihing dewa. Misuwur tegese ….
a. Terkenal c. Nangis
b. Nesu d. Ngguyu
4. Ing ngisor iki, sing dudu watake Raden Janaka yaiku ….
a. Seneng tapa c. seneng golek ilmu
b. seneng golek kasekten d. nesunan
5. Pratelan ing ngisor iki kang trep karo isine wacan Raden Janaka yaiku ….
a. Wusanane Raden Janaka ora bisa ketemu Raden Jayajatra.
b. Raden Janaka ora tau entuk pusaka.
c. Raden Janaka senenge tapa.
d. Sedulur Pambarep e Pandhawa kuwi Raden Janaka..
Wacanen kanthi premati ! ( kanggo soal no. 6-8 )

Biografi Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair wonten ing
Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Lair saking keluargi bangsawan Ngayogyakarta. Nalika isih timur
asmane Raden Mas Suwardi Suryaningrat.
Saklebeting tahun 1913 pemerintah kolonial Hindia Walanda kagungan kersa ngempalaken
sumbangan saking warga asli kangge mengeti dinten kamardikan Wulanda saking Prancis.
Kedadosan punika dados kritikan kathah saking kaum nasionalis, kaleber Suwardi.
Panjenenganipun lajeng damel surat kanthi judul “Als i keen Naderlander was” ingkang dipun
serat salebeting serat pawartos De Exprees. Saking pawartos punika, Suwardi dipun cepeng,
lajeng dipun singkiraken wonten Negara Walanda.
Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919, Suwardi mutusaken
badhe ngicali gelar kebangsawanan saking asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar
Dewantara. Ki Hajar Dewantara mlebet wonten sekolah lare-lare pribumi. Ingkang mucal inggih
menika sedherek piyambak ingkang gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar
Dewantara lajeng damel pawiyatan luhur Taman Siswa wonten Ngayogyakarta.

(Kapethik saka : http://annisanurbaiti10.blogspot.co.id/2013/12/biografi-ki-hajar-dewantara-bahasa-


jawa.html)

6. Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair wonten ing
….
a. Surakarta c. Semarang
b. Ngayogyakarta d. Kudus
7. Sing ndadekake kritikan kathah saking kaum nasionalis, kaleber Suwardi yaiku ….
a. Walanda ngemapalaken sumbangan saking warga asli kangge mengeti dinten
kamardikan Wulanda saking Prancis.
b. Walanda sayang kaliyan bangsa pribumi.
c. Walanda mbantu bangsa pribumi
d. Walanda ngempalaken sumbangan saking warga asli kangge mengeti dinten
kamardikan Indonesia.
8. Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919, Suwardi mutusaken
badhe ngicali gelar kebangsawanan saking asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar
Dewantara. Tembung pakunjaran tegese ….
a. kraton c. pasar
b. penjara d. kantor
9. Pahlawan kuwi … watak ksatriya.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku ….
a. gadhah
b. darbe
c. kagungan
d. duwe
10. Carane ngisi kamardikan sing bisa ditindakake para siswa yaiku ….
a. Dolanan terus
b. Melu jalan sehat
c. Melu lomba
d. Sinau sing temen
Wacanen tembang ing ngisor iki kanthi premati ! ( kanggo soal no 11-13 )

Aku Duwe Pitik


Aku duwe pitik,pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok gok petok petok
Ngendhog pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondhol dhol tanpa wulu
Mondhol mondhol dhol gawe guyu

11. Irah-irahan tembang dolanan ing ndhuwur yaiku ….


a. Aku Duwe Pitik c. Aku Duwe Wedhus
b. Aku Duwe Manuk d. Aku Duwe Sapi
12. Saben dina, pitike dipakani ….
a. Jagung c. beras
b. Sego d. kacang
13. Endhoge pitik tukung sing netes ana ….
a. Pitu c. songo
b. Wolu d. telu
14. ing ngisor iki, sing ora kalebu tembang dolanan yaiku ….
a. Suwe Ora Jamu c. Pocung
b. Jago Kluruk d. Menthog-menthog
15. Yo prakonco dolanan ning jaba
Padhang wulan padhange kaya ….
Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku ….
a. bengi c. sore
b. rina d. subuh
16. Aksara jawa sing durung oleh pasangan diarani aksara jawa ….
a. Murda c. sandhangan
b. nglegena d. rekan

17. ꦩꦔꦤ , yen ditulis latin dadine ….


a. nawana c. wahana
b. dahana d. mangana

18. ꦠꦤꦏꦏꦤ , yen diwaca unine ….


a. tanaka kana
b. sadasa kana
c. larana sala
d. tatala sata

19. Tata cara, yen ditulis aksara jawa dadine ….


a. ꦫꦤꦫꦤ
b. ꦠꦠꦕꦫ
c. ꦢꦮꦢꦮ
d. ꦫꦱꦫꦱ
20. Lawa saka kana, yen ditulis aksara jawa dadine ….
a. ꦮꦕꦱꦏꦏꦤ
b. ꦏꦕꦱꦏꦱꦭ
c.ꦭꦮꦱꦏꦱꦭ
d.ꦭꦮꦱꦏꦏꦤ
II. Jawablah pertanyaan berikut dengan jawaban yang tepat !

21. Jeneng liyane Janaka yaiku ….


22. Nalika isih timur, asmane Ki Hajar Dewantara yaiku ….

Wacanen tembang ing ngisor iki kanthi premati ! (kanggo soal no 23-24)

Lir ilir
Lir ilir lir ilir
Tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak tenggo temanten anyar
Cah angon cah angon penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah ing pinggir
Dondomono jlumatono kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo surako surak iyo

23. Tembung lir ilir tegese ….


24. Isine tembang dolanan ing nduwur yaiku ….
25. Sadana tawa sada, yen ditulis kanthi aksara jawa dadine ….

KUNCI JAWABAN

A. Pilihan Ganda
1. c 11. a
2. d 12. a
3. a 13. d
4. d 14. c
5. c 15. b
6. b 16. b
7. a 17. d
8. b 18. a
9. c 19. b
10. d 20. d

B. Isian
21. Arjuna
22. Raden Mas Suwardi Suryaningrat
23. tangiyo / bangkito
24. bangkito kanggo ngajak keapikan ( kebijaksanaan guru )
25. ꦮꦕꦱꦏꦏꦤ

No. Bentuk Jumlah Bobot Skor Maksimal Nilai Akhir

1. Pilihan Ganda 20 1 20
2. Isian 5 3 15 Skor Perolehan
Nilai = x
Skor Maksimal
100
Jumlah Skor 35
Maksimal

You might also like