You are on page 1of 8

NASKAH SOAL BAHASA JAWA KELAS XII GENAP

A. Wangsulana pitaken ing ngandhap menika kanthi maringi tandha ping (X) ing aksara
a, b, c, d, utawa e, minangka pilihan wangsulan ingkang dipunanggep leres!

Waosana wacana kanthi aksara Jawa ngandhap menika kanthi premati kangge mangsuli
pitakenan nomer 1!

1. Miturut wacana ing nginggil, Anis pengin nyambut damel ing ….


A. Unilever
B. Asuransi
C. Tanjung mas
D. Kacang Dua Kelinci
E. Astra

2. PT. Asia Finance mbukak pabrik anyar ana ing Irlandia, lan mbutuhake karyawan kurang
luwih 125 uwong.
Tembung ingkang kagaris bawah iku menawa katulis kanthi aksara Jawa inggih menika ....

A.

B.

C.

D.

E.

3. Rekrutmen Operator Epson kalaksanan tanggal 8 Maret 2019. Ukara menika menawi kaserat
kanthi aksara Jawa inggih menika ...
A.

B.

C.

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 1


D.

E.

4. Sawise lulus sekolah Rudi nyambut gawe ana ing Amerika. Ukara menika menawa diserat
kanthi aksara Jawa inggih menika ...
A.

B.

C.

D.

E.

Waosana sekar macapat Dhandhanggula wonten ngandhap menika kangge mangsuli


pitakenan nomer 5, 6, lan 7!
Sekar Macapat Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit,


Lamun bisa samya anuladha,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purune kang den antepi,
Nuhoni trah utama.

5. Miturut Tembang Dhandhanggula ing nginggil dicariyosake menawi Patih Suwanda iku
dados panuladhan awit...
A. Lelabuhane ingkang ageng kangge nagari Maespati.
B. Boten supe marang jasane ingkang sampun ngangkat drajate.
C. Lelabuhane ageng kangge negara Alengka.
D. Nggadhahi watak ingkang seneng tetulung.
E. Wani mati bela negarane.

6. Tembung “Yogyanira” wonten sekar macapat dhandhanggula wonten nginggil nggadhahi


teges ….

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 2


A. mbok bilih
B. saenipun
C. mbok menawi
D. kadosipun
E. ketingalipun

7. Adhedhasar sekar macapat dhandhanggula wonten nginggil, menawi dipuncakaken wonten


ing pagesangan jaman samenika inggih menika …
A. Prajurit utawi nayakaning nagari kedah purun ngorbanaken kasugihanipun.
B. Prajurit utawi pegawe pamarentah menika kedah wani.
C. Prajurit utawi nayakaning nagari kedah purun tumindak menapa kemawon.
D. Prajurit utawi nayakaning nagari, kedahipun saged paring pangayoman dhateng
masyarakat.
E. Prajurit utawi nayakaning nagari menika kedah ngendelaken kapinteranipun.

Waosana sekar macapat Dhandhanggula wonten ngandhap menika kangge mangsuli


pitakenan nomer 8 lan 9!

Wonten malih tuladhan prayogi


Satriya gung nagari Ngalengka
Sang Kumbakarna namane
Tur iki warna diyu
Suprandene nggayuh utami
Duk awit prang Ngalengka
Denya darbe atur
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan kengguh ing atur yekti
De mung mungsuh wanara

8. Saking tembang Dhandhanggula ing nginggil prayatan ingkang trep ngenani Kumbakarna
inggih menika ...
A. Sanajan wujud buta nanging netepi dhawuhe kakang Dasamuka.
B. Satriya ingkang netepi dhawuhe pimpinane.
C. Nindakake pakarti becik seneng tetulung marang liyan.
D. Boten supe marang wong ingkang sampun ngangkat drajate.
E. Sanadyan wujude buta nanging watake satriya.

9. Saking tembang ing nginggil pratelan ingkang nggadhahi teges marang kakange supaya
slamet yaiku …
A. Dasamuka tan keguh ing atur yekti.
B. Wonten malih tuladha prayogi.
C. Suprandene nggayuh utami.
D. Mring raka amrih raharja.
E. Dernya darbe atur.

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 3


Waosana sekar macapat Dhandhanggula wonten ngandhap menika kangge mangsuli
pitakenan nomer 10!

Den mungsuhken kadange pribadi


Aprang tandhing lan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
Dene sira pikantuk
Marga denya arsa males sih
Ira Sang Duryudana
Marmanta kalangkung
Denya ngetok kasudiran
Aprang rame Karna mati jinemparing
Sumbaga wirotama

10. Sikap Adipati Karna kang patut dituladhani miturut Serat Tripama ing nginggil inggih
menika ...
A. Kasil menangake perang Barata Yudha tandhing kaliyan Dananjaya.
B. Perang lumawan bala Kurawa mbiyantu Pandhawa kanthi kasil ingkang sae.
C. Maju perang mungsuh sedulure dhewe, amarga kepengin males budi marang Duryudana.
D. Dadi Senopati kang gagah prakosa ing perang Barata Yudha.
E. Nggadhahi ngelmu kanuragan ingkang dhuwur dados menang nalika perang.

Waosana sekar macapat Dhandhanggula wonten ngandhap menika kangge mangsuli


pitakenan nomer 11, 12, lan 13!

Katri mangka sudarsaneng Jawi,


Pantes lamun sagung pra pawira’
amirita sakadare,
ing lelabuhanipun’
away kongsi mbuwang palupi,
Manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda ngudi panduming dumadi,
marsudi kotaman

11. Awya kongsi mbuwang palupi. Tegese gatra menika ampun ngantos ....
A. nglalekake prajurit
B. nglalekake patuladhan iku
C. supe marang ksatriya
D. supe marang panguwasa
E. supe marang leluhur

12. Ingkang nggadhahi teges ngupaya ing babagan tumindak ingkang utama inggih menika ....
A. amirita sakadare
B. awya kongsi mbuwang palupi
C. ina esthinipun
D. tan prabeda ngudi panduming dumadi
E. marsudi ing kotaman

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 4


13. Ingkang boten kalebet paugeran ngarang tembang Macapat inggih menika ...
A. cacahing gatra saben sapada.
B. cacahing wanda saben sagtra.
C. cacahing wanda saben sapada.
D. tibaning swara ing pungkasaning gatra.
E. dhing dhonge.

14. Aja sok jag-jagan ing amben utawa paturon, mundhak ora ilok.
Gugon tuhon ing nginggil becike dilakoni amarga ...
A. Mbok menawi mangke wusanane saged wudunen.
B. Mbok menawi mangke tumindake wusanane dados lara.
C. Mbok menawi wusanane angel anggone turu.
D. Mbok menawi wusanane angel anggone golek jodho.
E. Regedan kang nemplek ing dlamakan sikil ngregedi kasur

15. Gugon tuhon kaperang dados tiga, inggih menika ....


A. salugu, pepeling, wewaler
B. salugu, wasita sinandhi, wewaler
C. salugu, wasita sinandi, pepeling
D. pepeling, wasita sinandi, wewaler
E. wewaler, salugu, pepacuh

Waosana wacana wonten ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 16!

Ing pada ka-27 Susuhunan Pakubuwana II memacuh marang putra wayahe supaya ora
kena madat, dene kang nglanggar bakal ditokake saka dhaftar keturunan Kanjeng Sunan
kang kapethak ing Laweyan. Susuhunan Pakubuwana III memacuh supaya anak turune ora
ngangkat wong kang dudu saka jinise lan supaya anak turune ora nglanggar pepacuh kang
wis diwedharake.
Suwene-suwe budaya wewaler kang tinulis ing serat-serat lawas Jawa iku dipercayani
dening masarakat Jawa. Wewaler iku dadi asipat umum lan dadi kabudayan Jawa. Wewaler
nduweni daya kang bisa njaga keslametan manawa percaya tumrap wewaler kasebut.

16. Wewaler saka Susuhunan Pakubuwana II ingkang ditrepake ing padintenan, inggih menika ...
A. Boten pareng nandur waluh ing ngarep omah.
B. Boten pareng nyampingan cindhe.
C. Boten pareng madat.
D. Boten pareng dedolanan ing alas.
E. Kedah sinau tembang Kawi.

17. Aja mangan karo ngadeg mundhak ususe dawa. Tuladha wewaler kasebut tegese ….
A. menawi dhahar sinambi ngadeg saged ndadekake slamet
B. menawi dhahar sinambi ngadeg saged ndadekake wareg
C. menawi dhahar sinambi ngadeg saged ndadekake keselek
D. menawi dhahar sinambi ngadeg saged ndadekake kuat
E. menawi dhahar sinambi ngadeg saged ndadekake apik

Waosana wacana wonten ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 18!

Pepaliku ajinen mbrekati

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 5


Tur slamet sarta kuwarasan
Pepali iku mangkene
Aja agawe angkuh
Aja ladak lan aja jail
Aja ati serakah
Lan aja celimut
Lan aja buru aleman
Aja ladak wong ladak pan gelis mati
Lan aja ati ngiwa

18. Nilai-nilai ingkang boten kakandhut wonten ing pepali wonten nginggil inggih menika ….
A. Boten pareng angkuh, amargi menawi angkuh saged ndadosaken cilaka.
B. Boten pareng umuk lan jail, amargi saged damel cilakaning liyan.
C. Boten pareng gadhah ati ingkang srakah, amargi saged disengiti dening tiyang sanes.
D. Aleman menika srana kangge mados pagesangan ingkang mulya.
E. Menawi wonten tiyang ingkang lepat, saenipun ampun dipunguroni ananging cekap
dipunarahaken supados dados tiyang ingkang sae.

19. Aja ngidoni sumur, mundhak guwing lambene. Gugon tuhon iku diarani gugon tuhon....
A. Salugu
B. Isi wasita sinandhi
C. Bebandhan
D. Keluwarga
E. Bebangsa

Waosana tembang sinom wonten ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 20!

Sekar Macapat Sinom

Lawan tan kena nganggoa


Duwung sarungan tan mawi
Kandelan yen nitih kuda
Kabeh aja na kang lali
Lawan aja nggegampil
Puniku prasapanipun
Nenggih kangjeng Susunan
Pakubuwana ping kalih
Mring satedhak turunira linarangan

Dhahar apyun nora kena


Sineret tan den lilani
Nadyan nguntal linarangan
Sapa kang padha nglakoni
Narajang waler iki
Pan kongsi kalebon apyun
Pasti keneng prasapa
Jinabakkan tedhakneki
Jeng susunan ingkang sumare nglawiyan

20. Sekar macapat sinom wonten nginggil kalebet tuladhane ….


A. murwakala

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 6


B. sekar ageng
C. wewaler
D. sekar tengahan
E. pitutur awon

Waosana wacana wonten ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 21!

Sawijining dina, Aji dimasakake dening ibune jangan khas asli Blora karemane yaiku
Jangan Lembarang. Age-age Aji njupuk piring banjur mangan sega lawuh Jangan Lembarang
karemane mau, ananging gandheng wus wareg, segane isih turah ana piring. Ibu ngendika
yen mangane ora entek, pitik ingon-ingonane Aji bakal mati.
Sejatosipun, babagan sega nyisa mboten wonten sesambetanipun kaliyan pitik mati.

21. Nanging menawi dipungalih kanthi weninging pikir, sejatosipun wewaler kasebat nggadhahi
pikajeng ...
A. minangka wujud rasa syukur marang Gusti taksih diparingi rejeki arupa panganan.
B. kedah dikira-kira sepira akehe upamane njupuk mangan supados boten ngantos nyisa.
C. boten wonten pawongan sanes ingkang kersa nelasaken sisa panganan ingkang boten
kepangan.
D. minangka wujud syukur merga taksih wonten ing negara sanes kang ingkang mati
kaliren.
E. urip iki pindha kompetisi, ampun ngantos kalah karo wong liya, utamane bab mangan.

22. Uger-uger lawang kalebu golongan sukerta. Uger-uger lawang yaiku ....
A. bocah lanang telu kakang adhi.
B. bocah wadon telu kakang adhi.
C. bocah lanang lima kakang adhi.
D. bocah lanang loro kakang adhi.
E. bocah lanang papat kakang adhi.

23. Ukara ing ngandhap menika menawi kaserat latin, mungele ...

A. Dina slasa aku mangkat prakerin ing pabrik Davos.


B. Dina rebo aku mangkat prakerin ing pabrik Davos.
C. Dina senen aku mangkat prakerin ing pabrik Sunchang.
D. Dina rebo aku mangkat prakerin ing pabrik Sunchang.
E. Dina senen aku mangkat prakerin ing pabrik Davos.

24. Aksara latine inggih menika ...

A. Agung nyopot baud nganggo kunci 22


B. Agung nyopot baut nganggo kunci 22
C. Agung nyopot baut nganggo kunci 23
D. Agung nyopot baut ngango kunci 22
E. Agung nyopod baud nganggo kunci 22

25.

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 7


Aksara Jawa ing nginggil menawi kaserat latinipun inggih punika ...
A. Faris lagi prakerin ana bengkel.
B. Faris lagi masang lampu mobil.
C. Faris lagi masang knalpot mobil.
D. Faris lagi mangan lawuh pecel.
E. Faris lagi masang rem pit Vario.

Soal Bahasa Jawa XII Genap 2024 Page 8

You might also like