You are on page 1of 8

Multiple Choice

1. Pathakon sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben
sapada,yaiku….
A. Guru basa
B. Guru sastra
C. Guru lagu
D. Guru wilangan
E. Guru gatra
ANS: D

2. Pathokan larik saben sapada kang ana ing tembang yaiku .…


A. Guru sastra
B. Guru basa
C. Guru lagu
D. Guru wilangan
E. Guru gatra
ANS: D

3. Pathokan gatra: 4, wilangan: 12, 6, 8, 12 lagu u, a,i, a yaiku tembang ....


A. Sinom
B. Dhandhanggula
C. Gambuh
D. Pocung
E. Megatruh
ANS: D

4. Tembang macapat gambuh iku asale saka tembung tambuh, embuh, jumbuh, lan
tembung kang awanda mbuh kang ateges ....
A. Nyingkiri hawa nepsu angkara murka
B. Menehi pitutur kang becik
C. Ora bisa nyawang kahanan donya
D. Mapan ana ing mburi
E. Kudu bisa dadi conto kanggo kanoman
ANS: B

5. Tembung tanpa tutur katula tula katali tegese ....


A. Ngelingake ing babakan kabecikan
B. Aja adigang, adigung, adiguna
C. Manungsa iku kudu bisa tansah ngelingake
D. Tumindak kang trep
E. Yen tanpa ana wates tanpa ana aturan bakal ala ing tembe mburine
ANS: E

6. Urut - urutaning tembang macapat miturut gegambarane manungsa kang nggambarake


jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune, sing durung ketok lanang utawa wadon
yaiku ....
A. Maskumambang
B. Mijil
C. Sinom
D. Durma
E. Gambuh
ANS: A

7. Apa kang diarani pupuh sing ana ing tembang macapat….


A. Pirang - pirang tembang, nanging sajinis utawa kumpulaning tembang sawarma
B. Satungaling warna tembang kang dadi pathokan
C. Urutaning padha saben tembang
D. Guru swara saben sapada
E. Larik saben tembang
ANS: A

8. Rerangkening / cengkoronganing prastawa / kedadeyan ing crita diarani....


A. Tema
B. Setting
C. Alur / plot
D. Penokohan
E. Konflik / prakara
ANS: E

9. Ide pokok utawa prakara utama kang ndhasari lakuning crita diarani….
A. Tema
B. Setting
C. Alur / plot
D. Penokohan
E. Konflik / prakara
ANS: A

10. Latar belakang kang mbiyantu cethaning laku crita diarani…..


A. Tema
B. Setting
C. Alur / plot
D. Penokohan
E. Konflik / prakara
ANS: E

11. Perangan kang nggambarake karakter kanggo paraga / pelaku diarani....


A. Tema .
B. Setting
C. Alur / plot
D. Penokohan
E. Konflik / Prakara
ANS: D
12. Prakara kang punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake prakara apa kang
ndadekake crita iki dadi narik kawigaten diarani....
A. Tema .
B. Setting
C. Alur / plot
D. Penokohan
E. Konflik / prakara
ANS: E

13. Crita rakyat iku perangan karya sastra lisan kang duweni karakter crita mau ora
kaweruhan sapa sing nganggit, yaiku ….
A. Religius
B. Anonim
C. Kolektif
D. Individual
E. Kontradiktif
ANS: B

14. Dene crita mau dadi duweke masarakat bebarengan diarani….


A. Religius
B. Anonim
C. Kolektif
D. Individual
E. Kontradiktif
ANS: C
.
15. Crita kang surasane kedadeyan ing alam daratan, segara, utawa langit, paragane
manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal kayata bisa
mabur, bisa urip ing segara dairani….
A. Mitos
B. Legenda
C. Dongeng
D. Cerita cekak
E. Novel
ANS: A

16. Crita kang dumadi dikantheni ana petilasane arupa watu, wit, gunung, kali, diarani…
A. Mitos
B. Legendha
C. Dongeng
D. Cerita cekak
E. Novel
ANS: B

17. Cerita kang dianggep ngayawara, ora bisa dipercaya diarani....


A. Mitos
B. Legendha
C. Dongeng
D. Crita cekak
E. Novel
ANS: C

18. Sayembara yaiku pariwara kang surasane….


A. Nawakake barang utawa jasa
B. Surasane lomba utawa andon
C. Iklan radhio
D. Iklan TV
E. Iklan cetak
ANS:B

19. Iklan yaiku pariwara kang surasane ....


A. Nawakake barang utawa jasa
B. Surasane lomba utawa andon
C. Iklan radhio
D. Iklan TV
E. Iklan cetak
ANS: A

20. Iklan kang mbutuhake piranti swara, audio visual, lan efek yaiku….
A. Nawakake barang utawa jasa
B. Surasane lomba utawa andon
C. Iklan radhio
D. Iklan TV
E. Iklan cetak
ANS: C

21. Cerita rakyat iku saka sipating karangan, kalebu wacana…


A. Narasi
B. Deskripsi
C. Eksposisi
D. Argumentasi
E. Persuasi
ANS: A

22. Kang kalebu unsur pembanguning cerita rakyat kaya ing ngisor iki, kajaba….
A. Tema
B. Alur
C. Paraga
D. Basa
E. Paramasastra
ANS: E

23. Sing kalebu tembung dasanamane anak yaiku ….


A. Atmaja
B. Kusuma
C. Puspa
D. Puspita
E. Pratiwi
ANS: A

24. Ing ngisor iki kang ora kalebu kalebu jinising latar yaiku....
A. Suasana
B. Latar wektu
C. Latar dramatik
D. Latar panggonan
E. Latar kahanan
ANS: C

25. Ajaran moral utawa pesen didaktis kang bakal dijelntrehake pengarang marang wong
kang maca diarani ….
A. Posisi pangripta
B. Penokohan
C. Amanat
D. Tema
E. Alur
ANS: C

26. Paragraf eksposisi iku biasane migunakake .… kanggo njlentrehake masalah kang
dirembug. Ceceg - ceceg ing dhuwur isine kang trep yaiku….
A. Grafik
B. Basa krama
C. Pawarta
D. Gagasan utama
E. Gagasan panjlentreh
ANS: A

27. Ukara - ukara kang disusun dadi siji kang duweni gegayutan siji lan sijine diarani….
A. Tetembungan
B. Gancaran
C. Wara - wara
D. Paragraf
E. Tembung
ANS: D

28. Posisi pengarang nalika nyritakake crita diarani....


A. Point of view
B. Amanat
C. Tema
D. Alur
E. Penokohan
ANS: A
29. Wos surasane wara - wara iku kudu ana perangan kang diarani…
A. Saka sapa, kanggo sapa, alamat kang dituju
B. Kanggo sapa, apa surasane, tanggal layang
C. Saka sapa, kanggo sapa, apa surasane
D. Kanggo sapa, saka sapa, urutane acara
E. Saka sapa, urutane acara, alamat kang dituju
ANS: C

30. Pawarta kang ditujokake kanggo umum lan surasane menehi pangreten tumrap
sawijining prastawa diarani ....
A. Layang
B. Wara -wara
C. Majalah
D. Selebaran
E. Sedhahan
ANS: B

31. Cacahe aksara murda ing bahasa jawa ana….


A. Enem aksara
B. Pitu aksara
C. Wolu aksara
D. Sangang aksara
E. Sepuluh aksara
ANS: C

32. Basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah….
A. Purwakanthi
B. Basa rinengga
C. Cangkriman
D. Parikan
E. Wangsalan
ANS: A

33. Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan ( dhong dhing) saben sagatra
yaiku ….
A. guru sastra
B. guru basa . .
C. guru lagu
D. guru wilangan
E. guru gatra
ANS: C

34. Miturut undha usuking basa jawa, panganggone basa bocah marang wong tuwa, yaiku

A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama
D. karma inggil
E. karma andhap
ANS: D

35. Cerita kang ngrembaka ing sawijing dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif
(bebarengan) karo masarakat diarani....
A. crita rakyat
B. crita cekak
C. novel
D. crita lucu
E. artikel
ANS: A

36. Yen wong tuwa lagi ngendikan kudu digatekake aja tumindak sakarape dhewe. Basa
kang digunakake ing ukara kasebut, yaiku ....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama
D. krama inggil
E. karma andhap
ANS: D

37. Dene nilai kang ana sesambungane karo tata aturan mertamu, tata cara nganggo
beskap,pranatan sowan ing ngarsane sinuhun, lan sapiturute, yaiku ....
A. nilai religius/ keagamaan utawa nilai ketuhanan
B. nilai budaya utawa kultur
C. nilai etika
D. nilai sosial
E. nilai estetika
ANS: C

38. Mas,sampeyan aturi pakdhe kapurih ngatos-atos menawi wonten margi ageng. Basa
kang digunakake ing ukara kasebut, yaiku ....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama
D. krama inggil
E. karma andhap
ANS: C

39. Aku wingi…..semangka dening ibu,banjur sing separo ....marang simbah putri. Tembung
kang trep kanggo ngisi ceceg iki, yaiku….
A. diwinehi, diwenehi
B. diparingi, diparingi
C. dicaoske, diparingi
D. dicaoske, dicaoske
E. diparingi, dicaoske
ANS: E

40. Sinopsis yaiku ....


A. tulisan kang ngemot dudutan sawijing crita
B. crita adhedhasar saka urutan sawijing kadadeyan utawa prastawa
C. sawijining analasis utawa
D. gawe dudutan (nyimpulake) saka sawijining pawarta
E. nuduhake katrangan tambahan kanggo nguwatake andharan
ANS: B

You might also like