You are on page 1of 1

Ronggolawe Nggugat

ing salah sawijining carita ana ing tlatah Jawa sisih kulon yaiku Tuban. Ana
kisah kasatriya kang moncer kanthi asma "RONGGOLAWE". Carita iki kawiwitan nalika
Raden Wijaya diwinisuda dadi Raja kapisan ing Majapahit. Ana ing kene Ronggolawe
diwenehi kapercayan dadi bupati ing Tuban amarga Ronggolawe wis kasil numpes sagara
waton minangka pemimpin benteng nongol kang dadi mungsuh saka majapahit.

Ananging Ronggolawe ngerasa yen sejatine dheweke kudu oleh jabatan kang luwih
dhuwur. Ronggolawe saya murka amarga Nambi diangkat minangka rakaryan patih,
kamangka jabatan rakaryan patih kuwi jabatan kang luwih dhuwur ana ing pamarintah
karajaan. Miturut Ronggolawe posisi rakaryan patih kudune diwenehake marang Lembu
Sora kang dikira luwih pantes tinimbang Nambi. Nanging Lembu Sora minangka paman
saka ronggolawe ora setuju karo pamanggihe Ronggolawe, Banjur Lembu Sora menehi
wejangan yen Adipati Ronggolawe kedah nyuwun pangapura marang Raja."Aja duwe
pamikiran kang koyo mangkono Ronggolawe, kuwi mono salah! ". Dhawuhe Lembu Sora.
" Aku ora rumongso salah, pancen jenengan sing langkung pantes jabatan meniko , ora
kok malah Nambi paman " Adipati Ronggolawe mbantah dhawuhe Lembu Suro.
" Ayo, sowana marang ratumu Raden Wijaya, njaluko sepura amarga sliramu duweni
pamanggih sing koyo ngono" Wejange Lembu Suro . " Mboten paman aluwung aku muleh
Tuban wae, Aku ora salah paman ! " Pocape Adipati Ronggolawe.
Ronggolawe banjur mulih ing Tuban tanpa nggubris ngendikane pamane.

Dicariyosaken yen Raden Wijaya wes krungu niatan saka Adipati Ronggolawe kang
arep Nggugat amarga ora setuju nalika rakaryan patih diwenehake Anambi. Raden
Wijaya ngutus Nambi, Kebo Anabrang lan Lembu Suro Numpes Adipati Ronggolawe.

Ing Tuban, Adipati Ronggolawe kang ngerti yen ana rombongan prajurit sing
bakal menehi paukuman, Ronggolawe banjur ngutus para prajurite ngadang rombongan
Nambi ing kali Tambak Beras, Lan ora suwi perang antarane para prajurit kedaden. "
Wani -wanine kowe mrene Nambi? " Omonge Ronggolawe. " Ora ono alesan kanggo aku ora
wani moro ing kene Adipati Ronggolawe " saute Nambi.
" Yen pancen kowe ora wedi majuo, ojo meneng wae, apa kowe rumangsa ora wani? yo
jelas kowe ora bakal wani, kowe iku ora pantes dadi rakaryan patih, isih akeh sing
luwih pantes." omonge Adipati Ronggolawe.
" Wes ora usah kakean omong, Ayo ndang maju tak tandhangi" wangsulane Nambi.
Perang antarane Nambi Lan Ronggolawe wis ora bisa dipungkasi, kabeh padha adu
kasekten.
Kebo Anabrang panglima saka Majapahit mimpin pasukan Majapahit kanggo ngepung para
prajurite Ronggolawe. Banjur Kebo Anabrang nututi playune tunggangan Ronggolawe,
ananging jaran minangka tunggangane Ronggolawe mau kepleset lan nyemplung ing kali
Tambak Beras. Mangerteni Ronggolawe ing kali, Kebo Anabrang banjur marani
Ronggolawe lan diperjoyo.
" Tampanana iki Ronggolawe, iki paukuman anggonmu nggugat keputusan saka ratumu
Raden Wijaya, Tampanana... " bengoke Kebo Anabrang.
Lembu Sora kang mangerteni kedadean iki, ora tegel ati ngingeti Ronggolawe
diperjaya kaya mangkana. Banjur Lembo Suro mejahi Kebo Anabrang saka mburi. Pancen
Lembu Sora ana ing kubu Kebo Anabrang nanging dheweke ora lila yen ponakane kang
ditresnani diperjaya.
" Apuranen Aku Kebo Anabrang, ning aku ora iso yen ora kaya ngene, kowe wis merjaya
ponakan sing tak tresnani " sinambi mbengok anggone merjaya Kebo Anabrang.

Pungkasane Kebo Anabrang lan Ronggolawe sedo ing kali Tambak Beras. Banyu ing
kali Tambak Beras sak kala malih dadi abang amarga getih Ronggolawe lan Kebo
Anabrang.
Jasad saka Adipati Ronggolawe lan Kebo Anabrang banjur disuciake dikremasi banjur
awune dilarung ing laut Tuban.

You might also like