You are on page 1of 3

Misuh kuwi Budayane Wong Jawa hlo

Sawetara wektu pungkasan iki jagad media sosial digawe geger karo sayembara misuh tingkat
internasional kang dianakake akun @jawasastra. Akeh sing mangkel lan ora percaya yen akun iki
kumawani nggunakake pisuhan kanggo sayembara. Jalaran kanggone masyarakat Jawa misuh kuwi klebu
sawijining larangan sing ora pantes diucapake. Misuh beda karo nyupatani utawa ipat-ipat. Ing Jawa
misuh isih bisa utawa oleh diunekake.

Dene ipat-ipat utawa nyupatani ora kena ditindakake. Jalaran sing jenenge ipat-ipat utawa nyupatani
kuwi padha karo ndongakake, ning ndongakake sing elek-elek. Contone: yen tulisan iki ora dimuat,
redakture bakal mules setaun wutuh. Sing kaya ngene iki ora oleh ditindakake amarga akeh-akehe
kedadeyan temanan.

Masia dianggep ora pantes diucapake, nanging nyatane akeh wong sing seneng misuh kanggo
meluapkan emosine. Misuh kerep diucapake kanggo nggambarake surasa batin sing angel digambarake
nganggo tetembungan. Contone jancuk. Pisuhan jenis iki mujudake pisuhan Jawa sing paling kondhang
dhewe, nanging emane apa artine jancuk iki durung ana sing bisa nemokake tegese.

Eloke, masia pisuhan jancuk iki durung dingerteni tegese, nanging pisuhan jancuk bisa digunakake
kanggo nggambarake maneka surasa batin. Jancuk bisa digunakake kanggo nggambarake surasa batin
sing mangkel banget, seneng banget, lan kaget banget.

Miturut Pak Dhanu Priyo Prabowo, masia dianggep larangan misuh isih bisa ditoleransi karo wong Jawa
jalaran sipate pisuhan kuwi mendekati karo kegeraman sing isih duwe sipat humor. Dadine kerep ana
wong sing ora nesu yen dipisuhi. Malah wong sing dipisuhi iki bisa males misuhi wong sing wis misuhi
dheweke. Misuh dhewe yen dideleng tegese padha karo ngresiki. Nanging sing diresiki mung sawates
bagian tangan lan sikil. Jalaran ing Jawa reresik perangan awak liyane duwe aran dhewe. Tuladhane
ngresiki cangkem arane kemu, ngresiki rai arane raup, lan ngresiki awak arane adus.

Senajan isih bisa ditoleransi. Aku yakin ora ana wong tuwa sing dhemen duwe anak tukang misuh.
Nanging aku uga yakin, kabeh wong sing ngaku wong Jawa mesthine nate misuh. Ora ketang misuh
nganggo pisuhan sing paling alus lan sopan dhewe. Contone misuh nganggo tembung : Asem. Kanggone
wong Jawa pisuhan asem iki klebu jinis pisuhan paling alus lan sopan dhewe. Gandhenge klebu jinis
pisuhan sing paling alus. Nganti sing misuh akeh sing ora krasa yen wis misuh.

Diakoni utawa ora misuh wis dadi budayane wong Jawa. Kahanan iki dumadi jalaran misuh bisa kanthi
gampang ditemokake ing urip bebrayan. Senajan mujudake budaya Jawa, nanging akeh wong jawa sing
ora gelem ngakoni. Kahanan iki dumadi jalaran wong sing misuh seneng nindakake dianggep wong
alasan kang ora berbudi lan berpendidikan.

Masia kaya ngono sesambungan antarane wong jawa karo misuh iki raket banget. Lan kaya-kaya wis
dadi sisi liya saka panguripane wong Jawa dhewe. Saking rakete misuh karo uripe wong Jawa nganti ana
jinis pisuhan khas. Tegese ana jenis pisuhan sing mung bisa ditemokake ing dhaerah tertentu. Contone
ing Tulungagung ana pisuhan celeh (e-ne diwaca kaca e-ne kecap), ing dhaerah Temanggung ana
pisuahan celes, lsp.

Yen diukur saka derajat kekasarane jenise pisuhan khas Jawa kuwi bisa dibagi dadi lima. Kapisan pisuhan
sing paling alus dhewe yaiku pisuhan dijupuk saka arane woh-wohan tuladhane jambu lan asem.
Kapindhone pisuhan sing dijupuk saka arane penggaweyan. Arane penggaweyan sing kerep digawe
misuh yaiku tukang nyopir cikar lan tukang angon bebek. Ing Jawa wong sing penggaweyane dadi sopir
cikar diarani bajingan. Dene wong sing tukang angon bebek diarani sontoloyo. Kaloro penggaweyan iki
kerep banget didadekake pisuhan sing surasane isih bisa dikandhakake alus.

Katelune Pisuhan pisuhan sing bisa diunekake nanging ora dingerteni tegese contone: jancuk, gancuk,
gathel, celeh, mbahmu kiper,lsp. Pisuhan sing rada

Kapapat pisuhan sing nggunakake arane kewan lan anake. Ing Jawa, kewan sing paling kerep digunakake
misuh yaiku asu. Kewan iki kaya-kaya manggon ing urutan ndhuwur dhewe ing jagad pisuhane wong
Jawa sing nggunakake arane kewan. Jalaran ora mung babonane wae sing penak digawe kanggo misuh.
Anake asu sing arane kirik uga penak banget digawe bahan pisuhan. Sawise kuwi, babi lan arane anake
uga nyusul dadi bahan pisuhan sing penak banget diucapake. Mung wae ana arane anak kewan sing ora
penak digawe misuh. Salah sijine yaiku anake munyuk. Hayo anak munyuk arane apa?

Kalima yaiku pisuhan sing nggunakake perangan awak. Pisuhan jinis iki mujudake pisuhan paling kasar
ing jagad pisuhan Jawa. Pisuhan jinis iki dibagi dadi loro yaiku perangan awak sing ketok mata lan sing
ora ketok mata. Pisuhan jinis iki duwe kaunikan dhewe. perangan awak sing paling ngisor malah krasa
luwih alus tinimbang perangan awak sing ndhuwur. Contone pisuhan thokormu. Pisuhan iki krasa luwih
alus tinimbang pisuhan ndhasmu, utegmu lan matamu.

Akeh sing ngira yen misuh kuwi mujudake tumindak sing ora ana gunane. Pangira ngene iki bener ning
kurang pener. Jalaran misuh kuwi bisa digunakake kanggo alat kontrol kanggone wong Jawa. Alat kontrol
ing kene iki saliyane kanggo ngontrol wong liya. Uga bisa digunakake kanggo ngontrol awake dhewe.
Maksude, wong Jawa sing pengin misuh kudu bisa empan papan supaya dampak saka pisuhane ora
nyebabake masalah sing kedawa-dawa. Kahanan iki dumadi jalaran sajroning pisuhan kuwi ana ruang
kebebasan sing duwe wates sing ora kena dilanggar.

Anane batasan-batasan sajroning misuh iki kang digunakake @jawasastra kanggo persyaratan
sayembara misuh tingkat internasioale. Sawetara batasan-batasan jenis pisuhan sajroning sayembara
misuh kang dianakake kayata ora kena misuhi wong sing luwih tuwa, ora kena misuhi kurange awak
wong liya, ora kena misuhi mantan, ora kena misuhi guru, ora kena misuhi, ora kena misuh nganggo
tembung sing saru lan sara.

Saliyane kuwi lumantar sayembara misuh kang dianakake iki @jawasastra pengin golek jenis pisuhan
anyar sing durung akeh diweruhi. Ngenani pisuhan anyar sing digoleki iki kayata pisuhan sing medeni,
sing njijiki, sing mangkeli, kritis, sing ora dosa, misuh nggo keadilan, misuh tapi cinta, misuh karo koprol,
misuh sing mingkem, misuhi pandemi, lan misuh tanpa huruf.

Uwal saka ala lan apike, , misuh klebu larangan sing ora kena sembarangan ditindakake. Masia kaya
ngono kala-kala misuh kena wae ditindakake. Apa maneh sawise nonton tandange pamrentah nalika
ngadhepi pandemi corona iki katon sembrana lan asal-asalan. Huh... sawiyah tenan.
Biodata Penulis

Nama Asli : Zuly Kristanto

Alamat Rumah : RT 02 RW 06 Ds. Mirigambar Kec. Sumbergempol

Kabupaten Tulungagung

Alamat email : zulykristanto@gmail.com

No. Rekening Bank : 0481344246 BCA a.n. Zuly Kristanto

No. HP : 085707088247

You might also like