You are on page 1of 7

Khutbah idul adha 1444 H

“IDUL ADHA MERAJUT UKHUWAH”

Oleh : Drs. H. Ngadino, M.Ag

Khutbah Pertama

‫ ُهللَا َأْك َبْر َك ِبْيًرا َو اْلَحْم ُد ِهلل َك ِثْيًرا‬. ‫ُهللَا َأْك َبُر ُهللَا َأْك َبُر ُهللَا َأْك َبُر‬
. ‫ُهللَا َأْك َبُر ُهللَا َأْك َبُر ُهللَا َأْك َبُر‬
. ‫ُهللَا َأْك َبُر ُهللَا َأْك َبُر ُهللَا َأْك َبُر‬
‫ َالِإلَه‬،‫ َص َدَق َو ْع َد ُه َو َنَص َر َع ْبَد ُه َو َأَع َّز ُج ْنَد ُه َو َهَز َم اَأْلْح َز اَب َو ْح َد ُه‬،‫ اَل ِإلَه ِإَّال ُهللا َو ْح َد ُه‬،‫َو ُسْبَح اَن ِهللا ُبْك َر ًة َو َأِص ْيًال‬
‫ ُهللَا َأْك َبُر َو ِهلل ْالَح ْم ُد‬،‫ِإَّال ُهللا َو ُهللا َأْك َبُر‬.

‫ َأْش َهُد َأْن اَل ِإلَه ِإاَّل ُهللا الَّرْح مُن الَّر ِح ْيُم‬، ‫الَحْم ُد ِهلل اَّلِذ ي َهَدى اْلُم َّتِقْيَن الِّص َر اَط اْلُم ْسَتِقْيَم َو َفَّض َلُهْم ِباْلَفْو ِز اْلَعِظ ْيِم‬
‫ الّلُهَّم َفَص ِّل َع َلى ُمَح َّمٍد ِذ ي اْلَقْلِب اْلَح ِلْيِم َو آِلِه اْلَم ْح ُبْو ِبْيَن َو َأْص َح اِبِه‬، ‫َو َأْش َهُد َأَّن ُمَحَّم ًدا َأْفَض ُل اْلُم ْر َسِلْيَن‬
‫ َفَيا َأُّيَها اْلَح اِض ُرْو َن ُأْو ِص ْيِنْي َو ِإَّياُك ْم ِبَتْقَو ى ِهللا َو َطاَع ِتِه َفَقْد َفاَز‬،‫ َو َبْعُد‬، ‫اْلَم ْم ُد ْو ِح ْيَن َو َم ْن َتِبَع ُس َّنَتُه ِإَلى َيْو ِم الِّدْيَن‬
‫اْلُم َّتُقْو َن َو َنَج ا اْلُمِط ْيُعْو َن‬.

‫ٰۤي ـَاُّيَها اَّلِذ ْيَن ٰا َم ُنْو ا اَّتُقوا َهّٰللا َح َّق ُتٰق ِتٖه َو اَل َتُم ْو ُتَّن ِااَّل َو َا ْنـُتْم ُّم ْس ِلُم ْو َن‬: ‫َفَقاَل هللا َتَع الٰى‬.

allahu kbar 2x la ilaha illallah allahu akbar allahu akbar walillail hamdu

Hadirin wal hadirat ma’asirol musliminwal muslimat jaah sholat idul adha ingkang dipun mulyakake Allah

 Sedoyo puji lan pangalembono kagunganipun Allah robbul alamin… allah ingkang nggelar jagad
ndamel bawono… moho suci Allah… sedayo puji kagunganipun Allah… mboten wonten doyo lan
kekiyatan kajawi sedoy lolo wau peparingipun Allah… ibarat segelintir pasir wonten sagunging
gurun pasir… kito saged makempal silaturrahmi… duduk sama rendah berdiri sama tinggi
bersimpuh dalam hamparan sajadah nindakaken sholat idul adha kanthi khusyu’ lan tawadhu’
pratanda kepasrahan lan raos syukur ingkang mrentas saking manah thumanduk dhateng Allah
inking maha asih mboten pilih kasih.
 Saestunipun sholat kula.. ibadah kula… pejah lan gesang kula namung sumanti pasrah wonten
genggamanipun Allah pencipta alam semesta
Berkumandang senandung kalimat takbir… gemuruh suara tahlil lan tahmid “allahu akbar 2x la ilaha
illallah allahu akbar wa lillahil hamdu” menggema wonten angkasa raya mratandai raos tafakur
dhateng ngersanipun Allah… bilih namung Allah ingkang wajib dipun sembah lan dipun suwuni
pitulungan… sak umpami kepareng badhe ngetung sepinten katahipun rohmat ingkang sampun
dipun limpahaken mesti mboten saged ngitung…
Kados ingkang dipun sebataken wonten Q.S. An- Nahl ayat 18

‫َو ِاْن َتُع ُّد ْو ا ِنْع َم َة ِهّٰللا اَل ُتْح ُصْو َهاۗ ِاَّن َهّٰللا َلَغ ُفْو ٌر َّر ِح ْيٌم‬
Artosipun : menowo siro arep ngitung marang rahmat peparing ingsun (allah) msti ora bakal bisa
ngitung, saktemene Allah maha pengampun lan penyayang (Q.S. An-Nahl ayat 18)

 Mugi2 jamaah ingkang wawuh wonten masjid ingkang minulyo punika… sedaya diparingi panjang
umur… rejeki sempulur… nasib mujur… usaha makmur… dosa dilebur… ingkang haji diparingi haji
mabrur… gesang gesang semakin teratur… mengantarkan masyarakat baldatun wa robbun ghofur…
makmur yang berkeadilan lan adil ingkang berkemakmuran… sebagian diserat wonten Q.S. Luqman
ayat 12
‫َو َم ْن َّيْشُك ْر َفِاَّنَم ا َيْشُك ُر ِلَنْفِس ٖۚه َو َم ْن َكَفَر َفِاَّن َهّٰللا َغ ِنٌّي َحِم ْيٌد‬
Artosipun : Lan sapa wonge sukur (marang Allah), saktemene wong iku bersyukur marang awake
dhewe; lan sapa sing ora syukur (kufur), saktemene Allah iku sugih lan mahapuji”.

 Sholawat dalasan salam mboten kekhilafan mesti tansah dipun sanjungaken dhateng sang kekasih
Allah nabi akhir zaman… habbibina wasyafiina waqurrotaayunina sang mercusuar pembawa ajaran
hingar bingar saking kegelapan kpd cahaya iman lan islam sang penyelamat jagad baginda
Rosullullah Nabiyuna Muhammad SAW… sak sae2nipun umat ingkang kerso memperbanyak
sholawat kpd nabi muhammad pasti pikantuk syafaat pada hari qiyamat. Ya robbi sholli ala
muhammad ya robbi sholli alaihi wasalim.
 Salam hangat dikandung badan Allah mboten badhe nimbali kita manungso kajawi marang kaping
tigo inggih punika timbalan sholat… timbalan haji… timbalan mati…
Nalika Allah nimbali hambanipun sholat lewat muadzin mboten purun sholat Allah duka… dipun
timbali haji mboten purun haji Allah mboten duka… naliko Allah nimbali mati lewat malaikat izroil
sampun mboten suwolo malih… menawi mati sampun dumigi maut menjemput sampubn mbiten
saged dipun endari… nalika raga sampun kaku dibungkus kain mori diusung sanak famili dhateng
rumah sejati… dinding kubur siap menghimpit binatang tanah siap menyantapmalaikat kubur siap
menyiksa… mboten wonten ingkang saged paring pitulungan kajawi amalipun… pangkat dicari
mati2an pasti ditinggal, harta dicari mati2an pasti ditinggal, hanya amal sholeh yang memberi
pertolongan disebatakaken wonten Q.S. Al-Kahfi ayat 110
‫َفَم ۡن َك اَن َيۡر ُج ۡو اِلَقٓاَء َر ِّبٖه َفۡل َيـۡع َم ۡل َع َم اًل َص اِلًحـاَّو اَل ُيۡش ِر ۡك ِبِعَباَد ِة َر ِّبٖۤه َاَح ًدا‬
Artosipun : Sapa wonge sing kepingin ketemu karo Allah, iku kudu nindakake amal sholeh lan aja
sepisan –pisan nyekutukake marang Allah. (Q.S. Al-Kahfi ayat 110)
 Dunia dalasan isinipun dipun pasrahaken dhateng manungso supados sipun kelola sak sae-saenipun
murih saged mbeto kemaslahatan penuh pesona saling asah asih asuh. Saling salam senyum sapa
sopan santun. Saling sambang sumbang sambung… amarga dunia tempat menanam tempat
manungsa ngunduh wohing pakerti… sopo nandur ngunduh saopo utang nyaur… sopo nyilih
mbalekne, sipun sebat wonten Q.S. An-Najm ayat 39
‫َو َاْن َّلْيَس ِلِاْل ْنَس اِن ِااَّل َم ا َس ٰع ۙى‬
Artosipun : lan manungso bakal nompo marang opo sing diusahake

Allahu akbar2x
Hadirin wal hadirat muslimin muslimat ingkang minulyo
 Dinten enjang niki umat islam saking belahan penjuru dunia ingkang beribadah haji sampun
paripurna nindakaken puncak haji… wukuf wonten padang arofah… nuli nglajengaken mabid
wonten ing mudzalifah terus menuju ke mina kangge nindakaken lempar jumroh ua – wusto ugi
aqobah. Napak tilas perjuanganipun nabi ibrahim minongko simbol usahaipun agungipun
menghalau setan ingkang menggoda nabi ibrahim badhe menyembelih putranipun ismail… amargi
setan tdk pernah merasa lelah selalu menggoda dari depan belakang sampai kanan dan sampai kiri
dipun sebat wonten Q.S. al-A’raf ayat 17
‫ُثَّم ٰاَل ِتَيَّنُهْم ِّم ْۢن َبْيِن َاْيِد ْيِهْم َو ِم ْن َخ ْلِفِهْم َو َع ْن َاْيَم اِنِهْم َو َع ْن َش َم ۤا ِٕىِلِهْۗم َو اَل َتِج ُد َاْكَثَر ُهْم ٰش ِكِر ْيَن‬
Artosipun : sak banjure setan bakal nekani wong-wong mau saka ing ngarep, saka ing mburi, saka
tengen lan saka kiwa. Lan sampeyan ora bakal nemokake akeh wong padha syukur. (Q.S. al-A’raf
ayat 17)

 Perintah menyembelih qurban ingkang dipun dhawuhaken shateng nabi ibrahim AS dateng putra
kesayangan si mata wayang nabi ismail AS minonhko tonggak sejarah mangku hikmah lan filsafat
ingkang luar biasa… bilih gesang mesti mbetahaken perjuangan… lan perjuangan mesti mbetahaken
pengorbanan… sinten ingkang berjuang kanthi ikhlas… ngurbanaken bondo-dunyo-tenaga lan
pikiran badhe pikantuk lelintu saking Allah SWT syuargo ingknag jawabanipun antara langit lan
buni… dipun sebat wonten Q.S. At-Taubah ayat 111
‫ِاَّن اْش َتٰر ى ِم َن اْلُم ْؤ ِمِنْيَن َاْنُفَس ُهْم َاْم اَلُهْم َاَّن َلُهُم اْلَج َّنَۗة‬
‫َو َو ِب‬ ‫َهّٰللا‬
Artosipun : satemene gusti Allah wis nuku marang wong mukmin kanthi bondo lan terangno,
sahinggo allah ngganti syuarga kanggo dheweke

Allahu akbar2x
Hadirin wal hadirat muslimin muslimat rohima kumullah

 Dialog antawisipun sang ayah (nabi ibrahim) dang ibu (siti hajar) sang anak (nabi ismail) minongko
hubungan kasih sayang ingkang indah saged damel manah trenyuh- terkagum-pilu lan iba… kados
ingkang dipun sebataken wonten Q.S. Ash Shofat ayat 102
Nabi ibrahim ngendika : wahai annakku satemne aku mimpi sakjrone mimpi aki di dawuhi Allah
nyembelih sliramu mula pikiren kepiye menggah penemumu?
Lajeng ismail menjawab : duh kanjeng romo, menawi neika dhawuhipun Allah sumonggo paduka
tindakaaken insyaallah kula nderek lan paduka badhe manggehi putra ingkang sabar

 Salajengipun nabi ibrahim memeluk ismail kanthi pelukan indah, pelukan kencang dhateng salah
setunggalipun putra ingkang dipun tresnani… lajeng dipun ajak dhateng mina pinanggih kalian ibu
tercinta siti hajar… sak lajengipun panggih hajar lajeng ibrahim takon… wahai hajar, garwaku, aku
takon marang sliramu jawaben kanthi ati sing jujur… aku iki garwamu kagungane sopo? Hajar
menjawab, paduka kagunganipun Allah,
Wahai Hajar garwaku yen ismail iku kagungane sopo? Hajar menjawab “ismail punika kagunganipun
Allah, wahai hajar rong bengi berturut turut aku mimpi didhawuhi Allah supaya nyembelih ismail
minangka bukti pengorbanan lan kasih sayang marang Allah? Kepriye penemumu? Hajar seraya
tertunduk layu, kanthi wajah pilu, mboten ngiro menawi wonten pitakon saking garwanipun
ingkang mekaten awratipun… meskipun gemuruh bergejolak badhe dados qurban penyembelihan
saking artosipun saking ayah ingkang ngukir jiwa raganipun…

 Kemutan perjuanganipun nalika hajar hamil tua dipun tinggal sebatang kara wonten lembah tandus
kering kerontang, bergejolak manahipun antara iman lan napsunipun kanti suwanten terbata2 hajar
menjawab : duh garwo kul, menawi menika dawuhipun Allah pemilik jagad raya, kula mboten
kawratan… sumonggo suamiku tercinta paduka tindakaaken… salajengipun bertiga (bapak, ibu lan
anak) saling berpelukan nggambaraken ikhlas lan kasih sayang sejati berserah diri secara total
dhateng Allah penggenggam langit penguasa jagad raya… awit namung Allah ingkang dipun sembah
lan dipun suwuni pitulungan

Hadirin wal hadirat muslimin wal muslimat rohimakumullah

 I’tibar punapa ingkang saged kita petik saking peristiwa ingkang mengharukan, memilukan,
menyentuh hati ingkang mendalam ingkang dipun lampahi nabi ibrahim kangge nggayuh kasih
sayang dateng Allah? Pembelajaran ingkang saged dipun petik, bilih menungso naliko mengarungi
bahtera panggesangan mesti mbutuhaken perjuangan, pengorbanan lan keikhlasan.
Nabi ibrahim nggadahi kesabaran luar biasa sahingga anak kesayanganipun dipun kurbanaken
kangge nggayuh mahabbah cinta kasihipun dateng Allah robbul alamin

 Menawi kangge kita, punapa barometeripun kangge perjuangan lan pengorbanan mahabbah
dateng Allah? Tresno kita dateng anak harta lan jabatan sampun ngantos ngawonaken tresno asih
kita dateng Allah… wonten tigang masalah ingkang saged nuwuhaken ego pribadi ngawohakaen
mahabbah dateng Allah nggih punika : remen ngremehaken dateng tiyang sanes, bangga dateng
keturunan lan sombong dateng jabatan ingkang nuwuhaken penindasan dateng tiyang sanes.
Menawi jarak dipun ukur mawi meter… berat dipun ukur mawi kilo… emas dipun ukur mawi karat..
menawi manungso dipun ukur sepinten keikhlasan penorbanan harta ingkang dipun gadahi…
semakin kathah berkurban semakin caket kalian Allah…

 Ajaran islam mbten manung membentuk kesholehan individual nanging ugi membentuk
kesholehan sosial, spiritual, lan emosional… ingkang sedoyo kesholehan kolowau saged dipun
raosaken dhateng tiyang kathah ingkang saged membentuk tingkah laku saling asah asih asuh salng
sambang umbang sambung semarak semanak awit saking sak sae2nipun tiyang.. ingkang kathah
kesaenanipun dhateng tiyang sanes “khairunnas anfauhum linnas”

 Semangat berkurban melatih manungso peduli dhateng kesusahan kerepotan tiyang sanes… makna
kurban membangun karakter akhlakul karimah, menghormati kekurangan tiyang sanes, dlm
menempuh perjalanan hidup pasti mbutuhajen perjuangan pengorbanan lan keikhlasan… kados
pundi keikhlasan nabi ibrahim nalika di dawuhi Allah nyembelih ismail?
Satu2nya anak si mata wayang si jantung hati sibiran tulang?
Sedaya cinta nabi ibrahim dateng putranipun setengah mati…? Tapi ibrahim lebih cinta dateng Allah
lan Rosulullah?

 Kados pundi caranipun ibadah kurban saged menebar pesona dan menabur cinta? Semangat
kurban saged mbangun pengabdian dateng Allah lan merajut cinta kasih sayang sesama
manungso… ora diarani beriman menowo ora tresno asih marang wong liyo koyo tresno asih
marang pribadine dhewe… ora bakal mlebu syurgo wong sing medhot tali paseduluran… sopo sing
ora gelem tresno asih mengko ora bakal disayang Allah SWT (Bukhori)

 Sinten ingkang kerso mbantu kesusahan tiyang sanes … mongko Allah badhe mbantu
kesusahanipun dunyo akherat… sinten tiyang kerso menutupi aib tiyang sanes mongko Allah badhe
menutupi aibipun donyo akherat, Allah ngendika wonten hadist qudsi : wahai hambaku menopo
naliko aku keluwen siro ora gelem memberi makan? Nalika aku telanjang siro ora gelem memberi
pakaian, naliko aku loro ora gelem menjenguk? Salajengipun hamba kolo wau menjawab… wahai
Allah ya rohman kados pundi kula ngaturi dhahar… ngaturi pakaian dan menjenguk? Ing kamongko
paduka Allah ingkang kula sembah? Wahai hambaku mangertio satemene naliko ono wong keluwen
kowe memberi makan, naliko ono wong loro siro menjenguk, mesti siro bakal ketemu ingsun Allah,
mergo aku (Allah) tansah menyertai marang wong keluwen lan nandang kecingkrangan.

Allau akhbar 2x

 Wonten dinten idul kurban punika mboten wonten amal kebajikan ingkang langkung sae ingkang
dipun tresnani Allah… mboten wonten dinar lan dirham ingkang langkung utami kajawi kangge
tumbas hewan dipun sembelih kangge kurban, saben bulu hewan kurban dipun catet amal
kebajikan… daging lan darah hewan kurban sekali2 mboten saged menggapai keridloan Allah kajawi
kangge mengantarkan derajat taqwa dhateng Allah SWT
Wahai anak adam… luangkan dirimu sejenak untuk beribadah kepadaku.. niscaya akan aku penuhi
kekayaan… rumahmu akan aku penuhi rejeki… badanmu akan sehatkan (H.R. Al Hakim)
Wahai oemilik jiwa yang haru… kembalilah ke pangkuanku Tuhanmu dengan hati yang ridlo dan
diridloi, bergabunglah dengan para kekasihku,, dan masuklah ke dalam syurgaku (Q.S. Al Fajr ayat
30)

 Berjuta hewan kurban, unta, lembu, domba dipun sembelih wonten dinten nahar, dagingipun dipun
saluraken dateng fakir miskin tiyang ingkang gesangipun kecingkrangan… inilah betuk kepedulian
sosial yang luar biasa kangge memperkokoh tali ukhuwah lan jalinan cinta kasih ingkang melahirkan
pribadi yang sempurnarumongso handarbeni … wajib melu angrungkebi mulat sariro hangroso
wani. Dipun sebat wonten Q.S. Al-Hujurat ayat 10
‫ࣖ ِاَّنَم ا اْلُم ْؤ ِم ُنْو َن ِاْخ َو ٌة َفَاْص ِلُحْو ا َبْيَن َاَخ َو ْيُك ْم َو اَّتُقوا َهّٰللا َلَع َّلُك ْم ُتْر َحُم ْو َن‬
Artosipun : satemene wong ukmin iku seduluran, mongko damaikan antara sedulur siji ora akur,
bertaqwalah marang Allah supaya pikantuk rahmat.
 Sampun sak mestinipun umat islam bersatu padu dalam ikatan tauhid, la ilaha illallah, sampun
ngantos terjebak rutinitas, ritualisme, sempit pandangan, tetapi harus berpegang teguh hati agama
Allah, jangan bercerai berai, buktikan islam itu agama cinta damai meberi solusi, buktikan islam
agama anti kekerasan, anti radikal, anti ekstrim, hadirkan islam yang santun, lemah lembut, ramah
lingkungan, rahmatan lil alamin.

 Hadirin wal hadirat, pagi ini kita bisa tersenyum simpul, tetapi ingatlah tetangga kita masih
kelaparan, sahabat kita masih menderita peru uluran tangan… gunakan peluang idul adha untuk
merajut cinta kasih menggambarkan pesona salam, senyum, sapa, sopan, santun, gotong royong
bahu membahu santuni fakir miskin.. tolong sahabat yang menderita.

 Dipenghujung khutbah punika kula derekaken bberdoa memohon pinta, nadhahaken asta nyuwun
dateng kebesaran lan keagunganipun Allah, mugi2 kanthi idul adha sedoyo ibadah dipun tampi,
sedoyo dosa dipun luwuri… sedoyo maksiyat dipun mareni sedoyo bencana dipun gantos rahmat
lan keagungipun Allah SWT… kita sambut hari esok lebih baik lebih bermanfaat.

 ALLAHUMMA YA ALLAH… YA ROHMAN YA ROHIM


Sedoyo puji pengalembono kangunganpaduko… mboten wonten doyo kekiyatan kajawi peparing
paduka,… estunipun namung paduka ingkang nglampakaken gesangipun manungso wonten dinten
pengadilan… mboten ragu malih bilih Qiyamat pasti dateng… paduka bikak manah jamaah ingkang
hadir dados manah ingkang lemah lembut, rendah hati, kebak rahmat dalasan kasih sayang…
paduka bimbing manah ingkang bening, manah ingkang ikhlas nindakake dawuh ninggalaken
pepacuh… sampun ngantos manahipun diperbudak hawa napsu… diperbudak harta… diperbudak
gemerlap kadonyan

 ALLAHUMMA YA ALLAH, KANTI SIFAT PADUKO INGKANG MAHA ASIH LAN MBITEN PILIH KASIH
Paduko dadosaken saben detik umur jamaah ingkang hadir… dados umur ingkang manfaat tebih
maksiyat… paduko dadosaken sholat kula kadis rerengganing gesang kulo… harta benda dados
penerang kubur kulo… paduka cabut sedoyo bencana lan malapetaka ingkang menimpa negeri
tercinta republik Indonesia… paduka gantos rahmat lan kasih sayang paduko…

 ALLAHUMMA YA ALLAH… YA ROBBAL ALAMIN


Paduko bingkai hati umat islam ingkang beraneka ragam dados umat ingkang rukun… bersatu padu
kangge mrantos kebatilan… gelorakan kesadaran umat islam merapatkan barisan membela
kebenaran menuju masyarakat berkemakmuran… berkeadilan… paduka bikak barokahipun jamaah
ingkang hadir kados makmuripun madinah almunawaroh dados masyarakat baldatun wa robbun
ghoffur

 ALLAHUMMA YA ALLAH… INGKANG MAHA PERKASA LAGI MAHA BIJAKSANA


Bila hari ini masih menjadi bagian hidup kami, berilah kemudahan dalam menjalankannya… bila
kelopak mata kami masih bisa terbuka bimbinglah pengkihatan kami senantiasa melihat
kebenaran… bila mulut kami masih diijinkan untuk berbicara tuntunlah senantiasa mengantarkan
kejujuran… bila tangan kami masih bisa digerakkan bimbinglah untuk bisa memberi kebaikan
kepada orang lain… bila kaki kami masih dapat melangkah antarkan ya Allah… ke tempat yang
menjadi ladang ibadah kami…

You might also like