You are on page 1of 13

PANATACARA

Dening: Rina Purwasih, S.Pd.


KD dan Tujuan Pembelajaran

Kompetensi Dasar
3.3 Menelaah teks panatacara.

Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran saintifik dan model Discovery learning, peserta didik
dapat menelaah teks Panatacara dengan mengembangkan sikap religius, rasa ingin
tahu, tanggung jawab, disiplin, jujur dan santun, percaya diri dan pantang menyerah,
serta memiliki sikap responsif (berpikir kritis) dan pro-aktif (kreatif).
PANATACARA

APA IKU PANATACARA?

APA BEDANE PANATACARA KARO PAMEDHAR


SABDA?

APA WAE PERANGANE TEKS PANATACARA?


Panatacara asale saka tembung
Panata lan Acara. Panatacara kuwi
sawijining paraga (wong) sing duwe
jejibahan/tugas nglantarake
titilaksana (lakune) sawijining acara
APA IKU kayata upacara adat temanten,
PANATACARA? kesripahan, resmi/ formal,
pepanggihan (pertemuan), pajamuan
(pesta), pangaosan utawa pentas
(show) lan sapanunggale.
Ayahan/Tugas
Panatacara
• Nglantarake lakune cak-cakaning/ urut-urutanipun acara utawa
adicara ana ing rapat-rapat, pasamuwan, utawa upacara kang wis
dirancang sadurunge.
• Lugune atur palapuran (protocol) tumrap cak- cakaning utawa
lakuning acara/adi cara.
• Mligi ana ing upacara lelayu utawa sripah tetembungan adicara
utawa acara diarani adilaya .
Apa bedane Panatacara karo
Pamedhar Sabda?
PANATACARA PAMEDHAR SABDA
sawijining paraga (wong) sing duwe paraga sing kajibah (mengemban tugas)
jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) mbabar sawijining perkara tuladhane
sawijining upacara adat temanten, ngaturake pambagya / sambutan, pasrah
kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan temanten utawa nampa pasrahe temanten
(pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan
utawa pentas (show) lan sapanunggale
Perangane Teks
Panatacara

• Salam pambuka
• Pambuka
• Isi
• Panutup
• Salam panutup
Salam Pambuka
Salam pambuka isine ngaturaken uluk salam minangka pambuka
tuladhanipun assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
sugeng enjang, ngaturaken kasugengan mugi kawilujengan
binabar dhumateng kula panjenengan sedaya, kawilujengan
kabagaswarasan mugi tansah kajiwa kasarira wonten ing
jiwangga kula lan panjenengan sedaya, lan sakpiturute.
Pambuka

a. Atur pakurmatan, isine babagan atur pakurmatan dhumateng


para tamu kang wis rawuh ing adicara kasebut.
b. Atur pamuji/ puji sukur, Pocapan kang ngajak para rawuh
ngaturake puji sukur dhumateng Gusti Allah amarga wis
diparingi kasarasan saengga bisa ngrawuhi adicara kasebut.
Isi

Isi ngrembug babagan rantaman (urutan-urutan) ing adicara saka


pambukaning adicara nganti panutupe adicara
Panutup
Panutup, isine:
a. Atur pangapunten, njaluk pangapura manawa ana solah bawa
kang kurang trapsila lan ana tetembungan kang kurang mranani
penggalih saka panatacara.
b. Pangajab/ harapan sasampunipun acara sampun kalampahan
Salam Panutup

Ngaturaken salam panutup, tuladhane Wassalamualaikum wr wb.,


Sugeng siyang, sugeng pepanggihan ing sanes wekdal. Katutup
kanthi atur panuwun. Nuwun
MATUR
NUWUN

You might also like