You are on page 1of 3

Telung dina sadurunge upacara ijab kobul, milih dina lan sangat kang becik manut petungan neptu,

ing ngarep pendhapa utawa omah, manehe ngarep pawon, dipasangi tarub karo nam-naman blarak. Cagake milih pring wulung. Manawa ngarep pawon tanpa tarub, kudu disarati nganggo bleketepe (nam-naman blarak dipasang sadhuwure payon utawa tritis omah lan payon pawon). Supaya katon asri,

direngga nganggo janur kuning yaiku sarta buntal,

reroncening

gegodhongan sing isih seger.

Tarub: pasang bleketepe ana sakdhuwure payon utawa tritis omah

Tarub: pasang gohdong apa-apa ana sakiwatengening lawang Lawang mlebu pakarangan uga ditarubi kayadene gapura nganggo pring wulung, rinengga ing janur kuning lan buntal-buntal. Dekorasi pasang tarub iku, manut critane njupuk tuladha nalika dhaupe Jaka Tarub lan Dewi Nawangwulan (midadari). Sarehne omahe Kyai Ageng Tarub iku ciyut lan ana pinggir alas, mulane sakiwa tengene omah dipasangi tarub saka nam-naman blarak lan supaya katon asri direngga nganggo janur kuning lan buntal-buntal. Kyai Ageng Tarub iku bapake Jaka Tarub.

Pasang godhongan lan gedhang tuwuhan ana sakiwa tengene lawang Pasang janur kuning mengku wredi supaya anggone duwe gawe mantu kalis saka rubeda, kaya lekase lakon wayang purwa Anoman Obong. Sadurunge Kraton Ngalengkadiraja kobong, Ki Lurah Tejamantri (Togog) diundang dening Anoman. Togog didhawuhi pasang janur kuning ngubengi omah, supaya kalis ing kobongan.

Sumber buku: Tata Cara Slametan, Pabelan Surakarta

You might also like