You are on page 1of 11

BEBENDU BUMILOKA

Sang nata! Delengen.. Tindak durjana saya ngrembaka

Scene 1: Pambuka
Kawula Raraspada Kosong

Sang nata

Langit mbranang merkatak abang Panase pindha geni mangalad-alad Prahara lindhu lan banjir bandhang Tumempuh ing sadhengah pangonan Sang nata Delengen Tindak durjana saya ngrembaka Maling lan kecu ngaku satriya Adil lan bener dikuya-kuya Kamanungsan dianggep memala Dene panguwasa Mung kanggo saranambujung gebyaring donya Sang Nata Aja mung lenggah eca sekeca Bumiloka kinupeng bebendu Kesrimpet tindak culika Sang Nata Sawangen Delengen Bawana saya surem Katrajang prahara lan bebendu Njalari kawula urip sengsara

*Penari* (Widarba nimbrung ing jejogedan sinambi nggodhani) WIGUNA Wah (keplok-keplok) wasis tenan anggone para penari iki joged... RADITA He mas! Kurang ayu opo to aku iki.. Ning yo, coba dipikir malih mas. Awake dewe sesenengan koyo ngene terus, lan ning pesisir kono uwong-uwong tansah do susah, opo yo bener? WIDARBA Halah, pitik walik saba kebon.. WIGUNA Artine..? WIDARBA Wis dudu wong JAWA ASLI, cah pesisiran, urip meneh!! RADITA + WIGUNA Ora nyambung!! KAWULA TAMBRA IWAK SEPAT, NARAPRAJA ORA MBELA RAKYAT..3x WIDARBA Lho, suara ngentute sopo kuwi? WIGUNA Kuwi dudu ngentut, ning suara wong-wong Pasisiran demo nggrudug Katumenggunagan! RADITA Glo to tenanan ono opo-opo, wes lah gak gelem melu-melu.. Wes wes do lunga do lunga.. (ke Penari)

Scene 2: Demonstran
Kawula Widarba Radita -- Wiguna Prabasari Prabaresmi Penari Alunalun

WIDARBA Heh, penari penariku ojo lunga.. Dasar Radita pengecut golek senenge dewe..Wes yo diadhepi wong loro.. KAWULA DHELE DIPANGAN RAYAP, BAYARE GEDHE ORA MIKIR RAKYAT WIDARBA Heh, ora do waton nyonthong, kowe kabeh rene arep padha ngapa? WIGUNA Kene ki papane para priyayi luhur.. PESISIR kaya kowe ora pantes trunyukan mrene..Ngreged-ngregedi, ngerti ra? KAWULA 2 Naaa kiyek! Ya kaya kiye mbek ayune kakange biyunge- karo bapakke- nek rika arep weruh nayaka sing kelalen maring batire dhewek! Gemiyen, dhek durung kepilih, ngemis-ngemis njaluk dukungan! Barang saiki lungguh kursi mendulmendul, lali karo nyong! PARA KAWULA Huuuuuu...! WIDARBA Aja clemongan! Sing kandha nek aku lali ki sopo? Aku ki ora lali yen kowe kabeh kuwi UWONG PASISIRAN dudu WONG JAWA tulen! Karo meneh kowe ngerti ora nek sing ngadeg ning ngarepmu iki Iki ki K-R-T-A-J alias Kanjeng Raden Tumenggung Asli Jawa!... Mangsud? KAWULA 4 Sampeyan ampun semangkeyan dumeh dadi priyayi JAWA ASLI ! Napa dikira UWONG PESISIR kaya aku iki ra wani ngajar sampeyan, enggih?! WIGUNA Pripun ki kakang, tulungiiii...!

KORLAP Wes wes rampung gelute.. Nuwun sewu ndara! Kula sak kanca sowan menika sejatosipun badhe nyaosi priksa. PASISIRAN Bumiloka ketaman bebendu! Prahara, banjir bandhang, lindhu lan tanah longsor nerjang para kawula! KAWULA 5 Hei, leres niku Kanjeng Tumenggung! Bapak- Simbok-Pakdhe- kalih bojo kula dadi kurban.. njur sapi-kebo-wedhus-bebek-pitik kalih menthog kula nggih mati, napa kula ora entuk galak?! Iyo ra Cah?! PARA KAWULA Benerrrr! WIGUNA Wa, nek kuwidudu tanggung jawabku, Ning Ingkang Sinuwun KAWULA 3 Ingkang Sinuwun napa natih merhatiaken kita? Coba delok jamane Prabu Narapati, urip kula mulya! WIDARBA Ora urus! Saiki koe urip ning jamane Ingkang Sinuwun Prabangkara, ANTI PASISIRAN.. PARA KAWULA Oraaa! Oraiso.. Piye iki, piye lha? Iki piye lah iki piye Embah embuh gak ruh dalane Urip sara gak na rampunge Sing kuwasa mung meneng wae Ning nang ning glung iki piye e Mbuh embuh gak ruh dalane

Urip sara gak na rampunge Sing kuwasa mburu butuhe dewe Para nayaka iku apa, huuuuu! Para nayaka iku apa, huuuuu! Para nayaka ya jelas apik Huuuuuuuuuuuuuuuuu.....! PRABASARI Paman Widarba! Rame-rame iki ana apa? PRABARESMI Apa ana kraman sing nggrudug menyang Bumiloka? WIGUNA Mboten, mboten wonten menapa menapa kok den Ajeng namung niki, UWONGUWONG PASISIRAN mampir. WIDARBA Wis-wis, kana padha mulih! Aku wes jeleh ndelok rupa PASISIRAN PRABASARI Paman ora kena kaya ngono! Sang Nata ora marengake Paman ngobrol karo para kawula saka PASISIR. PRABARESMI Wis wis damar mancung cinupet. Ora perlu rembugan suwe-suwe... Nggonmu pating brengok ana ngalun alun karo ono wong Batak, Ambon, Cirebon mesti ana sambunge karo Bebendu. Menawi badhe nyuwun bantuan, langsung bakal diparingi pambiyantu! PRABASARI Rehne perkarane wis ndak anggep rampung. Rumiyin nggih para PASISIRAN..

3 A : Brayat Kraton Prabangkara Ratu Sasi Sindumurti Pasareyan Keraton PRABANGKARA Ratu Sasi. RATU SASI Oh.... Sampeyan Ndalem Sinuwun. PRABANGKARA Ndak sawang wiwit mau, atimu sajak sedih. Apa bener? RATU SASI Sampeyan ndalem ora kleru. Atiku pancen lagi sedhih amerga kelingan suwargi garwaku. Kangmas Prabu Narapati. PRABANGKARA Mbok uwis ta. Lembaran crita lawasmu karo Kaka Prabu Narapati kuwi wis rampung. Menawi masalahe umurku luwih enom lan sliramu luwih tuwa timbang aku, kowe wis dadi garwaku. Mangka aku tresna marang sliramu. RATU SASI Aku ngerti Sinuwun.. Masalahe ora mung merga kuwi, nanging merga bebendu sing tumama ing Pesisir Bumiloka! Napa Sinuwun mboten kersa ngelakokaken menapa-napa kanggo ngrewangi para kawula? Mbiyen nalika Kaka Prabu Narapati isih sugeng, panjenengane mboten daksiya marang rakyat ingkang dudu wong JAWA ASLI.

Scene 3: Katumenggungan

PRABANGKARA Wes, wes to, Diajeng. Apa ya tresnamu mung kanggo Kaka Prabu Narapati lan Uwong-uwong PESISIR kae? Kapan kowe tresna marang aku? SINDUMURTI

Rayi dalem sowan, Sinuwun. RATU SASI Oh, Dhimas. Ana apa? Sliramu sowan iki ana perlu karo aku, apa karo kadangmu ipe ingkang Sinuwun Prabangkara? SINDUMURTI Punten dalem sewu. Rayi dalem badhe nyaosi priksa bilih perkara menika sampun mlebet ing karuwetan. PRABANGKARA Sindhumurti, awit ngendhikamu mau, mesthi koe kepingin aku enggal ngrampungke perkara uwong2 PASISIRAN kuwi? SINDUMURTI Leres Sinuwun. RATU SASI Manut wawasanku, bakal luwih prayoga yen Kangmas kersa nimbali Maharesi Raraspada. Awit Raraspada iku Maharesi kang waskitha PRABANGKARA Apa ya ngono, Sindumurti? SINDUMURTI Ature Ratu Sasi ora kleru Sinuwun. Menika guru kula ingkang pancen kondhang wicaksana, ngerti sakdurunge winarah. PRABANGKARA Yen ngono Dhimas, kowe ndak utus nimbali bapa gurumu SINDUMURTI Nuwun sewu, Sinuwun. Sakmenika kula mboten ngertos dunungipun Maharesi Raraspada. PRABANGKARA

Yen ngono Dhimas, sliramu aja wedi kangelan. Kejaba ndak utus madosi Maharesi, sliramu uga ndak dhawuhi paring kuwajiban marang Wiguna supaya mbyawarakke sayembaraku. Sok sapaa bisa madosi Raraspada bakal tak paringi ganjaran pangkat lan rajabrana! SINDUMURTI Sendika. Lilah dalem aku madal pasilan. 3B : Sayembara Klowor Wiguna Alun-Alun WIGUNA Raraspada? Raraspada? Teng pundi nggih anggenipun madosi Maharesi? (tetinguk ning njero gong) KLOWOR Si klowor lunga ning alun-alun.. WIGUNA Heh! Klowor klowor! Sek mandeg sek. Awakmu ngerti ora teng pundi niku Raraspada? KLOWOR Eh ono tumenggung! WIGUNA Eh ono wong dudu Jawa Asli! KLOWOR Eh, ono uwong sing ora kenal budaya liya! WIGUNA Ehhh... ono uwong sing sok-sokan kenal budaya liyane Jawa KLOWOR Ncen aku kenal budaya liya.. arep tak kenalke ora?

WIGUNA Yo wegah lah.. Aku ki wong Jawa Asli murni ora kena dicampur-campur karo budaya liya KLOWOR Heeeh, campur campur, padakna aku bakul es campur dasar uwong ora Pluralisme WIGUNA Pluralisme ki panganan opo? KLOWOR Panganan sing enak banget... Nek ngerti Pluralisme yo, uripmu ra bakal cupet ngene iki. Raraspada e ora ngerti saiki ning endi WIGUNA Hah, emange kowe ngerti Maharesi teng pundi, Wor? KLOWOR Ora ngerti. Haha. Maharesi Raraspada niku rak tiyang sakti niku to? Ingkang senengane merem melek, lajeng gawanane piring, njuk nek mlaku nabrak-nabrak kae ta? WIGUNA Kuwi lak kowe sing bar tangi turu, Wor. Njuuu ewangi aku mbyawarake sayembara.. sing bisa madosi Raraspada bakal diparingi dening Sinuwun Prabangkara pangkat lan rajabrana! KLOWOR Iso dikei pit anyar ora? WIGUNA Lah, Wooor uwis wara-waraake kana..

KLOWOR Wara-wara sapa sing saged madosi Raraspada bakal diparingi pangkat lan rajabrana.. Nek ngono aku wae sing nggoleki panjenengane nggih.. WIGUNA Ojo.. Nek awakmu sing nemuake, kowe bakal berpangkat lan mlebu ing katumenggungan wong Jawa Asli kecampur karo wong Pasisiran kaya kowe! KLOWOR Ora lah.. aku ora doyan pangkatmu.. aku mung butuh Pluralisme-mu.. Saiki sapa sing ndelok Raraspada? RARASPADA (lewat ing mburi) WIGUNA Pundi nggih? Ketmau ora ana tanda-tandane.. Eh, kosik. Iki ambu apa ya? Kok wangi menyan? KLOWOR Lha kuwi Raraspada liwatt.. wa aku sing nemoakee WIGUNA Lhoh jare mau ora gelem entuk ganjaran.. aku wae sing nemoake.. Sinuwun, kula ingkang madosi... KLOWOR Heh aku hehhh! 3C :Prabangkara ngertos satru sekti menika.. Raraspada Prabangkara Sindumurti Ratu Sasi Prabasari Prabaresmi Widarba Radita Pasareyan Keraton SINDUMURTI

Rayi dalem sowan, sinuwun. PRABANGKARA Oh, Sliramu Dhimas, uga Maharesi Raraspada. Mangga, lenggahipun dipun agem sekeca kemawon. SINDUMURTI Punten ndalem sewu. Rehning dhawuh dalem wis ndak leksanani. Rayi dalem kepareng nyuwun pamit. PRABANGKARA Iyo Dhimas, Matur Nuwun. Lha menika ingkang sampun dientosi. Maharesi Raraspada ingkang kondhang wicaksana. RARASPADA Kula namung tiyang limrah Sinuwun. PRABANGKARA Mboten! Maharesi menika resi ingkang resik, wiku ingkang wikan bebasan ngerti sakdurunge winarah. Matur blaka kemawon. Kula badhe nyuwun priksa. Kados pundi ngrampungaken perkara kawula ingkang mboten saking tanah JAWA menika? RARASPADA Sakjatosipun, kawula ingkang saking PASISIRAN menika sanes perkawis Sinuwun. Nanging, perkara menika kawiwitan amarga wonten satru sekti. PRABANGKARA Menapa Maharesi priksa,napa niku satru sekti lan sakmangke mapan wonten pundi? RARASPADA Wah, yen bab menika kula kepeksa mboten saged matur. Sebab perkawis menika mbebayan tumrap jumeneng ndalem.

PRABANGKARA Kula mboten ajrih. Minangka Narendra ingkang kedah tanggel jawab kertaraharjaning praja, satru sekti menika kedah dipunrangket lan dipunpidana! Mila Maharesi kula saestu nyuwun priksa. Wonten pundi mapanipun satru sekti ingkang merjaya Kaka Prabu Narapati? RARASPADA Nuwun sewu Sinuwun. Sepisan malih kula matur. Kula kepeksa mboten saged caos keterangan. Jalaran kula ajrih dhateng sapu dhendhaning Hyang Widi yen perkawis menika kula aturaken sakmenika. PRABANGKARA Maharesi! Mbotena Maharesi ngendika, sapu dhendhaning Hyang Widi sampun kula tampi! Kurban mergi prahara, banjir bandhang, lindu lan tanah longsor sampun kathah sanget! Kenging menapa Maharesi mboten kersa mbiyantu kula!? Lajeng wonten pundi bekti lan kasetyanipun Maharesi dhateng kula? RARASPADA Setya lan bekti kula dhateng Sampeyan Ndalem, mboten langkung ageng ketimbang setya lan bekti kula dhateng Hyang Maha Agung. Minangka kula mboten pareng ngrumiyini dhumawahing kodrat saking Gusti Ingkang Nyipta Langit lan Bumi! PRABANGKARA Maharesi!! Ngendika panjengengan sampun nyocog manah kula! Kula menika Ratu gung binathara ingkang kagungan panguwaos tanpa winates! Yen Maharesi mboten kersa ngleksanani panyuwun kula, Maharesi badhe tampa pidana! RARASPADA Mangga kemawon. Ning yen kula dipundhawuhi medharaken papan dunungipun satru sekti menika, kula mboten purun! PRABANGKARA Oh, njih! Injih! Ngertos kula! Kula ngertos! Saktemanipun, Maharesi tiyang ingkang cubluk! Tiyang ingkang wuta dhateng panandhanging kawula!

RARASPADA Semanten ugi sampeyan ndalem! Senajan sampeyan ndalem priksa, nanging sejatosipun sampeyan ndalem wuta! Wuta dhateng reged ingkang mapan wonten ing slira dalem piyambak! PRABANGKARA Kurang ajar! Widarba! Radita! WIDARBA & RADITA Kula sinuwun! PRABANGKARA Mripatku sepet nyawang wong iki! Ayo enggal dirangket lan digantung neng ngalun-alun!! SINDUMURTI Sinuwun!? Ana apa iki!? Kena apa Maharesi Raraspada digawa lunga!? PRABANGKARA Kutuk api lamur. Trenggiling api mati! Kabeh iki merga kowe! Kowe sing katone setya lan bekti marang aku, nanging jebul duwe melik kepengin ngrebut kamukten Bumiloka nganggo piranti bapa gurumu! SINDUMURTI Sinuwun!? Aku iki isih waras! Aku isih eling yen sampeyan ndalem iku sedulurku tuwa ipe! Kena apa sampeyan ndalem ndakwa kaya ngono? PRABANGKARA Nek dudu kowe sing nyurung aku nimbal bapa gurumu, aku ora bakal ndakwa kaya ngono! Mula Dhimas, yen sliramu kepengen jumeneng Ratu, nganggo cara satriya wae! Dikalang neng ngalun-alun! Kowe apa aku sing jerbabah ndepani lemah! SINDUMURTI

Sinuwun! Sampeyan ndalem wis kelangan nalar! Panggalih dalem wis kebrongot ubaling nepsu! Yen ngono apa bener ujare para pangon ing pertapan Pangrango, yen satru sekti iku dudu brandhal, nanging slira dalem piyambak! Jalaran slira dalem kepengen ngalap kangmbok Ratu Sasi lan jumeneng Prabu ing Bumiloka!? PRABANGKARA Kurang ajar! Jeleh urip kowe Sindumurti! SINDUMURTI Sinuwun aywa degsura Rayi dalem tan mingkuring perang tandhing Majua kepara ngayum Sun ladeni sak kridhanya PRABANGKARA Heh keparat, wuwusmu saya kelangkang Tan ngerti ing tata krama Klakon mati sira yayi O, kelakon mati tenan kowe Sindumurti! SINDUMURTI Kowe sing kudu mati! RATU SASI Kangmas!? Sabar, sabar dhisik kangmas! Aja nekad ngene iki! PRABANGKARA Sindumurti!! Minggat...! Minggat!

Scene 4 : Mbiyen, nalika semana...


Prabasari Prabaresmi Sindumurti Pangon Widarba lan Radita wis ning Njaba Keraton PRABASARI Nuwun sewu! Nek kaya ngono kuwi jenenge Paman kaya bocah cilik!

PRABARESMI Nek pancen pandakwane Ingkang Sinuwun ora bener, kena apa Paman duka marang Ingkang Sinuwun? WIDARBA & RADITA Cocok! SINDUMURTI Aku pancen kudu nesu! Merga pandakwane Sang Nata ora wewaton kasunyatan, yen kasetyanku marang negara iki luwih gedhe katimbang setya lan bektiku marang panguwasa ing Bumiloka! PRABASARI Bisa wae Paman ngendika ngono! Ning sapa ngerti? Paman duwe melik kalenggehane Ramaku Ingkang Sinuwun Prabangkara! PRABARESMI Rehning Paman kepengin jumeneng Ratu. Paman terus gawe cara supaya Ingkang Sinuwun lengser keprabon! WIDARBA & RADITA Cocok! SINDUMURTI Meneng! Kowe wong loro ora kena melu-melu perkara iki! WIDARBA Nuwun sewu! Kula menika narapraja ingkang... SINDUMURTI Meneng! Isa meneng ora!? Yen kowe ora enggal semingkir... Pusakaku iki sing bakal nguntabke nyawamu! Ayo semingkir! Semingkir! PRABASARI Paman, ampun kaya ngono pam......

SINDUMURTI Prabasari! Pikiranmu reged merga racun! Atimu ora resik merga wisa! Wisaning panguwasa sing njalari ati lan pikiranmu duwe pandakwa luput! Semono uga kowe Prabaresmi! Padha sumurupa. Wong sing merjaya Prabu Narapati iku pancen dudu satru sekti, nanging Prabangkara iya wong tuwamu kang nalika semana jejer Satriya Ngulandara! Yen kowe butuh bukti, entenana! Pangon, mreneya! PRABASARI Apa sing bisa sampeyan atur? PANGON Nuwun sewu diajeng. Aku iki ibu pengasuhe Prabu Narapati... Menika kesaksian kula.. Nalika samana, aku didhawuhi Prabu Narapati, mateni putrane dewe amarga bocah kuwi bakal nggawa kutukan.. Anggonku nggawa kendhi lan arep mateni bocah kuwi ning Desa Pakis.. Aku ora tegel. Atiku ora sanggup yen aku kudu mateni bocah kuwi.. sakbanjure aku nggawa bocah kuwi ning Ratu Hapsari, supados dirumat lan dijaga. Sangang welas taun sakwise kuwi, aku matur kaliyan Prabu Narapati yen aku dereng merjaya bocahe kuwi.. panjenengane muntab lan ngejak aku kudu ndang merjaya bocah kuwi. Nalika lakuku tekan Desa Pakis, ana enom-enoman brandhal nunggang jaran ora sengaja nyabet raiku nganggo pecut. .. Weruh lelakon kuwi Prabu Narapati medhun seka kereta, ngadang nom-noman kuwi. Ning emane, nom-noman kuwi malah nesu lan ngrangsang Prabu. Saktemah kekarone padha pasulyan adu atosing balung wuleting kulit! Lan jebul sing merjaya Prabu Narapati kuwi putrane sing durung mati, Ingkang Sinuwun Prabangkara!

Scene 5 : Kasunyatan
Ratu Sasi Prabangkara Sindumurti Pangon Prabasari Prabaresmi RATU SASI Sinuwun arep tindak ngendi? PRABANGKARA Atiku wis ora sranta! Pitenah kuwi wis nyebar tekan ngendi-ngendi! Yen aku sing merjaya Prabu Narapati merga kepengin nggarwa sliramu lan melik kamukten Nusarukmi! RATU SASI Pandakwa kuwi ora bener Kangmas! Menurut bisikin gaib, Kangmas Prabu Narapati bakal disedani putrane dhewe! Biyen, nalika putraku lahir, bisiking gaib iku ngendika yen mbesuk jabang bayi iku dewasa, bakal menjaya ramane lan ngepek bojo ibune.... PRABANGKARA Semana uga bisiking gaib kang nelakake yen aku bakal merjaya bapakku lan ngepek bojo ibuku! Krungu pangandhikan kuwi atiku dadi ora jenjem. Aku lunga ngulandara nganti tekan Desa Pakis. Ning kana aku pancakara karo saweneh priya jalaran dheweke mbelani ibune sing tak sabet raine nganggo pecut. Wusana... Priya kuwi tak pateni! Oh.... Kena apa lelakon kuwi tansah nlikung uripku? Kena apa pasuryane priya sing ndak perjaya iku ora bisa ilang saka angen-angenku!? SINDUMURTI Kasunyatane pancen ngono! PRABANGKARA Sindumurti!! Arep ngapa meneh kowe tekan kene, he!? SINDUMURTI Nuwun sewu! Wis tekan mangsakalane pedhut Bumiloka sumilak padhang! Wis tekan titi wancine wewadi iki kawedhar awit binukane lelakon! Pangon. Matura!

PANGON Sendika. RATU SASI Aku ora pangling. Kowe abdi kinasihe Kangmas Prabu Narapati! PANGON Leres kanjeng ratu. Aku sowan merga kepengin mbabar sejatining lelakon! Nalika Ingkang Sinuwun Narapati dhawuh aku mateni putrane, aku ora tegel. Bayi kuwi tak gawa lunga lan tak caoske Kanjeng Ratu Hapsari. Dening Kanjeng Ratu Hapsari, bocah kuwi diwenehi jeneng Prabangkara! PRABANGKARA Pangon! Kowe aja ngayawara! Diwenehi duwit pira dening Sindumurti dene kowe bisa matur kaya ngono? PANGON Nuwun sewu. Aku matur apa anane! Yen panjengengan ora percaya, mangga, tak aturi mriksani barang iki. PRABANGKARA Aku kenal gelang kuwi. Kuwi gelangku sing ilang nalika aku ing Desa Pakis... RATU SASI Oh... Gelang kuwi kagunganku sing tak anggokake putraku nalika semana? Nek ngono... Sinuwun... Kowe, kowe putraku? Kowe Putraku dhewe? Ning kowe, kowe uga garwaku!? Aku luput marang dosa iki! Iki ora bener to Prabangkara.. ora bener, ta? *Bunuh diri nganggem kerise Prabangkara* PRABANGKARA Dhimas! Aku sing luput! Sing bener Maharesi Raraspada! Senajan aku duwe mripat, nanging atiku wuta! Wuta marang bebener lan kasunyatan! Mripat sing mesthine nuntun ing laku becik, wis ketutupan ing pepeteng! Ketlikung tumindak nasar! Wong kaya aku iki... Ora pantes nduwe mripat

SINDUMURTI & PANGON Sinuwun?!!

You might also like