You are on page 1of 3

PARAMASASTRA

; jenisTemB|= ;
JENISING TEMBUNG
Jenis tembung iku ana 10, miturut Arisoteles yaiku :
1.

Tembung Aran (Nomina); yaiku tembung kang kanggo ngarani saweneh barang, utawa
apa-apa kang dianggep barang.
Tembung Aran iku ana loro Tembung Aran Maujud kaya ta uwong, wit-witan, barang kang
kasat mripat. Umpamane meja, kursi, langit, godhong, lsp.
Tembung Aran Tan Maujud yaiku samubarang kang kena diarani nanging ora bisa disawang
lan didumuk kanthi lair. Tuladhane : jin, neraka, kabagyan, kasedhihan, pepenginan, lsp.

2.

Tembung Kriya (Verba); yaiku tembung-tembung kang mratelakake panindak lan


pakaryan. Ana Tembung Kriya Lingga, yaiku tembung kriya kang wujude tembung lingga,
kayata tangi, adus, budhal, golek lsp. Ana maneh Tembung Kriya Tanduk yaiku tembung
kriya kang asale saka tembung lingga oleh ater-ater anuswara (m-, n-, ny-, ng-) tuladhane
mbalang, nunggoni, nyemplungake, nggolek, lsp.
Tembung Kriya Tanggap yaiku tembung kriya kang asale saka tembung lingga olehaterater Tripurusa (dak- ko-, di-), ater-ater ka- lan uga seselan in-. Tuladhane : dakgawa,
kokjupuki, disilihake, katimbalan, jinupuk, lsp.

3.

Tembung Sifat/Kahanan (Adjectiva); yaiku tembung-tembung kang mratelakake kahanan


lan sesipatan. Tuladhane : adhem, garing, adoh, nakal, ayu, sabar, ijo, mateng, lsp.
4. Tembung Ancer-ancer (Preposisi) ; yaiku tembung kang kanggo ngancer-anceri tembung
liyane. Tembung Ancer-ancer iki tansah gegandhengan karo tembung sing diancer-anceri.
Tuladha : ing, saka, menyang, dhek, tekan, kanthi, sarwa, marang, karo, dening, lsp.
5. Tembung Wilangan (Numeria) ; yaiku tembung kang mratelakake etungan, ukuran,
angka, cacah lan wilangan. Tembung Wilangan iku werna-werna;
Tembung Wilangan Wutuh. Tuladhane : siji, loro, telung puluh, rong ewu, lsp.
Tembung Wilangan Gumathok. Tuladhane sejinah, salusin, seminggu, sawindu, rong kilo,
petang dhus, sacengkeh, petang gegem, lsp.
Tembung Wilangan Pecahan. Tuladhane seprapat, setengah, rong protelon, saproliman, lsp.
Tembung Wilangan Undha Usuk. Tuladha kapisan, kapindho, katelu, kasanga, lsp.
Tembung Wilangan Ora Gumathok. Tuladhane akeh, sethithik, saumbruk, pirang-pirang,
sathekruk, lsp.
6.

Tembung Panyilah (Artikula) ; yaiku tembung kang gunane kanggo nyilahake pangkat
lan sebutan. Lumrahe tembung panyilah manggon ing sangarepe tembung aran sing
disilahake. Tuladha : si, sang, hyang, dhang hyang, ingkang, para, nimas, Bagus, Raden, lsp.

7.

Tembung Panggandheng
Yaiku tembung kang gunane kanggo nggandheng tembung utawa nggandheng ukara.
Tembung Panggandheng iku werna-werna, wujude yaiku :

a)

Gandheng sajajar

: lan, karo, sarta, uga, kambi, tur, apadene, tuwin, saha, lsp

b)
c)
d)
e)
f)
g)

Gandheng kosok balen


: nanging, dene, ewadene, kosok baline, mung bae, senajan,
lsp
Gandheng sebab
: sebab, awit, amarga, jalaran, krana, wong, jer, lsp
Gandheng janji, syarat : waton, pokok, yen, samangsa, menawa, waton, lamun, lsp.
Gandheng wektu
: banjur, terus, sawise, sadurunge, bubar, biyene, nalika, nganti, lsp
Gandheng akibat
: mulane, akibate, dadine, lsp.
Gandheng tujuwan
: supaya, amrih, ben, kareben, amrih, pamrihe, lsp.

8.

Tembung Sesulih (kata ganti)


Yaiku tembung kang gunane kanggo ngganteni, nyulihi tembung liyane kang awujud uwong,
barang, utawa apa-apa kang dianggep barang.

a) tembung sesulih purusa : kanggo ngganteni uwong umpamane :


-utama purusa : aku, kula, kawula, adalem, ingsun, ingong, lsp
-madyama purusa : kowe, ndika, rika, sampeyan, Panjenengan, lsp
-pratama purusa : dheweke,dhekne, piyambake,panjenenganipun, lsp

b) sesulih panuduh
tuladhane : iki, iku, kae, ika, mrene, mrono, kene, kana, lsp
c) sesulih pandarbe
tuladhane : -ku, -mu, -e/-ne
d) sesulih pitakon
tuladha :: apa, sapa, geneya, la apa, kepriye, yaapa, kapan, ing endi, pira,
e) sesulih wektu/wayah
tuladha : mau, wau, mengko, mbesuk, sapunika, nalika, lsp
f) sesulih sadhengah : sapa-sapa, sapa bae, apa-apa, sing sapa, pira-pira, lsp
9. Tembung Panguwuh (kata seru)
Tembung panguwuh iku tembung kanggo nelakake rasa bungah, sedhih, wedi, nggumun,
kaget, lsp,
Tuladhane yaiku : biyuh, wadhuh, ee, lha dalah, hah, he, hem, hus, lho, nah, sst, wo, elo,
Woalah, huh, prung, brug, byur, pis, jret, ngung, bles clup, lsp

10. Tembung Katrangan (kata keterangan)


Yaiku tembung kang nerangake tembung liyane, kaya ta tembung kriya, tembung kahanan,
tembung wilangan.

Tuladhane yaiku : arep, uwis, durung, mesthi, rada, banget, paling, maneh, tansah, kaya,
padha, dudu, wae, lagi, gelem, sida, bae, meh, saben, nganti, lsp.

You might also like