You are on page 1of 2

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

َ ‫علَى‬
‫سيِّ ِّدنَا‬ َ ‫سالَم‬َّ ‫صالَة َوال‬ َّ ‫ َوال‬،ً‫ع َمال‬ َ ‫سن‬ َ ‫ت َو ْال َحيَاة َ ِّليَبْل َوك ْم اَيُّك ْم ا َ ْح‬
َ ‫ا َ ْل َح ْمد للِّ الَّذِّى َخلَقَ ْال َم ْو‬
‫ أ َ َّما بَ ْعد‬.ً‫سالَ ًما َج ِّز ْيال‬
َ ‫صالَة ً َو‬َ ‫ص َحا ِّب ِّه‬ ْ َ ‫علَى آ ِّل ِّه َوأ‬ َ ‫ َو‬،ً‫ع َمال‬ َ ‫ق‬ ِّ ‫ض ِّل ْالخ َْل‬
َ ‫م َح َّمد أ َ ْف‬
‫الر ِّج ِّيم‬
َّ ‫ان‬
ِّ ‫ط‬ َ ‫ش ْي‬ ِّ َّ ِّ‫أَعوذ ب‬
َّ ‫اّلل ِّمنَ ال‬
ِّ ‫ّلل َو ِّإنَّا ِّإلَ ْي ِّه َر‬
َ‫اجعون‬ ِّ َّ ِّ ‫صي َبة قَالوا ِّإنَّا‬ ِّ ‫صا َبتْه ْم م‬ َ َ ‫الَّذِّينَ ِّإ َذا أ‬
َ‫ت ث َّم ِّإلَ ۡينَا ت ۡر َجعون‬ ۖ ِّ ‫ك ُّل ن َۡفس َذآ ِٕٮقَة ۡٱل َم ۡو‬
Ing ngersanipun poro ‘alim, para ulama’ ingkang kawulo cadong fatwa lan nasihatipun
ingkang kawulo mulyaaken. Bapak-bapak, ibu-ibu, muaziyin-muaziyat rohimakumullah.
Sepindah, monggo sareng-sareng kito athuraken puji syukur ing ngerso dalem Allah
SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten keni’matan dateng kitho, terutami nikmat iman
saha nikmat Islam saha nikmat kuwarasan, sehinggo kito saged pinanggih wonten mriki
kawontean sehat wal afiyat tanpo alangan setunggal punopo.
Shalawat lan salam, mugi tetep ing ngatase junjungan kitho nabi Muhammad sallahi alaihi
wa salam, mugi kitho saged pikantuk syafaatipun wiwit ndunyo ugi wonten ing akhirat
mangke. Amin.
Kaping kalihipun, kawulo matur dumateng panjenengan sedoyo, kirang sopan lan
kirang prasojo anggen kawulo matur, kawulo nyuwun agunging pangaksami, ugi mathur
nuwun atas rawuhipun.
Mu’aziyin mu’azziyat rahimakummullah, sakmeniko bpk somadi bin marjan sampun sedo,
piyambakipun sampun mboten saged matur punopo-punopo, pramilo sepindah: mbok
menawi naliko gesangipun anggen sesrawungan dhateng panjenengan sedaya wonten utawi
gadhah kalepatan dhateng panjenengan, kawulo suwunaken ma’af dhateng panjenengan ing
dinthen meniko. !?Kintenipun nopo panjenengan kerso paring ma’af bapak-ibu-sedrek
sedoyo? (Jawab kerso)
Al-fatihah....
matur nuwun, berarti almarhumah ( bpk somadi bin marjan ) insyaAllah sampun mboten
gadhah kalepatan dhateng panjenengan sedoyo. Mugi Allah Swt paring pangapunten, lan
nampi amal saenipun. Amin Allahumma amin.
Kaping tiganipun, naliko almarhum (pak somadi bin marjan) kagungan utang sepinten
kathahipun dhateng panjenengan sinten kemawon, (Sinten ingkang tanggung jawab saking
keluarga almarhum?) (Kulo!) meniko sampun wonten ingkang tanggung jawab badhe nyauri
utangipun. Pramilo sinten ingkang rumaos ngutangi, saged ngubungi keluarga almarhum.
Kosok wangsulipun, menawi sinten kemawon kagungan utang dhateng almarhum, saged
dipun wangsulaken/sauraken dhateng keluarga almarhum.
Sa’derengipun jenazah dipun berangkataken, ten mriki perlu kulo saksekaken dateng
panjenengan sedoyo, bilih jenazahipun bpk miskam bin seneman puniko termasuk tiyang
ingkang sahe nopo sahe ? 3x. Alhamdulillah. Al-fatihah.....
Mu’aziyyin mu’aziyyat rohimakumullah, sakmeniko kewajiban kitho sebagai umat Islam,
kantun memakamkan.
‫‪Sakderengipun monggo kitho sareng-sareng sangoni nganti waosan doa:‬‬

‫على هذه النية خصوصا ‪ . . . . . .‬بن‪/‬بنت ‪ . . . . .‬الفاتحة ‪.. . . . . .‬‬

‫سلَّ ْم‬
‫صلَّى هللاُ َعلَ ْي ِه َو َ‬
‫ق ُم َح َّمد َو َعلَى ا َ ِل ُم َح َّمد َ‬ ‫اَللَّ ُه َّم ِب َح ِ‬
‫ت‬‫ََلتُعَذبْ َهذَا ال َم ِي ْ‬

‫والسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‪،‬‬

‫بسم هللا على ملة رسول هللا صلى هللا عليه والسالم‪ .‬صلوا على النبي محمد‪( .‬اللهم صل عليه)‬

You might also like