You are on page 1of 6

A.

Mahami Struktur lan Kaidah Panatacara

Panatacara yaiku pawongan kang kadhapuk ngendhaleni utawa mranata lakune


tata cara pahargyan, pawiwahan utawa patemon. Panatacara dibutuhake banget kanthi
pangajab supaya lumakune tatacara bisa rancag ora tumpang suh.

Dene sing kudu ditindakake dening panatacara sepisanan sadurunge lumakune


pahargyan, pawiwahan utawa patemon yaiku mbuka utawa miwiti tatacara kanthi
urut-urutan kaya mangkene:

1. Salam pambuka, yaiku salam kang digunakake ing wiiwtan sesorah. Tuladhane
assalamu’alaikum, kula nuwun, lsp.

2. Pamuji lan pambagya yuwana, yaiku ngonjukake syukur marang Gusti Kang
Maha Agung sing wis maringi keslametan.

3. Wigatine pahargyan, yaiku isi wos surasane pahargyan.

4. Bakune tatacara utawa lakune tatacara, yaiku urut-urutane tatacara.

5. Pangarep-arep, yaiku pangarep-arep pranatacara murih rancage tatacara.

6. Salam panutupp, yaiku salam kang digunakake kanggo nutup sesorah.

B. Mangerteni Basa Rinengga Sajroning Teks Panatacara

Basa rinengga kuwi wujud wedharing gagasan lisan utawa tulisan kang
karengga-rengga, ditulis amrih katon endah. Jinise basa rinengga iku akeh ing
antarane yakuwi pepindhan lan panyandra.

a) Pepindhan

Pepindhan yaiku ukara kanggo ngumpamakake utawa mindhakake apa wae kang
tegese emper-emperan. Dene tembung kang kerep diienggo ing pepindhan yaiku:
kaya, kadi, kadya, lir, pendah, pindha, sasat, prasasat, lan dasanamane tembung iku
mau. Pepindhan iku kaperang ana telu:

1. Pepindhan Padinan
 Kaya janget kinatelon → rukun banget

 Tepunge kaya banyu karo lenga → ora tau rukun

2. Pepindhan ing Bebasan-paribasan

 Kaya klinthing disampar kucing → juweh banget

 Kaya kethek kena tulup → lingak-linguk

3. Pepindhan ing Pedhalangan

 Untabing wadyabala kadya samodra kinebur.

 Sumbare kaya mutung wesi gligen.

 Dasar satriya bagus tur rinengga ing busana sasat hyang asmara kang
ngejawantah.

b) Panyandra

Panyandra yaiku tetembungan ukara kang wis gumathok, kanggo nyandra


kahanane alam, satriya, peranganipun awak, solah bawa, mangsa, wong nginum
utawa ngombe, wong nesu. Panyandra uga bisa ditegesi nggambar kahanan
sarana migunakake pepindhan.

1. Candrane perangane awak

 Alise nanggal sepisan.

 Bangkekane nawon kemit.

 Drijine mucuk eri.

 Gulune ngolan-olan.

 Idepe tumengeng tawang.

 Kempole nyikil walang.

 Lengene nggendhewa pinenthang.

 Mripate ndamar kanginan.


 Pipine nduren sajuring.

 Rambute ngembang bakung.

2. Candrane solah bawa

 Lakune kaya macan luwe.

 Lembehane merak kasimpir.

 Polatane ruruh jatmika.

 Solahe merak ati

3. Candrane satriya

 Sekti mandraguna

 Otot kawat

 Balung wesi

 Kulit tembaga

 Sungsum gegala

 Driji gunting

4. Candrane wong kang lagi nesu

 Lir sinebit talingane

 Jaja bang mawinga-winga

 Kumedhut padoning lathi

 Netra andhik angatirah

C. Maca Teknik Teks Pranatacara

Nalika nindakake pakaryane, panatacara becike nggatekake apa kang diarani


4W yaiku, wicara, wirama, wirasa, wiraga kang surasane kaya ing ngisor iki.
1. Wicara, swara kang dadi sarana babaring basa kudu kaudi amrih ulem, kang
satemah bisa mranani kepenak dirungokake. Kajaba iku kang perlu
digatekake yaiku:

a. Kedale lisan kudu cetha, upamane bisa mbedakake vokal (a lan o),
konsonan (t lan th, d lan dh). Kanggo nggladhi bisa kanthi mbedakake
tembung:

 Loro-lara

 Tutuk-thuthuk

 Kadang-kadhang

 Wedi-wedhi, lsp.

b. Ucapan kudu nggatekake swaraning aksara swara, luwih-luwih


beda-beda mingsad-mingseding tembung lingga lan tembung andhahan.
Tuladhane kaya ing ngisor iki.

 Rasa-rasane

 Manis-manise

 Wangun-wangune

 Bedhek-bedhekan

 Momong-momongan

2. Wirama, ateges irama. Panatacara dituntut bisa ngendhaleni lan ngatur irama
swarane. Lire nalika micara kudu nggatekake seru lihir, dhuwur endhek sarta
riindhik rikate swara. Kabeh kaudi murih tlesih, trep, mungguh mapan
jumbuh karo surasaning ukara kangg diandharake.

3. Wirasa, iku padha dene penghayatan. Awit saka iku panatacara kudu bisa
nyurasa saben ukara kang diucapake, ora mung adhedhasar apalan. Kanthi
mangkono guneme bisa lancar lan luwih bisa dirasakake (alami).

4. Wiraga, kauudi olahraga lan solah bawa supaya bisa tansah nengsemake. Ing
antarane kanthi nggatekake bab-bab iing ngisor iki.
a. Ngadeg jejeg ora kendho, ora dhoyong, let ing antarane sikil ora
kerapeten utawa mbegagah kekamban;

b. Siaga lumrah ora kaku, ora rongeh, tatag ora gemeter;

c. Tangan ngapurancang;

d. Ngadi sarira lan ngadi busana, lire dandan sing becik lan nganggo
busana kang trep lan pantes.

e. Ndeleng kang diajak guneman, ora ndhingkluk utawa kosok baline


tansah tumenga.

D. Bab Pranatacara

a) Kuwajibane Panatacara

1. Mbiwarakake tumapaking tatacara ana sajroning pasamuwan utawa


pahargyan.

2. Gawe swasana pasamuwan utawa pahargyan dadi kepenak diestreni para


tamu lan para sing nyekseni.

3. Mad-sinamad utawa makarya bebarengan karo pamong liyane, kayata


sesepuh pamong pahargyan, juru paes, pangrantunan.

4. Nganggo basa siing pirasaja, laras nanging uga bener.

5. Bisa ajur-ajer lan njumbuhake ing swasana lan papan gelaring


pasamuwan utawa pahargyan.

6. Nengenake tata krama lan tata susila.

7. Murba gendhing sing laras karo lakune tata cara sajroning pasamuwan
utawa pahargyan.

b) Sing kudu disingkiri dening Panatacara

1. Ngandharake maneh apa sing wis diandharake dening pamicara liya


sajroning pasamuwan utawa pahargyan.

2. Ngalembana sing kaladuk, ora jumbuh karo kahanan sabenere.


3. Micara kalantur, ngandhar-andhar satemah njuwarehi.

4. Nyacat marang kahanane liyan ana sajroning pasamuwan utawa


pahargyan.

5. Nyahak marang ayahane liyan ana sajroning pasamuwan utawa


pahargyan.

6. Ninggal tata krama lan kasusilan.

c) Basane Panatacara

Panatacara nalika nindakake ayahan ana sajroning pasamuwan utawa


papan pahargyan, kaangkah migunakake basa Jawa sing prasaja, laras, lan
leres. Dene katrangane kaya ing ngisor iki.

1. Basa sing prasaja iku basa Jawa sing lumrah ora rucah, yaiku basa Jawa
sing gampang dimangerteni surasane tumrap sapa wae sing ana sajroning
pasamuwan utawa papan pahargyan.

2. Basa sing laras yaiku basa Jawa sing jumbuh karo swasanane, basa Jawa
sing empan papan, ing swasana suka, prihatin, gembira. Basa lan
lelewane basa kudu beda.

3. Basa sing leres yaiku basa Jawa sing cocok utawa uurut miturut
paugeraning paramasastra basa Jawa.

You might also like