You are on page 1of 5

12/26/2017 MARATUWA | alangalangkumitir

MARATUWA

MAS KUMITIR ♦ JANUARY 1, 2010 ♦ 8 COMMENTS

i
1 Vote

ISIH CILIK DIENIK-ENIK YEN WIS GEDE SEJE KANG DUWE


MARATUWA, MARA-MARA KETEMU WIS TUWA

Tumrap sedulur-dulurku kang wis pada jejodohan, iku sabisa-bisa rengkuh-


rinengkuh, mong kinemong, aja pisan-pisan nyepirakake marang Maratuwa,
iku akunen kaya dene wong atuwane dewe, mangertiya yen jodonira iku
biyen isih cilik dienik-enik, digadang-gadang ing tembe bisoa dadi wong
kang mulya.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/01/01/maratuwa/ 1/5
12/26/2017 MARATUWA | alangalangkumitir

Mula iku yen dianggep kaya dene barang iku wis ora sumbut karo kulake,
marga yen diitung anggone ngrumat lan ndandani iku wis ora bati-batiya,
sarat-sarate ora diitung, mangka wis pirang-pirang sasi kongsi tumekane
saiki wis pirang-pirang tau banjur yen diitung wis pira duwite ? Mula iku yen
ngaturi kabunggahan aja eman-eman lan aja owel samangsa sira ora pada
eman lan trisna, ing mbesuk sira bakal kewales ora ditrisnani ing mantunira.
Marga apa kang tinandur iku tukul, sak rungge dadi sepikul.

Susahe wong tuwa iku yen duwe mantu ora eman lan trisna ing bojo lan
wong tuwa, sapa kang lali ing wong tuwa, iku bakal sangsara, marga ora
ngrumangsani yen gede iku ana kang ngrumat lan ngemong.

Sapa kang lali marang kabecikan bakal kapitunan tumrap marang bangsa
Cina aja dianggep kapir iku kena den conto ngabektine tumrap marang
wong atuwane, yen wong tuwane wis seda gambare utawa potrete isih
tetep disoja-soja, disembah-sembah lan uga akeh-akehe bangsa Cina isih
nganggo agamane dewe, Budha Sam Kouw, mula isih pada tumindak jujur
temen ajen-ingajenan iku wis samestine marang bangsa apa bae iku
anggepen sadulur, yen deweke basa ya dibasani yen ngoko, kita ya ngoko,
malah bisa keduga kaya kanca, luwih becik nganggo bahasa Indonesia.
Bangsa Cina pada trisna ing wong tuna lan bangsa agamane, mula pada
mulya. Mula iku ngabektiya wong tuwa, lan agama kang utama supaya bisa
mulya, sapa kang tinggal agama iku bisa lali bangsa.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang
Adhi).

Alang Alang Kumitir

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/01/01/maratuwa/ 2/5
12/26/2017 MARATUWA | alangalangkumitir
Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: BUKU WE YOGA DHI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

8 Comments

1. Pak'e Lintang
DECEMBER 17, 2010 – 3:34 PM
matur nuwun mas kumitir…leres sakmeniko.

2. Ronggo Jalu
MARCH 20, 2010 – 7:43 PM
wAH………! FOTONE MAS ALANG KUMITIR

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/01/01/maratuwa/ 3/5
12/26/2017 MARATUWA | alangalangkumitir

3. Klopotelu
MARCH 20, 2010 – 7:17 AM
cilik dieman-eman yen dijaluk uwong ora oleh,ning yen wis gedhe kok ora ono sing njaluk banjur
podho bingung,aneeh yoo……

4. Sri Suharyoko
FEBRUARY 4, 2010 – 2:15 PM
matur suwun

5. Sukisno Boiler
JANUARY 16, 2010 – 4:08 AM
Kulo mathuk, mas alkum. Cocok kalih dawuhe kanjeng Nabi. Swarga iku manggon ono
dlamakane mbokmu. Yen siro pingin urip mulyo ya mulyakno wong tuwamu ing mbesuk siro
bakal dimulyakke karo anakmu.

6. Wardhana
JANUARY 11, 2010 – 5:44 AM
kanggo kang alang-alang kumitir, yen koyo aku kepriye kang? aku kawin ora direstui karo
morotuo. sampek saiki aku ora dianggep mantu, padahal aku wes njaluk sepuro lan tiap duwe
koyo eleng terus arep menehi nanging gak tau di tompo. terus sopo seng doso..

7. Amanto
JANUARY 10, 2010 – 1:55 PM
lah nggih generasi mudo Indonesia podo lali marang wong tuo terutama karo hasil karya
budayane, mulane podo kabendu

8. Agus
JANUARY 7, 2010 – 1:20 PM
kang alang alang kumintir ,kulo bade tanglet nopo sing diarani kidung geni ratuprameswari
niku?





















https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/01/01/maratuwa/ 4/5
12/26/2017 MARATUWA | alangalangkumitir






























https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/01/01/maratuwa/ 5/5

You might also like