You are on page 1of 5

12/26/2017 MISTIK KEJAWEN | alangalangkumitir

MISTIK KEJAWEN

MAS KUMITIR ♦ NOVEMBER 9, 2008 ♦ 24 COMMENTS

i
7 Votes

Wiwit jaman kawuri bebrayan Jawa diwernani mistik

Wong Jawa kang ateges manungsa kang lair utawa urip ing tanah Jawa lan kenthel diwernani
kabudayan Jawa tansah nyoba ngudi larase utawa harmoni antarane jagad gedhe (makrokosmos) lan
jagad cilik (mikrokosmos).

Kanggo nggayuh iku, wong Jawa duwe srana laku kebatinan utawa ritual mistik kejawen kanggo
nemokakake rasa sejati ing sajroning pangumbarane sukma. Laku kebatinan utawa ritual mistik
kejawen iku tumrap saperangan warga bebrayan isih nuwuhake pradondi.

Ana saperangan warga bebrayan kang ngarani yen laku kebatian utawa ritual mistik kejawen iku ora
salaras kalawan majune jaman saiki, ora laras kalawan logika, lan akeh kang mbiji laku mistik
kejawen iku ora salaras kalawan ajaran agama.

Kayadene terminologi dhasar ing laku mistik kejawen kang sinebut keblat papat lima pancer lan
manunggaling kawula gusti wiwit jaman kawuri wis nuwuhake pamawas kang beda-beda.
Lumantar buku Mistik Kejawen, Sinkretisme, Simbolisme dan Sufisme dalam Budaya Spiritual Jawa,
weton Narasi, Yogyakarta, Suwardi Endraswara njlentrehake bedane panemu lan pitakonan kang
gegayutan kalawan ritual mistik kejawen.

Ing buku kang wis kacithak kaping papat wiwit babaran sepisanan ing taun 2003, panganggit,
Suwardi Endraswara, uga njlentrehake piwulang-piwulang filsafati lan wejangan mistik saka para
tokoh kang wis dadi legenda. Antarane yaiku Syeh Siti Jenar, Ki Ageng Soerjamentaraman, Syeh
Amongraga lan Sunan Kalijaga.

Ing wiwitan buku, dijlentrehake asal usule kejawen. Miturut andharan ing buku iki asal usul kejawen
kawiwitan saka tokoh misteri aran Sri lan Sadono. Sri iku panjilmane Dewi Laksmi, sisihane Dewa
Wisnu lan Sadono iku panjilmane Wisnu dhewe.

Dewi Sri lan Wisnu iki, miturut andharan ing Tantu Panggelaran pancen tau diprentah mudhun ing
ngarcapada lan dadi leluhure manungsa ing tanah Jawa. Dewi Sri nitis marang Dewi Candrakirana
saka krajan Daha. Dene Sadono nitis dadi Raden Panji.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/09/mistik-kejawen/ 1/5
12/26/2017 MISTIK KEJAWEN | alangalangkumitir

Saka crita mula bukane manungsa Jawa adhedhasar crita ing Tantu Panggelaran iku wis nuduhake
yen wiwit jaman kawuri bebrayan kejawen pancen akeh ngugemi lan cedhak kalawan mistik. Laku
lan paugeran mistik wis ajur-ajer kalawan urip lan panguripane wong Jawa.

Mistik Sri lan Sadono iki ing tradhisi kejawen sabanjure ninggalake keyakinan lan tradhisi patung
cilik aran Lara Blonyo. Dene piwulang lan paugeran kuna kang dadi pathokan kang raket gandheng
cenenge kalawan mistik Sri-Sadono yaiku falsafah Ajisaka.

Ajisaka ateges cagak utawa saka guru kang nyangga lan ndadekake santosane jiwa manungsa, yaiku
religiusitas. Religiusitas Jawa ora liya mistik kejawen. Mistik kejawen mujudake saka guru urip lan
panguripane kejawen. Karana iku, kejawen tanpa mistik ateges ora sampurna kejawene. Kejawen lan
mistik wus nyawiji dadi wujude religi mistik kejawen.

Kejawen lelandhesan crita Sri-Sadono dianggep makili jaman nalika manungsa Jawa isih bodho.
Nalika Ajisaka tumeka ing tanah Jawa, bebrayan Jawa ngancik dadi bebrayan kang duwe ngelmu. Ya
Ajisaka iki kang sabanjure dadi saka guru ngelmune wong Jawa. Ajisaka didunungake minangka
tokoh kang mulangake kejawen ndeles utawa asli.

Bebrayan kejawen kang maneka rupa lan warna, ngasilake maneka warna golongan lan tradhisi ing
panguripane wong Jawa. Malah ing sanjerone akeh paguyuban-paguyuban kang tansah ngrembug
alam uripe. Paguyuban-paguyuban iku luwih asipat mistis lan adhedhasar konsep rukun. Pawitan
dhasare komunitas iki mung arupa tekad lan niat kang padha kanggo nguri-uri tradhisi leluhur.
Saben tlatah kejawen uga duwe paugaren mligi. Saben tlatah duwe kosmogoni lan mitos dhewe.
Mitos-mitos ing saben tlatah kejawen iku ana kang didadekake keblating urip, dipuja lan disuyuti
sarta didunungake ing papan kang mligi ing jagad uripe.

Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe. Wong Banyuwangi uga duwe legenda
gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji
ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta
isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud keyakinan mistike Panembahan Senapati.

Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun
temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur
minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini, Mahabarata,
Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti
saiki.

Tradhisi kejawen uga asipat lentur lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya.
Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing
paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli. Ana
candhake.

Akeh pepundhen Jawa kang sugih pengalaman mistik

Wong Tengger ing Jawa Timur duwe falsafah mistik dhewe.

Wong Banyuwangi uga duwe legenda gegayutan mula bukane kutha Banyuwangi. Bebrayan
Ponorogo duwe sesanti mistik, yaiku aja ngaji ing pondhok, ngajia ing Ponorogo. Samono uga ing
tlatah Yogyakarta. Nganti saiki wong Yogyakarta isih percaya yen Kangjeng Ratu Kidul iku wujud
keyakinan mistike Panembahan Senapati.

Nalika nglakoni tradhisi kejawen, wong Jawa tansah ngugemi budaya leluhur kang asipat turun
temurun. Karana iku kanthi sadhar apa ora, wong Jawa tansah mumpangatake karya sastra leluhur
minangka pondasi uripe. Karya sastra iku kayadene Babad Tanah Jawa, Serat Centhini, Mahabarata,
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/09/mistik-kejawen/ 2/5
12/26/2017 MISTIK KEJAWEN | alangalangkumitir

Serat Wedhatama lan liyane kang tansah mernani maneka rupa tradhisi kejawen kang urip nganti
saiki.

Tradhisi kejawen uga asipat luwes lan akomodatif, saengga bisa nampa keyakinan asumber liya.
Kejawen bisa nampa ajaran agama Hindu, Budha, Islam, Kristen kang diracik kanthi mentes ing
paugerane wong-wong abangan. Abangan mujudake perangan religiusitas Jawa kang asli.

Sarujuk apa ora, Syekh Siti Jenar wis mernani jagad mistik kejawen. Mistik kang diwulangake dening
Syekh Siti Jenar pancen nuwuhake pradondi nganti tumeka saiki. Apamaneh nalika dheweke
ngrembug babagan Gusti Kang Maha Kuwasa lan babagan pati.

Ana saperangan bebrayan nganggep piwulang mistik saka Syeh Siti Jenar kalebu kaku, mistike akeh
sing landhep dudu sing alus. Ana uga bebrayan kang ngecap yen dheweke iku nganut ajaran kang
ora bener, nerak paugeran agama Islam kang disebarake para Walisanga.

Tokoh mistik kejawen Ki Ageng Soerjamentaraman kalebu paraga mistik kejawen kang prasaja.
Pengalaman uripe kebak mistik. Uripe kang prasaja sejatine uga perangane mistik. Kekaremane
ngumbara, nyepi lan nekani papan-papan kang wingit uga mujudake laku mistik kang asipat
implementatif.

Ki Ageng Soerjamentaraman asale saka njeron beteng (wewengkon Karaton), yaiku putrane Sri
Sultan Hamengkubuwono VII lan BRA Retnomandojo. Pengalaman mistike kabelu ngedab-edabi.
Uripe kebak laku lan prihatin. Karana iku ing sawijining wektu dheweke mbatin,”Seprana-seprene
aku kok durung tau kepethuk wong”.

Dene tokoh mistik Syeh Amongraga kang ora liya putrane Sunan Giri, ing uripe akeh nyinau agama
Islam kang kebak tasawuf. Amongraga sinau agama Islam ing pesantren Karang Banten, gurune
Syeh Ibrahim bin Abu Bakar. Kridhane ngudi ngelmu tasawuf iku kang ndadekake dheweke antuk
ngelmu kejawen, yaiku campuran antarane Islam lan Jawa, kondhang sinebut ngelmu tuwa.

Saka Walisanga, Sunan Kalijaga mujudake wali kang dadi pepunden ing bebrayan Jawa. Nalika
nglakoni kuwajibane minangka wali, Sunan Kalijaga bisa migunakake cakrik dakwah cara estetik-
sufistik. Sunan Kalijaga kasil ngemonah mistik kejawen saengga katon alus.

Ing babagan ngibadah, Sunan Kalijaga ngripta jeneng panakawan ing wayang kulit purwa. Semar
saka tembung Arab simaar utawa ismarun, tegese paku kang ngadhut filosofi piranti kanggo
nancepake barang supaya kuwat, ora mingkuh lan kenceng. Nala Gareng saka tembung Arab nala
(nampa) kang ing Basa Jawa ateges ati lan khairan (tumindak kang apik).

Petruk saka tembung Arab fatruk (tinggalna), yaiku tinggalna samubarang kang ala utawa nahi
munkar. Lan Bagong saka tembung Arab baghoo, tegese nimbang antarane rasa lan pikir, antarane
sing ala lan sing apik, antarane sing bener lan sing kleru.

Saliyane ngandharake para paraga mistik kejawen kang menjila kayadene Syeh Siti Jenar, Ki Ageng
Soerjamentaraman, Syeh Amongraga lan Sunan Kalijaga, panganggit buku, Suwardi Endraswara,
uga njlentrehake maneka laku lan tata cara ing jagad mistik kejawen.

Semedi mujudake rodhane mistik. Ing semedi iki nglibetake rasa kang sejati. Ngelmu rasa sejati iki
bisa kagayuh kanti eneng, ening, enung lan nir ing budi utawa suwung. Laku iki kang sinebut
semedi, yaiku nyepi, mati raga, mesi raga saengga kuwawa nemokake Gusti Kang Maha Kuawasa
ing atine utawa rasa pangrasane.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/09/mistik-kejawen/ 3/5
12/26/2017 MISTIK KEJAWEN | alangalangkumitir

Laku tapa mujudake mesin mistik. Tapa kang dikarepake yaiku tata cara urip kang tansah diwernani
laku-laku spiritual kayadene tapabrata, tirakat, ngurang-ngurangi lan laku liyane. Laku tapa iki
dilakoni kanthi cara mutih, nglowong, ngepel, ngebleng lan sawenehing laku tapa liyane.

Tata cara ing mistik kejawen liyane yaiku ngraga sukma. Ngraga sukma ing mistik kejawen
mujudake laku kanggo nggayuh kasunyatan. Ngraga sukma utawa mati sajroning ngaurip uga
mujudake dalan lempeng tumuju Gusti Kang Maha Kuwasa. Karana iku ngraga sukma kagolong
pengalaman kang asipat subyektif.

Wusanane, mistik kejawen diakoni apa ora pancen dadi perangan uripe bebrayan Jawa. Laku mistik
apadene kapercayan mistik tuwuh, ngrembaka lan dileluri jumbuh kalawan uripe kabudayan ing
bebrayan Jawa. Pradondi kang tuwuh ora mahanani matine mistik kejawen.

Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: MISTIK KEJAWEN
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

24 Comments

1. Primbonku
JUNE 23, 2014 – 7:47 AM
salam sutrisna…. saya orang jawa yang seneng nguri” kabudayaan jawa… saya sangat tertarik
dengan blog mas kumitir ini… lanjut terus mas ditunggu karya lainnya

2. Ragil Kuning
APRIL 10, 2011 – 2:59 AM
tumut nimbrung,slm kenal kagem sederek sedaya. matur nuwun

3. Anjar
FEBRUARY 19, 2011 – 8:29 PM
mas kumitir,sejatinipun njeng Nabi Muhammad ugi angsal ilmu saking laku
nyepi(menyendiri].Sami kalian laku topo wonten tanah jawi.Kanjeng Nabi mangertos sinten
Gustinipun ugi saking lelaku nyepi.Matur nuwun.

4. Anjar
FEBRUARY 19, 2011 – 8:19 PM
matur nuwun kagem ingkang nyerat bab meniko. Kulo setuju menawi ngrogoh suksmo meniko
out of body.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/09/mistik-kejawen/ 4/5
12/26/2017 MISTIK KEJAWEN | alangalangkumitir



















































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/09/mistik-kejawen/ 5/5

You might also like