You are on page 1of 7

12/26/2017 MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL | alangalangkumitir

MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL

MAS KUMITIR ♦ NOVEMBER 14, 2008 ♦ 30 COMMENTS

i
3 Votes

Mitos Ratu Kidul dadi pancadan paprentahan ing karaton

Kacihna majune teknologi komunikasi lan informasi nuwuhake budaya anyar lan nggawe ”rusake”
kabudayan Jawa, ananging wong Jawa tetep ngugemi landhesan urip kang gegayutan kalawan anane
titah ora kasat mata.

Landhesan urip kang isih ngugemi anane titah ora kasat mata iki raket gandheng cenenge kalawan
kepriye sejatine wong Jawa urip ing donya. Lire, kapercayane wong Jawa ing babagan urip lang
panguripan ora bisa uwal saka perangan jagad cilik (mikrokosmos) lan jagad gedhe (makrokosmos),
keplase uga gegayutan kalawan alam kasat mata lan alam datan kasat mata. Salah sijine kapercayan
kang dikarepake yaiku wong Jawa, mligine kang urip ing tlatah Yogyakarta lan Solo, nganggep lan
yakin yen samodra kidul iku awujud karaton kang dikuwasani dening Kangjeng Ratu Kidul. Tumrap
wong Jawa kaprah, lire ora duwe pangerten jero babagan filosofi kebatinan Jawa lan uga adoh saka
karaton, Kangjeng Ratu Kidul dianggep sawijining titah badan alus kang wujude kayadene
manungsa lan nglenggahi dampar keprabon, nyekel pengauwasa ing segara kidul. Lan isih ana
panganggep liya kang wusanane mbabar dadi mitos Kangjeng Ratu Kidul.

Ing buku Mitologi Kanjeng Ratu Kidul, anggitane Y Argo Twikromo, weton Nidia Pustaka, 2006,
dijlentrehake filosofi-filosofi kang gegayutan kalawan mitos Kangjeng Ratu Kidul. Miturut andharan
ing buku iki, mitologi Kangjeng Ratu Kidul pranyata digunakake kanggo pancadan tumrap
panguwasa Karaton Kasultanan Ngayogyakarta (lan uga Karaton Surakarta-red) nalika nglakokake
paprentahan. Wong Jawa nganggep manawa donya iku isine ana kang asipat wadag, pisik, bisa
didulu mata lan donya kang asipat datan kasat mata, alus, ora bisa didulu mata wantah. Ananging
ing donyane wong Jawa, kalorone kang asipat kasat mata lan datan kasat mata iku nyawiji dadi siji.
Ing nyawijine ngalam kalorone iku kabeh sesambungan kang asipat antarane siji lan sijine padha-
padha mbutuhake lan dibutuhake. Wusanane kabeh nggawe alam dadi tumata. Sesambungane
manungsa ing alam kodrati (alam nyata, alam kasat mata) ora dibedakake kalawan titah ing alam
adikodrati (alam supranatural, alam datan kasat mata).

Yen dipindeng kanthi srana kaca mata antropologis, mitos Kangjeng Ratu Kidul bisa dianggep
minangka cultural universal kang disengkuyung dening sawetara laku budaya utawa cultural
activities, kayata labuhan, crita rakyat utawa crita Panembahan Senopati, kegiyatan sosial lan
kegiatan lelandhesan keyakinan agama lan maneka laku utawa ritual tradhisi liyane. Babagan iku
nuduhake lan aweh tuntunan yen yektine kepriye wong Jawa mindeng mitologi Kangjeng Ratu
Kidul ora bisa dipisahake saka laku ritual kang ndhasari utawa dadi panjurunge. Laku-laku kang
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/14/mitologi-kanjeng-ratu-kidul/ 1/7
12/26/2017 MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL | alangalangkumitir

lelandhesan keyakinan ajaran agama kang gegayutan kalawan Kangjeng Ratu Kidul, mujudake
gegambaran alam pikiran lan kapercayane wong Jawa. Adhedhasar apa kang diugemi wong Jawa,
mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang urip ing ngalam pikiran lan kapercayan Jawa, digunakake
kanggo sesambungan kalawan alam supranatural. Pangajabe supaya donya iki tetep harmonis,
imbang lan tansah kalinton kaslametan lan karahayon. Ing bebrayan Jawa, Kangjeng Ratu Kidul iku
ora mung asipat legenda. Tumrap kapercayane saperangan gedhe warga bebrayan Jawa, Kangjeng
Ratu Kidul iku ana tenan. Ananging karana anane alam supranatural tumrap wong Jawa ora bisa
dijlentrehake, kaprah sinebut suwung awang-awung, ndadekake anane laku-laku kang lelandhesan
keyakinan agama kang ancase ngurmati panguwasa alam supranatural, kayadene Kangjeng Ratu
Kidul. Ana candhake.

Keyakinan supranatural sarana ngupadi salarase donya saisine

Mitologi Kangjeng Ratu Kidul nuwuhake kapercayan tumrap wong Jawa yen ing segara utawa
samodra kidul ana panguwasa kang asipat supranatural, datan kasat mata.

Kapercayan iku bisa didulu saka laku-laku kang asipat lelandhesan keyakinan agama kang dilakoni
dening Karaton Ngayogyakarta (apadene Karaton Surakarta) kang ditujokake marang Kangjeng Ratu
Kidul. Kanthi laku ritual kang asipat lelandhesan keyakinan agama kang biyasane mapan ing
Parangkusuma iku, sacara mistis Karaton bisa mujudake imbang lan tentreme donya. Yektine,
tumrap Karaton Ngayogyakarta (lan Karaton Surakarta) ora bakal bisa netepi kuwajibane yen
durung bisa mujudake rasa tentrem ing batin tumrap kabeh rakyat. Rasa tentrem ing batin iku bisa
kawujud kanthi laku nyedhak marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Kanthi mangkono, maneka
rupa laku utawa ritual kang asipat lelandhesan keyakinan agama iku wusanane minangka srana
kanggo nggayuh katentreman lan keslametan praja sakrakyate. Ing telenging pikir wong Jawa, raja
utawa ratu duwe jejibahan ngayomi rakyate. Karana iku, raja ing Karaton Ngayogyakarta lan
Surakarta tansah ngugemi laku kang asipat nyedhak kalawan daya kekuwatan supranatural. Ing
bebrayan Jawa, raja iku nyangga godhan yang tanpa wates, mligine kang gegayutan kalawan
panguwasane. Sanggan godhan kang asipat tanpa wates iku uga ngandhut tanggung jawab tunggal
kang amba kanggo njaga murih donya tetep tumata.

Karana iku, raja kudu pinunjul. Lan tumrap wong Jawa, raja iku dianggep dadi siji-sijine paraga kang
bisa mbangun lan njaga sesambungan antarane alam kodrati (kasat mata) lan alam adikodrati (datan
kasat mata). Iki kang dadi pawadan ing budaya Jawa raja utawa ratu iku dianggep duwe panguwasa
kang tanpa wates lan panguwasane iku ora bisa diatur kanthi cara-cara kang kaprah ing ngalam
donya iki. Rakyat dhewe uga duwe pangarep-arep raja utawa ratu bisa ngrampungi sakabehing
rubeda kang tuwuh saka alam kanthi srana kekuwatan gaib kang diduweni. Upaya ngugemi
mitologi Kangjeng Ratu Kidul iki pranyata ora mung dilakoni dening raja utawa sentana dalem ing
Karaton. Para warga bebrayan ing tlatah Yogyakarta (lan Solo) uga duwe cara dhewe kanggo
ngugemi keyakinan babagan Kangjeng Ratu Kidul iki. Mitologi Kangjeng Ratu Kidul dadi sarana
kanggo tumindak lan nyawiji marang alam. Iku amarga saperangan gedhe warga bebrayan duwe
keyakinan religius kang padha, magepokan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul. Laku
lelandhesan keyakinan agama gegayutan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang dilakoni
warga bebrayan racake ora padha kalawan kang dilakoni pehak Karaton. Ananging kalorone bisa
lumaku bareng lan nyawiji kanggo mujudake katentreman ing donya.

Lan ing kabudayane wong Jawa (ing dhudhahan buku iki ateges tlatah Yogyakarta lan Solo-red)
Karaton menjila dadi punjere kosmis kang asipat keramat. Sacara mistis dununge Karaton duwe
gandheng ceneng rapet kalawan karaton-karaton asipat supranatural kang ana ing sakupenge.
Karaton-karaton asipat supranatural iku kayadene Karaton Segara Kidul, Karaton Merapi, Kayangan
nDlepih lan Karaton Lawu. Karaton-karaton iku mujudake lima karaton kang asipat keramat lan
tansah sesambungan antarane siji lan sijine. Kalimane bisa nyawiji lan mbangun tatanan donya kang
tumata. Sesambungan antarane karaton-karaton iku asipat kayadene kulawarga lan sakabat.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/14/mitologi-kanjeng-ratu-kidul/ 2/7
12/26/2017 MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL | alangalangkumitir

Wangunan kapercayan bebrayan Jawa kang bisa uga ditegesi agama Jawa, sejatine luwih ngeboti
babagan katentreman batin, jumbuhe ngalam kodrati lan adikodrati lan imbang antarane kabeh
isining ngalam. Pawadan iki, laku-laku ritual lelandhesan keyakinan agama kang dilakoni gegayutan
kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul digunakake kanggo ngupadi rasa tentrem, jumbuh lan
salarase kabeh isining ngalam lan imbange donya saisine.

Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

30 Comments

1. Gandung
FEBRUARY 8, 2011 – 2:26 AM
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/14/mitologi-kanjeng-ratu-kidul/ 3/7
12/26/2017 MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL | alangalangkumitir

saya sangat suka sekali web ini tidak bisa saya ungkapkan karena selama ini yang saya cari
ketemu semua, matur nuwun sanget.

2. ?
JANUARY 12, 2011 – 4:19 AM
Sakderenge nyuwun pangapunten mbok bilih wonten lepate anggenipun dalem nyerat wonten
papan mriki. . . . . jaman sakniki taksih kathah tiyang manungsa mboten ngugemi opo sing dadi
kekarepane para leluhur opo maneh nguri-uri napak tilas wong kina lan para “mbah-mbah
buyut” kanthi direwangi tetangis getih nganti tekane pati, Sak suwene jaman lan saksuwene dino
mlaku, jalma manungsa taksih katarungu mboten nemahi kahanan sing sak nyatane, podo
kepincut arane grombyanging uwang lan monang maninging pipi kuning lan kacopaking iwak,
pancen bener nek sak tenane padha ora nemahi merga kebungkus aran KAMURKANANING,
podo dene karo sing podo do dilakoni anggone ngibadah. . . . .ngerteni mung sakjabane nanging
ora tekane sak njerone,

Samangsa donya iki wis rengka bakal digegulang bali marang Sang Hyang Manon, opo sing dadi
ugeman / opo sing dadi panutan / opo sing dadi landesan / opo sing dadi junjungan ora bakal iso
nulungi samangsa mangsane wis kedaden, opo sing dijenengke PIDANA marang MANUNGSA,
Eling Marang Asale lan Eling Marang Gustine lan Eling Marang Bapa Biyunge lan Eling Marang
Sapadha-padha wis temtu bakal oleh / nemahi urip KABEGJAN.

“” DUH GUSTI ALLAH, APA SING DICRITAKKE ANA ING DUWUR KUWI KABEH MAU YO
BENER YO ORA, NENG PAPAN KENE AKU KI YO NGIBADAH DEDONGGA MARANG
GUSTI ALLAH, SAKSUWENE NYAWANG KABEH KEDADEAN IKU MAU DIWIWITI SAKA
MANUNGSA SING ORA KUAT ANGGONE NGLAKONI KAHANAN URIP, OPO SING
DITULIS IKI MAU KARO DEN BAGUS YO APIK, APIK KANGGONE MANUNGSA SING
GELEM NGERTENI, 1 OJO DILALEKKE >>> OJO KIBIR LAN RIYA….!!!! UKARA IKI SING
ANDEDEKAKE MANUNGSA PADHA SAK KEPENAK E DEWE “”

3. ?
JANUARY 12, 2011 – 4:17 AM
Sakderenge nyuwun pangapunten mbok bilih wonten lepate anggenipun dalem nyerat wonten
papan mriki. . . . . jaman sakniki taksih kathah tiyang manungsa mboten ngugemi opo sing dadi
kekarepane para leluhur opo maneh nguri-uri napak tilas wong kina lan para “mbah-mbah
buyut” kanthi direwangi tetangis getih nganti tekane pati, Sak suwene jaman lan saksuwene dino
mlaku, jalma manungsa taksih katarungu mboten nemahi kahanan sing sak nyatane, podo
kepincut arane grombyanging uwang lan monang maninging pipi kuning lan kacopaking iwak,
pancen bener nek sak tenane padha ora nemahi merga kebungkus aran KAMURKANANING,
podo dene karo sing podo do dilakoni anggone ngibadah. . . . .ngerteni mung sakjabane nanging
ora tekane sak njerone,

Samangsa donya iki wis rengka bakal digegulang bali marang Sang Hyang Manon, opo sing dadi
ugeman / opo sing dadi panutan / opo sing dadi landesan / opo sing dadi junjungan ora bakal iso
nulungi samangsa mangsane wis kedaden, opo sing dijenengke PIDANA marang MANUNGSA,
Eling Marang Asale lan Eling Marang Gustine lan Eling Marang Bapa Biyunge lan Eling Marang
Sapadha-padha wis temtu bakal oleh / nemahi urip KABEGJAN.

“” DUH GUSTI ALLAH, APA SING DICRITAKKE ANA ING DUWUR KUWI KABEH MAU YO
BENER YO ORA, NENG PAPAN KENE AKU KI YO NGIBADAH DEDONGGA MARANG
GUSTI ALLAH, SAKSUWENE NYAWANG KABEH KEDADEAN IKU MAU DIWIWITI SAKA
MANUNGSA SING ORA KUAT ANGGONE NGLAKONI KAHANAN URIP, OPO SING
DITULIS IKI MAU KARO DEN BAGUS YO APIK, APIK KANGGONE MANUNGSA SING

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/14/mitologi-kanjeng-ratu-kidul/ 4/7
12/26/2017 MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL | alangalangkumitir

GELEM NGERTENI, 1 OJO DILALEKKE >>> OJO KIBIR LAN RIYA….!!!! UKARA IKI SING
ANDEDEKAKE MANUNGSA PADHA SAK KEPENAK E DEWE “”
HANGGA PUJI RAHAYU

4. HARIANTO
JANUARY 11, 2011 – 7:47 AM
ass….
slam semuanya

pak Bodro sepertinya banyak tau (mengerti )shingga bsa membedakan antara Kanjeng Ratu kidul
dengan Nyi roro kidul,yang sy pernah dengar juga seperti itu.bila berkenan bisakah pak bodro
kasih sedikit ular2x untuk pecerahan buat sy pribadi dan yang lainya mungkin,terimakasih
Wass…..

5. Petir Saloka
JANUARY 10, 2011 – 3:40 PM
Kanjeng Ratu Kidul itu jabatan sebagai petugas alam, siapakah namanya sekarang ? Sebagai Ratu
pasti punya mahkota, cici ciri yang dominan wujudnya seperti apa ?
Sudah berapa kali ada suksesi sejak dahulu di Istana Kidul ?

6. Handi
JANUARY 2, 2011 – 3:08 AM
setuju, aku 33thn urip ning eropa, yen mulih ning jowo ora pengin kepetuk liyaning jowo sak
ananing, iku dasar fondasi omah aja nganti ilang perabotane ya kuwi bobot, kabudayan iku
identitas,

7. Bodro
DECEMBER 20, 2010 – 2:21 PM
Meyakini hal yang Ghoib adalah kwajiban bagi orang Islam
Apabila tidak yakin bagaimana akan beriman ..?
Karena harus dipahami Islam adalah Lahir & Bathin

Karena artikel ini menyangkut nama seorang Tokoh…


mohon berhati-hati dalam mengomentari…

Ini adalah pencerahannya


Eyang Putri Kanjeng Ratu Kidul ,Beliau adalah seorang Muslimah ( Wali Allah ) yang punya
wengkon di wilayah pantai selatan

sedangkan Nyi Roro Kidul adalah jin sakti yang punya wengkon di wilayah pantai selatan

terimakasih.

8. Arya Alith
DECEMBER 7, 2010 – 8:57 AM
Nun Inggih, sarujuk sanget kulo,awit jagat saisine iku jatinine dadi perlambang kanggo uripe
manungso, lan mobah mosiking alam dadi sasmitaning laku Urip.

9. Mencari Ridho Allah


NOVEMBER 22, 2010 – 6:54 AM
saya suka dengan sejarah ibu ratu kidul.beliau adalah sesosok ratu yg baik boleh saya kirim
artikel tentang karuhun

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/14/mitologi-kanjeng-ratu-kidul/ 5/7
12/26/2017 MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL | alangalangkumitir

Trackbacks

1. BIOGRAFI SEJARAH HIDUP KI DJAKA TOLOS. 12 « putraramasejati













































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/14/mitologi-kanjeng-ratu-kidul/ 6/7
12/26/2017 MITOLOGI KANJENG RATU KIDUL | alangalangkumitir






https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/11/14/mitologi-kanjeng-ratu-kidul/ 7/7

You might also like