You are on page 1of 6

12/26/2017 NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI | alangalangkumitir

NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH


WENINGE ATI

MAS KUMITIR ♦ SEPTEMBER 26, 2008 ♦ 20 COMMENTS

i
4 Votes

Wengi ditegesi beda-beda antarane wong siji lan sijine. Ana kang nganggep yen wengi iku padha
karo peteng kang nyalawadi. Ing kamangka kahanan peteng rapet sesambungan karo laku durjana
lan kadurakan. Ana sesebutan golongan peteng, laku peteng, lan uga lembu peteng. Jin setan
priprayangan padha guyu latah-latah nggegodha janma uga jumedhul ing madyaning ratri kang
wingit. Tan mokal yen akeh pawongan kang wedi metu ing wanci bengi.

Saperangan bebrayan ana kang negesi yen lakune wengi bakal jumujug ing kahanan sepi. Jare
kandha sajrone wengi anane mung lali. Lali mring kasunyatan kang kita sumurupi ing alam
padhang. Wengi nyata bakal nggawa kita urip ing alam impen kanggo nglelipur driya amrih bisa
nglalekake sesanggan abote urip. Muhung aneng sajrone impen kuwi kita bisa njawab pitakonan-
pitakonan kang ginembol medhosol ing sajrone ati. Iku ngono makna wengi tumrap wong-wong
sing uripe isih sinangsaya mring kahanan. Beda karo wong-wong mulya sing nganggep yen wengi
iku kudu dinikmati. Wengi iku kayadene alam kaswargan kang endah.

Njumenengi Ratri amrih Caket mring Gusti

Kang tinulis ing dhuwur iku nggambarake pinemune sebageyan wong ngenani wengi lan peteng.
Mesthi wae ana maneh pinemu kang beda. Kabukten akeh uga kang menehi makna positif ngenani
tekane wengi. Para ahli agama lan para warga bebrayan kang dhemen marsudi olah kridhane batin
nganggep yen wengi iki kudu dijumenengi kanggo marga amrih caket mring Gusti sesembahane
tumitah. Mugiya kawuningan yen tembung ‘ratri’ sing tegese ‘bengi’ iku asal muasale kanggo nyebut
jenenge Dewi Ratri yaiku dewi kang nguwasani alam wengi manut kapercayan lan mitologi Hindhu.

Nadyan kanthi cara lan ritual sing beda-beda, para ahli agama lan kebatinan yakin yen wengi iku
sa’at mirunggan kanggo ngadani laku amrih bisa cedhak ing ngarsa-Ne Gusti kang Maha Agung.
Laku tirakatan ing candhi lan pura kita sumurupi ing tanah Bali nalika teka wanci purnama siddi.
Kaya kang daksumurupi ing wulan Juli kepungkur nalika aku sanja ana papane mitraku ing
Singaraja, dheweke semaya anggone ketemu aku muhung kepengin tirakatan ing candhi kang
mapan adoh saka kutha Singaraja. Kajaba wengi purnama siddi kang kanggo tirakatan, uga ana
wengi peteng ndhedhet kang sinebut Syiwaratri yaiku wengine Hyang Syiwa kanggo ngadani ritual
manembah marang Dewa Syiwa.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/09/26/ngupadi-heninge-ratri-anggayuh-weninge-ati/ 1/6
12/26/2017 NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI | alangalangkumitir

Ing crita rakyat saka Blora kita tepung karo paraga kang aran Jati Kusuma lan Jati Swara (data
disertasine Dr. Setya Yuwana Sudikan saka Unnesa, Surabaya). Pangeran Jati Kusuma lan Jati Swara
iku asring disebut minangka cikal bakal desa Janjang, Jiken, Blora. Paraga loro kang kondhang sekti
iki anggone laku prihatin kanthi cara kang wewalikan. Jati Kusuma tansah nyegah dhahar nanging
kena nendra, suwalike Jati Swara kena nedha nanging ora kena sare. Gegambaran laku iku nuduhake
lamun pangan iku lambang kanikmatane awan dene turu iku mujudake kanikmatan ing wanci
wengi.

Nora beda karo kang wus sinebutake ing dhuwur, sajrone wulan Romadlon ummat Islam dilatih
supaya bisa ngendhaleni dhiri marang nguja kanikmatan kang wujud mangan lan ngombe ing wanci
awan uga ngurangi nendra ing wayah bengi saperlu bisa nindakake ibadah sunnah. Ana prastawa
tekane lailatul qodar kang kita kabeh wus sumurup yen wengi iku regane sakemper karo sewu sasi.
Ing wengi iku nyata caket banget Gusti Allah mring titah. Eman yen wengi-wengi iku ora bisa
dimanfangatake kanggo nikelale ibadah. Wengi-wengi kang pungkasan iku bisa kanggo nggayuh
kasampurnane iman anggayuh derajad taqwa sing luhur.

Neng Ning Nung Nang

Saka andharan ing dhuwur kita bisa kandha lamun wengi saktemene dudu wanci kang medeni lan
nggegirisi kaya dedongenan wong-wong kuna sing ndhelik ing guwa nalika teka grahana rembulan
ngira lamun rembulane ilang ditadhah kalamangsa dening Hyang Bathara Kala. Tumrap pawongan
kang dhemen ngasah landhepe batin lan mersudi waskithane pangesthi, wengi iku bisa dadi sarana
kanggo tumuju kemenangan urip kanthi dalan neng ning nung lan nang. Neng ning nung nang iku
sekawit mujudake swara dhasar gamelan (Muhammad Zuhri 1996). Rumusan iki uga mujudake
piwulange Ki Hajar Dewantara. Mung wae, kita bisa ngetrapake bab iki ing sajrone laku sing beda.

Neng. Tembung ‘neng’ asale saka tembung jumeneng. Wengi iku kudu dijumenengi utawa diedegake.
Kayadene wisma, supaya wewangunan wisma bisa ngadeg mesthi mbutuhake cagak. Cagake awak
iku sikil nanging cagake sirah dudu gulu. Cagake mustaka iku jebul netra. Coba dibayangake
kayangapa kekuwatan gulune Mike Tyson, Si Leher Beton lamun mripate wus ngantuk kelakon
ambruk nglumpruk tanpa daya. Ya saka pangerten iki mula ana istilah cagak melek. Ing kampung-
kampung yen ana adicara jagong sepasaran bayen (ing tlatah Yogya lan Surakarta) utawa muyi (ing
tlatah Wonosobo), melek sajrone pupak puser (ing tlatah Tegal), mula padha tirakatan. Kanggo cagak
melek mula terus padha kidungan, main kertu, lsp.

Njumenengi wengi mesthine diprayogakake kanthi dalan sing bener yaiku nindakake ngibadah lan
nikelake anggone eling mring panguwasa-Ne Gusti kang Maha Rumeksa. Ing piwulang Islam
disebutake yen saprotelone wengi sing pungkasan iku klebu wektu sing ijabah, mula disunnahake
padha ngakeh-akehi nindakake ngibadah. Adate donga lan panyuwunan kang diunjukake marang
Gusti ing wanci iki uga gampang kasembadan nadyan tembung ‘kasembadan’ iku bisa ditegesi
werna-werna. Tumrap sing njumenengi wengi kanthi mendem utawa ngunjuk ciu lan main gaple
mesthine beda entuk-entukake karo sing tekun ngibadah.

Ning. Tembung ‘ning’ teges hening lan uga wening. Kanthi njumenengi wengi mula bakal bisa
ngrasakake swasana kang hening. Ratri kang terus tumapak bisa dirasakake. Ing kahanan kang
banget nyeyet kita bisa ngrasakake keteke jantung, melar mingkuse nafas, prasasat tumiyupe
samirana, obahe gegodhongan, pirembugane kutu-kutu walang ataga bisa rinasa kanthi cetha malela.
Apamaneh lamun kita bisa ngrasakake gantine dina ing madyane ratri, ana rasa sing ora bisa
ginambarake kanthi reroncene tembung lan dawane andharan. Kanthi nglatih ngrasakake heninge
ratri kita bisa nglatih konsentrasi tumuju ati kang wening. Weninge ati bisa menehi pituduh dalan
bebener lan bisa uga nyumurupi dalan luput.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/09/26/ngupadi-heninge-ratri-anggayuh-weninge-ati/ 2/6
12/26/2017 NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI | alangalangkumitir

Nung. Tembung ‘nung’ teges kasinungan. Kasinungan iku padha wae ateges kapanggonan.
Kasinungan ing kene nuduhake kapanggonan daya. Lamun bisa duwe ati kang wening mula
nyumurupi dalan bebener lan luput wus mesthi titah iku bakal kasinungan daya kaluwihan kang
maneka warna. Ana kang ditambah kawaskithane, ngelmu mimpin, daya linuwih, kapinteran,
kesabaran, lan maneka warna kanugrahan liyane. Wong kang kasinungan iku bisa diarani entuk
wahyu (hanung) kang bakal murakabi kanggo dhiri pribadi, kulawarga, lan bebrayan agung. Hanung
iku nuduhake sih kanugrahan lan kawelasane Gusti kang Maha Kawasa marang kabeh para titah.

Nang. Tembung ‘nang’ bisa ditegesi menang utawa wenang. Pawongan kang wus kasinungan utawa
entuk hanung bisa diarani wong kang menang. Menang sajrone urip tegese bisa nguwasani urip.
Menang karo sapa? Dudu menang sajrone perang lan nguwasani sepadha-padha nanging menang
lumawan hawa nafsu. Wong sing bisa ngalahake nafsune dhewe teges entuk kewenangan
ngrasakake kamardikan lair batin. Ing kamangka ing jaman iki ora ana maneh perang sing luwih
gedhe kajaba perang lumawan hawa nafsu. Wong sing uripe kalah yaiku wong sing dadi budhak
hawa nafsu lan kepenginan kadonyan. Yen kaya mangkono nyata urip iku muspra tanpa piguna awit
jantrane uripe tumuju dalan sing agawe keblinger.

Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/09/26/ngupadi-heninge-ratri-anggayuh-weninge-ati/ 3/6
12/26/2017 NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI | alangalangkumitir

PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,


SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

20 Comments

1. Aedy Noeryl, Ing New Zealand


DECEMBER 15, 2010 – 11:53 PM
Ass.wr.wb. Matur nembah nuwun tumrap seratan ingkang sanget sae, mbabar pangertosan
ingkang sanget migunani dhumateng kita sedaya.

2. Eko
AUGUST 30, 2010 – 6:00 AM
izin share mas,,,,nuwun

3. Mas Agung
JULY 21, 2010 – 7:10 AM
bacanya seneng mas, tapi sambil mikir dalem. maklum, mungkin karena masih cethek he..he..
matur suwun mas kumitir, kagem tambahan ilmunipun. salam rahayu

4. Wongkidul
MAY 25, 2010 – 10:27 AM
Nuwun mas, luar biasa meniko..;

5. Alap Alapan Keboireng


FEBRUARY 23, 2010 – 5:40 AM
wasis

6. Hendro Subeno
JANUARY 13, 2010 – 12:49 PM
terima kasih mas ulasanya,saya yang asli putra janjang merasa tersanjung karena wejangan2 dari
leluhur saya bisa diterima oleh masyarakat.

7. Lendy Soekarno
JANUARY 12, 2010 – 5:52 PM
nderek nyemak mas..
lagi wae nge~dong.

8. Joko
NOVEMBER 30, 2009 – 12:56 AM
Ulasananya cukup baik, dan coba terangkan tentang unang, aning, unong, atau nang ning nong,
pada dimensi pengenalan kepada Allah. Trims.

9. N Dwi Wahyono
OCTOBER 6, 2009 – 12:01 PM
Thx, mas ulasannya,…, mohon ijin utk dishare di saya..

10. Poetoeyoso
AUGUST 31, 2009 – 9:10 AM
Alhamdullilah, Gusti Allah sampun nuntun kulo saenggo saget pikantuk artikel puniko. Matur
nuwun mas kumitir. Salam katur dumateng bapak / ibu ingkang sampun maos artikel puniko.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/09/26/ngupadi-heninge-ratri-anggayuh-weninge-ati/ 4/6
12/26/2017 NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI | alangalangkumitir

11. Rahmat Giling


JULY 21, 2009 – 8:33 AM
Mugi tansah lestari ing samubarang kalir ingkang gegayutan kalian gesangipun manungsa. Mugi
Allah tansah paring keslametan, rahmat lan barokah dateng kita sedaya. Nuwun.

12. Alex
JUNE 9, 2009 – 4:24 PM
Tlong bahasanya diindonesiakan.terima kasih mas kumitir

13. Maztrie
MAY 14, 2009 – 9:26 PM
Matur Sembah Nuwun katur dhateng KakangMas Alang
Estu sanget ambiyantu nambah kaweruh kula ingkang taksih cekak babagan agesang…
Sepindah malih Matur sembah nuwun…

14. Purnomo
APRIL 29, 2009 – 12:12 AM
Sugeng Rahayu Wilujeng, mas kumitir!
Matur nembah nuwun sanget piwulangipun migunani dumateng kulo mugi2 mahanani
dumateng lampah kulo tumuju marang Hyang Suksma Sejati..
Wassalam.. Rahayu

15. Allief Ba Ta
MARCH 2, 2009 – 7:32 AM
sae sanget mas, kulo sing pun lami mboten maos kados ngeten.
trenyuh lan saget ngertos sejotose “arti ratri” meniko.

16. Putra
NOVEMBER 26, 2008 – 8:29 AM
Bisa juga disharing ilmu neng,ning,nung,nang-nya..Thanks

17. Putra
NOVEMBER 17, 2008 – 7:49 AM
terima kasih bisa baca artikel ini. Coba Website h p://www.jatikembang.blogspot.com

18. Ngabehi K.M


OCTOBER 10, 2008 – 7:14 AM
sae sanget mas artikelipun, saya njangkepi pangertosan kawula, maturnuwun.

19. Hamba ALLAH


SEPTEMBER 28, 2008 – 5:30 AM
mas terima kasih sekali,karena dengan ijin ALLAH melalui sarana situs ini saya bisa mengerti
hakikat hidup sebenarnya.jaakumullahi khoiron katsiiron

Trackbacks

1. NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI | JAWADWIPA



https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/09/26/ngupadi-heninge-ratri-anggayuh-weninge-ati/ 5/6
12/26/2017 NGUPADI HENINGE RATRI ANGGAYUH WENINGE ATI | alangalangkumitir
















































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/09/26/ngupadi-heninge-ratri-anggayuh-weninge-ati/ 6/6

You might also like