You are on page 1of 15

12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

NITISAKE WIJINING DUMADI

MAS KUMITIR ♦ AUGUST 20, 2009 ♦ 12 COMMENTS

i
1 Vote

Bab Laku Nitisake Wijining Dumadi


Murih Tumuruning Wiji Kang Becik

Amratelakake lakune nitisake wijining dumadi, nyumurupi wewijangane wiji lan


peprincening piranti. Mungguh lakune nitisake wijining dumadi, iku ana petang prakara,
iya iku: lila, narima, temen, utama.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 1/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

1. Lila, iya iku wong priya kudu lila yen kelonglongan, ing kene karepe nuruti
panjaluke rabine, amarga panjaluk mau, yen kapiturutan, dadine rabine banjur dhemen
marang lakine, ing wusana bisa mantep.

2. Narima, iya iku wong priya kudu narima marang suka-pirenaning rabine (kang
arupa leladi saka rabine), amarga ing atase laden iku yen katarima, tegese katampa
kalayan seneng, mesti bakal gawe legane kang leladi, ing wusana dadi madhep lan
sregep.

3. Temen, iya iku wong priya kudu nuhoni ing semayan utawa sesanggeman, amarga
manawa netepi ing janji, iku bisa mahanani katresnan, ing wusana dadi kedep.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 2/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

4. Utama, iya iku wong priya kudu demen ngapura marang kaluputane rabine,
amarga dadi wong priya iku manawa sabar demen ngapura marang kaluputan kang
remeh-remeh, iku bakal mahanani tumemening rabine, ing wusana dadi gelem labuh.

Ana dene nyumurupi wewijangane wiji, iku kudu ngreti marang lakuning wektu karon-
sih, dene lakune karon-sih iku uga ana petang prakara, iya iku: eneng, ening, awas,
eling.

1. Eneng, iya iku wektu karon-sih atine kudu eneng (menep), dene paedahe bisa
suwe wetuning rahsa, lan gawe kandeling wiji,. Amarga ati kang menep mau bisa
ngenthelake wiji (jiwa), kentheling jiwa bisa mahanani kandeling wiji, ing wusana
dadining anak ing tembe bisa dawa umure.

2. Ening, iya iku atine kudu ening, dene paedahe bisa nikmat rasane lan manfaat.
Amarga kaweningan mau bisa gawe weninging wiji (tetep trimurti), wiji kang tetep
trimurti mau ing wiji ala apa becik, dene panengerane wujud cahya kaya kawasa.

3. Awas, iya iku kudu mulat kedep-liringing rabine, wektu karon-sih, kendho apa
mempeng, utawa ngulatake tumitising wiji ala apa becik, dene panengerane wujud
cahya kaya kang wis kapratelakake ing dhuwur.

4. Eling, iya iku aja mikir liya-liyane, kajaba eling yen wektu iku lagi nitisake wiji, mula
yen rabine semu kendho ing karon-sih, wajib eling, manawa durung binuka bakuning
rasa, tumuli duweya osik sumedya mbuka kadatoning rahsa, supaya rabine mau
gumregut rasane, lan maneh yen nyumurupi cahyaning wiji ala kang bakal tumitis,
banjur enggal-enggal bisa nglebur sarana laku nusupake utawa mutahake menyang
ing jaba. Dene manawa uninga wiji becik kang bakal tumitis, iya banjur bisa
mrenahake ing papan samestine.

Mungguh tuwuhing rasa iku jalarane ana loro prakara, iya iku: marahi lan meruhi.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 3/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

1. Marahi, iya iku sadurunge tumindak karon-sih, kang priya miwitana mbuka rasa
sarana kekembangan saprayogane, dene paedahe bisa mempengake atining rabine,
yen wis katon mempeng rabine tumuli tumindaka karon-sih, iku rabine saka katuju
karepe dadine banjur lega kanti suka rena. Mula sadurunge karon-sih luwih dhisik
mangsetiya tumuruning wiji kang becik (teteping trimurti), kapantenga ana ing cipta.

2. Meruhi, iya iku aja nganti nerak wewalere, nanging malah mbumbonana kang
prayoga. Dene wewaler iku: nyumurupi wewadining wanodya lan wewadining wiji.
Kang diarani wadi mau katerangane mangkene: bab kang diarani tumindak rusuh, iya
iku rusuh arep nyumurupi marang wewadining wanodya. Dene kang diarani elok, iya
iku arep nyumurupi wewadining wiji.

Dene wadining wanodya bakuning rasa, iku wijang-wijange mangkene: ing sajroning
baga iku ana kulite alus sarta sangisoring batuk baga ing jero uga ana kulite kang
diarani daging song, song mau gedene pada lan batuking baga, mangisoring song ana
urate loro (diarani purana), urat iku lengket ing semu katone mung siji, iya iku kang
minangka let-letan banyu telung warna, iya iku: satengening urat iku dalan banyu sene,
sakiwane urat iku dalan banyu suker (getih), mung tengahing urat loro mau iku
dalaning banyu rahsa pita (kama). Dene urat loro iku ing dhuwur gathuk karo song,
terusane anjog ing lawang kadatoning rahsa, lawang mau ngrukubi Sang Hyang
Kamajaya (uwel), kang diarani uwel iku lawang kekandhanganing jabang bayi, wujude
mung bening kaya kaca.

Mungguh kahanane song mau iya iku poking rasa, amarga samasa kagosok (kagepok)
banjur mekrok, kaya dene kewan kintel saben kagepok banjur mlembung, mekroking
song mau jalaran saka rasa keri, yen wis krasa keri iku bisa narik rosaning rasa
nikmat. Dene lawang yen wis menga banjur kawawa nduwa, uwel, iya iku narik
kekandhanganing bebayi. Kekandhanganing bayi mau yen nganti nyaut utawa nadhahi
kamaning priya, iku adate tumrap wanodya awake mesti banjur krasa keri,
gumriminging rasa temahan dadi cape (marlupa).

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 4/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

Saiki mratelakake kekandhanganing bebayi, mungguh wewijangane mangkene: ing


sadurunge kaisenan wiji saka wong priya, kekandhangan mau wujude isih kimpes,
sarta mawa urat dumunung ing pucuk minangka gantilan. Urat mau ana loro, kang siji
urat urut-urutane kang anjog ing jantung, dene sijine urat urut-urutane kang anjog ing
wadhuk.

Urat kang anjog ing wadhuk iku kasamadan dening genining manusa kang arane
Yitnamaya. Geni mau gedhene mung samrica, iya iku kang kawawa matengi pangan
sajroning wadhuk, sarta kawawa nyepuhi wiji kang wis ngumandhang ing
kekandhanganing bayi. Kandhang bayi iku manawa panyaute bener ora luput, nganti
bisa ngamedi pucuking pasta-purasa (ngepuh kam), ing mangka kapinujon kasusupan
wiji, iku banjur bisa kalebon mani, dene mani kang wis kumpul lawan wiji ana sajroning
kandhang kono, iku mratandhani yen wiji bakal dadi, mula wong wanodya banjur
ngandheg. Ing sajroning ngandheg, upama kinaron-sih ing priya liyane iku wis ora bisa
kasusulan wiji kang dadi maneh, kajaba kang nitis sapisan mau. Yen kurang pracaya
katerangane kene ginawe kosok bali, kang minangka tandha seksine iya iku bapa
manawa wis mati kajupuka balunge, anak kang isih urip kairisa wetokna getihe
katetesna ing bebalunging bapa mau, mesti getihing anak banjur amblas (kasesep),
manawa dudu getihing anak dhewe iku mesti ora kasesep (ora ambles ing bebalung).

Ambaleni wiji kang wis ngumandhang ing kekandhangan, ing kono mani saya suwe
saya tambah matimbun-timbun, yen wis kebak banjur malembung. Yitnamaya urube
saya banget, sasuwene kasalad urubing Yitnamaya wusanane banjur kenthel, samasa
wis kenthel banjur kumulit, yen wis kumulit banjur gana, nanging isih kakum ing banyu.
Sajroning gana kakum ing banyu, iku banjur nurut bolonganing urat kang gandeng karo
wadhuk. Mungguh kumambanging gana iku kaya dene banyu kang dumunung ing
godhong lumbu. Sawise mangkono gana banjur gatra kaya pepukiran ing manusa,
gatra mau saya suwe saya mundhak gedhe lan mundhak kekuwatane, ing kono banyu
kang kakuman gana banjur njendhel, jendhelaning banyu uga banjur mundhak
sumaring maneh, ampase pada kelet ing kuliting bayi, dene sarine dadi kawah. Mula
pepelinge wong tuwa-tuwa, tumrap wong wanodya kang ngandhut lagi masane gana,
iku aja sok ngajangake solah-bawaning raga, awit manawa kepleseting wiji, iku bisa
njalari gagar (kluron).

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 5/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

Samengko genti mratelakake wewadi wadining wiji ing nalika arep tumitis, sajatine
sengseming atining bapa kang ketarik dening dayaning wiji mau mangkene: Manawa
arep nitisake wiji iku kang luwih dhisik manuksma ana ing utek, lebuning wiji nurut
lebuning napas, tumuli nuksma ana ing panon, banjur manggon ana ing pramana, ing
kono wis kawawa narik maya (sengseming ati sakaloron bapa lan biyung), temahan
kelakon karon-sih iku wiji banjur manuksma ana ing rasa, dene tumibane ing biyung
iku mbarengi wetune rahsaning bapa, kang banjur katampan ing papane. Lakuning wiji
mau miturut wetuning swasana, ing kono banjur tempuk karo metuning rahsa (mani)
banjur kacatok dening kandhangan, sawise mangkono wiji tumuli tumempel, ing kono
kudrating Pangeran wis ora owah maneh, tumrap kadadiyane bocah ing tembe,
lelakone sarta wewatekane, miturut tanceping cipta sarta rasaning karep wektu
pepasihan, ana kang minangka tandha-yektine, iya iku wujuding rupa mesti mirib
(memper) bapa lan biyung, sabab wektu sih-sinihan sisi lan sijien tunggal padha
nancepake katresnan, kaya rahsa narik jiwa, mula anak iku uga kena sinebut
layanganing jiwa, dadi wis tetela tanceping warna kang ana ing cipta iku mahanani
warna, rahsaning karsa lan greneking cipta mahanani wewatekan lan lelakon, mula iya
ana paribasan: Kacang manut lanjaran. Utawa: Ora ana banyu mili mandhuwur. Kang
mesthi banyu mili mangisor. Karepe bebasan iku mangkene: Rupaning anak iku mesthi
mirib wong-tuwane.

Samengko mratelakake wewijangane wiji kang katarik saka dayaning bapa, ing nalika
lebuning wiji mbarengi lebuning napas, nuli sumimpen ana ing utek, banjur rembes
marang panon. Kang diarani panon iku banyu sari iya sarining utek, pamanggone
sajroning manik. Sawise wiji ana ing kono kawawa manuksma ing pramana sarta
kawawa amor sarasa, rasaning pramana ndayani tunggal karep, yen wis nunggal
garepe wiji narik daya surenging karon-sih, mangkono iku manawa cinegah dadi
paedah, yen linantur dadi batur. Tegese: Sing sapa nuju kasusupan wiji, mangka bisa
nanggulangi karepe iku sayekti bakal tambah muncaring cahyane lan padhanging
pamwas, dene yen tinurutan bakal kawawa mahanani anak, dadi tetela wijining anak
iku manut empaning cipta, sarta urubing pramana minangka bahu (nguled), bumbu yen
wis kauled ing bahu banjur kumpul, dene matenge saka daya Yitnamayaning biyung,
dadi matenging panganan mau jenenge wis mapan, mulane mangkono, amarga
urubing pramana iku manut mapaning cipta.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 6/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

Terange mangkene. Saupama tanceping cipta welas asih, urubing pramana sarta wiji
mesthi maya-maya, iku mahanani wewatekaning anak ing tembe linulutan ing sapada-
pada, sarta jatmika alus ing budi, nanging kurang lantip ing panggraita.

Saupama tanceping cipta matutuk rumasa kabeneran ing sapolah-polahe, urubing


pramana sarta wiji mesthi biru muyek marakata, iku mahanani wewatekane anak ing
tembe bodho ing budi, nanging becik atine.

Saupama tanceping cipta kadereng ing kabudayan, urubing pramana sarta wiji mesthi
warna abang mbaranang mblerengi, iku mahanani wewatekane anak ing tembe
landhep ing panggraita sarta berbudi, nanging getapan sarta panas baranan.

Saupama tanceping cipta drengki, urubing pramana sarta wiji mesthi warna dadhu
bureng marakata, iku mahanani wewatekane anak ing tembe culika, ndaluya, dora-
cara, kang mangkono iku adate sok kataman lara owah (gingsir).

Saupama tanceping cipta kang lagi nungkul ing puja brata, mangke katarima, urubing
pramana sarta wiji mesthi warna ijo nom mancur maya-maya, iku mahanani
wewatekane anak ing tembe demen ngapura ambek paramarta, sarta wicaksana, kang
mangkono iku adat sok bisa kasinungan darajat kawiryan.

Mungguh kang kasebut ing dhuwur kabeh mau, tumrap ala beciking wiji. Dene kandel-
tipising wiji iku manut wancining karon-sih, nalika terangke mangkene: Yen wanci
awan, wijine tipis, sabab ing wanci mau pramana nedhenge amer. Yen wanci bengi,
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 7/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

wijine kandel, sabab ing wanci mau pramana nedhenge kenthel. Mulane sabisa-bisa
manawa karon-sih, miliha wanci lingsir wengi tumekaning bangun esuk, iku wijine
mesthi kandel kang njalari dawa umure.

Kapriye carane nyumurupi wujuding wiji, sarehne wiji iku bangsaning alus, dadi
enggone nyumurupi iya sarana alusing pandulu. Kang diarani alusing pandulu iku ana
limang prakara, iya iku saka beninging ati, sirnaning kekarepan, sarehing pangganda,
lereming pancadriya, jatmikaning solah bawa. Yen wis bisa netepi laku limang prakara
iku, lagi bisa nyumurupi wiji kang sawantahe.

Bab panengeraning wiji

Tumrap panengeraning wiji, iku kena disumurupi, mungguh beda-bedaning wiji lanang
utawa wiji wadon, bakal dadining anak, wantu utawa kembar, apa dene dhampit.
Terange mangkene: Yen wiwit arep karon-sih ngawasna lakuning napas, manawa
lakuning (metuning) napas santer ing lenging irung kang tengen, iku mratandhani
cumitaking wiji ana ing panon kiwa, iya iku pratandha wiji lanang. Manawa napas
santer ing lenging irung kang kiwa, iku mratandhani cumitaking wiji ana ing panon
tengen, iya iku pratandha wiji wadon. Manawa napas santer ing lenging irung loro
pisan (padha santere), iku mratandhani cumitaking wiji ana ing tengah-tengahing
panon (manon), iya iku pratandha wiji wandu. Manawa eninging cipta rong pandurat
suwene, iku bisa narik wiji loro, nalika karon-sih greget-santing sakarone tempuk
(padha karepe), iku bakal mahanani anak kembar utawa dhampit. Nanging manawa
kembar wijine cumitaking panon kang sasisih, yen dhampit wijine cumitaking panon
kang kiwa tengen.

Lan maneh kanggo panengeran sawise wiji tumiba ing biyung, manawa bakal dadi
lanang sang bapa katara swatata, anadene yen bakal dadi dhampit sakarone
mempeng (padha andrenge) ing swatata.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 8/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

Ing dalem layang Pangracutan amratelakake kawruh kang aran: Sajatining Lanang lan
Sajatining Wadon, iku genahe mangkene:

Kang ingaranan roh Idlafi, iku rohing wadon, nanging dumunung ana ing lanang.
Sajatining wadon iku roh Kudus mulya, nanging rohing lanang, mapan ing wadon, kang
mahasucekake ing jinem, padha mapan sajroninng junup, mula kawasa anuwuhake
karkat dhewe-dhewe, amarga rohing wadon kaango lanang, rohing lanang kaanggo
wadon, dadi saka anggone arep narik rohe dhewe-dhewe, ing wekasan aliru lambang
sari padha carane, temah kawasa anganakake sifat, mula ingaran sanggama, tegese
benering sawiji balaka, utawa saresmi, pikarepe campuring sari wor syuh dadi padha
mareme, awit kasamadan dening Dzat-ing Pangeran Kang Amahasuci, anggone arep
cumitak warnaning bapa-babu, mula kang pancen waskita marang rahsaning karon-
sih, yekti bisa angarani sadurunge kababar.

1. Kaya ta, ing dalem salapan dina, sakaloron mau kang anduweni kumenyut dhisik
sapa, saupama wanodya kang ngrasakake kangen dhisik marang priyane, tumekaning
kalakon anitisake wiji yekti bakal lair putra priya.

2. Kaya ta, kang anduweni kumenyut dhisik kang priya, kangen marang rabine,
tumekani nitisake wiji, sayektine bakal lair putra wanita, ananging kudu banjur
ditimbangi careme, supaya sakaro-karone atunggal, awit manawa kurang dhauping
cipta, rasane bakal sulaya, sanadyan bakal tumuwuh ing tembe wijine anduweni
cacad, mungguh wujuding cacad iku warna-warna.

* Manawa ana lelabet cuwaning panggalih, kurang sarujuking saresmi mau, tembene
anumusi wewatekaning putra kerep kacuwan ati, tarkadhang nandhang susah ing
uripe;

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 9/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

* Manawa ing dalem saresmi mau anduweni ngeres ing panggalih semu duka,
nanging ora kawedhar, ing tembe wijine kalabetan watak sugih napsu hawa,
tarkadhang tiwas uripe.

* Manawa salah sawiji ing dalem arep ngangkat saresmi, ana kang duwe ati sisip
sathithik, ing tembe uga tumus wewatekaning putra, yen kang sisip kang wanodya,
tumus marang wiji priya, manawa kang sisip kang priya, tumus marang wewatekaning
wiji wanita, kabeh iku kalebu paniitihan, ing dalem salapan dina iku wajib katitika
titikaning cipta, sarta rasa pangrasa ing dalem salapan dina mau, mula bayi lair iku
angetung salapanan, manawa wis tumeka sataun aran bocah tawa lare, tegese kuwat,
mula banjur angetung taun.

Saka wasiyat dhawuh wewelinge Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga, prakara panitikan
ora kena sembrana ngarah apa, malah ing sabisa-bisa angestiya peta, tegese ing
dalem karkat mau bisaa banjur tampa-tinampaning cipta sasmita, dadi aran sakaroning
atunggal, sarta kudu suci supaya becik tumusane, utawa bisaa pasang gelaring
salulut, tegese kang wanodya aja nganti liya pancipta pangalembana marang priyane,
sanadyan priyane iya anyiptaa marang wanodyane, aja angrasakake liya-liyane, iya iku
wiji sajati premati.

Sawenehing wong sajroning saresmi karo bojo, ora mawa pepantengan sakaroning
atunggal, malah anduweni liya panyipta, tarkadhang anggagas kasenengane dhewe,
kang mangkono iku upama bisa dadi wiji, sok ambilaheni wong tuwa, iya iku kang
ingaran anak agawe rusak, yoga karya rengkaning praja.

Dene prataping wong ajejodon mau, bisaa cadhang-cinadhang, tegese wajibing


wanodya ora kena adreng ing panedya kudu dianggo wadi, priya iku wewenange
angon cipta-sasmitaning wanodya, sakira ing dalem sadina kono ora ana sebab apa-
apa, tanpa labet susah, apa dene sepi pakewuh, iku tandha yen Pangeran Kang
Amahasuci anggone bakal nitahake wiji, wiji ing sasama, iya iku jatining Trimurti, akeh
kang dadi anak anung angungkuli bapa. Sanadyan para luhur manawa kabeneran
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 10/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

pakartining budi, kalayan nastiti, yekti bisa dadi. Dene kang agawe rusaking nagara,
iya saka kurang saranta, temahane kurang prayoga lelegetaning ngaurip.

Bab pangleburing wiji ala

Sanadyan wis bisa narik wiji, ing mangka wiji kang sumurup mau wiji ala, iku uga kena
dilebur sadurunge dadi wiji kang dumadi. Dene pratikele mangkene: ing sajrone karon-
sih among ulahing swatata, manawa duwe niyat arep nurunake wiji, lan maneh ilafating
wiji kang bakal tumiba kurang becik, mangka sajroning ulah swatata sem-ing karsa
mau, utawa sajroning karon-sih nalika lagi kadereng kadhesek mempenging karep, iku
kasurehna, aja kabacutake, ora-orane iya kagaweya gela utawa kemba, iya iku saran
wudharing rahsa kasilipna mangisor utawa kawutahna ing sajabaning lawang. Sarana
mangkono adate wiji ora bisa dadi amarga ora bisa katampan ing wadhahe ing wasana
gagar utawa sonya.

Alang Alang Kumitir

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 11/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir
Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: NITISAKE WIJINING DUMADI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

12 Comments

1. Slamet Widodo
MAY 19, 2011 – 3:31 PM
Jembar Pamikire, Linuwih unggul budaya Jawa kang edi,Apik lan komplit arsip-ipun. Matur
nuwun.

2. Dumadi
OCTOBER 14, 2009 – 5:32 AM

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 12/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

Salam.
Matur nuwun,
kagem tambahing ngilmu
kejaten.
SALAM.

3. Ery Yulianto
OCTOBER 7, 2009 – 1:08 AM
Ya Allah Ya Rahman Ya Rakhim

4. Salam - Salam Sallahuwasalam. Semoga Wejangan Tadi Bisa Di Pahami. Oleh Generasi Mudah
Skrang. Matur Nuwun
OCTOBER 6, 2009 – 6:11 PM
h p://www.sembulong.com

5. Kandaz Lovemy
SEPTEMBER 29, 2009 – 6:09 AM
maturnuwun anggenipun paring preso ilmukejawen lan rahasia lamam jagad.

6. Kuswanto
SEPTEMBER 11, 2009 – 1:50 PM
Saya mengucapkan banyak -banyak terimakasih, Wejangan walaupun belum begitu faham betul,
paling tidak mulai senang…………………!

7. J Samudra
SEPTEMBER 4, 2009 – 8:18 AM
atur pambagyo salam rahayu om swastiastu nuwun raka mas matur sembah nuwun panjenengan
kerso nguri kabudayan nuwun kel besar bloko suto alas roban

8. Slamet Wiyono
AUGUST 29, 2009 – 3:31 PM
Bab laku nitisake wijining dumadi , kawula matur nuwun sanget dene saged nderek necep
pengertosan menika. Mugi2 generasi mudha sami saget nderek maos saengga ing mangkenipun
tumuwuhing jabang bayi ing Nuswantara saget sae sedayanipun ing pangangkah mbenjangipun
dados paramparaning negari ingkang sae lahir batosipun, saengga saget ndamel kuncaraning
negari.
Nuwun sewu dene bab kama ingkang dipun wutahaken wonten ing njawining lawang menapa
mangkenipun mboten dados KANUNG lan SARAPSAWAN (inggih menika wewujudan ingkang
bade ngrepoti gesang kita ?) Menawi kepareng nyuwun keteranganipun. Matur nuwun
saderengipun.

9. Yudi
AUGUST 26, 2009 – 5:37 PM
Alang-alang Kumitir Yth.
Perkenankan saya untuk bisa mempelajari jagad raya dan isinya ini, mohon ditulis dengan versi
bhs. Indonesia.
Terima kasih yang mendalam..
Salam..

10. HasruL
AUGUST 23, 2009 – 4:27 AM
rahayu…

Aelamat menunaikan ibadah puasa.


https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 13/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir

11. Yang-Kung
AUGUST 22, 2009 – 6:31 AM
Kangmas alangalangkumitir yth.matur nuwun sanget wewarahipun,mugi saged paring
pepadhang lumuntur generasi muda penerus bangsa.

ugi ngaturaken sugeng nglampahi ibadah puasa,mugi Gusti tansah paring berkah dumateng
panjenengan sabrayat agung.

salam rahayu.

12. KangBoed
AUGUST 20, 2009 – 6:50 PM
Saya mengucapkan SELAMAT menjalankan PUASA RAMADHAN.. sekaligus Mohon Maaf Lahir
dan Bathin jika ada kata kata maupun omongan dan pendapat yang telah menyinggung atau
melukai perasaan para sahabat dan saudaraku yang kucinta dan kusayangi.. semoga bulan puasa
ini menjadi momentum yang baik dalam melangkah dan menghampiriNYA.. dan menjadikan kita
manusia seutuhnya meliputi lahir dan bathin.. meraih kesadaran diri manusia utuh..

Salam Cinta Damai dan Kasih Sayang ‘tuk Sahabat Sahabatku terchayaaaaaank
I Love U fullllllllllllllllllllllllllllllll































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 14/15
12/26/2017 NITISAKE WIJINING DUMADI | alangalangkumitir




















https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/08/20/nitisake-wijining-dumadi/ 15/15

You might also like