You are on page 1of 9

12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

OJO REBUT BENER

MAS KUMITIR ♦ MARCH 26, 2010 ♦ 44 COMMENTS

i
2 Votes

Sakabehing
para Nabi pada
kangungan
catetan kitab
pitutur becik,
iku kabeh siji-
sijine kitab
pada duwe
daya penarik
penggendeng.

Yen kita ahli kitab Injil iku kita banjur trisna marang golongan, yen kita
weruh pastur ing batin duwe rasa wedi lan asih, nanging aja lali marang
bibit sekawite tanah aire dewe yen kita ahli Kur’an iku kita tansah trisna
marang agama Islam nanging aja dilalekate tanah aire Indonesia kang
subur, apa kang tinandur tukul kanti makmur.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 1/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

Yen kita ahli pakem Wedha (wayang) banjur trisna marang tanah Pulau
Jawa kang dadi pusating Indonesia, yen kita kapetuk marang wong tuwa,
kang wis metu saka hawa duwe rasa wedi tur asih, banjur karem prihatin,
tiru-tiru satriya Ngamarta Pandawa kang karem tapa, amrih bisa kuwasa.

Semono uga manca buku “Roman” iku ya katarik-katarik Roman ngobong


pikiran dadi ora aman, ngelayung duduk bingung, berdiri bingung wusana
lali bapa biyung, yen dituruti suwe-suwe turut urung-urung.

Pitutur seka Injil, Kur’an, Wedha, ika kagawa seka majuning jaman dipecah-
pecah dadi pirang-pirang piwulang dadi pirang-pirang piwulang. Kur’an
mujudake kumpulan dadi N.U, Muhammadiyah, Islamiyah lan liya-liyane.
Injil dadi Pantekusta, Katolik, Protentan lan liya-liyane. Wedho iku dek
jaman budha, kitab-kitab isih manggon ana ing tanahe dewe-dewe. Negara
lan Negara biasa aman pada ayu ayom ayem tentrem, dene tekane kitab
iku sarana digawa marang para sudagar kang angkara, kepengin enggal-
enggal negarane bisa sugih lan bangsa-bangsane supaya bisa makmur lan
termashur. Mara jajal itungen agama ing tanah kita kira-kira meh ana 72
warna, iku karepe pada pada, mung beda bahasane, kaya dene nyebut
Gusti Kang Maha Kuwasa yen neng Eropa ngarani God. Yen neng Cina
ngarani Dhi Kong, yen Arab ngarani Allah, ana maneh kang ngarani Sang
Hyang Utipati, ana maneh Sang Hyang Latawal Ujwa, iku kabeh bener
angger cara bangsa kang nyebut marga ngerti kang dadi kekarepane,
nanging yen wong Jawa iku sok nggampangake wicara, yen ngarani Wahid
jare Ngahad, yen ngarani gulden jare segelo, mula barang-barang kang
tiron iku arang-arang kang ngerti kang dadi karep-karepe, mula alan-ingalan
kae ala, awake dewe dielem dewe, ngaku yen suci tur resik duwe rumangsa
yen wis kanggep ing Gustine, tandane kanggep iku yen ora ngiwa (nyebal)
seka Gusti, jare ora dahar ora sare, adil welas asih, kita kudu tiru-tiru dadi
ora dadi cecongkrahan, rebut bener, dadi ora kaber golek pangan, marga
emoh tukar pengalaman, mula nontona wayang, Dalang kang ngudal
piwulang marga kabeh-kabeh iku ana wohe utawa buahe, dadi aja mung
dipangan kulite, kaya dene keris aja mung rangka (wadahe) kang diisik-isik,
njorone tainen (tiyengen) tanpa diresiki, mula para Nabi lan Wali iku sabda
dadi, marga landhep kebatinane. Tansah tumindak sabar dedana welas lan
asih, mula kinasih yen bisa saemper Nabi lan Wali, iku warna (neka-neka)
72 paham bisa manunggal (bersatu) dadi Rukun, iku ibarate (upamane)
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 2/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

putrane wong siji kang arep ngabekti marang wong atuwane, nganggo
tatacara dewe-dewe, ana kang nganggo tatacara Arab, ana kang nganggo
tatacara Eropa, iku matuk tumrap wong tanah aire kang nganggo, mesti ora
pada cecongkrahan.

Mangkene pangandikane wong atuwanira, engger……………!!!

Bocah-bocah sira pada guyuba lan rukuna dadiya contone bangsa, lan
pada reksa-rineksa dandanana omah lan pekaranganira, supaya aja itung
jam (pangan), idep-idep karo prihatin, supaya enggal-enggal bisa rampung
aja rebut kuwasa, ing tembe yen wus rampung kanggo tinggalan bebrayan
pada ngenggoni, sak-anak lan putunira. Dene yen kowe pada cengkrahan,
iku pangabektinira mung kandeg ana ing dedalan, yen sira pada rusak
kacemplung ing pakunjaran, wong atuwanira kandeg ora bisa apa-apa
sebab ana bageane dewe-dewe, dadi Ingsun mung Maha Welas, susah lan
bungah, suwarga lan neraka, begja lan mulya, iku mung ginawe dewe-
dewe. Bisane pada makmur yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane
guyub rukun iku yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane guyub rukun
iku yen sira pada sugih kawruh lan pengalaman, bisane sugih pengalaman
iku yen sira sugih sesrawungan, marang kanca kang sugih pengalaman,
yen duwe paham mung siji, iku rugi. Mula iku pada sesanjan, nanging aja
gawe pakitunaning liyan, dipurih temuruna anak lan putu anggone
paseduluran, sebab seka reksa-rineksa, tepa salira.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang
Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

Sakabehing para Nabi pada kangungan catetan kitab pitutur becik, iku
kabeh siji-sijine kitab pada duwe daya penarik penggendeng.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 3/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

Yen kita ahli kitab Injil iku kita banjur trisna marang golongan, yen kita
weruh pastur ing batin duwe rasa wedi lan asih, nanging aja lali marang
bibit sekawite tanah aire dewe yen kita ahli Kur’an iku kita tansah trisna
marang agama Islam nanging aja dilalekate tanah aire Indonesia kang
subur, apa kang tinandur tukul kanti makmur.

Yen kita ahli pakem Wedha (wayang) banjur trisna marang tanah Pulau
Jawa kang dadi pusating Indonesia, yen kita kapetuk marang wong tuwa,
kang wis metu saka hawa duwe rasa wedi tur asih, banjur karem prihatin,
tiru-tiru satriya Ngamarta Pandawa kang karem tapa, amrih bisa kuwasa.

Semono uga manca buku “Roman” iku ya katarik-katarik Roman ngobong


pikiran dadi ora aman, ngelayung duduk bingung, berdiri bingung wusana
lali bapa biyung, yen dituruti suwe-suwe turut urung-urung.

Pitutur seka Injil, Kur’an, Wedha, ika kagawa seka majuning jaman dipecah-
pecah dadi pirang-pirang piwulang dadi pirang-pirang piwulang. Kur’an
mujudake kumpulan dadi N.U, Muhammadiyah, Islamiyah lan liya-liyane.
Injil dadi Pantekusta, Katolik, Protentan lan liya-liyane. Wedho iku dek
jaman budha, kitab-kitab isih manggon ana ing tanahe dewe-dewe. Negara
lan Negara biasa aman pada ayu ayom ayem tentrem, dene tekane kitab
iku sarana digawa marang para sudagar kang angkara, kepengin enggal-
enggal negarane bisa sugih lan bangsa-bangsane supaya bisa makmur lan
termashur. Mara jajal itungen agama ing tanah kita kira-kira meh ana 72
warna, iku karepe pada pada, mung beda bahasane, kaya dene nyebut
Gusti Kang Maha Kuwasa yen neng Eropa ngarani God. Yen neng Cina
ngarani Dhi Kong, yen Arab ngarani Allah, ana maneh kang ngarani Sang
Hyang Utipati, ana maneh Sang Hyang Latawal Ujwa, iku kabeh bener
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 4/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

angger cara bangsa kang nyebut marga ngerti kang dadi kekarepane,
nanging yen wong Jawa iku sok nggampangake wicara, yen ngarani Wahid
jare Ngahad, yen ngarani gulden jare segelo, mula barang-barang kang
tiron iku arang-arang kang ngerti kang dadi karep-karepe, mula alan-ingalan
kae ala, awake dewe dielem dewe, ngaku yen suci tur resik duwe rumangsa
yen wis kanggep ing Gustine, tandane kanggep iku yen ora ngiwa (nyebal)
seka Gusti, jare ora dahar ora sare, adil welas asih, kita kudu tiru-tiru dadi
ora dadi cecongkrahan, rebut bener, dadi ora kaber golek pangan, marga
emoh tukar pengalaman, mula nontona wayang, Dalang kang ngudal
piwulang marga kabeh-kabeh iku ana wohe utawa buahe, dadi aja mung
dipangan kulite, kaya dene keris aja mung rangka (wadahe) kang diisik-isik,
njorone tainen (tiyengen) tanpa diresiki, mula para Nabi lan Wali iku sabda
dadi, marga landhep kebatinane. Tansah tumindak sabar dedana welas lan
asih, mula kinasih yen bisa saemper Nabi lan Wali, iku warna (neka-neka)
72 paham bisa manunggal (bersatu) dadi Rukun, iku ibarate (upamane)
putrane wong siji kang arep ngabekti marang wong atuwane, nganggo
tatacara dewe-dewe, ana kang nganggo tatacara Arab, ana kang nganggo
tatacara Eropa, iku matuk tumrap wong tanah aire kang nganggo, mesti ora
pada cecongkrahan.

Mangkene pangandikane wong atuwanira, engger……………!!!

Bocah-bocah sira pada guyuba lan rukuna dadiya contone bangsa, lan
pada reksa-rineksa dandanana omah lan pekaranganira, supaya aja itung
jam (pangan), idep-idep karo prihatin, supaya enggal-enggal bisa rampung
aja rebut kuwasa, ing tembe yen wus rampung kanggo tinggalan bebrayan
pada ngenggoni, sak-anak lan putunira. Dene yen kowe pada cengkrahan,
iku pangabektinira mung kandeg ana ing dedalan, yen sira pada rusak
kacemplung ing pakunjaran, wong atuwanira kandeg ora bisa apa-apa
sebab ana bageane dewe-dewe, dadi Ingsun mung Maha Welas, susah lan
bungah, suwarga lan neraka, begja lan mulya, iku mung ginawe dewe-
dewe. Bisane pada makmur yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane
guyub rukun iku yen sira kabeh pada akur guyub rukun. Bisane guyub rukun
iku yen sira pada sugih kawruh lan pengalaman, bisane sugih pengalaman
iku yen sira sugih sesrawungan, marang kanca kang sugih pengalaman,
yen duwe paham mung siji, iku rugi. Mula iku pada sesanjan, nanging aja
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 5/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

gawe pakitunaning liyan, dipurih temuruna anak lan putu anggone


paseduluran, sebab seka reksa-rineksa, tepa salira.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang
Adhi).

————————————

Alang Alang Kumitir

Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: BUKU WE YOGA DHI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 6/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,


LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

44 Comments

1. Baladewa
MAY 17, 2011 – 1:41 PM
Matur nuwun mas, sae banget

2. Suprat Doyok
APRIL 22, 2011 – 2:54 PM
Matur nuwun mas.Sae
lan leres.

3. Mas Edy
FEBRUARY 8, 2011 – 6:50 AM
Matur nuwun mas serate…..sae banget…

Trackbacks

1. OJO REBUT BENER | sastrajawagaul





















https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 7/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir






























https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 8/9
12/26/2017 OJO REBUT BENER | alangalangkumitir

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2010/03/26/ojo-rebut-bener/ 9/9

You might also like