You are on page 1of 6

12/26/2017 PEPADHANGE URIP | alangalangkumitir

PEPADHANGE URIP

MAS KUMITIR ♦ AUGUST 14, 2008 ♦ 7 COMMENTS

i
4 Votes

Pepadang sing bisa digayuh kalawan laku kaya sing wis kaceta ing duwur iku prasasat ngungkuli
padange srengenge. Srengenge mono padange mung kena dirasakake lan disipati dening kalairan
(pandulu, badan sakojur) nanging padang sing ditemu sarana laku iku padanging roh, ya sing
diarani nurcahya (Nur=cahya, cahya=caya, dadi cahyane cahya = roh ilapi) sing daya panguwasane
ngngluwihi kadi padhange srengenge.

Tegese : pepadang sing kaya mangkono mau sing ceta bisa jalari tindak utama ing madyaning
bebrayan lire jagad gede kawaratan, bisa nanduki marang sarira pribadi (jagad cilik)karana bisa
meqar dadi amal suci. Atine padang ora kasrimpet ing pamotahing napsu kadagingan, kalis saka
saka goda rencana kadonyan sing ajak-ajak rusak, ya rusake raga, ya rusake jiwa. Iki kabeh mau
kudu ditindakake kalawan tanpa kendat ing salawase urip.

Mung emane dene sing kaya mengkono iku arang banget kang bisa nglakoni, keh-kehane banjur
kandeg ing tengah dalan, ing sakawit kaya iya-iyaa, nanging toging ngendon bareng mrangguli
gampange banjur ngusira, murtad saka gegebangane kang sejati. Kang mangka kabeh mau kudu
ditindakake ing salawase urip lan kudu diemuti yen iku mau kabeh mung mujudake sawijining
prajanji sing kawetu lan kalakone mung sapisan. Ana dene sing jalari angele iku mau, jalaran sing
akeh ora bisa nyandak marang susurupan ing bab legining madu.

Ora idep ing lungguhi si legi lan lingguhe si madu sarta manunggale sakaro-karone. Endi sing
diarani “Dzat” madu lan endi sing ngeker sipat manise, ora bisa digraitani. Iki dasare mung
prasemon tumrap marang sasira pribadi, sing ateges ora ngidepi marang jejering Kawula lan Gusti
sarta manunggale sing kabeh mau prasemone Gaibing Hyang Widi, dadi sok mangkonoa uga ateges
ora bisa nyumurupi ing Pangerane. Kang mangka dudununge senajan ora karuwan golek-golekane
yen ditumemeni tinemu ana awake dewe.

Ana unen-unen…” adoh tanpa wangenan, cedak tanpa senggolan ” iku maknane ora bedo karo
keplase madu lan legine iku mau. Gemblenge mujudake kahanan sing aninang, sing ora ana
prabedane karana manunggal dadi siji.

Kanggo nyumurupi dununge sipat legi lan dzat madu sarta ndamangi marang manunggale, ya sing
ateges meruhi marang manunggale Kawula lan Gusti utawa marang Pangerane, iku temene wis pada
cumepak prabote, tur genep pisan, yaiku tinemu ana ing sarira pribadi, ana ing awake dewe.
Nanging ing sarehne kurang bisa migunakake carane anggone ngudi banjur sok ora genep, ninggal

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/14/pepadhange-urip/ 1/6
12/26/2017 PEPADHANGE URIP | alangalangkumitir

salah sijining srana saka uger-uger panggilu dane ngelmu (sarengat, tarekat, hakekat lan makrifate).
Utawa isish kerem marang ubaling napsu kadagingan, duwe pamrih rupa-rupa sing tumanjane
mung marang urip kalairan.

Kajaba iku, keh-kehane pambudine sok sembrono ora ngendahake marang wewalering ngelmune
nyepelekake karana ngrumangsani yen wis bisa nyakup marang surasane kabeh, wiwit saka “Ha”
nganti tekan “NGA” utawa marga saka anggone kurang bisa ngendaleni hawa napsune, banjur ora
bisa ngetut utawa nyusetyani marang sakehing wewaler kang mestine kudu diturut. Lekas ing kaya
mengkono mau mbebayani tumrap marang awake dewe lan samangsa kudu ngadepi kukuting
jiwangga, asring isih kagubet dening pakartining napsu kadagingan lan kagoda dening pakareman-
pakareman kang di alami dek rekalane isih meger-meger urip waras-wiris. Jer sakabehing tindak
kang dilakoni nalikane isih jejer dadi manungsa iku, luwih-luwih sing ana gegayutane karo ubaling
angkara murka, isih tumabet ana ing jiwa kang angel ilang-ilangane. Awit saka iku sing akeh-akeh
patine banjur sasar susur ora bisa sampurna utawa ora bisa entuk dalan kang padang lan gampang.

Anggane ngudi saya ngangsa-ngangsa kayungyune marang pamrih sing maneka warna lan asipat
kadagingan mau. Ana dene sing dianggo nutupi mung estine marang tindak madya lan utama. Dadi
apa sing katindakake mau salugune cengkah karo kekerane ngelmune kang sejati, ateges uga
tumindake cidra ing atase nggilud pangelmon, bebasane jabo putih jero kuning (palsu). Upamane
banjur madeg dadi dukun kang ngalap opahan, netepake mejani lan patukon lsp, kang dadi margane
urip seneng nanging mung uriping wadag.

Awit saka iku, ing babagan sing kaya mangkene iki kudu sing bisa waskita lan trampil milah-
milahake, endi-endi sing tidak nyata nurut andemaning kajaten, endi sing mung dianggo srano
mulas kajatene kang ora bener iku. Yen dijablasake endi sing tumindak bener-bener atas asmane
Pangeran karana lekasing lair iku dikemudeni dening batin, lan endi sing mung tindak ninggal
Pangerane Gusti karana lekasing lair iku mung kanggo nyukupi kabutuhaning lair wae. Ana dene
sarengat sing kanggo gagaran pamilihing kahanan, endi sing sejati lan endi sing mung pulasan,
yaiku pangeling-eling marang Pangeran manunggale Kawula lan Gusti lan ngugemi kayakinan, yen
urip iku satemene ana kang murba lan masesa, yaiku Hyang Widi. Dadi kudu emut solah bawa,
muna-muni iku mau kabeh atas asmaning Pangeran, kang sipate suci ora ana kang madani.
Samangsa ana lekas sing katon melok, mangka banjur cengkah karo kasucianing Pangeran, iku
terang banget yen ora bener (eling marang sipat 20 ing Pangeran).

Sipat kajaten, yaiku keploking tindak lair lan osiking batin,krenah marang kautaman sing bener-
bener kanti rila legawa lan nyata-nyata dudu pulasan, mungguhing banyu mono pada wae karo
banyu wening lan resik akinclong-kinclong yen ta diombea bebayane ora ana nyata-nyata bisa
mareming ati lan sirnaning salit. Ya tindak sing kaya mangkono mau sing dialami wiwit saka lair
nganti tekan samatine.

Ana rembug pangelmon sing ana gandenge karo babagan Sangkan Parane Dumadi ana tetembungan
yen uripe manungsa ana ing donya iku bebasane mung purlu Mampir Ngombe. Tembung “Mampir
Ngombe” kasebut, kajaba mengku sipate sing kudu diombe, uga mengku wektune, lire mung
samampir, mung sak perlu, dadi ora suwe lan sing diombe kudu banyu sing mupangati tumrap
marang uripe lair batin, yaiku tirta wening sing wanese kalintang.

Dadi terang banget uripe manungsa ana ing alam donya iku bebasan mung sasiliring bawang mung
sedela banget yen ta ditandinga karo wektu kang bakal dialami ana ing alam langgeng. Dadi
samangsa urip kang sedela iki ora dipigunakake sing kalawan pratitis, mestine banjur bakal
kapitunan lire migunake kalawan pratitis yaiku ngobeya banyu kang wening, nggiluta ngelmu sing
murakabi tumrap marang urip lan pati, bisoa nyumurupi saka ngendi urip iki lan menyang endi urip
iki sabanjure ((ing sak wise kukut ragane). Weruh sing kalawan temen-temen lan alandesan pikir
kang maton.
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/14/pepadhange-urip/ 2/6
12/26/2017 PEPADHANGE URIP | alangalangkumitir

Iki lagi bisa kelakon yen enggone milih iku kanti pratitis, bisa damang endi sing nyata lan endi sing
pulasan, endi sing suci lan endi sing kebak pamrih kang ora yoga. Dadi kudu bisa mbedakake endi
sing tirta wening lan endi sing tirta tan wening, kang supaya ara keblasuk. Awit yen kleru sapisan
mesti bakal kleru ing salawase : janjine mung sapisan.

Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: PEPADHANGE URIP
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

7 Comments

1. Rusmanu
MARCH 13, 2011 – 5:43 PM
mugo mugo kulo lan panjenengan sedoyo pikantun padange ati lan panguripan
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/14/pepadhange-urip/ 3/6
12/26/2017 PEPADHANGE URIP | alangalangkumitir

2. M Fadloli Hs
FEBRUARY 3, 2010 – 8:28 PM
tidak ada jalan yang dapat menerangi jalan dan hati manusia di dunia ini selain banyak ingat
kepada Alloh,yakni dengan mentaatinya.menjalankan semua perintahnya dan menjahui semua
larangannya. ( Taqwa ).

orang yang bertaqwa di sebut mu aqin. untuk mencapai mu aqin harus mengerti ilmu Agama
secara mendalam,kemudian di amalkannya.

Taqwa adalah rangkaian dari dua hal,ya’ni I- berilmu.2- amal.

seseorang belum bisa mencapai derajad orang Mu aqin kalau belum menyempurnakan dirinya
dengan ilmu agama yang mendalam dan mengamalkannya dengan sempurna.

Al Fadlol santrini. Brangkal Mojokerto Jatim.


tlp : 03216236671

3. Silora
DECEMBER 26, 2009 – 6:29 AM
Wuadhaaah…. tambah dino tambah gayeng….. sakjane mono wewarah poro lelhur ing bumi
nusantoro ora kurang tur yo linuwih adi luhung. gene kok yo barang2 import sing tuno ing tepo
sliro kok ijih dho di …… oh Gusti nyuwun panagapuro…….

4. Triwikromo
DECEMBER 25, 2009 – 10:21 PM
nyuwun gunging samodra pangaksami sakderengipun kangmas, kawula namung badhe matur
sakedhik bab panulising ukara basa jawi ingkang ngagem aksara latin, punapa saenipun mboten
dipun jumbuhaken kaliyan aksara jawa (ha, na, ca, ra, ka…lst) Tuladha: padang => padhang,
goda=>godha (ngagem aksara dha sanes da), estine=>esthine (ngagem aksara tha, sanes ta)….lsp.
Namung menika ingkang saged kawula aturaken menawi kumalancang lan kirang ing tata
trapsila kawula tiyang cubluk ingkang mboten mangertos ing sastra lan budaya nyuwun gunging
pangaksami……
maturnuwun..

5. Ruben Djokarto
DECEMBER 22, 2009 – 4:13 PM
sugeng pinangge,
kulo njuwun amit, kulo sangking negari Suriname(South America) lan kulo ninda ake kejawen
kanggo kumulan agomo.
kulo njuwun kale mas Kumintir jen biso kirim serat niki nang E-Mail kulo, tinapine nang
tembung jowo sing gampang (ngoko), djalaran nang Suriname mriki mboten gadah guru sing
waget djelas djelas aken babakan kejawen.
Kulo njuwun pak jen biso kirim ” pepadange urip” nang jowo ngoko, biso tah wjahke karo
setonno kulo nang Suriname mriki.
E-Mail = rubendjokarto@yahoo.com

Kulo matur sewu kesuwun

6. Joko
NOVEMBER 19, 2009 – 7:33 AM
sae, ndherek tepang-aken kula piyantun ingkang nembe sinau rasa, kula nate mireng tembung
rasa, rumangsa lan ngrasa-ake, menika suraos-ipun menapa nggih?

7. Neneng
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/14/pepadhange-urip/ 4/6
12/26/2017 PEPADHANGE URIP | alangalangkumitir

MAY 9, 2009 – 1:37 PM


WAH–WAH SEMAKIN BANYAK YANG AKU BACA SEMAKIN BANYAK YANG AKU TIDAK
MENGERTI…kebak piwulang becik…hananging langkung sae malih supados kathah tamu
ingkang sowan mriki saha mangertos suraosipun kasuwun dipun tegesi ngangem bahasa
Indonesia, NUWUN













































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/14/pepadhange-urip/ 5/6
12/26/2017 PEPADHANGE URIP | alangalangkumitir






https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/08/14/pepadhange-urip/ 6/6

You might also like