You are on page 1of 5

12/26/2017 PERAYAAN TAUN ANYAR | alangalangkumitir

PERAYAAN TAUN ANYAR

MAS KUMITIR ♦ DECEMBER 16, 2009 ♦ 6 COMMENTS

i
Rate This

SAK KABEHING BANGSA


PADA DUWE PERAYAAN TAUN ANYAR

Mula iku bangsaku yen kersa pada elinga


marang taune dewe supaya duweya
perayaan dewe kang kanti rila lan asung
syukur marang alam kang alap ingalapan
paedah, lan bungah dene bisa menangi
tau anyar, ya iku ngacik sasi Sura, iku
sasi anteng, perlu kanggo ngasah
kebatinan, carane mutih utawa ngadem,
utawa ora mangan sega, cara-cara iku
kang ditindakake para embah-embah
buyut kita biyen, kanti tutug 21 dina
sauwise banjur sesalaman apura
ingapuran.

Dene yen arep merayakake, atun anyare dewe yaiku nang sasi Sura
tanggal 22 tumeka malem tanggal 1 Sapar dene melek suwengi tanggal 1
Sura iku ibarat melek setaun kasiyate kinacek ing sapada-pada.

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/16/perayaan-taun-anyar/ 1/5
12/26/2017 PERAYAAN TAUN ANYAR | alangalangkumitir

Dene carane perayaan iku kang utama yen cara biyen iku kang ditindakake
Merdi Desa, setahu sepisan iku kudu dilakoni, wong sadesa pada asung
pahargan marang leluhur kang bubak senggani, tumrap kuna-kuna yen
nanggap wayang iku lakon ngrumat petanen, lakone Dewi Sri. Dene rakyate
kudu melek sadjrone 3 bengi awit tanggal 30 Besar saben wong pada
pasang ting, supaya padang dalane, ing tanggal 22 Sura wong sadesa pada
rame-rame ngubengi desane ing wayah tengah wengi, pasa slawatan,
embleg-emblegan dene bocah-bocah pada dolanan abit lan obor, wong
wadon pada nylametake pari (jagunge) lan duwene petanen, minangka
dikudang-kudang utawa digunggung-gunggung supaya krasan lestari
nderek Bapa Tani lan Biyung Tani, dene yen Pak Tani ya mikul bucu dipaes-
paesi janur kuning iku awer-awer slamet saben dalan mlebu dipasangi
gapura, tegese gawea pangapura adat pituwase para lurah ing padesan,
yen saben taun desane diperdi miturut cara-cara kuna iku sok keket berkat
desane yen sinawang katon singer lengreng asri tur direksa marang
leluhure kang mbau reksa dene yen ora dipersudi, iku mung duwe aran
lurah nanging ora duwe kaberkatan, lan ora bisa tulus dene yen Kabupaten
biyen sataun sepisan pra lurah pada asung karameyan lan hasil pertanian
digawa nang alun-alun kanggo rame-rame pameran diarani Merdi Negara.

Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang
Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir

https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/16/perayaan-taun-anyar/ 2/5
12/26/2017 PERAYAAN TAUN ANYAR | alangalangkumitir
Advertisements

Report this ad

Report this ad
POSTED IN: BUKU WE YOGA DHI
TAGGED: AJARAN, ALANG, ALANG-ALANG, ALANG-ALANG KUMITIR,
ALANGALANGKUMITIR, ASMARADANA, BABAD, BALABAK, BUDAYA JAWA, BUDI,
DHANDHANGGULA, DURMA, FALSAFAH, FILOSOPI, GAIB, GAMBUH, GIRISA.,
HAHEKAT, JAVANESE CULTURE, JAVANESE MANUSCRIPTS, JURUDEMUNG, KAUTAMAN,
KAWRUH, KEJAWEN, KEKAWIN, KIDUNG, KINANTHI, KITAB, KUMITIR, LAYANG.,
LUHUR, MACAPAT, MAKRIFAT, MANTRA, MASKUMAMBANG, MEGATRUH, MIJIL,
MISTIK, MITOLOGI, NASKAH KUNO, NGELMU, PANGKUR, PEKERTI, PEMUT, PITUTUR,
PIWULANG, PRANATA, PRASASTI, PRIMBON, PUCONG, RAMALAN., RASA, RENUNGAN,
SASTRA, SASTRA JAWA, SEJARAH, SEJATI, SERAT, SINOM, SULUK, TAFSIR, WAHYU,
WEDARAN, WIRANGRONG, WIRID

6 Comments

1. Anang
DECEMBER 31, 2009 – 7:18 AM
Rahayu…
Ass…
Dumateng sedoyo kadang kinasih.
Ki..nyuwon tangklet, taun enggal jawa kalian islam arab puniko kok sareng nggih ? punopo islam
arab njiplak dateng penanggalan jawi ? amargi menawi kulo itung tahun jawi sakmeniko sampun
1943 menawi thn islam arab nembe 1943 artosipun tahun jawi 500 thn langkung rumiyen..
https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/16/perayaan-taun-anyar/ 3/5
12/26/2017 p ANYAR | alangalangkumitir
PERAYAAN TAUN g j
g y
ngapunten menawi kulo gadah pendapat bilih sebagian besar nilai di islam arab meniko mendhet
saking nilai2 luhur tiang jawi, mekaten ugi penanggallan puniko.
Menawi wonten lepatipun kulo nyuwon gunging samudro panyeksami.
Wassalam..
Rahayu…

2. Rino Istarno
DECEMBER 21, 2009 – 2:22 AM
mohon petunjuk mas, di jakarta ada kumpulan yang membahas ajaran2 leluruh jawa.

3. Sunardi
DECEMBER 19, 2009 – 2:39 AM
Matur nuwun anane blog basa jawa, iki meh saben dina tak bukak minangka kang sinau jawa.

4. Werdo
DECEMBER 18, 2009 – 5:13 AM
Salam seh katrenan,

maturnuwun mas Kumitir, saking situs panjenengan kulo saget ngangsu kawruh babagan urip
kang bener7pener,
suwun

rahayu….. rahayu….rahayu…

5. Yono
DECEMBER 17, 2009 – 3:22 PM
Suwun mas kumitir..mugi2 sedoxo langgeng? Ngaupati riyayo thun bru islam amin…

6. Idris
DECEMBER 17, 2009 – 3:47 AM
makasih bayak pak,dari situs ini saya banyak belajar, semoga situs ini terus eksis,. ..matur nuwun
sanget



















https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/16/perayaan-taun-anyar/ 4/5
12/26/2017 PERAYAAN TAUN ANYAR | alangalangkumitir
































https://alangalangkumitir.wordpress.com/2009/12/16/perayaan-taun-anyar/ 5/5

You might also like