You are on page 1of 2

PRANATA ADICARA PERPISAHAN

Assalamualaikum Wr.Wb

Kepala SMA N 1 Kedungpring ingkang dahat kinurmatan , para guru saha karyawan ingkang
kinurmatan, Para Wali murid , tamu undangan ingkang kinurmatan, lan para kanca ingkang
kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT
ingkang sampun kepareng paringa kanugrahan ingkang arupi kasasaran satemah ngantos
wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saget rawuh ing acara perpisahan kelas XII
SMA N 1 Kedungpring menika

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, langkun
rumiyin badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening
para kadhang panitia :

1. Pambuka

2. Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1 Kedungpring

3. Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII

4. Selingan

5. Penutup

Mekaten wau rantamaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal punika

Para rawuh ingkang kinurmatan , ngengeti wekdal ingkang sampun dungkap siyang langkung
prayogi menawi adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing adicara angka setunggal
inggih menika Pambuka. Sumangga adicara menika dipunwekasi ndedonga adedasar
agaminpun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga.

Adicara ingkang angka kalih inggih menika Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1
Kedungpring, panjenenganipun Bapak Sunardi, dhumateng Bapak Sunardi
kasumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Sunardi. Adicara saklajengipun inggih menika Tanggap
wacana saking Wakil Kelas XII, dhumateng sedherek Prawoyo kasumanggakaken

Matur nuwun dhumateng sedherek Prawoyo Mekaten wau Tanggap wacana saking Wakil
Kelas XII. Adicara saklajengipun inggih menika Selingan, sinambi para rawuh ngunjuk saha
dhahar nyamikan, sumangga mirsani kesenian tarian tradisional saking para kanca kelas X/XI
SMA N 1 Kedungpring
Matur nuwun dhumateng para kanca kelas X/XI , sakajengipun adicara ingkang pungkasan
inggih menika penutup , pramila sumangga acara ing siyang menika dipun pungkasi kanthi
ndedonga sesarengan adedasar agaminipun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken
sumangga

Matur nuwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra
pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula
matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula.
Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum Wr. Wb

You might also like