You are on page 1of 2

TEKS MC/PANATACARA

Assalamualaikum Wr.Wb

A'uzubillahiminasyaitonnirojim. Bismillahirohmannirrohim. Alhamdulillahirabbil'alamin.


Washolatuwassalamu'ala asrafil ambiya iwalmursalin wa'ala alihi wasohbihi ajmangin. Amma ba'du.

Ingkang satuhu dahat kinurmatan, pangarsa SMP Negeri 1 Jenangan, Bapa Setiantono S.Pd, ingkang
satuhu pantes sinudarsono, Bapak/Ibu guru saha karyawan SMP Negeri 1 Jenangan. Saha kanca-kanca
ingkang kula tresnani.

Saderengipun sumangga kita tansah manjataken raos puja dalah puji syukur kita dumateng Allah SWT
ingkang sampun paring taufiq saha hidayahipun, sehingga wonten ing wedal siang punika kula saha
panjenengan sami tasih pinaringan kasugengan saha karaharjan saget angrawuhi wontening acara
perpisahan kelas 9 SMP Negeri 1 Jenangan kanthi kawantenan wilujeng mboten wonten aral satunggak
punapa. Ingkang kaping kalihipun, shalawat saha salam mugio tansah kunjuk dumateng junjungan kita
nabi agung Nabi akhiruzzaman inggih menika kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun mbeta
umatipun saking margi ingkang awon dumateng margi ingkang sae lan ingkang kita ajeng ajeng
syafaatipun benjeng wonten Yaumul Qiyamah Amin.

Salajengipun ten mriki kawula ingkang kajibah nampi ayahan minangka pranata adicara ingkang saperlu
badhe ngaturaken susunan acara ing wedal enjing punika.

1. Ingakang sapindah inggih menika pambuka


2. Ingkang kaping kalih inggih menika kumandange ayat suci al-quran
3. Ingkang acara kaping tiga inggih menika sambutan saking ketua osis
4. Minangka acara selajengipun inggih menika sambutan perwakilan kelas 7, 8
5. Acara kaping gangsal sambutan perwakilan saking kelas 9
6. Minangka acara ingkang kaping nenem inggih menika sambutan saking bapak kepala sekolah
sekaligus maulidah hasanah ingkang kalajengaken do'a
7. Minangka acara ingkang kaping terakhir penutup

Para hadirin uga rencang rencang ingkang kula hormati, mekaten kula wau menggahing hadicara ing
wedal enjing menika, lan minangka acara slajengipun inggih menika pembuka, sumangga acara ing
wedal enjing menika kita bikak sesarengan kanti waosan umul kitab Al-Fatihah... Matur nuwun mugi
mugi kanthi waosan Al-Fatihah kala wau saget mbeto lancaring hadicara ing wedal enjing menika.

Lan minangka acara selajengipun kumandange ayat suci Al-Quran. Dhumateng panjenenganipun...
kawula sumanggaken. Mekaten kala wau kumandange ayat suci Al-Quran mugio saget nambah iman lan
taqwa kita dumateng Allah, ugi saget mbeta lancaring hadicara ing enjing menika Amin.

Lan minangka acara selajengipun inggih menika sambutan saking katua osis SMP Negeri 1 Jenangan,
dumateng panjenenganipun... kawula sumanggakaken.
Minangka acara selajengipun utawi acara ingkang kaping sekawan inggih menika sambutan perwakilan
kelas 7, 8. Dumateng panjenenganipun... kawula sumanggakaken.

Minangka acara selajengipun inggih menika sambutan perwakilan saking kelas 9. Dumateng
panjenenganipun... kawula sumanggakaken.

Minangka acara ingkang kaping nenem sambutan saking bapa kepala sekolah sekaligus maulidah
hasanah ingkang kalajengaken do'a. Dumateng panjenenganipun bapak Setiantono S.Pd kawula
sumanggakaken. Dumateng panjenenganipun Bapak Setiantono S.Pd katuraken matur nuwun.

Minangka acara ingkang kaping terakhir inggih menika penutup. Sumangga acara purnawiyata kelas 9
SMP Negeri 1 Jenangan menika kita tutup kanthi waosan hamdalah...

Cekap semanten saking kawula wonten kirang langkung ipun kula nyuwun pangapunten. Akhir kata
wbilahi taufik wal hidayah. Wa ridho wa inayah.

Wassalamualaikum Wr.Wb

You might also like