You are on page 1of 2

PRANATA CARA PENGETAN TANGGAP WARSA SEKOLAH

PRANATA CARA

PENGETAN TANGGAP WARSA SEKOLAH

Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, saha para guru ingkang kula hormati, ugi
dumatheng para siswa ingkang kula tresnani. Keparengan ing mriki kula badhe matur wonten ngarsa
panjenengan sami, minanagka pranata cara pengetan tanggap warsa Sekolah, ingkang kaping 37 surya
kaping 1 April 2015.

Ingkang sepisan, kula mocapaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Murbeng
Agesang, dene panjenenganipun sampun kersa paring kanugrahan dumatheng kita sadaya , kathanda
ing dalu punika, kita sampun dipun keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika.

Kaping kalihipun, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya warga SMP N 1
Depok Sleman sampun sami kepareng paring pambyantu punapa kemawon datheng panitya, murih
saged ipun kaleksanaan mahargya pengetan dinten pengetan tanggap warsa Sekolah ingkang kaping 37
surya kaping 1 April 2015.

Susunan Acaranipun inggih punika :

1. Pambuka

2. Nembang Sesarengan tembang “Hymne SMP N 1 Depok”

3. Sambutan Kepala Sekolah

4. Sambutan Ketua Panitia

5. Sambutan Ketua Komite

6. Piwaosan Donga

7. Penutup
Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kesekecakaken
lenggah dumugi paripurnaning adicara.

Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan
basmalah. Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa
purwakani adicara menika dening waosan basmalah.

Salajengipun atur pambagyaharja Ibu Kepala Sekolah, Ibu Farida kula semanggaken. Matur nuwun
dhumateng Ibu Farida ingkang sampun kersa atur sesorah.

Salajengipun, atur pangandikan saking Ibu Nabila minangka Ketua Panitia. Ibu Nabila kula
sumanggakaken.

Matur nuwun dening Ibu Nabila ingkang sampun kersa paring atur sesorah.

Salajengipun, atur pangandikan saking Ibu Kinnari minangka Ketua komite. Ibu Kinnari kula
sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng Ibu Kinnari ingkang sampun kersa paring atur sesorah.

Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe
dipundhereaken dening Bapak Rama. Bapak Rama, kula sumanggakaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Rama, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging
pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.

Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur nuwun.

Wassalamualaikum.wr.wb

You might also like