You are on page 1of 2

Kegiyatan 5.

3 Panyandra

Wangsulan pitakon
1. Macem – macem panyandra :
A. Panyandra anggane manungsa lan bab kang gegayutan karo manungsa
B. Panyandra anggane danawa lan bab kang gegayutan karo danawa
C. Kaananing alam utawa mangsa
D. Candra tumrap liya-liyane
2. Panyandra solah bawa tegese tetembungan kang nggambarake lelaku
3. Panyandra peranganing awak tegese tetembungan kang nggambarake candrane awak
4. Panyandra mangsa tegese tetembungan kang nggambarake kahanan mangsa
5. Panyandra solah bawa : rukune kaya mimi lan mintuna
Panyandra peranganing awak : mripate ndamar kanginan (blalak-blalak)
Panyandra mangsa : Pancuran mas sumawur ing jagat = candrane mangsa kalima, tegese wiwit
akeh udan
Panyandra wong nesu : kumedhot padoning lathi

Gladen
Kegiyatan 8
Basa Rinengga ing sajroning teks Panyandra Sungkeman
1. Raja saari sampun jengkar saking dhampar arsa lumarap ngabyantara para pinisepuh
2. Tulus mulya
3. Landhep ing panggraita
4. Kadya siniram banyu sewindu
5. Ayem tentrem
6. Jenjem sumembah
7. Datan sinayutan
8. Sasana yoga brata nawa candra dasa ari
9. Bale wisma

Kagiyatan 9
Basa kang digunakake ing wacana Pengetan Dinten Kamardikan isih nganggo basa krama sing lumrah.
Kamangka teks wacan Panyandra Sungkeman nganggo basa kang ora lumrah dienggo amarga wis
dipacaki, dipaesi perlune endah lan ngresepake ning ati.

Soal Tantangan
1. Alise : nanggal sapisan
2. Astane : nggandewa gadhing
3. Athi-athine : Ngudhup turi
4. Awake : ramping
5. Bangkekane : nawon kemit
6. Bathuke : nyela cendani
7. Brengose : nglaler
8. Cahyani : sumunu/sumunar, ngalentrih
9. Dedege. : Dhuwur kencur
10. Drijine : mucuk eri
11. Eseme : kaya madu pinastika, pahit madu
12. Godheke. : simbar rumembun
13. Gulune. : Ngulan-ulan
14. Idepe. : tumenga ing tawang
15. Irunge : mencana pinatar, mbangir, ngudhup mlathi
16. Jangkahe : njalak njrinjing
17. Jempolane : ngendas ula
18. Kempole. :ngembang pudhak, nyikil walang
19. Lelakune. : Kaya macan luwe
20. Lembehane. : mblarak sempal
21. Lambene : manggis karengat, nggula satemik
22. Lengene : nggendhewa pinentang
23. Mripate : mblalak-mblalak, damar kanginan
24. Netrane : liyep alindri
25. Pakulitane : ngulit langsep, ireng manis
26. Pamulune : ambengle kiris, prada binabar
27. Pawakane : gagah pidegsa, ramping
28. Pipine : nduren sajuring
29. Polatane : ruruh jatmika
30. Praene : sumunar
31. Pundhake : nraju emas
32. Pupune : mukang gangsir
33. Rambute : ngembang bakung
34. Sinome : micis wuncah, mbibis mabur
35. Slirane : sedhet singset
36. Solahe : merak ati
37. Swarane : ngombak banyu
38. Tangane : nggendhewa pinentang
39. Tungkake : bunder lir jinangka
40. Untune : miji timun

You might also like