You are on page 1of 1

MATERI TEMA 3 SUBTEMA 2

SDNEGERI 2 GLINGGANG
TAHUN PELAJARAN .................

BAHASA JAWA

TEMBANG DOLANAN

1. Tembang dolanan ya iku jinis tembang reripta gagrak anyar kang ora nganggo


paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biyasa ditembangaké
déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-
kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah
kawanuhaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan
alam, lan sapanunggalané.
2. Tuladha syair tembang dolanan utawa tembang kang kerep diunekke bocah-bocah.

Cublak-cublak suweng Kidang Talun


Gajah gajah Kupu Kuwi
Gambang Suling Lir Ilir
Gundhul Pacul Menthok Menthok
Jamuran Padhang Bulan
Jaranan Pitik Tukung

UKARA PITAKON
1. Ukara pitakon  yaiku ukara sing dianggo kanthi pangajap  nggoleki wangsulan utawa
nggenahake apa-apa kang wis dimangerteni dening sing takon sadurunge.
2. Tuladha ne ukara pitakon

Apa (Nakokake barang) Apa sing kokgawa kuwi ?


Sapa (Nakokake wong.) Sapa sing teka kae ?
Sinten ingkang dhateng menika ?
Ana ngendi (Nakokake panggonan.) Ana ngendi kowe tuku buku iki ?
Wonten pundi sampeyan tumbas buku menika ?
Pira (Nakokake cacah) Pira  cacahe dhuwit sing kokduweni?
Pinten cacahipun arta kagungan panjenengan?
Kapan  (Nakokake wektu utawa Kapan kowe mulih menyang Jakarta?
wayah).
Benjang (benjing) menapa sampeyan mantuk
Yen sing ditakokake wektu sing arep
dilakoni nganggo tembung : besuk, dhateng Jakarta?
benjing, benjang.

Kepriye (Nakokake kahanan utawa Kepriye carane kowe nggawe tahu?


sawijining cara utawa patrap)
Kadospundi caranipun penjenengan ngasta tahu?

You might also like