You are on page 1of 3

DRAMA

Drama mujudake seni pertunjukan sing
nampilake lakon (paraga) ing pentas (panggung).

Jenis-jenise drama :

1.  Drama Tragedi
Drama tragedi yaiku drama kang isine kadadeyan
sing nrenyuhake ati (sedhih).
2.  Drama Komedi
Drama komedi yaiku drama kang medharake lakon
sing lucu.

Unsur-unsur drama :
1.  Unsur Intrinsik
Sing kalebu unsur intrinsik yaiku :
a.   Naskah/ Skenario
Teks sing ngemot kedadeyan sing bakal dimainake
dening para paraga.
b.   Paraga
Wong sing bakal meragakake drama.
c.   Sutradara
Salah sijining pawongan kang ngendalekake
pentas drama.
2.  Unsur Ekstrinsik
Sing kalebu unsur ekstrinsik, yaiku :
a.       Busana/ kostum lan rias
b.      Panggung/ papan pentas
c.       Gamelan
3.  Unsur Teateral
Paraga kudu nguwasani papan pentas/ panggung.
4.  Unsur Budaya
Budaya sing ana ing masyarakat sakiwa tengene
pentas
5.  Unsur Kaendahan (estetika)
Unsur sing ana gegayutane karo rasa kaendahan,
kreativitas, lsp.

Sing kudu ditindakake dening


paraga sadurunge meragakake drama, yaiku :
1.      Maca naskah drama kanthi mangerteni isine
2.      Ngerteni watake paraga jumbuh karo naskah
kang arep diperagakake
3.      Nyiapake papan panggonan (setting)
4.      Milih lan nemtokake paraga
5.      Akting (carane paraga berekspresi)
6.      Bloking : tata posisi paraga ing panggung
7.      Tata artistik : tata rias, tata musik, tata busana,
lan pengaturane lampu

Pamilahe pacelathon ing pentas drama yaiku :


1.      Dialog : pacelathon antara rong paraga/ luwih
2.      Monolog : pacelathon dhewean
3.      Prolog : pacelathon sing ditindakake ana ing
wiwitan pentas drama
4.      Epilog : pacelathon sing ditindakake ana ing
pungkasan pentas drama

You might also like