You are on page 1of 3

TULADHA CARA GAWE PACELATHON ING TUGAS CERKAK

DALAN NINJA
(Johan Slamet Raharjo)
Ana omah manggon ing sapinggire rel sepur. Ing latar omah kuwi akeh sak adah
rosok. Omah iku dienggoni dening bapak lan siji anak lanange. Bapak iku penggaweyane
serabutan kadhang ajege nglumpukake rosok. Dene si anak iku umuran bocah kelas 8 SMP.
(ABSTRAK)
Sore iku kaya kagiyatan biasane, Pak Aji ing latar omahe lagi milah sampah lan rosok
sing bakal didol nang pengepul. Khasil saka adolan kuwi kanggo urip saben dina karo anak
lanang siji-sijine jenenge Suroto. Sisane dicelengi, dheweke kepengin nukokake motor anake
supaya gampangake kanggo budhal mulih sekolah. (ORIENTASI)
“Pak, tukokna motor pak?”, panjaluke Suroto marang Pak Aji.
Pak Aji banjur mangsuli, “Iya le, sek ya. Bapak iseh nglumpukake dhuwit. We njalok
motor sing model piye ta le?”
“Iku Pak, sing kaya duweke Deni.”
“Deni?”
“Wi lho pak, cah sing kerep rene tak nebengi.”
“Wooo cah sing numpak motor gedhe ijo iku le?”
“Ho’oh pak, wi arane ninja pak.”
Kaget atine Pak Aji, Suroto ujug-ujug njalok supaya ditukokne motor. Dheweke
rumangsa isin karo kanca-kancane. Saksuwene iki, dheweke budhal sekolah yen ra ngonthel
ya golem barengan alias nebeng kancane sing jenenge Deni. Kena omongane Deni, Suroto
dadi wani njalok ditukokake motor marang bapake. (KONFLIK)
Nanggepi karep anak kuwi, Pak Aji kandha yen tabungane durung cukup kanggo tuku
pit utawa motor. Gek jalukane Suroto yaiku motor ninja kaya gone Deni, Pak Aji ngrasa ra
kuat tuku sing larang.
“Walah pak-pak, ket mbiyen alesane panggah kuwi ae. Jane gati pora karo anaki jane?
Beh cekak’an ngunu ae nek njanjeni suwi. Panggah ra cukup ae alesane. Wes pokok kuwi
jalukanku pak. Mboh pokok ninja.”
Weruh wangsulane bapake ora kaya sing dikarepake, Suroto nesu banget. Dheweke
nyentak bapake karo nyeplak lawang kanthi nadha ngancam, bakal minggat lan ora ngakoni
bapak marang Pak Aji. Suroto banjur mlebu kamar. Pak Aji mung mbrabak nyawang polah
anake. (KONFLIK)
Wengi iku, kanthi ngempet rasa ing njero dhadhane Pak Aji mara marang omahe Pak
Samsul, juragan pengepul rosok langganane saperlu golek utangan. Ngerti yen Pak Aji
pawongane jujur, sregep, uga apik gaweyane, Pak Samsul menehi pitulungan. Sakrampunge
iku, Pak Aji mulih kanthi lega atine.
Sesoke Suroto diajak bapake nang showroom. Ing showroom Suroto kesenengen
atine, dheweke langsung methengkrang lungguh nengkrik nek motor ninja pilihane. Pak Aji
banjur takon rega marang petugase, tibake dhuwite ora cukup kurang pitung juta luwih.
Pak Aji coba nawar utawa tawa rega nanging ora khasil. Dheweke banjur ngerih-
ngerih anake supaya milih kotor liyane sing regane cukup. Nanging Suroto ra gelem, malah
nyentak bapake. (KLIMAKS)
Suroto nggetak, “Pak!!! Jane niat nukokne tenan pora we ki?”
“Iya To, bapak tukokne. Tapi iki dhuwite mung cukup gawe tuku sing CeBe. Nek
pengin ninja, sabar sek ya le. Insyaalloh tak cukupke dhisek danane.”, wangsulane Pak Aji
kanthi nada rada sedhih lan keweden.
“Sak-sek, sak-sek ae ket biyen pak… wes mboh pokok ninja pilihanku. Ninja kuwi
pokoke.”
“Tapi iki rung cukup le.. to”
“Haaassssshhhs mboh pokok ninja, mboh piye pokok kuwi”
Weruh tumindake anak kaya mengkono marang bapake dhewe, Lek Dar muntab.
Suroto disentak karo Lek Dar, dituturi supaya nesakake marang bapake dhewe. Suroto ngrasa
pegel, dheweke mutung ngalih tanpa pamit saka showroom. Pak Aji mung bisa mbrebes mili
nyawang anake sing wis teka kadohan. (RESOLUSI)
Ana paribasan anak polah bapa kepadrah, sekabehane kepinginan anak iku dari
tanggung jawabe wong tuwa. Senajan iku tanggungan wong tuwa, dadi anak kudune uga
ngerti marang kahanan utawa keadaan wong tuwane mampu apa ora. Aja mung kepengin
dituruti wae, tanpa mikir kepriye rekasane. (KODA)

Cathethan:
 Biasane dialog utawa pacelahon iku bias diseleh ing bageyan ORIENTASI,
KONFLIK, lan KLIMAKS.
 Bisa diseleh ing salah siji bageyan iku utawa luweh, miturut karepe panulis

You might also like