You are on page 1of 2

‫لَّس َالُم َعَلْي ْمُك َو َر َمْح ُة ِهللا َو َبَر اَك ُتْه‬

‫ْل‬
‫ َو َأْش ـَهُد أَّن ُم َح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه‬، ‫ َأْش َهـُد َأْن آل َهَل َّال ُهللا َو ْح َد ُه َال ِرَش ْيَك ُهَل َش َهاَدًة ُأَد ِّخ ُر َه ا ِلَي ْو ِم ا ِقَيـاِم‬، ‫ َو َأْنَع َم َعَلْي َن ا ِبِنْع ـَم ِة ْا ْيَم ـاِن َو ْا ْس ـَالِم‬، ‫َاْلَحْم ُد ِهلل َاْلَحْم ُد ِهلل اِذَّل ي َعَمَّل اِب ْلَقِمَل‬
‫ِإ ِإ‬ ‫ِإل‬ ‫ِإل‬
‫ َو َعىَل آِهِل َو َأَحْص اِبِه َو َمْن َتِب َع ُهْم‬، ‫ َص َالًة ُتْش ِفْيَنا َهِبا ِم َن اَّدل آِء َو ْاَألْس ـَقاِم‬، ‫ َألَّلُهَّم َص ِّل َو َس ْمِّل َو اَب ِر ْك َعىَل َس ـِّي ِد اَن ُم َح َّم ٍد ِم ْص َباِح الَّظ َالِم‬، ‫َو َر ُس ْو ُهُل اَّدل اِع ي ِبَقْو ِهِل َو ِف ْع ِهِل ِإ ىَل َد اِر الَّس ـَالِم‬
‫ َأُع ْو ُذ اِب ِهلل ِم َن الًّش ْي َط اِن‬: ‫ َفَق ْد َق اَل َتَع اىَل يِف ِك َتاِب ِه اْلَك ِر ِمْي‬، ‫ َت ْد ُخ ُلْو ا َج َّن َة َر ِّبْمُك اِب لَّس ـَالِم‬، ‫ َأَّم ا َبْع ـُد َفَي ا ِع َب اَد ِهللا ُأْو ِص ْي ْمُك َو اَّي َي ِبَتْقـَو ى ِهللا َخ اِلِق ْا َألاَن ِم‬، ‫ْح َس اٍن ىَل َيْو ِم الِّز َح اِم‬
‫ِإ‬ ‫ِإِب‬
‫ َو َم ن َيَّتِق َهللا ْجَي َع لِإ ُهَّل ِم ْن َأْمِر ِه ُيًرْس ا‬، ‫ ِبْس ِم ِهللا الَّر َمْحِن الَّر ِح ِمْي‬، ‫الَّر ِج ِمْي‬
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Manggo tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kito soyo
meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya
awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad soho sarono kitho sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing
saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawulo-kawulo nipun Allah ingkang tansah tumidak
sahe soho pinaringan khusnul khatimah.
Kados dawuhipun Allah :
‫اَي َأهُّي َا اِذَّل يَن َء اَمُنوا اَّتُقوا َهللا َح َّق ُتَقاِتِه َو َال َتُم وُتَّن َّال َو َأنمُت ُّم ْس ِلُم وَن‬
‫ِإ‬
“He wong wong kang pada iman, pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan
ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Mboten dangu malih kitho sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kitho cawis cawis kangge
ngadepi kewajiban kitho nindakaken shiyam wonten wulan ramadhan. Sikap mental lan manah kitho kedah dipun
siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban siyam Ramadhan punika kanti kepekso. Pramila
mangga kitho adepi wulan suci lan kewajiban punika kanti manah bingah saha ridla, remen nindakaken kewajiban saking
ngarsanipun Allah. Sebab bingah kemawon sampun ageng faedahipun, Kanjeng Nabi sampun dawuh :
‫َم ـْن فَـِر َح بِــُد ُخ ْو ِل رمضاَن َح َّر َم ُهللا َج َس َد ُه َعَىل الِّنرْي اِن‬
“Sing sopo wonge bungah sebab tekane wulan Ramadlan, mangka Allah ngaramake jasade wong kui sangka
siksa neraka”
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Kanjeng Nabi Muhammad SAW, wonten akhir bulan sya’ban, biasanipun ndawuh aken:
‫ َم ـْن َتـَقــَّر َب‬. ‫ وقـيــاَم َلـْيـِلـِه تَـَط ـُّو عًـا‬، ‫ َج ـَع ـَل اللـُه ِص ـيـَـ اَم ـه َفـِر يْــَض ـًة‬، ‫ َش ــْهـٌر ِف ــْيـِه لـَـ ْيـَلـُة اْلــَقــْد ِر َخ ـْيـٌر ِم ـْن ألــِف َش ــْهـٍر‬، ‫يـا َأيُّـهَـا الـَّنـاُس َقــْد َأَظ ـَّلــُكـْم َش ــْهـٌر َعـِظ ــْيـٌم ُم ـبــاَر ٌك‬
‫ و الـَّص ــْبـُر‬، ‫ ُه ـَو َش ــْهـُر الـَّص ــْبـِر‬، ‫ وَم ـْن َأَّدى فَـريــَض ـًة اَك ن َكـَم ـْن َأَّدى َس ـْب ِع ـْيـَن َفـِر يْــَض ـًة فـيـمـا سـواه‬. ‫فـيـه بِـَخـْص ـَلـٍة ِم ـْن ِخ ـصـَـاِل اْلـخَـرْي اَك َن َكـَم ـْن َأَّدى فَـريــَض ـًة ِف ـيـمـا ِس ـَو اُه‬
‫ َو َش ـْهــٌر الـُم ـواسـاِة وشـهــٌر يُـــَز اُد فـيـه الـِّرْز ُق‬، ‫ثَـوَابُـه الـَج ـّنة‬
‘’ He poro manungso, temenan bakal tumeko sawijining wulan kang agung, kang dibarokahi, kang mayungi marang siro
kabeh, yoiku wulan Ramadhan, ing wulan Ramadhan kuwi ana sawijining wengi kan diarani Lailatul Qadar, kang
kautamane ngungkuli sewu wulan, Allah wis majibake poso ing sasi kuwi, lan disunatake shalat wengi ing sasi kuwi, sing
sopo wonge taqarrub ngibadah amrih caket marang Allah, ana ing sak sejerone wulan mau, kelawan ngamal ngamal
ibadah sunnah mangko koyo nindakake ibadah fardlu ing sak jerone sasi liyane, Lan sing sopo wongwe ngibadah fardlu
siji ing wulan Ramadhan, mangka koyo koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing sasi liyane . Lan sasi Ramadhan iku sasi
sabar, dene sabar iku ganjarane swargo, Ramadhan iku sasi kang kanggo asih asihan, Lan sasi Ramadhan iki mangsane
ditambahi peparinge rizki”
(HR.Ibnu Khuzaimah, lan Baihaqi).
Saget dipun simpulaken, saking welasipun dateng kitho, wonten wulan Ramadhan Gusti Allah paring obral
ganjaran. Ibadah Sunah dipun tikel-tikelaken ganjaripun kados ibadah fardhu. Ngelakoni ibadah fardhu ganjare
ditikel-tikelaken ngantos ping pitungpuluh (70). Semanten agung kanugrahan peparingipun Allah ingkang
kaparingaken ing sak lebetipun wulan Ramadlan, tentu eman sanget tumrap tiyang mukmin menawi ngantos
mboten nampi lan nanggapi kanugerahan ageng paringipun Allah menika.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Gegayutan kalihan persiapan kitho sedoyo kagem menyambut bulan ingkang mulyo meniko, Syaikh Abdul
Qodir al-Jaelani wonten kitab al-Ghuniyah ndawuhaken, supados kitho ngatah-ngatahkan istighfar, taubat,
nyuwun pangapunteng dateng Allah SWT. Imam al-Ghazali wonten kitab Minhajul Abidin, ndawuhaken, bilih
diantara fungsi taubat meniko wonten kalih. Sepisan; Supoyo diparingi enteng/akas nindakaken ibadah.
Langkung-langkung wonten ing wulan ramadhan, kitho sedoyo tansah kepengin saget enteng, akas, soho rikat
anggen ibadah kranten agengipun fadhilah wulan ramadhan meniko.
Kapindo, faedahe taubat, nyuwun pangapunten dateng Allah lan ugi nyuwun pangapuro karo sepodo-podo,
supoyo ibadahe dewe ora muspro alias kersane ibadah kitho dipun tampi deneng Allah SWT. Imam al-Ghazali
paring gambaran mekaten, wong ngibadah nanging ora gelem tauabat, podo karo nyuguh daharan/minuman
dateng dayoh/tamu, terus daharan/minuman meniko ketetesan kringet utowo kotoran sanesipun. Menopo tamu
meniko purun dahar utawi ngunjuk daharan/minuman ingkang ketetesan kringet utawi kotoran kalowau? Tamtu
kemawon, mboten. Semanten ugi, menawi kitho ibadah langkung-langkung wonten saklebetipun wulan
ramadhon, menawi mboten dipun rumiyini kalian taubat, tangeh lamun menawi dipun tampi deneng Allah
SWT.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Mugi mugi Allah maringono pitulung lan pitedah dateng kitho sedaya, saget tumandang nindakaken jejibahan
shiyam kanti enteng lan maqbul ing ngarsanipun Allah Ta’ala.
‫ ِبْس ـِم ِهللا‬، ‫ َأُع ـْو ُذ اِب ِهلل ِم َن الَّش ْي َط اِن ال َّر ِج ِمْي‬، ‫ َقاَل َتَع اىَل َو ُه َو َأْص َد ُق ْا لقاِئِلَنْي‬، ‫ َّنُه ُه َو الَّتَّو اُب الَّر ِح ِمْي‬،‫ َو َنَفَع يِن َو اَّي ْمُك اِب ْاآلاَي ِت َو اِّذل ْك ِر اْلَح ِكِمْي‬، ‫ابَر َك ُهللا يِل َو َلْمُك يِف اْلُقْر آِن اْلَكِر ِمْي‬
‫ِإ‬
‫ َو ُقْل َر ِّب ْا غِفْر َو اْر َح ْم َو َأْنَت َخُرْي الَّر ِمِح َنْي‬، ‫ َمْن ِمَعَل َص اِلًح ا ِّم ن َذ َكٍر َأْو ُأن ِإىَث َو ُه َو ُمْؤ ِم ٌن َفَلُنْح ِي َيَّنُه َح َياًة َط ِّي َبًة‬، ‫الَّر َمْحِن الَّر ِح ِمْي‬

You might also like