You are on page 1of 6

1.

Ngoko Lugu
Basa Ngoko Lugu inggih menika basa ingkang tembung-
tembungipun Ngoko sedaya.
Tuladhanipun:
a. Aku arep mangan.
b. Bapak lagi turu.
Panganggenipun:
a. Tiyang sepuh dhateng putra, wayah, lan
tiyang enem.
b. Tiyang dhateng sesaminipun.
c. Priyayi dhateng abdinipun.
d. Tiyang ngunandika
Basa Ngoko Andhap inggih menika basa ingkang
tembung-tembungipun Ngoko kecampuran Krama
Inggil.
Tuladhanipun:
a. Bapak arep sare.
b. Panjenengan dhahar apa.
Ancer-anceripun:
a. Kowe dados Panjenengan (keprenah sepuh), Sliramu
(keprenah enem).
b. Ngginakaken Krama Inggil tumrap tiyang sanes.
Panganggenipun:
a. Tiyang enem dhateng tiyang sepuh
b. Sedherek sepuh dhateng sedherek enem ingkang
pangkatipun langkung inggil.
c. Pengageng dhateng pengageng ingkang sampun kulina.
Basa Krama Lugu inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun
Krama boten kecampuran Krama Inggil.
Ancer-anceripun:
a.aku : kula
b.kowe : sampeyan
c.dak-/ ku- : kula
d.kok-/-mu : sampeyan
e.di- : dipun-
f.-e : -ipun
g.-ake : -aken
Panganggenipun:
a.Tiyang sepuh dhateng tiyang enem
b.Pengageng dhateng andhahan
c.Andharan, sarasehan,khotbah lsp.
Tuladhanipun: a. Menapa sampeyan dereng tilem?
b. Sampeyan tumbas menapa?
Basa Krama Alus inggih menika basa ingkang tembung-tembungipun Krama
saha kecapuran Krama Inggil.
Ancer-anceripun:
a.aku : kula
b.kowe : panjenengan
c.dak-/ ku- : kula
d.kok-/-mu : panjenengan
e.di- : dipun-
f.-e : -ipun
g.-ake : -aken
Panganggenipun:
a.Tiyang enem dhateng tiyang sepuh.
b.Andhahan dhateng pengageng.
c.Murid dhateng guru lsp.
Tuladhanipun: a. Menapa Panjenengan dereng sare?
b. Panjenengan mundhut menapa?
1. Layang iki wenehna Bu Jono!
2. Aja rame, simbah lagi turu!
3. Kowemelu lunga ibu menyang pasar!
4. Simbah ngerti yen aku lara.
5. Pak lurah uga wis adus
6. Sing nganggo kaca mata kae sapa?
7. Sida tuku sepatu?
8. Tas iki sapa sing duwe?
9. Yen gelem ora susah nginep kene wae!
10. Sapa sing lungguh ana ngarepan kae?
1. Nalika bapak isih turu, aku adus.
2. Senajan para siswa wis bali, Pak Guru durung bali!
3. Ibu arep mangan apa!
4. Ibu bali saka pasar nggawa oleh-oleh.
5. Wingi simbah nesu, amarga peleme diundhuhi
bocah-bocah
6. Bu Mantri, menawa gelem takwenehi buku!
7. Aku dikongkon ibu, menehake layang ing kelurahan
8. Wingi aku diwenehi dhuwit karo simbah.
9. Pak Guru takon, ngapa aku ora mlebu sekolah?
10. Pak Lurah lagi nulis nganggo pulpen.

You might also like