You are on page 1of 6

KASATRIYAN MADUKARA

Hywang Arka pinanjer luhuring mandira, sorote pajar hanelahi, naratas nyunari puraya gung temah katingal ngegla prenahing

pendhapi kasatriyan Madukara. Puraya endah winangun joglo pinayu sirap galihing kestuba. Saka guru wreksa jatiwasesa, den ukir lunging gadhung rumambat

manghayat minggah. Cinakep ukup selaka menur pinetha sekar terate kang nedheng megar. Ompak geng sela kumalasa pinatik akik wangun gambar peksi jiwa-jiwa.

Jerambah jejobinan sela kartika tinalasah sela kaca, naratas prapteng talundhagan sela

kresna, tatanane tinata miring, tinundha-tundha lir cinandhi. Palataran jembar kinembong pepasren sesekaran, nenggih kembang bakung
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

tinunu

pinggiring

beji,

sekar

terate

kumambang madyaning blumbang, melathi, menur tuwih mawar jajar-jajar uruting banon, sekare abyor kadya rinonce-ronce. Luhuring pendhapi wonten teja wangkawa hangenguwung, kekuwunge hawung wilis, harebut praba klayan soroting Hywang

Pratanggapati, punika sung sasmita lamun ingkang mangasrama wonten kasatriyan

Madukara, yekti satriya trahing witaradya ingkang kinacek sagung adasih. Lah sinten ta ingkang hangrenggani kasatriyan Madukara? wenang sinebut

dasanamanira, kekasih Raden Janaka, Arjuna, Suparta Pamadya, Pandhusiwi, Indratanaya, Setya Premadi, Margana, Pamade, Palguna, Gudhakesa,

Pritasuta,

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Dhananjaya,

Kumbaliali,

Kiritin,

Jisnu,

Wibatsuh, Anaga ya sang Mahabahu. Pramila kekasih Raden Janaka tuhu satriya ingkang mumpuni ing saniskara, temah wenang sinebat tohjalining jagad. Pamadya hamengku werdi dadya panengahing Pandhawa. Suparta dadya titising jim Suparta ing Wanamarta. Setya Margana, tuhu satriya ingkang teguh ngugemi pangandika, lahir batin datan sulaya. Pramila kekasih Palguna, punika dadya pepenget lamun lahirira hanyarengi mangsa Palguna. Endratanaya tuhu satriya linangkung ingkang pinundhut putra dening Hywang Endra. Gudhakesa, satriya sekti dadya nenggih

pangejawantahing Hywang Nara

prajurit kadewatan. Pandhusiwi yogane Prabu Pandhu Dewanata. Pritasuta, atmajane sang
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Dewi Kunthi Talibrata. Dananjaya, mengku werdi satriya ingkang dhemen dedana, danane wujud kadigdayan kinarya hangayomi titah ingkang kalindhih dening watak asura. Jisnu, punika pangejawantahe Sang hywang Wisnu binelah, ingkang sajuga manjing mring

narendra Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna. Ugi kekasih Wibatsuh ya sang Kiritin, labet sang bagus wenang hangratoni widodari sakethi kurang sawiji. Kekasih Anaga inggih sang Mahabahu, satriya gentur teteki,

kasinungan kadigdayan linangkung ingkang sembada hambrastha satru murka. Raden Janaka tuhu satriya bagus, tulus dhasar ruruh, pidegsa pengawak tirta guwaya teja, kawimbuh sekti mandraguna jayeng palugon, darbe aji tuwin pengabaran awasta aji
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

palemunan, kalamun winateg saget musna sapandurat temah datan kawistara dinulu srana netra walaka. Aji Tunggengmaya ingkang dadya pangwasane tan pejah nadyan kabesmi, datan kerem nadyan ambyur samodra, turta datan kendhang nadyan katrajang ing angin bandhang. Nalika semana Dyan Arjuna kepareng miyos ing pendhapi midhangetaken ungeling pratangga Kyai Lipursari ingkang tinabuh para abdi niyaga Madukara. Hanyarengi suwuking gendhing, kadada penggalihe sang Dhananjaya mulat para panakawan wus samya ngabyantara nenggih Ki Lurah Semar, Nala Gareng, Petruk sumawana hangrasuk Bagong. busana Sang Binagus sigra gelung

kaprajuritan,

minangkara cinandhi rengga, sumping praba


Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

kayun pinetha pari sawuli, anting-anting panunggul maniking tirta, dodot limarsawo, paningset limarketangi, clana cindhe puspita kaurub renda gegubegan, kekalung

candrakanta, sesupe mustika ampal. Rumanti praboting jurit nenggih angiwa langkap Kyai Cahya wilaha tuwin warastra Pasopati. Paripurna nggenya ngrasuk busana, Dyan Pamadhe nulya hangawe panakawanira arsa kinanthi lumaksana mring pertapan Saptarga, mangkana wijiling pangandika saking Raden Janaka.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

You might also like