You are on page 1of 13

SAWAH

Srengenge durung katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang. Manukmanuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalke anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit
nguntapke lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono
uga para manungsa kang duwe pakaryan bakul menyang pasar. Padha nggendong tenggok munjungmunjung isi dagangan.
Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kosong lan
lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing
disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa
rokok lintingan dhewe alias tingwe. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.
Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah
Wongso sakkecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing
ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten
ngerti unggah-ungguh." "Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe
dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso. "Dhahar gundulmu kuwi, diamput!! Kakekane...lha kok malah
mbales," wong loro terus padha ngguyu.
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis
merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus mbabati suket sak kiwa
tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah
anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis
dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
"Sarapan rumiyin, Pak!" "Kene nduk, wah kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus je!" "Wau sak
derenge tindak kapurih sarapan riyin mboten purun, wong nggih sampun mateng sedanten." "Mangan
kuwi paling enak ki nek wis luwe ngene kiyi!"
Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanajan wis sepuh isih
katon gagah. Amarga olah ragane macul ora tau leren lan dhahare ya akeh tenan.
Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis
dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud
mawon, cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker," durung
rampung wis dipunggel Mbah Wongso. "Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae, dapat
menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, isa lara isa ora, iya ta? Jarene nek wong-wong ora udud, pabrik
rokok isa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora
nampa pajek, jarene pajek saka rokok kuwi paling gedhe nduk? Lho, piye? Aku udud iki rak membantu
pemerintah ta?" "Penjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah paru-parune mang
raoske piyambak!" Suminah katon mrengut.
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit
montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus mudhun
nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwus pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" wong
wadon mau takon marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa saben
niki dateng sinten?" "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas
pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!" "Pak, jenenge sertifikat!"
Suminah njawil bapake. "Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.
"Sabar riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur.
Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki kula mboten
merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula
nglacak mriki." "Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti
ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu. "Ngeten mawon, kula mboten ajeng apus-apus.
Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu,
nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
Dina sing dipilih kanggo rembukan wis teka. Mbah Wongso ngaturi para-para kang dianggep mangerteni
babagan sertifikat lemah. Neng kono ana kanca-kancane Mbah Wongso sing umure sak barakan, sing
mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis
disiapke ponakane saka kepolisian sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan sing bakal apus-apus.

Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat. Wong lanang cacah
telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso, nanging sing medhun nggawa tas koper
lan sing nggawa stopmap durung diwanuhi. Tibake sing nggawa tas koper pakaryane pengacara lan sing
nggawa stopmap pegawai sing ngurusi sertifikat lemah.
Wong-wong mau padha rembukan gayeng nganggo bahasa Indonesia. Mbah Wongso mung domblangdomblong, ora mudheng apa sing diomongke. Ora wetara suwe sajake rembukan wis rampung. Nanging
kabeh padha meneng.
"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak
rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin
banget. "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki,
babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau
menehi keterangan. "Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa
Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengokmbengok amarga bapake semaput.

Unsur Intrinsik
1. Tema
: Mbah Wongso udur babagan sawah
2. Latar
(a) Latar Panggonan : Sawah
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis
merkatak
(b) Latar Wektu
: Esuk
Srengenge durung katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang
(c) Latar Suasana
: Geger
"Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apusapus!" Mbah Wongso katon arep nesu.
3. Penokohan
(1) Mbah Wongso
: Ora gelem ngalah, gaul, seneng guyon
"Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apusapus!" Mbah Wongso katon arep nesu. , "Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono,
mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele.
(2) Suminah
: Sabar, perhatian
Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis
dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud
mawon, cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker,"
(3) Pawongan Wadon : Apik, ora grusa-grusu
"Ngeten mawon, kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak
sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten
mawon sing ngertos babagan niki."
(4) Pardi
: Apik, seneng guyon
"Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah
Wongso.
4. Alur
: Maju
(a) Eksposisi
: Pengenalan
Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kosong lan
lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing
disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa
rokok lintingan dhewe alias tingwe. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.
(b) Complication : Mulai ana masalah
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak
pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus
mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwus pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?"
wong wadon mau takon marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa
saben niki dateng sinten?" "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula
tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!" "Pak, jenenge sertifikat!"
Suminah njawil bapake. "Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.
(c) Klimaks
: Puncake masalah

"Sabar riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur.
Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki kula mboten
merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula
nglacak mriki." "Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti
ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu.
5. Sudut pandang
: Uwong ketelu sing perane kanggo pengamat
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis
merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus mbabati suket sak kiwa
tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah
anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis
dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
6. Amanat
: Ojo waton ngengkel, ning ngengkelo nganggo waton !
"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak
rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin
banget. "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki,
babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau
menehi keterangan. "Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa
Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengokmbengok amarga bapake semaput.

GURU
Sjatin aku ora pati srg dadi guru. Nangng piy manh. Wngtuwaku guru, masku dhosn, mbakyuku
bojon kpala skolah SMP, kakangmasku sng sijin guru SMK, banjr aku sng ragl ya kudu dadi guru.
"Ml, ijazahmu luwi rak sk IKIP. Lha yn ora glm mulang trs arp nyambt gaw p? Olhku
ngragati kow ora sithk. Yn nglmumu ora kk gunakak trs piy?" ngndikan Bapak.
Yn ws ngono kuwi lan kbnran kabh sdulr nglumpk, ky olh dalan anggn ngrumpyng aku.
Aku ya mng mnng, karo msm. Sidan aku kpks nglamar guru, pas n lwngan dadi guru
kntrak utw guru bantu.
Snajan abt nyang ati, nangng barng tak lakni kanthi snng, jbl dadi guru kuwi nynngk. Sabn
dina anan mng kumpl wng akh, knc akh, lan msthi wa sisw sng akh. Pancn aku durng
duw sisihan, wng jnng pacar wa durng duw. Olh arp golk pacar wa caran piy? Saiki yn
ora numpak pit mntr sing apk, cah wadn nolh wa mh. Pilh wng sng nduw spdha mtr sng
apk. Yn bis y mobil. Aku dadi wdi. Yn istilah sing ngtrn jarn mindhr.
Stahn anggnku dadi guru. Msthi wa wis kumpl knc akh. Malah adan knc-knc pr guru
bantu nggaw paguyuban.
"Sdulr sdulr, kita iki snasb lan sprjuangan. Mul yn kita rukn, kompak mnw n p-p,
bisa ngurs kanthi cth lan tumt. Mula kabh kudu mlbu anggota, sng rumngs bis, mngg dadi
ktua lan pngurs liyan. Iki kanggo kpntingan brsama "mngkono pmbukan knc guru sng
nduw karp gaw paguyuban.
Kabh pdh sarujk, anggotan cacah sats skt guru sk sadhngah tataran. Ya guru SD, guru SMP,
guru SMA lan guru SMK. Kabh guru kntrak, suwn tlng tahn. Yn ws rampng mbh bakal
piy durng ngrti..
n crita sng nggars nyang ati. Tansah klingan nangng kudu bis dilalkak. Jalaran aku iki guru,
sanajan guru bantu.
Knc guru msthi y akh, nangng sng glm cdhak utw glm tak ajak mng-mng bab
pngalaman dadi guru ora akh.
"Bu, sampun dangu ngast wntn mriki? Lajng dspundi nggh dadi guru sng apk, bnr lan pas
niku?" pitaknku.
"Ah panjnngan ki ky cah anyar wa. Lho pancn y anyar nng ws dadi guru y ky nk praktk
biyn nalik kuliyah ka lho Pak," mngkono wangsulan.
Sabanjur katn rumakt. Yn n p-p aku takn lan nyuwn pitudh. Asman Bu Tutik. Jarn dadi
guru favorit, lan guru tladan. Ish kny sanajan umur ws kpala tlu, nangng ish katn kaya umur
kur-kuran.
Sawijinng dina dhwk ngndik yn arp njagng, nangng ora n sng ngtrk. Lan kanthi prasaja
dhwk njalk marang aku supaya glm ngtrak.
"Pak krs nulungi aku t? Aku ki arp njagng, nangng ora n sng ngtrak, tulng Pak y?"
mngkono kandhan Bu Tutik.
Sanajan mng njagng, nangng kabh pdh ngrti, malah trs myki aku, jarn aku pacaran karo Bu
Tutik. Sanajan batinku ora nangng nyatan mngkono. Lan uga Bu Tutik y ora nat nolak mngan
knc-knc, nangng ug ora ngiyani. Kabh lumaku trs tanp n bab sng mnjil.
"Pak Ml, jar knc-knc guru bantu pdh arp dhmonstrasi nyang kantr? Bnr?" mngkono
pitakon Bu Tutik, lan aku malah rd kagt.
"p y t Bu, kapan, sp sng ngndik, trs piy?" aku malah gnti takn.
"Lho njnngan ki piy t. Sng dadi anggota ki rak Panjnngan dudu aku. Aku mng krungu sk knc,
lan tnan kpriy program p y kudun Njnngan sng nlusr".
"Wah ngapuntn Bu. Aku kk ya bodho bangt. Nuwn ya Bu diparingi ngrti. Aku tak nggolki knc
liyan" wangsulanku ckak karo klincutan.
Sidan aku nggolki knc sng pdh nasib. "Piy jar arp dhmo, kapan, nyang ngndi Kar?"
pitaknku nalik ktmu Karn knc kuliyah biyn.
"Wah kow kuwi jan bnto tnan. Mulang yo ora, gawyanmu mng pacaran, mul ora ngrti kahanan,
ora ngrti prkmbangan. Dhasar bnto Ml," ngono wangsulan karo mncrng.
"Ah ya sory. Mbk unkk p wa aku glm, nangng aku ki y mng mulang tk. Ora pacaran kaya
mngan wng. Malah aku ngsr murid wa lupt. Hahaha," wangsulanku karo ngguyu.
"Ra guyn Mul. Yn n stan liwat, ngmngmu dadi tnanan, bakal nmahi cilk. Pkk ra

ngrmbg bab ngono kuwi. Sirikan guru yn tumindak ky mngkono. Kjb sisw liya skolah sak
karpmu. Pkk ngn, sk Sls aku karo knc-knc arp nggrudg tlng panggnan. Spisan
nyang kantr P dan K. Loro sowan pr wakl rakyat, lan trs nyang balaikota. Ngurs nasb. Sbab
awak dhw iki ws mh ntk kontrak p trs kn nganggr manh. Ws kbact dadi guru kk ora
jlas nasib. Sbab jronng rapat pngurs kabh ws pdh stuju. Jalaran iki mau ndulu pngalaman
pr tnaga kntrak sng biyn. Tau t n kamra kntrak, banjr bubar, akh sng strs n sng dan."
kandhan Karn ky pmimpn sng durng nat dadi.
"Lha trs mngko yn ditolak, dibubark lan dikn nggaw prnyataan piy?"
"Ngn ya cah bags bnto. Ssk Minggu kuwi rapat umm, kabh kudu tk. Banjr nggaw cr,
nggaw syarat. Ya kuwi usulan, kkarpan lan tuntutan. Ngrti ta kow. Msk sarjana kk ra mudhngan
ki piy." Karn sy mncrng ky biasan.
"Iya ya aku mudhng. Sng durng mudhng arp usl piy trs nuntt piy?" pitaknku manh.
"Wh ky nrangk cah sd wa kk. Cah bags Bnto Radn Ml, rungkna y. Awak dhw ki
kntrak, y kudu trs. Sabanjur pmrintah supy glm ngangkat awakk dhw y kabh guru bantu
dadi pgaw ngri. Sbab nyatan kan ish mbuthak t sng jnng guru. Ora susah tsting manh,
sbab biyn y wis tsting. Kuwi pkk sing kudu diprjuangk sampai kapanpun." Kandan Karn
makantar kantar.
kabh guru Tkan din sing ws disarujk bantu nglumpk ing lapangan. Nganggo sragam guru.
Kanthi prcy diri lan kapitayan sng ws kplng, kabh budhal nyang kantr P dan K.
"Sdulr-sdulr, aku ws ngrti p sng kk karpk. Nangng kabh kudu pdh ngrti lan kudun ws
ngrti. Wktu iki n saprangan ngr Indonsia sng lagi nandhang sungkw, yaiku kpada gmpa lan
banjr sarta tanah lngsr. Mul gandhng kabh ws pdh ngrti, liy din wa bakal tak sngkuyng
p sng dadi karpmu," mngkono pidhaton Kpala Dinas P dan K.
Kabh mng pdh mnng lan ndmblng. Ora n sng bisa mng. Aku iki pancn sarjana, nangng
yn diunkak aku jan y srk. Duph sarjana, njr karp dhw ora ngrti kahanan bngs. Liyan
pdh sngsr malah nyaru wuws njalk wrn wrn. kk y kbangtn.
Sawtara spulh mnt ora n sng mangsuli. Kpala Dinas mlbu kantr manh, lan knc knc
bubaran tanp swr tanp pamt.
"Ooh guru, iki nasibku." Mng kuwi batinku.

Unsur Intristike :
1. Plot / Alur : biyasa, maju
2. Watak : tokoh aku : manutan, seneng tetulung. Karno : Seneng kekancan, wicaksono, bu utik : apikan,
3. Penokohan : tokoh aku, bu tutik, karno
4. Point of view : orang pertama tokoh utama
5. Setting : omah karno, dalan.
6. Amanat : duwe ilmu lan kemampuan kudu di manfaatke kanggo wong akeh.

SANDAL ANYAR
Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana
rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine
siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi
tukang ngumbai ing desane.
Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen, njaluke Rina sing arep nangis.
Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok, jawabe Eka sing melas karo adhine.
Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane
rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi
angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan
atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar.
Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan
pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter
ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,
ngendikane bapake Eka.
Nggih pak,kula ajeng usaha,
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka
nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka
pamitan karo wong tuwane.
Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut
sandal kangge Rina, pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.
Ya, Amin. Ati-ati ya Ka, ngendikane bapake.
Mba, mengko tuku sandal ya?adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing
sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik.
Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune
pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing
isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel
sepedane.
Assalamualaikum. Bu,pak.
Waalaikum salam, ana apa Ka?pitakone ibune Eka.
Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.
Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.ngendikane ibune sing
sumringah lan bangga.
Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
Tuku sandal sing werna apa Rin? pitakone Eka maring adhine.
Sing werna pink mba!
Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti
kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
Matur nuwun ya mba.
Atine Eka tambah bungah.
UNSUR INTRINSIK CERPEN
1. Tema
Ekonomi
2. Tokoh
Eka
Rina
Bapake
Ibune
3. Watek
Eka :

Penyayang. Bukti : Eka sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine
Sregeppan lan manutan. Bukti : Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe
sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.
Pinter. Bukti : Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane.
Gelem usaha. Bukti : Nggih pak,kula ajeng usaha,
Rina :
Nerima. Bukti : Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.
Pengerten. Bukti : Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae
kurang apa maning tuku sandal.
Bapake :
Kerja keras. Bukti : Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
Duwe pinginan sing mulya. Bukti : Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging
bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.
Ibune :
Penyayang. Bukti : Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring
kowe.
4. Latar
Panggonan :
Ing pasar. Bukti : Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.
Ing omahe Eka. Bukti : Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya
gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.
Ing sekolahan. Bukti : Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah.
Wektu :
Wayah wengi. Bukti : Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.
Esuk-esuk. Bukti : Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep
dienggo neng sekolah.
Kahanan :
Rame ing sekolahan. Bukti : Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan
ana peserta liya sekolah.
Sumringah. Bukti : Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.
5. Alur
Maju
6. Sesawangan
Wasana Purusa (wong ketelu)
7. Amanat
Senajan kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging dewek harus duweni
ilmu sing bisa nduwurke derajat.
Ing kehidupan harus usaha lan pantang menyerah
Dadi wong harus kerja keras aja ngandalake wong liya.

PETENG
Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud
panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih utawa
nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah bebasan megung
ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan kang mbanyu mili, wus
jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang nggarisake.
Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang
kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran
kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing semono
taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah
sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dinadinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono taun iku, kalamangsane katiban
bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga durung digondheli buntut.
Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka
cilik utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane aku
lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada sauntara, aku kasil
lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan
titel, S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang
samubarange tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada mrina
yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi
urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat.
Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena katebak babagan
pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa
wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi
nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening
dhokter positif ngandhut. Byuh mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh makcles garinging telak
katetes banyu saclegukan, byuh mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake
kabungahan atiku sakloron. Harus istirahat total ya, bed rest! ngendikane dhokter, banget anggone
wanti-wanti.
Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter rebutan anggonku sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas gedhe
kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan
karo bakal anake, Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta? Apa selak kepingin ketemu karo Pake
Buke?
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake manut. Pokoke manut lan
manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah.
Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak pangantuantuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga
ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas,
panjaluke bojoku.
Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut, cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa maneh
calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu
jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret.
Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa
kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula

wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu
sepisan sanja priksa dhokter.
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik,
normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah
saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal menyang
ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh
normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah karo jantung
rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu
kamar priksan.
Selamat pagi dokter aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
Pagi silakan besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa 11?
Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter
Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus ayo kita lihat di USG, dhoktere ndhawuhi
bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.
Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutul-tutul
nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
Lho kok tidak ada denyut jantung Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, Bayinya meninggal!
Glaaaarrrr. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet
lelimengan.

UNSUR INSTRINSIK CERKAK PETENG


A. TEMA : BEBRAYAN
B. ALUR : MAJU
Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus 14 taun. Ing
semono taun tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu, mbesuk kapan bisa
mecah sepining atine paraga aku lan bojone.
14 taun wareg anggone paraga aku kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip,
dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti dening dokter positif
ngandhut.
Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsulyasi lan priksa menyang dokter. Rong
minggu sepisan sanja priksa dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone menyang kedokteran saperlu
priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa, dumadakan raine dokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
Doktere kandha yen ora ana denyut jantjng kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat paraga aku
jumbul. Keringet adhem wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane dokter kandha yen bayine meninggal,
glaarrr.... dumadakan peteng, peteng langite peteng panyawange paraga aku.
C. LATAR :
a. Latar panggonan : Rumah Sakit
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong
minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter
samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup,
normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.

b. Latar Suasana
: Trenyuhake
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif
ngandhut. Byuh mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh makcles garinging telak katetes banyu
saclegukan, byuh mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku
sakloron.
c. Latar wektu
: Esuk
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak
gugah saperlu kareben cepak-cepak.
D. PENOKOHAN :
a. Aku : Sabar, pangerten
Bukti tokoh aku duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi
nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening
dhokter positif ngandhut.
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake manut. Pokoke
manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone
jumangkah kapapah.
b. Bojoku : Penyayang
Bukti tokoh bojoku duwe watak penyayang ana ing penggalan cerkak ngisor iki
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan
karo bakal anake, Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta? Apa selak kepingin ketemu karo Pake
Buke?
c. Dokter : Ramah / sumeh
Bukti tokoh dokter duwe watak tegas lan bijaksana ana ing penggalan cerkaking ngisor iki
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan
mlebu kamar priksan.
Selamat pagi dokter aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
Pagi silakan besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa 11?
Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter
Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus ayo kita lihat di USG,
E. SUDUT PANDANG : Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana cerkak uga penulis cerkak.
F. AMANAT : Kudu sabar anggone ngadepi cobaning urip.
G. GAYA BAHASA
Gaya bahasa ana cerkak PETENG migunakake basa Jawa ngoko kacampuran basa Indonesia
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik,
normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Uga migunakake tembung mbangetake
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Glaaaarrrr. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet
lelimengan.

Kembang Desa
Griyane Lik Wakijo dados rame sesampunipun wonten Heni, kemenakanipun ingkang nembe
dhateng saking kitha. Heni kepengin mapan ing dusun punika ngancani paklike ingkang sampun krama
luwih saking sedasa taun ananging ngantos sapunika dereng gadhah momongan. Amargi Pasuryanipun
Heni ingkang ayunipun ngedap-ngedapi, awakipun ingkang resik, lan seneng sesrawungan dadosaken
piyambakipun dipungandrungi sedaya tiyang enem ing dusun punika lan boten kesupen kula ugi sami
ananging yen kula taksih lingsem.
Sedaya ibu-ibu ugi sami ngrasani solah bawanipun Heni lan padha ngaosaken bingung amargi
sesampunipun kenal Heni lare-larenipun asipat aneh-aneh. Menawi adhi kula Tono punika boten nate
wangsul saking griyane lek wakijo, wangsul menawi badhe siram serasan. Menawi Sardi larenipun Lik
Sumi nglindur amargi mikirke Heni. Menawi lare ragilipun Yu Minah ingkang asma Yanto punika boten
doyan madhang ananging kosok wangsulipun kaliyan Heru ingkang sansaya katah madhangipun. Mewani
kula namung nyebat asma Heni nalika kesandung jeglug utawa nalika watuk.
Sonten kula dolan ing griyane Sri, Sri punika ngendikan menawi Heni punika dados omonganing
tiyang, ngendikanipun para ibu Heni dadosaken dusun punika rucek lan ruwet uwet-uwetan. Sanadjan ing
mriku kula inggih angsal pawarta menawi sesampunipun panen, Heru badhe nglamar Heninanging boten
dadosaken kuciwaning kula marang Heni. Kula taksih boten saget nampi menawi Heni
dipunwicantenaken kados mekaten.
Tono ugi ngendikan menawi krungu Heni dados cewek gampangan amargi sampun dados
wicantenan, ngendikanipun Heni ngandut amargi saben wayah injing piyambakipun muntah-muntah.
Mireng pawarta kados mekaten kula enggal-enggal dhateng ing griyanipun Lik Wakijo, nalika nembe
dumugi ng ngajeng pintu kula mireng Heni muntah-muntah lan wonten priyantun ingkang ngaken Heni
supados sabar. Jebule leres...saking ngendikanipun Lik Wakijo marang kula menawi Heni punika
ngandhut. Ing mriki Heni namung numpang supados boten dados wirangipun tiyang sepuh.
Unsur Intrinsik
1. Tema :
Tema ingkang wonten ing cariyos punika inggih punika tema Panguripan amargi saking cariyos punika
saged dipuntingali panguripan manungsa ing bebrayan. Menawi salah satunggalipun tiyang nindhakaken
prekawis awon dadosaken wicantenan tiyang kathah.
2.

Tokoh lan Penokohan


No
.

Tokoh

1.

Heni

2.

Lik Wakijo

3.

Tono

4.

Gito

5.

Agus

6.
7.
8.
9.
10.

Lik Siti
Mbah Waginah
Mbok De Parti
Sardi
Lik Sumi

11.

Yanto

12.
13.
14.

Yu Minah
Lek Tumirah
Ibuku (Agus)

15.

Heru

Penokohan
Kemenakanipun Lik Wakijo ingkang
ramah, pinter Srawung ananging boten
purun ngrampungi prekawis.
Petani dusun ingkang ramah lan jujur.
Adhine Agus igkang seneng geguyon lan
nggodani Agus.
Lare enem ingkang boten purun ngalah,
asifat wuyung lan seneng ndhagel.
Panganggit ingkang remen ngalamun,
isinan, wedinan, lan boten nate
nyariosaken prekawisipun marang tiyang
sanes.
Seneng takon ananging boten mudengan.
Seneng takon
Seneng sambat lan anyel.
Nglinduran.
Gawe ger-geran
Larenipun Yu Minah ingkang boten purun
madhange amargi amargi kelingan kalih
lirikanipun Heni.
Ibune Yanto ingkang remen rasan-rasan.
Ibune Gito, melasan.
Melu anyel
Putune mbah Wagimah ingkang sansaya
kathah madhange ngantos boten ngumani
adhine.

3.

Alur
Ing cariyos punika ngginaken Alur Maju amargi prastawanipun urut saking awal dumugi pungkasan.
Nalika Heni nembe dumigi griyanipun Lik Wakijo, ingkang dadosaken sedaya priyantun enem tresna
marang piyambakipun ngantos Heni prayata yen ngandhut.

4.
a.
1)
2)

Latar
Papan
Omahe Lik wakijo.
Omahe Lik Wakijo malah dadi rame saploke ketambahan jiwa.
Tekan ngarep omahe Lik Wakijo aku mandheg.
Omahe Agus
Tekan omah aku terus nyandhak gawe dandan lampu ruwangan ngarep.
3)
Omahe Sri
Aku mau lak dolan neng omahe Sri, terus aku dicritani ibune.
b. Wekdal
1) Esuk, awan, sore.
Esuk, awan, tekan sore, ora tau benggang wong.
2) Sore
Sorene aku pamit mulih dhisik.
3) Dina-dina candhake.
Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
4) Wayah awan.
Omahe katon sepi pancen iki wayah awan gek panase kaya ngene.
c.
1)
2)
3)
4)
5)
6)
7)
8)

5.

6.
a.
b.
c.

Suasana
Seneng
Kahanan omah katon regeng lan gayeng, padon ngguyu, gojegan, lan ana uga sing nyanyi sambi gitargitaran.
Kisinan.
Aku mesem kisinan.
Kesiksa.
Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
Ngalamun.
Huuu, tujune dheweke ora ngerti nek aku ngalamun.
Nesu
kuwi jenenge srei, iri, sirik, nesuku metu.
Kaget
Meteng? aku sansaya kaget.
Jantungku ya arep pedhot nalika krungu tembunge sing mburi. Heni ngandhut? Dhuh gusti...
Gugup.
Lik Wakijo katon gugup banget, katon pakewuh lan clingukan, ora kaya padatan.
Bingung.
Aku ora bisa kumecap apa-apa meneh.

Sudut Pandang
Ing cariyos punika ngginakaken sudut pandang orang pertama akuantak sertaan (first person peripheral)
amargi paraga aku biasanipun namung dados pambiyantu utawi pengantar paraga sanes ingkang
langkung wigati. Ing cariyos Bunga Desa Agus minangka paraga aku dados pambiyantu paraga Heni
ingkang dados paraga utami.

Gaya basa
Apa maneh bocahe jan ngedab-ngedapi tenan...ayune! (Hiperbola)
Sabanjure Heni prasasat dadi kembange desa kene. (Hiperbola)
Rangkinge wis adoh sandhuwure Santi lan Nina sing maune dadi kembang lambene kabeh nom-noman.
(Hiperbola)
d. Apamaneh sajake Heni pinter srawung, cepet, raket karo wong sing lagi tepung. (Purwakanthi guru
swara)
e.
Rasane aku kepengin nteret wong kuwi terus tak gebugi kareben kapok encit. (Rura basa)
f.
Mesti bae katon ayu menik-menik. (Hiperbola)

g.
h.
i.
j.
k.

Kesandhung jeglug, Heni, nglindur Heni, nganthi mangan keselek-selek sing disebut yo Heni.
(Hiperbola)
Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi rame-rame sakancaku dadi aku ora komanan
apa-apa. (Paradoks)
Uga adhiku sing usile rong kecamatan kae. (Hiperbola)
Ah, aku dadi ribet dhewe, kesiksa dhewe, lara ati dhewe, aku kudu piye? (Purwakanthi guru swara)
Marakake rucek, ruwet, uwet-uwetan. (Purwakanthi guru sastra)

You might also like