You are on page 1of 1

PEPADANG BAKAL TUMEKA

Angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang


peteng kebak sandungan
Mecaki lurung lurung kang dawa satengahing
ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah
sore

Peteng kang gemuleng ing angganing


manungsa
Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
Pepadang bakal tumeka anggawa kabar
bebungah
Kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-
dalan lan ara-ara samun

Amadhangi sakendhenging jagat raya


Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhan

Kajupuk saking : http://galaureview.wordpress.com/2013/05/21/kenangan-puisi-jawa-


geguritan/

Makna saking geguritan niku inggeh menika pepadang utawa hikmah sawise kita ngalami
kesulitan lan masalah ing donya niki.

You might also like