You are on page 1of 1

Kawilujengan, katentreman saha nugrahanipun Gusti Ingkang Mahakwasa, mugi tansah

kapitedhakna dhumateng kula sedaya wonten ing pahargyan punika.

Pidhato Atur Pambagya


Ngaturaken pambagya wilujeng saha matur nuwun sanget, awit kepareng panjenengan sampun
kersa rawuh wonten ing papan pahargyan punika. Matur nuwun sanget sedaya peparing tali asih
tanda tresna ingkang awujud punapa kemawon. Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih, sanak
kadang, mitra tresna ingkang paring pambiyantu, saengga lancar, regeng kaleksanaipun pahargyan
punika. Keperluan ing dinten punika kaleksanaan ijab, panggih, saha tata cara adat kejawen, saking
Bapa Sudarmanto ingkang kagungan kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun ingkang
anama Rr. Agnes Raras Guspita kadhaup Bg. Sapto Nugroho putranipun Bapak/Ibu Suparlan ing
Ngayogyakarta. Salajengipun nyuwun tambahing pangestu paratamu mugi-mugi penganten kekalih
tansah rukun, tansah runtut atut. Wasana cekap semanten atur kula ewa dene wonten kekirangan,
wiwit atur sedhahan ingkang boten trep, asma sesebatan, saha sanes-sanesipun, kasuwun halapang
jaja hangluberaken agunging samodra pangaksama.

Pidhato Pasrah Paningset


Atur ingkang kapisan, kula ngaturaken salam wilujeng Bapa Suparlan kekalih, mugi katur Bapa
Sudarmanto sekalian, sinartan pamuji mugi Bapa Sudarmanto sakulawarga tansah hamanggya suka
basuki. Ingkang kaping kalih, kadhawuhan hangatepaken rembug ingkang sampun gumalong
hanggenipun Bapa Suparlan kekalih,badhe mundhut mantu putra estri panjenengan Rr. Agnes Raras
Guspita badhe kajodhohaken kalian Bg. Sapto Nugraha, putra jaleripun Bapa Suparlan Kekalih,
ingkang punika kula kadhawuhan haningset rembag sesambetanipun menika. Kula ugi kasaroya
hangaturaken abon-abon sawatawis, mugi Bapa Sudarmanto kepareng hanampi. Dene minangka
pungkasaning atur kula, kula nyuwun pangapunten sedaya kekirangan kula nalika kula matur saha
sowan.

Pidhato Pasrah Penganten Kakung


Wondene kalampahnipun makaten, kala wau wanci tabuh 09.00 panganten kakung kula pendhet
saking dalem jalan Ahmad Yani 4, Solo, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, kula
bekta sowan dumugi ing dalem jalan Gunung wilis 5, Semarang ngriki,kalayan gangsar saha gancar.
Pramila ngembun saha ngemban dhawuh wigatosing sedya, keparenga ing samangke panganten
kakung kula pasrahaken saha kula sumanggaaken katur ibu saha Bapa Sudarmanto cundhuk
lampahing upacara.

Wasana kula nyuwun pangaksami, bok bilih anggenipun kula nindaaken ayahan punika wonten
ingkang kirang ndadosaken pirenaning penggali.

You might also like