You are on page 1of 1

ASAL USUL PUNDEN CANGI

Sak derenge dados punden ndek jaman semono teseh alas engkang asmane alas

babad, jaman semono dereng wonten tiang engkang manggon teng mriki amergo teseh alas

sedoyo. Jaman semono wonten tiang asmane mbah punden katok ngganyong. Mbah katok

ngganyong niku tiang kang kepiayon / mencar saking grombolane mbah katok ngganyong

tiang engkang gadah kesaktian engkang jadok lan kuat. Alas kasebot di babat kalih mbah

katok ngganyong lan wonten tiang maneh ingkang keplayon nganti tekan mriki asmane mbah

kenyong. Mbah kenyong sami saktine, mbah kenyong ngiwangi mbah ngganyong mbabat

alas. Sampun rampung mbabad alas mbah ngganyong sedo amergo sampun 16 wulan dereng

dhahar. Mbah ngganyong pesen kalian mbah kenyong Le kulo titip daerah niki tulong di

jogo. Sesok nek rejo-rejone deso jenengno punden cangi. Mbah kenyong njawab nggeh

mbah, bakal kuturuti amanae sampean, matur suwon sampun mercoyoi kulo kangge njogo

punden niki mbah. Sak rampunge mbah ngganyong di kubur, mbah kenyong mertopo

engkang pirang-pirang taun nganti tukul wet ringin engkang gedhe sanget. Mbah kenyong

sedo teng ngisor wet ringin, mah kenyong di kubur teng awor wet ringin. Tiang kang

manggoni punden yaiku tiang perang ucol saking rombongane nganti tekan mriki. Sak teruse

sami gadah keturunan keturunan lan rejo rejone dados asmane punden cangi.

You might also like