You are on page 1of 8

ATUR PANGIRING

Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha
asih. Pangeraning jagad gumetar, ingkang tansah paring sih-tresnanIpun dhumateng titah
sedaya. Ing makalah menika kula sedaya badhe menehi seserepan marang upacara tingkeban
anak ingkang pertama.
Atur asih kulo sampekake dhumateng Ibu Siska kang sampun menehi pangertosan
saengga kulo sedaya saget rampung maujudnipun makalah menika.
Minangka pungkasane atur, kulo gadhah pandonga mugi-mugi makalah tingkeban
menika saget nambahi pangertosan kita sedaya marang seserepan upacara tingkeban.
BAB I
PENDAHULUAN
Acara tingkeban utawa mitoni iki kalebu tradisi lan budaya ing daerah kita. Ingkang kiat
lan turun temurun tumprapipun para wong Jawa.
Sejatosipun tradisi kala wau tuwuh saking kapitadosan masyarakat satunggaling tlatah
dhumateng kabudayaan. Salah satunggaling tradisi wonten ing daerah Jawa inggih menika acara
mitoni utawa tingkeban.
Acara tingkeban utawa mitoni yaiku acara kangge mengerti jabang bayi umur 7 wulan
wonten kandhutanipun ibu. Wondene, miturut ilmu medhis, jabang bayi ngancik umur 7 wulan
sampun nggadahi wewujudan minangka manungsa kanthi wetah, pramila lajeng dipunpengeti
kanthi ngawontenaken syukuran.

Tujuan Mitoni / Tingkeban


Kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk keslametan (wilujeng,
santoso, jatmika rahayu.
BAB II
PEMBAHASAN
A. ASAL-MUASAL TINGKEBAN
Miturut carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana mbiyen
mula. Tingkeban dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken Satingkeb, ya iku
garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau mati cilik. Kabeh
usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong loro mau ngadep lan matur kahanane
marang Kanjeng Sinuwun Jayabaya.
Jayabaya menehi pitutur sing kudu dilakoni, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nglakoni
pira-pira ritual. Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu sregep manembah
mring Hyang Widhi laku becik, welas asih mring sapada, kejaba iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya
kudu nyucekake awak kanthi adus banyu sing dijupuk saka pitu sumur utawa sumberan. Wong
loro mau kudu uga menehake sesajen arupa kembang setaman lan kelapa gading sing isih nom.
Sawuse nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng
Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu umur
kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual kaya dene sing
dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng pitung wulan, lan kanthi pangarep
supaya baying ing weteng lan ibune bias slamet. Kanggo ngormati wong loro mau, mula kabeh
ritual iku diarani Tingkeban.

Tembung mitoni iku asale saka tembung pitu (7), kang ateges upacara sing dilakoni
nalika itunganke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining upacara kang
dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana slah sawijining wanita meteng. Kanthi pengarep-arep supaya si
jabang bayi kang ana garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan. Tata
upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog pitik kampung ning
njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing
enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog
lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing
nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakae ing dina sing temenan apik yaiku dina
Senin awan nganti bengi utawa dina jumat awan nganti bengi, saderengipun wulan
purnamasidhi.

B. UPACARA TINGKEPAN
Ing desa sugihwaras tepate dusun pagak upacaram upacara slametan utawa tingkeban
ditindakake kaping pisan yaiku wulan ke 7 ciri khase yaiku ana upcara siraman (calon ibu lan
bapa disirami nganggo banyu kembang), ana buceng utawa tumpeng komplit lan kendhi, ana
cengkir sajodho sing digambari tokoh wayang.
Urut-urutane upacara tingkeban yaiku, pambuka, ngracik toya, donga pamuji, mecah cengkir
segodho iku mau, siraman, mecah endog lan lataran, tapi ning jaman saiki wis akeh sing
nindhakake ing njero utawa ing jedheng (kamar mandi_ sing nyirami yaiku sespuh saka keluarga
ing nindhakake upacara iku, sawise upacara siraman lan slametan banjur rujake didom roto
sakeliling omah utawa dusun iku mau jajanan khase yaiku semacem polopendem yaiku belo,
jajanan khase yaiku semacem polo pendem yaiku telo, kacang-kacangan, kupat lepet, mbote
utawa liyane procot lan pleret.

Ing desa sugihwaras tepate dusun pagak upacaram upacara slametan utawa tingkeban
ditindakake kaping pisan yaiku wulan ke 7 ciri khase yaiku ana upcara siraman (calon ibu lan
bapa disirami nganggo banyu kembang), ana buceng utawa tumpeng komplit lan kendhi, ana
cengkir sajodho sing digambari tokoh wayang.
Urut-urutane upacara tingkeban yaiku, pambuka, ngracik toya, donga pamuji, mecah cengkir
segodho iku mau, siraman, mecah endog lan lataran, tapi ning jaman saiki wis akeh sing
nindhakake ing njero utawa ing jedheng (kamar mandi_ sing nyirami yaiku sespuh saka keluarga
ing nindhakake upacara iku, sawise upacara siraman lan slametan banjur rujake didom roto
sakeliling omah utawa dusun iku mau jajanan khase yaiku semacem polopendem yaiku belo,
jajanan khase yaiku semacem polo pendem yaiku telo, kacang-kacangan, kupat lepet, mbote
utawa liyane procot lan pleret.

Ing desa Sidomukti kec. Kepohbaru tingkeban dilaksanakan kaping pindo, yaiku upacara
dilaksanakan kaping pindo, yaiku upacara 3 ulanan karo 7 ulanan.
Urut-urutan upacara tingkeban 7 ulanan yaiku :
1. Slametan ngundang tonggo- cedek, lan dulur isine berkat yaiku : sego buceng, polo
pendem, procot, pasung, apem, kupat lepet, gedang susu, bubur abang, kue rabat,
tigan, pitek kampong,, rujak
2. Dilanjutake, mecahake 2 cangkir, sing digambari wayang sajodo
3. Ados banyu kembang, kaleh prosotan tigan
4. Dipun lanjutaaken mangan iwak doro
Langsung muleh kaleh anake dewe-dewe

Ing desa sugihwaras nunuk adat tingkeban dilaksanake 7 ulanan.


Urut-urutane upacara tingkeban 7 bulan yaiku :
1. Siraman, siraman dilaksanane sakurunge slaemetan, siraman digawe isyarat
keslametane bayi
2. Slametan, slamatan dilsakanakan sakwise sholat maghrib, lan ngundang tonggo
utami keluarga besar sego buceng, polo pendem, procot, apem, kupat lepet, pasung,
gehdang susu, rujak isi ne berkat
3. Sakwise kwi, keluargane dikenken ngadusi sing tingkeban, sak urunge ngadusi sing
tingban, sing lanang dikengken mecah klopo sing lanang dikenkeng mecah klopo sing
wedok diporocti endok
4. Mari iku ados banyu kembang, sakwise iku berkas didomno ake wong wong sing masi
5. Sakwise iku sing ingkabn kon mangan iwak doro

Perbedaan
- Ing sing sidomukti isine berkat ana bubur abang, la nana desa sugihwaras ogak
onok
- Ing sidomukti, landesa sugihwaras dsn Pagak ora ono siraman , lan nak desa
sugihwaras, dsn nunuk ana siraman
- Ing sidomukti mrosotno tigan disik, lagek mecah klopo ing desa sugihwaras
morosotno tigan kaleh mecah klopo dilaksanaake bebarengan
- Ing desa sugihwaras pagak lan nunuk sing didusi banyu kembang sing tingkeban
utawa sing meteng ing desa sidomukti didusi lanang kaleh seng meteng

Persamaan
- Ngundang tonggo tonggo, cedak lan dulur dulur
- Mecahake 2 canfkir sing digambari wauang sajodho
BAB III
KESIMPULAN

Tradisional Jawa tradisi pitung sasi ( tingkeban / mitoni ) yaiku bagean saka karakter
Jawa sing wis teges filsafat ing urip. Tradisi kombinasi apik Hindu Wedjangan , malah Jawa Islam
minangka agama professed dening mayoritas Jawa Sidomulyo desa. Nanging, minangka asil saka
penulis sinau, tradisi iki selaras karo nilai sing mulang ing agama Islam, kang panjalukan Allah.
supaya tumindak safety lan begja liwat sakti ( penjernihan proses ) saka macem-macem rereget
lan reregetan dosa sing wis rampung.
Ing paling banget , tradisi iki anyumanggakakn ing angka sing filsafat gesang , antarane
liyane iku : pisanan, ing supaya ngreksa tradhisi leluhure njaluk safety . Iki mesthi nduweni rega
khusus amarga luwih dijogo sing kasugihan saka ngurmati budaya ing urip. Ing ushul Qaeda fikh
kasebut " al- muhafazhah ' Ala al- Salih qadim , Wal ahdzu jadidi bil al- ashlih " ( sing dijogo apik
lawas tradhisi , lan tradhisi anyar lan njupuk luwih ). Kapindho, njaga imbangan , harmoni,
begja , lan safety ( slamet , ora ono panalangin by apo - panalangin by apo ). Katelu, masyarakat
Jawa karakter associative pikiran. Papat , proses timer penjernihan ( tazkiyatun nafsi ) nalika
pleading kanggo Allah.
MAKALAH BASA JAWA
(Tingkeban)

Guru pambimbing: Dwi siska


agustina S.Pd

Nama Kelompok :
Cici Meyyes Sita (10)
Dewi Anggita (11)
Iin Maslikatin (13)
Ika Puspita Sari (14)

DINAS PENDIDIKAN

SMA NEGERI 1 BAURENO


TAHUN PELAJARAN 2017/ 2018

You might also like