You are on page 1of 7

MAKALAH

MATERI UPACARA TINGKEBAN MAPEL BAHASA JAWA

Disusun Oleh :

Brigita Rachel Patricia (06)

Calvin Arrosyada (07)

Jeremia Advent Liono (16)

Muhammad Nur Rizki (20)

Mutiara Nafisa R.E (21)

Qonita Oktabella (25)


DAFTAR ISI
BAB l PENDAHULUAN

A. LATAR BELAKANG..................................................................................... 1
B. RUMUSAN MASALAH................................................................................. 1
C. TUJUAN MASALAH .................................................................................... 1

BAB ll PEMBAHASAN

A. PENGERTIAN TINGKEBAN........................................................................ 2
B. LANGKAH-LANGKAH PROSESI............................................................... 3
BAB III PENUTUP

A. KESIMPULAN................................................................................................ 5
B. SARAN ........................................................................................................... 5

DAFTAR PUSTAKA

PENDAHULUAN
A. Latar Belakang
Masarakat Jawa misuwur kanthi wong-wongane sing grapyak sumanak kang kebak
tradhisi. Kajaba tradhisi, adat budayane uga wis kadya balung sungsum tumrap masarakat
Jawa. Adat, tradhisi, lan budaya ing tlatah Jawa maneka warna wujude kang bisa narik
kawigaten masarakat lokal apa dene mancanegara kanggo nonton ritual tradhisi kasebut.
Tumrape wong Jawa ing saben prastawa kinanthenan upacara adat utawa tradhisi kang
wis turun-temurun saka leluhur kang isih lestari nganti saiki. Wiwit manungsa lair nganti
tumekaning pati, kabeh mau ana upacara kang nginantheni lan ngandhut teges luhur.
Upacara adat minangka warisan para leluhur kang ajeg lestari nganti saiki. kentir kagerus
lakuning jaman.
Prastawa budaya ing tlatah Jawa maneka warna jinise kayata ngancik sasi Sura ing
tanggalan Jawa ana saperangan tata upacara kang ditindakake, nalika ana bayi lair uga
ana saperangan slametan kang dianakake. Upacara adat kang mangkono iku mujudake
anane gegayutan antarane manungsa marang lingkungan, manungsa karo sapadha titahing
manungsa, lan manungsa karo Gusti Pangeran sing wis menehi kanugrahan.

B. Rumusan Masalah (underaning prakara)


1. Apa tegese upacara tingkeban?
2 .Kapan lan neng endhi di tindakake tingkeban?
3. Apa wae ubaramphe lan maknane tingkeban?
4. Kepriye prosesi lan maknane tingkeban?
5. Apa manfaate nyinaoni kegiatan upacara adat kasebut?
6. Apa upayamu kanggo nglestariake?

C. Tujuan Masalah
1. Menehi kawruh apa iku tingkeban
2. Supaya ngerti ing endhi upacara tingkeban di tindakake
3. Ngerteni apa wae alat seng di gunakake kanggo acara
4. Ngerteni urut-urutane prosesi
5. Menehi kawruh marang siswa
6. Supaya tetep lestari

PEMBAHASAN

A. Pengertian Tingkeban

1. Pengertian

Upacara Tingkeban ugi dipunwastani . Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu


(7). Upacara tingkeban dipuntindakaken manawi kandhutanipun priyantun èstri, yuswanipun
sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sapisan. Upacara tingkeban punika salah satunggaling
tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kanggé nepangaken bilih pendhidhikan punika
dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut
kathah sanget prakawis ingkang asipat saé ingkang kedah dipunlampahaken déning biyungipun
saha kedah nebihaken saking prakawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra
ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé
toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kanggé biyung saha jabang
bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring
rohmatipun saéngga bayi ingkang badhé dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal
punapa.

2. Tata Cara Upacara Siraman Tingkeban

1. Siraman dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken)


ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut.
Saénipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.
2. Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam
kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking
padharanipun ngantos pecah. Punika minangka simbol saha nyuwun supados bayi
ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan satunggal punapa.
Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah
godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, mliginipun ing wekdal
pitung sasi.
3. Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain
pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang
bilih bayi ingkang badhé dipunlairaken inggih suci saha badhé pikantuk rahamat saking
Allah.
4. Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan,
lajeng dipunadani adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon
ibu. Dènè ingkang medhot benang lawè punika inggih calon bapanipun kanthi ancas
supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi gampil.
5. Manawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu,
nggèndhong klapa gadhing dipunkancani déning ibu bèsan. Nanging sadéréngipun, klapa
gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking
nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng dipuntampani déning calon simbah
putrinipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè bayi ingkang
dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa.
6. Rerangkéning adicara ingkang salajengipun inggih calon bapa mecah klapa gadhing
kasebat kanthi sadéréngipun milih satunggal saking kalih klapa ingkang sampun
dipugambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara Sumbadra
utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa boten saged
ningali gambaripun kala wau. Manawi klapa ingkang dipungepuk kaliyan ingkang bapa
ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhé lair kakung, saha kosok walikipun
bilih ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun éstri. (Punika namung
ingkang dipunkaremaken kemawon, déréng mesti dados kasunyatan). Nanging, bilih kita
nyuwun kanthi saéstu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mila punapa ingkang
dipungayuhaken saged kabul.
7. Sabibaripun upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang
mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol
dhawet saha rujak. Anggénipun bayar dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking
remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk bunder, wujud yatra logam punika.
Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel
saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan kréwéng kala wau lajeng
dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol supados bayi
ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kanggé nyekapi
gesangipun kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.

3. Manfaat e Nyinauni Tingkeban

- informasi anayar utowo ilmu anyar

- Ora ilange kebudayaan utowo tradisi sing wis turun temurun

4. Upayane gawe ngelestareake Tingkeban

- Rajin Nyinaoni Informasi seputar tingkeban

- Njaga lan tetep ngelestareake ,ben Tingkeban iku ora pupus marang zaman

- Ngenalno Adat marang Wong Njobo utowo tourist


BAB lll

PENUTUP

A. KESIMPULAN
Suku jawa yaiku suku kang duweni macam –macam kabudayan , mulai saka adat istiadat
saben dina, kesenian, ritual, lan liyan-liyane.Salah sijine yaiku budaya Mitoni  utowo
tingkeban saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu (7). Upacara tingkeban
dipuntindakaken manawi kandhutanipun priyantun èstri, yuswanipun sampun pitung sasi
saha nembé ngandhut sapisan. Sing di lakoni utowo digelar ing kalangaan masarakat
jowo lan sekitare sing bertujuan gawe rasa ucapan syukur Marang sing Kuoso lan adat
tradisi sing wis turun temurun

B. SARAN
Makalah iku mujudake tulisan sing isih ana perangan-perangan sing durung bias
kawedhar kanti Gamblang. Makalah ngenani upacara adat jawa mitoni ditindakake
kanggo mangerteni pangerten, paraga, uba rampe serta reroncining upacara adat jawa
mitoni. Asline panliten iki bisa didadekake bahan rujukan sajroning pasinaon kabudayaan
mligine kabudayan jawa ing sekolah menengah atas.

You might also like