You are on page 1of 11

tradisi

tingkeban
Kelompok 5
Anggota kelompok:
1. aniella
2. arien
3. arlyn
4. davyana
5. marsya
6. mufthia
7. refa
apa iku tradisi?
Tradisi asale saka basa latin yaiku "traditio"
sing tegese diterusake utawa pakulinan.
Tradisi yaiku kapitayan lan adat istiadat
kanthi lisan utawa pakulinan sing tuwuh ing
masyarakat babakan nilai, norma, hukum lan
aturan sing ana sing wis turun-temurun.

Salah siji conto tradisi yaiku tradisi tingkeban


apa tingkeban iku?
Tingkeban yaiku salah sawijine tradisi siklus urip
manungsa nalika meteng kanggo kadhutan sepisan
nganti umur pitung sasi. ing Jawa uga diarani mitoni
kang asale Soko tembung Pitu (7).

Tingkeban iki ditindakake pas usia kandhutan ngidek


umur Pitung sasi, nanging acarane kudhu tetep
digolekake dina sing apik miturut ketentuan masyarakat
Jawa.
TUJUAN TINGKEBAN:
Tembung Pitu nduweni tujuan pengarep-arep marang gusti
Allah amrih bayi lan ibune Slamet nalika proses babaran,
ndongakake supaya jabang bayi lahir kanthi normal, lancar lan
didohake saka macem kekurangan lan bebaya, sarta donga
supaya si bayi bisa dadi manungsa sing apik lan mulya.
TATA CARA:
1. Nggawe Rujak
Ing tradhisi Jawa nggawe rujak ditindakake dening ibu
jabang bayi. Yen bumbune asin, biasane jabang bayi lahir
wadon lan lak ora asin jabang bayi lahir lanang.
2. Siraman Calon Ibu
Siraman biasane ditindakake dening pitung sepuh.
Rangkaian adicara tegese nyuwun berkah, amrih resik
jasmani lan rohani. Sawisé upacara nyiram-nyiram rampung,
isine kendhi diwutahake

3. Ngelebokake tigan pitik kampung


Dilebokake ing kain calon ibu dening bojo lanang lewat
kain nganti pecah
4. Ganti Nyamping ping pitu nganggo kain putih
Dibarengi kanthi pitakon “pantes apa durung”, nganti sing kaping enem
diwangsuli dening “durung cocok.” banjur sing kaping pitu dijawab "pantes"

Motif sing paling sederhana kaya mangkene:

a) Sidoluhur ~ dadi wong sopan lan berbudi pekerti luhur.


b) Sidamukti ~ Dadi wong sing mukti wibawa, yaiku berbahagia
lan disegani amarga kewibawaannya.
c) Truntum ~ keluhuran budi wong tuwa medhun marang si bayi.
d) Wahyu Tumurun ~ dadi wong sing tansah cedhak marang Gusti
e) Udan Riris
Bisa nggawe kahanan sing adem, ayem, tentrem marang sapa wae
f) Sido Asih ~ Dadi wong sing tansah ditresnani lan dikasihi deningsesama
uga nduweni sifat belas kasih.
g) Lasem minangka Kain ~ motif garis vertikal
h) Dringin minangka Kemben motif garis horisontal
5. Terminasi Lawe utawa godhong klapa kuning
dilingkarake ing weteng e calon, ditindakake calon
bapak nganggo keris Brojol sing dibumbui kunir ing
pucukane

6. Mbelah Kelapa Gading


Eyang saka calon ibu, nggendhong klapa gadhing dikancani Bu
Besan. Sakdurunge klapa gadhing dilewati ing ndhuwur kain sing
dienggo calon ibu liwat weteng, terus ditampa dening calon eyang,
tegese bayi bisa gampang lair, ora ana kangelan. Calon bapake
mecah klapa, milih salah siji klapa gadhing sing digambari Kamajaya
lan Kamaranthi utawa Harjuna lan Wara Sembodro utawa Srikandi

7. Slametan
Gawe sega kuning kang dilebokake ing takir. Sawisé iku, si ibu
dodol dhawet lan rujak diterusaké mbayar nganggo kreweng. Asil
dodolan dikumpulake ing kuali saka lempung banjur di pecah ing
ngarep lawang
8.hidangan :
Sing disediakake ing tingkepan yaiku:

a) Bubur pitung macem


b) Tumpeng
c) Jajan Pasar
d) Rujak buah pitung macem
e) Dawet
f) Keleman, kaya umbi-umbian cacahe pitung macem
g) Sajen :
1) Sega Kuning bentuk kerucut
2) Enten-enten
3) Sega loyang, yaiku sega kuning sing disawuri klapa
4) Bubur rocot
upaya pengelestarian
melu ngeramekake acara tingkeban sing
ana ing lingkungan masyarakat sekitar,
mbantu nyiapake kebutuhan acara, lan
ora nglalekake tradhisi tingkeban.
MATUR NUWUN

You might also like