You are on page 1of 1

Dumateng sedoyo ingkang sami rawuh,

Langkung rumiyin, monggo kulo lan panjenengan sedoyo tansah ngraosaken puji
syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten
kenikmatan injih punika kesehatan, keselamatan serto keimanan. Sehingga ing
wekdal injing menika saget silaturahmi ing ndalem kawulo dalam rangka
pertemuan rutin keluarga simbah Hj. Parmi.

Mboten kesupen, ugo sholawat lan salam mugi katetepno dateng junjungan kulo
lan panjenengan sedoyo inggih puniko Nabi Agung Muhammad SAW.

Dumateng panjenengan sedoyo, ing mriki kulo minongko shohibul baid kepareng
matur :

Sepindah ngaturaken sugeng lenggah lan sugeng pembagyo, sak cekapipun awet
kerawuhan panjenengan sedoyo.

Kaping kalihipun, mbok bilih anggen kawulo nanggapi soho saos papan
palenggahan kirang nuju prono dumateng panjenengan sedoyo saestu kulo sak
keluarga naming nyuwun agunging samudro pangaksami.

Cekap semanten atur kulo, katah klintunipun anggen kulo matur, kulo nyuwun
agunging pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like