You are on page 1of 16

TUGAS BAHASA JAWA

SERAT KALATIDHA

OLEH:

KELOMPOK 4 XII MIPA 1

ALSA RESYA WARDANA (01)

DIMAS DIHARYA (09)

GALUH ALYA RACHMAN (16)

MESSA RAMADHANTI (22)

SMA NEGERI 8 YOGYAKARTA

2019
Pada 1

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Mangkya darajating praja Mangkya darajating praja 8a
Kawuryan wus sunyaruri Kawuryan wus sunyaruri 8i
Rurah pangrehing ukara Rurah pangrehing ukara 8a
Karana tanpa palupi Karana tanpa palupi 8i
Atilar silastuti Atilar silastuti 7i
Sarjana sujana kelu Sujana sarjana kelu 8u
Kalulun kalatidha Kalulun kalatidha 7a
Tidhema tandhaning dumadi Tidhem tandhaning dumadi 8i
Ardayengrat dening karoban rubeda Andayengrat dene karoban rubeda 12a
 
Tembung Angel
1. Kawuryan : ketok
2. Sunyaruri : katon ora cetho
3. Rurah : rusak
4. Pangrehing : pengendalian
5. Mangkya : kahanan saiki
6. Silastuti : paugeran kang sae
7. Sujana : wong pinter
8. Kalulun : melu kegulung
9. Tidhem : sepi
10. Andayengrat : membuat seolah dunia
11. Rubeda : repot

Parafrasa
Jaman saiki, negara tambah bubrah, amarga wong-wong mungkuri norma-norma kuripan.
Pamburine awake dhewe kangelan nemuke wong sing kena didadekne tuladha. Wong-wong
sing pinter uga kegawa arus sing sesat lan ora padha karo norma kauripan. Donya kebak karo
masalah lan kaya arep ajur.

Piwulang
Awake dhewe kudu isa mbedakne endi sing becik lan endi sing elek supaya ora sesat

Catetan
1. Ing buku sarjana sujana Ing sumber liya sujana sarjana
2. Ing buku tidhema ing sumber liya tidhem
3. Ing buku ardayengrat dening ing sumber liya andayengrat Dene
Pada 2

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Ratune ratu ulama Ratune ratu utama 8a
Patihe patih linuwih Patihe patih linuwih 8i
Pra nayaka tyas raharja Pra nayaka tyas raharja 8a
Panekare becik-becik Panekare becik-becik 8i
Parandene tan dadi Parandene tan dadi 7i
Paliyasing kala bendu Paliyasing kala bendu 8u
Mandar mangkin andadra Mandar mangkin andadra 7a
Rubeda kang ngreribedi Rubeda angreribedi 8i
Beda-beda ardaning wong sanegara Beda-beda ardaning wong sanegara 12a

Tembung Angel
1. Nayaka : panuntun, panuduh
2. Tyas : ati
3. Panekare : bawahan, pejabat rendah
4. Parandene : meskipun demikian
5. Paliyasing : panulak, penolak
6. Bendu : nesu, sepata
7. Mandar : malah, malahan
8. Ngreribedi : ngerepoti
9. Ardaning : napsune, hasratnya

Parafrasa
Sakjane ratune wong sing apik, patihe wong sing cerdik, para nayaka praja lan para warga
kang dadi panutan wong sing becik-becik. Nanging kabeh iku mau ora isa ndadekake
kahanan saya apik, justru sewalike masalah saya akeh lan ora karuan. Amarga saka dayane
kala bendu. Pacoban/bebendu saya akeh, saben wong beda-beda kekarepan lan panemune.

Piwulang
Dadi wong ora kena egois ing babagan akeh wong utawa masalah babagan kepentingan
umum. Supaya negarane tentrem lan ora akeh masalah.

Catetan
1. Ing buku tulisan e ulama nanging ing serat liyane sing asli sing bener utama.
Pada 3

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Katetangi tangisira Katetangi tangisira 8a
Sira sang paramengkawi Sira sang paramengkawi 8i
Kawileting tyas duhkita Kawileting tyas duhkita 8a
Kataman ing reh wirangi Ketaman ing reh wirangi 8i
Dening upaya sandi Dening upaya sandi 7i
Sumaruna anarawung Sumaruna anarawung 8u
Mangimur manuhara Mangimur manuhara 7a
Met pamrih melik pakolih Met pamrih melik pakolih 8i
Temah suka ing karsa tanpa wiweka Temah suka ing karsa tanpa weweka 12a

Tembung Angel
1. Katetangi : wutah, tertumpahlah
2. Parameng kawi : pujangga sing mashur
3. Kawileting : [kawilet] katut, kapencut dening tembung manis, [kawileting] kebelit
4. Duhkita : susah, sedhih
5. Wirangi : [wirang] isin, [wirangi] ngisin-ngisini
6. Sumaruna : pasrawungan, pergaulan
7. Anarawung : barengan
8. Mangimur : nyamar
9. Manuhara : sae, indah, menggiurkan
10. Met : nggolek
11. Melik : kepengin ndarbeni, arep ngepek, pangarep
12. Wiweka : pangati-ati, ngati-ati

Parafrasa
Wektu kuwi sang pujangga nangis, kebak karo kesusahan , mbisakne cacian lan pekewuh,
perkara iki akibat saka panggawe wong sing menehi pujangga harapan kang apik, dadine
pujangga terlena lan ora waspada.
 
Piwulang
Aja gampang aandel karo wong liya

Catetan
1. Ing buku tulisan e Kataman nanging ing sumber liya sing bener Ketaman.
2. Ing buku tulidan e wiweko nangijg ing sumber liya sing bener weweka.
Pada 4

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Dhasar karoban pawarta Dasar karoban pawarta 8a
Babaratan ujar lamis Bebaratan ujar lamis 8i
Pinudya dadya pangarsa Pinudya dadya pangarsa 8a
Wekasan malah kawuri Wekasan malah kawuri 8i
Yen pinikir sayekti Yen pinikir sayekti 7i
Pedah apa aneng ngayun Mundhak apa aneng ngayun 8u
Andhedher kaluputan Andhedher kaluputan 7a
Siniraman banyu kekembanging beka
Siniram ing banyu lali 8i
(12a)
- Lamun tuwuh dadi kekembenging beka 12a

Tembung Angel
1. Karoban : kebanjiran, keleben
2. Bebaratan : kabar angin
3. Lamis : mung ing lahire bae sing becik batine ora, pura-pura
4. Pinudya : pinuju
5. Kawuri : kepungkur, kesingkir
6. Sayekti : sanyata, senyatanya
7. Andhedher : nyebarke
8. Ngayun : pemuka
9. Kekembenging : kebak
10. Beka : kangelan, ribet

Parafrasa
Babagane mung amarga merga kabar sing durung mesthi bener. Arep didadekake pemimpin
nanging kasunyatane ora bener, malah ora digatekake. Sejatine nek dipikirke, apa ta gunane
dadi pemimpin?. Mung arep gawe kaluputan-kaluputan wae. Luwih-luwih lali karo awake
dhewe, pakolehe mung kewuhan.

Piwulang
Aja maksake dadi pemimpin yen mung pengen dadi panguwasa nanging ora isa ngatur
negarane dhewe

Catetan
1. Ing buku tulisan e dhasar nanging ing sumber liya tulisane dasar.
2. Ing buku siniraman banyu kekembanging beka ning sing bener sing Siniraman ing banyu
lali.
Pada 5

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Ujaring panitisastra Ujaring panitisastra 8a
Awawarah asung peling Awewarah asung peling 8i
Ing jaman keneng musibat Ing jaman keneng musibat 8a
Wong hambeg jatmika kontit Wong hambeg jatmika kontit 8i
Mangkono yen niteni Mangkono yen niteni 7i
Pedah apa amituhu Pedah apa amituhu 8u
Pawarta lolawara Pawarta lelawara 7a
Mundhak angreranta ati Mundhak angreranta ati 8i
Angurbaya angiket cariteng kuna Angurbaya angiket cariteng kuna 12a

Tembung Angel
1. Panitisastra : serat Panitisastra
2. Awewarah : melingi, pitutur, menasehati
3. Asung : aweh, memberi
4. Peling : pepenget, sarana untuk mengingat-ingat
5. Hambeg : berbudi
6. Jatmika : tansah nganggo tata-trapsila, alus
7. Kontit : kalah, kesingkir
8. Pedah : paedah, manfaat
9. Amituhu : nggatekake
10. Lelawara : ora cetho
11. Angreranta : nyusahke
12. Angurbaya : luwih apik

Parafrasa
Miturut buku panitisastra , sejatine wis ana pratandha. Ing jaman kang akeh kewuhan dan
kasesatan iki, wong sing nduweni budi kang luhur ora dianggep. Yen awake dhewe nliti, apa
gunane aandel kabar kang durung genah dununge, mung bakal nyusahke ati wae. Luwih
becik gawe karya-karya bab crita ing jaman dhisik wae.

Piwulang
Ing kauripan, awake dhewe ora usah mikirke perkara-perkara sing ora penting lan ora isa
dibuktekna kabenere. Gunakne wektumu kanggo nglakoke kemempengan sing guna.

Catetan
1. Ing buku tulisane Awawarah nanging ing sumber liya tulisane Awewarah
2. Ing buku tulisane lolawara nanging ing sumber liya tylisane lelawara.
Pada 6

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Kena kinarya darsana Keni kinarya darsana 8a
Panglimbang ala lan becik Panglimbang ala lan becik 8i
Sayekti akeh kewala Sayekti akeh kewala 8a
Lalakon kang dadi tamsil Lelakon kang dadi tamsil 8i
Masalahing ngaurip Masalahing ngaurip 7i
Wahananira tinemu Wahaninira tinemu 8u
Temahan anarima Temahan anarima 7a
Mupusa pepesthening takdir (9i) Mupus pepesthening takdir 8i
Puluh-puluh anglakoni kaelokan Puluh-puluh anglakoni kaelokan 12a

Tembung Angel
1. Darsana : tauladan
2. Panglimbang : perbandingan
3. Kewala : mung, bae
4. Tamsil : tuladha becik
5. Wahaninira : makna uripe
6. Temahan : pungkasane, dadi, sehingga
7. Mupus : nrima marang kaanane lekakone
8. Puluh-puluh : kepriye maneh, bagaimana lagi
9. Kaelokan : mukjijat, elok, keanehan

Parafrasa
Gawe karya bab crita ing jaman dhisik kuwi isa dadi tuladha, crita kuwi nengenake bab
panguripan sing isa ngademake ati, pungkasane isa nrima marang kuwasaning Gusti, kabeh
mau dijalari amarga nandhang kedadean ala kang ora ana rampunge.

Piwulang
Manungsa bisane gur dunga lan usaha, kabeh kuwi sing ngatur Gusti kang Maha Kuwasa.

Catetan
1. Ing buku kena ing sumber liya keni.
2. Ing buku Lalakon ing sumber liya Lelakon.
3. Ing buku Wahananira ing sumber liya wahaninira.
4. Ing buku mupusa ing sumber liya mupus sing bener sing mupus.
Pada 7

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Amenangi jaman edan Amenangi jaman edan 8a
Ewuh aya ing pambudi Ewuh aya ing pambudi 8i
Melu edan ora tahan Milu edan nora tahan 8a
Yen tan melu anglakoni Yen tan milu anglakoni 8i
Boya kaduman melik Boya kaduman melik 7i
Kaliren wekasanipun Kaliren wekasanipun 8u
Dilalah karsa Allah Ndilalah karsa Allah 7a
Begja-begjane kang lali Begja-begjane kang lali 8i
Luwih begja kang eling lawan waspada Luwih begja kang eling lawan waspada 12a
 
Tembung Angel
1. Amenangi : ngalami
2. Aya : sulit, angel
3. Pambudi : pangerti, bebuden
4. Milu : melu
5. Tan : ora
6. Boya : mboten, ora
7. Melik : sing diduweni
8. Kaliren : ngelih

Parafrasa
Urip ing jaman edan pancen riwuh. Awake dewe ora bisa melu-melu edan, nanging menawa
ora melu edan uga ora bisa oleh apa-apa lan malah nandhang kaluwen. Ananging, kabeh iki
wis dadi kersanipun Allah sahengga bakal luwih begja wong kang eling lan waspada.

Piwulang
Dadi wong kang urip ing jaman edah kudu eling lan waspada

Catetan
1. Ing buku melu .... Ora ing sumber liya milu....nora
2. Ing buku dilalah ing sumber liya ndilalah
Pada 8

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Semono iku babasan Semono iku bebasan 8a
Padu-padune kepengin Padu-padune kepengin 8i
Enggih makaten man doplang Enggih mekaten Man Doblang 8a
Bener ingkang angarani nanging
Bener ingkang angarani 8i
sajroning batin
- Nanging sajroning batin 7i
Sajatine nyamut-nyamut Sajatine nyamut-nyamut 8u
Wis tuwa arep apa Wis tuwa arep apa 7a
Muhung mahas ing asepi Muhung mahas ing asepi 8i
Supaya ntuk pangaksamaning hyang Supaya ntuk pangaksamaning Hyang
12a
suksma Suksma

 Tembung Angel
1. Bebasan : paribasan, kayadene
2. Man Doplang : Paman Doblang
3. Nyamut-nyamut : isih durung nyakup temenan, durung sepiro (klamut-klamut?)
4. Muhung : mung
5. Mahas :
6. Pangaksamaning : [pangaksama] pangapura, ampunan

Parafrasa
Kenapa kudu susah menawa ora sido oleh jabatan? Sajake ana jero ati sajake ora kepengin
banget. Wis sepuh arep golek apa malih. Luwih becik menawa cedhak kaliyan Gusti Allah
supaya entuk pangapura.

Piwulang
Dados wong sepuh luwih becik cedhak kaliyan Gusti Allah supaya entuk pangapura.

Catetan
1. Ing buku Babasan ing sumber liya Bebasan
2. Ing buku man doplang ing sumber liya Man Doblang
Pada 9

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Beda lan kang wus santosa Beda lan kang wus santosa 8a
Kinarilan ing hyang widhi Kinarilan ing Hyang Widhi 8i
Satiba malanganeya Satiba malanganeya 8a
Tan susah ngupaya kasil Tan susah ngupaya kasil 8i
Saking mangunah prapti Saking mangunah prapti 7i
Pangeran paring pitulung Pangeran paring pitulung 8u
Marga samaning titah Marga samaning titah 7a
Rupa sabarang pakolih Rupa sabarang pakolih 8i
Parandene maksih taberi ihtiyar Parandene maksih taberi ikhtiyar 12a

Tembung Angel
1. Kinarilan : dillilani, rila
2. Widhi : Maha Kuasa
3. Malanganeya : tempate
4. Mangunah : pitulungan
5. Prapti : prapta, tekan
6. Samaning : sesama
7. Sabarang : sembarang
8. Parandene : meskipun demikian

Parafrasa
Kanggo wong kang wis taat marang Gusti Allah, gampang anggone wong kuwi mau entuk
rahmat lan pitulungan saka Gusti Allah. Saka ngendi wae pitulungan mesthi bakal nekani.
Nanging ora malah gawe wong kuwi mau dadi wegah ibadah, malah dadi soyo taberi
anggone ibadah.

Piwulang
Dadi wong aja cepet marem anggone ibadah lan taat marang Gusti Allah, nanging kudu tetep
taberi supaya bisa entuk rahmat saka Gusti Allah seteruse.

Catetan
1. Ing buku ihtiyar ing sumber liya ikhtiyar
Pada 10

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Sakadare linakonan Sakadare linakonan 8a
Mung tumindak mara ati Mung tumindak mara ati 8i
Angger tan dadi prakara Angger tan dadi prakara 8a
Karana wirayat muni Karana riwayat muni 8i
Ikhtiyar iku yekti Ikhtiyar iku yekti 7i
Pamilihing reh rahayu Pamilihing reh rahayu 8u
Sinambi budidaya Sinambi budidaya 7a
Kanthi awas lawan eling Kanthi awas lawan eling 8i
Kang kaesthi antuka parmaning Kanti kaesthi antuka parmaning
12a
Suksma Suksma (13a)

Tembung Angel
1. Linakonan : ngelakokake
2. Mara ati : nyenengake ati
3. Tan : ora
4. Karana : sebab, jalaran
5. Yekti : nyata, sanyata
6. Reh : bab, pratingkah, laku utama
7. Kaesthi : memikirkan, berdoa
8. Antuka : semoga mendapat
9. Parmaning : anugrah saka, [parman] sih kawelasan

Parafrasa
Sekedare nglakoni tumindak kang nyenengake angger ora marai prakara. Dadi wong aja
mung bisa ngandalake pitulung saka Gusti Allah dumeh wis dadi wong kang taat. Nanging
kudu tetep ikhtiyar, usaha, eling lan waspada, sinambi donga supaya entuk anugrah saka
Gusti Allah.

Piwulang
Dadi wong kudu ikhtiyar, usaha, eling, waspada, lan terus donga supaya entuk anugrah saka
Gusti Allah.

Catetan
1. Ing buku wirayat ing sumber liya riwayat.
2. Ing buku kang ing sumber liya kanti. Kudune kang supaya guru wilangane pas.
Pada 11

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Ya Allah ya rasulullah Ya Allah ya Rasulullah 8a
Kang sipat murah lan asih Kang sipat murah lan asih 8i
Mugi-mugi aparinga martini (9i) Mugi-mugi aparinga 8a
- Pitulung ingkang martani 8i
Ing ngalam awal akir Ing alam awal akhir 7i
Dumununging gesang ulun Dumununging gesang ulun 8u
Mangkya sampuna wredha Mangya sampuna wredha 7a
Ing wekasan kadi pundi Ing wekasan kadi pundi 8i
Mula mugi wontena pitulung tuwan Mula mugi wontena pitulung Tuwan 12a
 
Tembung Angel
1. Martani : nyenengke, martosi, menggembirakan
2. Dumununging : papan
3. Gesang : urip
4. Ulun : abdi, aku, hamba
5. Mangkya : kahanan saiki
6. Wredha : tuwa
7. Kadi pundi : piye nasibku

Parafrasa
Namung Allah kang nggadahi sipat murah lan asih kang bisa maringi pitulungan ing dina-
dina akhir. Wis tuwa nanging ngrasa menawa taksih kurang cedhak marang Allah. Arep
kepiye maneh, namung Allah kang ngerti nasibe manungsa lan maringi pitulungan.

Piwulang
Dadi wong luwih becik menawa cedhak lan taat marang Gusti Allah.

Catetan
1. Ing buku martini ing sumber liya ra ana
2. Ing buku ngalam .... akir ing sumber liya alam ... akhir
Pada 12

Wibawa Sumber Liya Guru Wilangan-Lagu


Sageda sabar santosa Sageda sabar santosa 8a
Mati sajroning ngaurip Mati sajroning ngaurip 8i
Kalis ing reh aruhara Kali ing reh aruraha 8a
Murka angkara sumingkir Murka angkara sumingkir 8i
Tarlen meleng malatsih Tarlen meleng malat sih 7i
Sanitya satyas mamasuh Sanitya seng tyas mematuh 8u
Badharing sapudhendha Badharing sapudhendha 7a
Antuk mayar sawatawis Antuk mayar sawetawis 8i
Borong ongga sawarga mesi martaya Borong angga sawarga mesi martaya 12a

Tembung Angel
1. Kalis : ngendani, terhidar
2. Aruraha : ngerepoti, kerepotan
3. Sumingkir : nyingkir
4. Tarlen : ora liya
5. Meleng : nglenthar, ndleya,
6. Malat : nggolek
7. Sanitya seng : senantiasa
8. Mematuh : patuh, manut
9. Badharing : ilange
10. Sapudhendha : paukuman, bebendu
11. Mayar : gampang, mudah
12. Angga : awak, badan, diri
13. Mesi : ngemot, isi, memuat, berisi
14. Martaya : sejahtera

Parafrasa
Muga-muga awake dewe bisa sabar lan santosa nglakoni “mati ing urip”. Bisa ucul saka
masalah dan murka karana awake dewe namung bisa nyuwun rahmat lah pangapura saka
Gusti Allah lan nyerahake diri supaya bisa sejahtera.

Piwulang
Kudu bisa ngendalekake diri supaya adoh saka tumindak ala lan murka.

Catetan
1. Ing buku aruhara Ing sumber liya aruraha.
2. Ing buku satyas mamasuh Ing sumber liya tyas mematuh.
3. Ing buku sawatawis ing sumber liya sewetawis.
4. Ing buku ongga ing sumber liya angga.
Tembung-tembung angel
1. rurah: rusak, sujana: wong pinter
2. paliyasing: panulak, parandene: paradonsipun
3. kawileting: katut, wirangi: isin kang kawerahan ing akeh, manuhara: endah
4. kardan: kebanjiran, pangarsa: pangarep/presidhen, wekasan: wasana/pungkasan,
sayekti: sanyatu/temenan, ngayun: ngarep, andhedhar: landher
5. ujaringi: gunem, peling: pitatur ngelingake, kontit: kalah/ora tandhing, idawara: (ida),
angurbaya: (angur)
6. kewala: mung/bae, sayeuti: sanyata, tamsil: taladha becik, temahan:
kedadeane/pangkasane
7. ewuh: lagi nindakake pegawean, aya: ditindakake kanthi rekasa, kaliren: keluwen,
boya: ora, nyamat-nyamat: isih adoh/dhuwur banget
8. santosa: kukuh, kasil; pametu, parandene: parandosipun
9. angger: panyebut marang kang pernah enom, prahara: angin gedhe awor udan deres,
karana: sebab
10. alun: batur/aku, wekasan: wasana/pungkasan
11. kais: (kalis/ora bisa teles), borong: mangsa/bodho

1. Kahanan negara saiki, wis ora karuan. Sistem tata negara wis rusak amarga wis ora ana
sing bisa ditutke. Wis akeh sing ninggalke petuah – petuah leluhur. Para ilmuwan uga
melu kegawa arus Kala Tidha. Kahanane saya bubrah amarga donya kebak karo
karusuhan.
2. Sakjane ratune kalebu ratu kang kebcik, patihe uga cerdik, kabeh putrane becik,
“wong” ing masyarakat becik, nanging dheweke ora bisa nyiptaaken kabecikan ing
masyarakat amarga daya jaman Kala Bendu. Karusuhan saya ndadi. Beda wong beda
pamikiran lan tujuane.
3. Kala kuwi perasaane sang Pujangga nangis, kebak kasengsaraan, entuk ecean lan isin,
akibat saka ulahe wong – wong. Ketoke wong kuwi ngewenehi pangarep – arep kang
nggoda saengga sang Pujangga seneng banget lan ora waspada.
4. Babagan sawisipun yaiku prungu-prungu sing ora tamtu. Bakal didadekake pangarep
nanging ora tenanan lan ora digatekake. Sajanipun, apa ginanipun pangarep iku ?
Namung gawe kalepetan-kalepetan wae. Menawi lali awake dewe, hasilipun namung
kewuhan.
5. Miturut para ahli sastra,sajanipun sampun wonten peeingatan menawi ing jaman sing
akeh musibah iki wong ingkang gadhah bebuden bakal ditinggalake. Menawi
direnungake, boten wonten manfaatipun kangge awake dewe. Luwih becik nggubah
serat-serat kala kina.
6. Ngowahi cariyos kina saged menehi dampak sing apik, yaiku : saged bedakaken sing
lepet lan leres. Wonten akeh banget tuladha ing kahuripan ingkang segaed nrima lan
nglakoni kersa Allah. Nglawan takdir punika namung amargi akeh godaan.
7. Urip ing jaman edan pancen riwuh. Awake dewe mboten saged meloni, nanging
menawi ora meloni uga mboten saged gadhah apa-apa lan malah nandhang kaluwen.
Ananging, kabeh iki sampun dados kersanipun Allah lan luwih begja wong kang eling
lan waspada.
8. Kabeh iku namung masalah ati. Sapunika sampun sepuh badhe apa maneh ? Luwih
becik cedhak Gusti Allah supados gadhah pangapura.
9. Kangge tiyang ingkang sampun kuwat, bakal gadhah rahmat saking Gusti Allah lan
kahanan apa wae nasibe tansah becik. Boten perlu susah njaluk rahmat lan taksih
ikhtiyar.
10. Dalani wae kabeh masalah saisane ati kangge nglipur ati kang lara. Kabeh iki petuah
supados awake dewe ikhtiyar lan meloni dalan ingkang becik. Dewe uga kudu eling lan
waspada supados gadhah rahmat marang Gusti Allah.
11. Ya Allah ya Rasulullah kang sipat murah lan asih mugi mugi paring pitulung ing
kahuripan lan namung Gusti ingkang saged manehi pitulungan marang kabeh
manungsa.
12. Mugi-mugi awake dewe saged sabar lan santosa nglakoni "mati ing urip". Lepas saking
masalah lan murka. Kita sedaya nyuwun rahmat lan pangapura saking Gusti lan dewe
serahake awake dewe.
 
 
Piwulang

§ Menehi pangeling supaya tansah eling marang Gusti lan waspada marang manungsa lan
kauripan
§ Gusti bakal maringi pitulungan kanggo uwong-uwong sing eling lan waspada
§ Becike manungsa percaya marang takdir dibarengi ikhtiar sing cukup

You might also like