Professional Documents
Culture Documents
Cerkak Jawa Kebelet
Cerkak Jawa Kebelet
᭰ ᭙
ᦿ
ᩂᨾ
᭙
᭙ ᨾ
᭙
ᩭ
᭼
᭙᭦
᭦
ᩂ ᭙
ᩆ
᭦
ᨾ
ᩌ
ᨾ
ᨾ
Playuné bís ora bisa bantêr. Sauntårå iku pênumpang síng wiwít budhal wís kêbak munjúng durúng ånå síng
mudhún. Têgêsé kalóng. Dadi aku karo Dhík Narkó ya têtêp ngadêg. Untúng íng sadawané laku iki mau ora
ånå calón pênumpang síng ngêndhêg.
Nêmbé barêng têkan Caruban ånå sawêtårå pênumpang síng mudhún. Klêbu pênumpang íng sandhíngku.
Kalodhangan iki gagé dakmanfaataké. Tanpå mrêduli pênumpang wadón síng mau ngadêg íng jèjèrku, bókóng
iki gagé dakbrúkaké íng jók.
Lêgå rasané. Daklirík Dhík Narkó ya wís éntúk palungguhan. Malah jèjèr karo bocah wadón ayu. Wah, yå
gênah sênêng atiné. Déné jèjèrku lunggúh sawijiníng priyayi kakúng busånå nècis. Yúswané barakan karo
aku.
“Mandhap pundi?” pitakónku abang-abang lambé.
“Sålå,” wangsulané cêkak.
“Dalêmipún Sålå?” pitakónku ngubêr.
“Surabåyå. Dhatêng Sålå sapêrlu tuwi mbakyu. Hla panjênêngan mandhap pundi‟ gênti pitakóné.
“ Nggíh mandhap Sålå.”
“Dalêmipún?” priyå kuwi gênti ngoyak.
“Tulúngagúng.”
Aku tumêngå maspadakaké wóng wadón jèjèrku ngadêg mau. Têkan wêktu iku dhèwèké isíh ngadêg. Níng
sajak santai. Polatané tanpå nudúhaké pangrêsulå. Åpå sêjatiné sikilé kråså jimpé åpå ora, aku ora ngêrti. Wís
bah-bah kono!
Bís têrús mlayu najan ora bantêr. Íng njåbå udané isíh têrús ngrêcih. Sajaké ora énggal têrang. Håwå kråså
atis bêbarêngan såyå mrambat wêngi síng sansåyå wêngi.
Nèng têrminal Madiún bís mandhêg sêꧤélå, tanpå nguꧤúnaké pênumpang lan ngunggahaké pênumpang. Såkå
kono bís bablas ngulón. Wusånå kuthå Madiún wís kêpungkúr. Ngancík Maóspati, Glódók, Gênêng tanpå ånå
kêdadéyan åpå åpå.
Íng têrminal Ngawi ngudhúnaké pênumpang têlu, kalêbu wóng wadón síng ngadêg íng jèjèrku mau soré, síng
jaréné priyayi kakúng sandhíngku, anggóné ngadêg wiwít Jombang.
Wóng wadón kasêbút mudhún såkå bís kanthi sigrak. Polatané nuꧤúhaké råså bungah. Sadurungé jumangkah
isíh kobêr pamít marang kiwå têngêné, klêbu aku.
“Månggå Pak, kula mandhap rumiyín,” ngono ujaré kanthi sumringah.
“O, månggå-månggå! Dalêmipún ngriki nggíh?” tumanggapku dak grapyak-grapyakaké. Dak lirík priyayi
kakúng sandhíngku mèncêp. Aku ora prêduli.
Bís mbacútaké laku. Wênginé sansåyå wêngi, wís mèh jam sångå. Hawané atis. Íng njåbå udané isíh tumurún
najan múng kari riwis-riwis. Swasånå njêro bís nyênyêt.
Sabagiyan pênumpang klêbu Dhík Yudhèt, Dhík Wahyudi lan Dhík Narkó padha nglêgêsês turu. Aku ya njúr
nyobå mêrêm najan mripatku ora ngantúk.
Dumadakan kêprungu swårå pangrintih. Swårå wadón síng sajak sêsambat. Sambaté katujókaké marang sopír.
“Pak Sopír.... mandhêg sakêdhap sagêd nggíh wêtêng kula mulês
Aku ngêlèkaké mripat. Njúr plingukan mênyang arah sangkané pisambat. Jêbúl såkå têngênku rådå kånå,
mèpèt jênꧤélå bís.
Íng kono katón sawijiníng wanitå watårå Umúr 35- nan taún lagi pringisan karo nêkêm wêtêngé. Ndêlêng
sandhang panganggóné sajak klêbu wóng sèkèng. Kajåbå aku, pênumpang liyå síng krungu pisambaté ugå
pådhå maspadakaké. Klêbu priyayi kakúng jèjèranku lunggúh.
“Adhúh Pak.... mbótên kiyat niki lho... mandhêg sakêdhap nggíh pisambaté wóng wadón kuwi manèh.
Durúng ånå tanggapan såkå si sopír. Bís isíh têrus mlayu.
Si sopír sajak ora „ambíl pêduli‟ marang pênumpangé síng kêbêlêt. Pênumpang liyané ånå síng alók
mêsakaké nangíng yå ånå síng maido. Klêbu aku.
“Wóng mêntas mandhêg nèng têrminal, mbók mau nyêlangaké nèng toilèt, ” grênêngku.
“Mbókmanawi anggènipún kraós nêmbé mênikå kålåwau,” tumanggapé priyayi kakúng jèjèrku.
Bís isíh têrús mlayu, malah sansaya bantêr awít udané wís têrang. Sauntårå kuwi si wadón kêbêlêt isíh têrús
pringisan karo nêkêm wêtêngé. Sêꧤélå-sêꧤélå kêprungu swårå pangêsês såkå lambéné.
Sajaké pênumpang loro jèjèrané lunggúh ora tahan krungu sêsambaté utåwå malah kuwatír yèn kêcipratan
saupåmå Si wadón nganti kêprójólan pilíh banjúr ngadêg rådå ngadóh. Saiki bangku isi têlu mau kari
dilungguhi ijèn.
Sidowayah wís kliwat. Si sopír babarpisan ora niyat ngênꧤêgaké kênꧤaraané. Bablas lan têrús bablas. Wusånå
Gênꧤingan ugå kliwatan. Wiwít ngancík Manꧢingan. Dumadakan....
“Pak Sopír.... kulå mbótên tahan malíh. Kula mang ꧤúnké ngriki mawón,” panguwuhé wóng wadón
Eh, jêbúl patrapé wanitå mau ditiru déníng sawêtårå pênumpang liyané. Sajaké ugå pådhå kêbêlêt. Embúh
kêbêlêt bêbucal êmbúh kêbêlêt pipis.
“Tiyang jaman samangké raós kamanungsané sansåyå tipís, ” ujaré priyayi kakúng kancaku lunggúh mau síng
dumadakan wís nèng sanꧤíngku. Nuli bacuté, “Kadós patrapé si sopír mênikå kalawau, upami mbótên kulå
pêkså sajaké nggíh mbótên purún ngênꧤêgakên kênꧤaraané.
Mångkå ngêrtós wóntên pênumpangé síng lagi kêbêlêt. Gèk kêbêlêt niku raósé jian mbótên sêkécå. Awít kulå
sampún naté ngalami. Untungé wanci siyang, gèk kulå tiyang jalêr.
Dadós nggíh nékad mawón nyuwún mandhap padós toilèt. Déné bisé nggíh lajêng bablas. Kêpêkså kula padós
bís sanèsé. Mbayar malíh mbótên nåpå-nåpå síng pêntíng wêtêng niki mbótên mlilit malíh. Lha niki rak
wanci dalu kathík jawah pisan kathík síng kêbêlêt tiyang èstri. Rak mêsakakên tå,” kojahé priyayi mau rådå
ngandhar-andhar.
“Kók panjênêngan kålåwau kadós nyêlêr artå sakíng ꧤompèt? ” tumanggapku. Priyayi kasêbut ngguyu. Nuli
awèh katrangan, “Sakawít sopiré kålåwau rak baꧤé mbótên purún ngênꧤêgakên bisé. Angkah kula baꧤé kulå
sógók. Jêbúl mbótên purún. E, kók yå isíh mbênèh.”
Aku lêgêg. Ånå råså gêtún jroníng ati. Siꧢík akèh patrapku síng ora mènèhi kaloꧤangan lunggúh marang
pênumpang wadón síng muꧤún nèng Ngawi mau ora béda karo patrapé sopír bís iki. Luwíh mêntíngaké
awaké ꧤéwé ora nggubris panandangé liyan.
Najan ora niyat nyindhír, níng langkah síng ditindakaké priyayi kakúng kancaku lunggúh iki kasíl nggarít
atiku. Aku salut marang dhèwèkké. Aku ngrumangsani najan umúrku wís akèh jebúl íng „satu sisi‟ isíh kudu
sinau manèh.
Déníng Tiwik SA
Sanggar Triwida, Pébruari 2002
Kapêthík sakíng : Kalawarti Mardika Basa Jawa - Jaka Lodhang
No. 09 Sabtu Wage - 27 Juli 2002