You are on page 1of 5

َ ‫ اَ ْشهَ ُد اَ ْن الَ اِلهَ اِالَّ هللاُ َوحْ َدهُ الَ َش ِر ْي‬.

‫ت‬
ُ‫ك لَه‬ ِ ‫ال الصَّالِ َحا‬ ِ ‫ق ِعبَا َدهُ ْال ُمْؤ ِمنِ ْينَ اِل َدَا ِء ااْل َ ْع َم‬
َ َّ‫ْل َح ْم ُد هّلِل ِ الَّ ِذى َوف‬
ِّ‫صل‬ َ ‫ اَللهُ َّم‬.‫ت‬ِ ‫ْجزَا‬ ِ ‫احبُ ْال ُمع‬ ِ ‫ص‬ َ ُ‫ َواَ ْشهَ ُد اَ ّن َسيِّ َد نَا ُم َح َّمدًا َع ْب ُدهُ َو َرسُوْ لُه‬.‫َشهَا َدةً اَرْ جُو بِهَا َرفِي َع ال َّد َر َجات‬
ِ ‫ضاِئل َو ْال َك َرا َما‬
‫ت‬ َ َ‫َو َسلِّ ْم َعلَى َسيِّ ِد نَا ُم َح َّم ٍد َو َعلَى الِ ِه َواَصْ َحابِ ِه اُولِى ْالف‬
 
‫ه‬Dِ ِ‫ق تُقَات‬ َّ ‫ َواتَّقُوا هللاَ َح‬.‫ت‬ ِ ‫ب ْال َم ْن ِهيَّا‬ ِ ‫ال ْال َمْأ ُموْ َرا‬
Dِ ‫ت َواجْ تِنَا‬ Dِ َ‫ اِتَّقُوا هللاَ بِا ْمتِث‬.ُ‫ فَيَا اَيُّهَا ْال ُم ْسلِ ُموْ نَ َر ِح َم ُك ُم هللا‬, ‫اَ َّما بَ ْع ُد‬
َ‫ُظلَ ُموْ ن‬ ْ ‫ت َوهُ ْم الَ ي‬ ْ َ‫س َما َك َسب‬ ٍ ‫ َواتَّقُوا يَوْ ًما تُرْ َجعُوْ نَ فِ ْي ِه اِلَى هللاِ ثُ َّم تُ َوفَّى ُكلُّ نَ ْف‬. َ‫َوالَ تَ ُموْ تُ َّن اِالَّ َواَ ْنتُ ْم ُم ْسلِ ُموْ ن‬

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah


Wonten ing wekdal soho panggenan ingkang mulyo puniko, monggo kito sami
ningkatakae raos ajrih kito dumateng gusti Allah lan bade tansah ningkatakae
roso takwa puniko ing sedoyo wekdal lan kesempatan.
 
Sholat puniko minangkani salah setunggale rukun Islam ingkang dados punjere
agami lan ugi dados amal ingkang paling pengaruh dumateng timbangan hisab
wonten dinten kiamat. Setunggale dawuh kanjeng Nabi saking Imam Tirmidzi:
 
‫ ِإ َّن َأ َّو َل َما يُ َحا َسبُ بِ ِه‬ ‫صلَّى هَّللا ُ َعلَ ْي ِه َو َسلَّ َم يَقُو ُل‬
َ ِ ‫ْت َرسُو َل هَّللا‬ ُ ‫ َس ِمع‬: ‫عن َأبِي هُ َر ْي َرةَ رضي هللا عنه قَا َل‬
‫َس َر‬
ِ ‫َاب َوخ‬ َ ‫َت فَقَ ْد خ‬ ْ ‫ت فَقَ ْد َأ ْفلَ َح َوَأ ْن َج َح َوِإ ْن فَ َسد‬
ْ ‫صلُ َح‬ َ ‫ة ِم ْن َع َملِ ِه‬Dِ ‫ال َع ْب ُد يَوْ َم ْالقِيَا َم‬ 
َ ‫صاَل تُهُ فَِإ ْن‬ ْ
 
Artosipun: Abi Hurairah ngeriwayaten hadis: ingsun krungu dawuh saking
kanjeng Nabi: Saktemene kawitane perkorone kawulo kang ditimbang ono ing
dino kiamat iku amal sholat. Lamun sholate apik, mongko bejo lan selamet.
Lamun sholate rusak, mongko getun lan nelongso.
 

Sejatose kautamaan lan keagungane sholat saget dipun sumerapi saking proses


dipun wajbaken sholat, inggih puniko kanti perjalanan isro’ mi’roj. Kanjeng
Nabi minggah dumateng langit ampal pitu kaliyan manah ingkang dipun
suciaken rumiyin soho dipun kebaki mawi iman sak perlu ngestoaken timbalan
dawuh Gusti Allah kangge nampi wahyu secara langsung ingkang arupi
kewajiban sholat gangsal wekdal.
 
Milo monggo kito jagi saestu dawuh Gusti Allah soho utusane puniko, sampun
ngantos dipun sia-siaaken, kranten tiyang ingkang nyia-nyiaken sholat, padahal
sholat sanget wigatos lan agung pangkatipun, mongko mesti tiyang nikuwau
langkung nyia-nyiaken dumateng lintunipun.
 
Poro Hadirin Ingkang Minulyo
Sholat puniko minangkani papan kangge munajat dumateng Gusti Allah.
Mboten wonten ibadah wajib kanggene makhluk ingkang langkung dipun
remeni Gusti Allah sak sampune tauhid kecuali sholat. Sak umpami wonten
wujude ibadah ingkang langkung dipun remeni Gusti Allah saklintune sholat,
mongko poro malaikat bade ngelampahi ibadah kasebat.
 
Milo saking meniko pendamelane poro malaikat wonten ingkang netepi sujud,
ruku, soho rukun-rukune sholat. Dene sholat ingkang kito lampahi meniko arupi
kumpulan saking pinten-pinten wernonipun ibadahe poro malaikat. Puniko salah
satu bukti bilih sholat minongko ibadah ingkang sanget dipun remeni Gusti
Allah.
 
Poro hadirin rahimakumullah
Sholat mboten angsal dipun tilarake sinaoso dalam keadaan gerah utawa sak
pitunggalanipun. Selama akal tasih tetep waras lan sehat, mongko sholat kedah
dipun lampahi kanti toto coro sak mampune. Sholat ugi kedah langkung
dipentingake ketimbang perkawis-perkawis dunyo, kados pendamelan, perkawis
anak bojo, bondo, jabatan lan sak pitunggalane. Sampun ngantos kito dados
tiyang ingkang getunan kranten nuruti lan ketungkul perkawis dunyo sehingga
ninggalake sholate. Gusti Allah dawuh:
 
ٰۤ ُ
َ‫ك هُ ُم ْال ٰخ ِسرُوْ ن‬ َ ‫ول ِٕى‬ َ ِ‫ٰيٓاَيُّهَا الَّ ِذ ْينَ ٰا َمنُوْ ا اَل تُ ْل ِه ُك ْم اَ ْم َوالُ ُك ْم َوٓاَل اَوْ اَل ُد ُك ْم ع َْن ِذ ْك ِر هّٰللا ِ ۚ َو َم ْن يَّ ْف َعلْ ٰذل‬
‫ك فَا‬
 
Artosipun: Hai, wongkang podo iman, bondo-bondomu lan anak-anakmu iku
ojo nganti nyebabi siro kabeh lali soko iling ing Gusti Allah, lan sopo wonge
koyo mengkunu, mongko wong-wong iku bakal getunan (al-Munafiqun: 9) 
 
Saking surat meniko njelasake bilih ingkang dipun maksud dzikir utawi iling
Gusti Allah nggih meniko sholat lima waktu.Lan saking ayat kasebat saget
dimangertosi bilih sedoyo perkoro, sinaoso asalipun dipun parengaken koq
malah nyebabake supe lan nilaraken wajibe sholat, mongko kalebet penggawean
maksiat ingkang kedah kito tebihi, 
 
Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk pitulunge Gusti Allah saget ajeg ngelampahi
sholat lima wektu lan tetap imut bilih dunyo meniko panggenan sak antawes
kimawon. 
 
‫ يَا اَيُّهَا الَّ ِذ ْينَ اَ َمنُوْ ا قُوْ ا اَ ْنفُ َس ُك ْم َواَ ْهلِ ْي ُك ْم نَارًا َوقُوْ ُدهَا‬. ‫من الرَّحي ِْم‬ ِ ْ‫َّجي ِْم بِس ِْم هللاِ الرَّح‬ ِ ‫ان الر‬ ِ َ‫ا ُعوْ ُذ بِاهللِ ِمنَ ال َّش ْيط‬
َ‫النَّاسُ َو ْال ِح َجا َرةُ َعلَ ْيهَا َمالَِئ َكةٌ ِغالَظٌ ِشدَا ٌد الَ يَ ْعصُوْ نَ هللاَ َما اَ َم َرهُ ْم َويَ ْف َعلُوْ نَ َما يُْؤ َمرُوْ ن‬ 
 
‫ت َوال ِّذ ْك ِر ْال َح ِكي ِْم َوتَقَبَّ َل ِمنِّى َو ِم ْن ُك ْم‬ ِ ‫ َواِيَّا ُك ْم بِ َما فِ ْي ِه ِمنَ ااْل يَا‬D‫ك هللاُ لِى َولَ ُك ْم فِى ْالقُرْ َأ ِن ْال َع ِظي ِْم َونَفَ َعنِى‬ َ ‫بَا َر‬
ِ ‫تِاَل َوتَهُ اِنَّهُ هُ َو ال َّس ِم ْي ُع ْال َعلِ ْي ُم َوا ْستَ ْغفِرُوْ هُ اِنَّهُ هُ َو ال َغفُوْ ُر الر‬
‫َّح ْي‬
‫ َوَأ ْشهَ ُد َأ ْن اَّل‬.‫ه َو َع ْدلِ ِه‬Dِ ِ‫ َو َخ َذ َل َم ْن َشا َء ِم ْن خ َْلقِ ِه بِ َم ِشيَْئت‬.‫ق َم ْن َشا َء ِم ْن خ َْلقِ ِه بِفَضْ لِ ِه َو َك َر ِم ِه‬ َ َّ‫ْل َح ْم ُد هلِل ِ الَّ ِذيْ َوف‬
ُ‫ َواَل َشبِ ْيهَ َواَل ِم ْث َل َواَل نِ َّد لَه‬،ُ‫ك لَه‬ َ ‫ِإ ٰلهَ ِإاَّل هللاُ َوحْ َدهُ اَل َش ِر ْي‬
 
‫صلِّ َو َسلِّ ْم‬ َ ‫ اَللهم‬D.ُ‫صفِيُّهُ َو َحبِ ْيبُه‬ َ ُ‫ َوقُ َّرةَ َأ ْعيُنِنَا ُم َح َّمدًا َع ْب ُدهُ َو َرسُوْ لُه‬D‫ َوقَاِئ َدنَا‬D‫َظ ْي َمنَا‬
ِ ‫ َوع‬D‫َوَأ ْشهَ ُد َأ َّن َسيِّ َدنَا َو َحبِ ْيبَنَا‬
‫ان ِإلَى يَوْ ِم ْالقِيَا َم ِة‬ٍ ‫ َو َم ْن تَبِ َعهُ ْم بِِإحْ َس‬.ُ‫صحْ بِ ِه َو َم ْن َّوااَل ه‬ َ ‫ َو َعلَى آلِ ِه َو‬.ِ‫ار ْك َعلَى َسيِّ ِدنَا ُم َح َّم ِد ب ِْن َع ْب ِد هللا‬ ِ َ‫َوب‬
 

َ ‫ قُلْ ٰيا ِعبَا ِد‬ ‫ه ْال َك ِري ِْم‬Dِ ِ‫ فَقَ ْد قَا َل هللاُ تَ َعال َى فِي ِكتَاب‬D.‫ت‬
‫ي‬ ِ ‫ اتَّقُوا هللاَ تَ َعالَى بِفِع ِْل الطَّاعَا‬, ُ‫ فيَا َأيُّهَا النَّاس‬:‫أ َّما ب ْع ُد‬
‫هّٰللا‬ ‫هّٰللا‬ ٓ
َ ْ‫الَّ ِذ ْينَ اَ ْس َرفُوْ ا ع َٰلى اَ ْنفُ ِس ِه ْم اَل تَ ْقنَطُوْ ا ِم ْن رَّحْ َم ِة ِ ۗاِ َّن َ يَ ْغفِ ُر ال ُّذنُو‬
ِ ‫ب َج ِم ْيعًا ۗاِنَّهٗ هُ َو ْال َغفُوْ ُر الر‬
‫َّح ْي ُم‬
 
Jamaah ingkang sami bahagio
 
Monggo sareng-sareng ningkataken takwo dumateng Gusti Allah, ajrih
dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-ipun soho
nebihi sedoya awisan-awisan-ipun. Alhamdulillah siang meniko kito diparingi
rahmat Allah sehinggo saget ngerawuhi shalat jumat berjamaah meniko. Mugi
rawuh kito meniko minongko bentuk takwallah. 
 
Setunggale ayat ing surat Az-Zumar 53 Gusti Allah dawuh: 
 

‫وب َج ِميعًا ۚ ِإنَّهُ هُ َو ْال َغفُو ُر‬


َ ُ‫ي الَّ ِذينَ َأ ْس َرفُوا َعلَ ٰى َأنفُ ِس ِه ْم اَل تَ ْقنَطُوا ِمن رَّحْ َم ِة هَّللا ِ ۚ ِإ َّن هَّللا َ يَ ْغفِ ُر ال ُّذن‬ َ ‫قُلْ يَا ِعبَا ِد‬
‫َّحي ُم‬
ِ ‫الر‬ 
 
Artosipun: Ngucapo siro Muhammad: Hei kawulo-kawulo ingsun kang podo
ngelewati batas awake kabeh. Siro kabeh ojo nganti kapegot saking rahmate
Gusti Allah. Saktemene Gusti Allah ngapuro duso sekabehane, saktemene Gusti
Allah akeh pengapurone tur kang welas asihe.
 
Ayat niki ngelarang kito rumahos kapegot saking rahmat Allah. Kadospundi
kito rumahos kapegot menawi mboten memahami hakikat rahmat meniko.
Setunggale hadits dawuh:
 
ِ‫ َواَل َأنَا ِإاَّل بِ َرحْ َم ٍة ِمنَ هللا‬،‫ار‬ ِ َّ‫ َواَل ي ُِجي ُرهُ ِمنَ الن‬،َ‫ال يُ ْد ِخ ُل َأ َحدًا ِم ْن ُك ْم َع َملُهُ ْال َجنَّة‬ 
 
Artosipun: Mboten wonten amalan setunggaling tiyang ingkang saget
mlebetaken wonten suwargo lan nyelametaken saking geni neroko, ugo kulo
piyambak, kejobo kelawan pitulung rahmate Gusti Allah (HR Muslim).
 
Estu leres bilih dipun ngendika’aken mlebet suwargo mboten disebabake katah
amal ibadah lan kesaenan ananging sebab rahmate Gusti Allah. Sinaoso
mekaten mboten leres menawi nganggap amal ibadah lan kesaenan mboten
nggadah faidah akhire aras-arasen ngelampahi amal kesaenan, bahkan mamang
kaliyan tujuan amal ibadah lan kesaenan wonten dunyo meniko.
 
Wonten setunggale kisah malaikat Jibril nate dawuh: Saktemene rumiyin enten
tiyang saleh, manggon teng salah setunggal gunung ingkang inggil. Keranten
inggilipun, malaikat Jibril menawi bade teng alam dunyo mesti ngelewati
gunung niku. Sinaoso lokasi gunung niku mboten ombo, ananging tiyang saleh
niki saget nyukupi kebutuhan saben dintenipun. Menawi lesu dan ngelak saget
mendet teng sekitar gunung meniko. Kebutuhan tuyo kangge wudhu lan siram
sampun cumawis.
 
Milo piyambakipun saget fokus ibadah ngantos limangatus tahun laminipun.
Saben dintenipun uripe diisi ibadah, bermunajat, dungo, sehinggo mboten saget
ngelampahi duso,  nopo malih duroko marang Allah. Setunggal dungo ingkang
disuwun inggih meniko saget mati naliko sujud. Mekatenlah, akhiripun tiang
saleh meniko sedo ngantos umur limangatus tahun.
 
Sakmantunipun sedo, piyambakipun ditimbali gusti pengeran. He wong shaleh,
lantaran rahmat-Ku, awakmu arep tak lebokne suwargo. Mirengaken meniko,
tiyang niki mboten nerami. Keranten piyambakipun rumahos bilih lantaran amal
lan ibadahipun selama limangatus tahun tanpa duso menikolah ingkang nyebabi
layak mlebet suwargo, mboten keranten rahmate Gusti Allah.
 
Keranten protes mekaten, Allah nugasaken malaikat kangge ngitung lan
nimbang sedoyo amal ugi ibadahe tiyang saleh niku selama limangatus tahun
tanpo duso, ingkang diandalaken piyambake minongko dados modal lantaran
mlebet suwargo.
 
Saklajengipun amale ditimbang lan dibandingaken kaliyan rahmat Allah.
Nyatane rahmat Allah ingkang diterami tiyang saleh arupi nikmat mripat
mawon nyatane langkung abot tinimbang ibadahe selama limangatus tahun.
Dereng nikmat anggota badan lintune, utek, tangan, sikil, lan sak piturutipun.
 
Pramilo, sesuai kaliyan protes ingkang disampeaken, Allah merintahaken
malaikat kangge nyeret tiyang saleh niki teng neraka. Wekdal nikulah tiyang
saleh niki sadar bilih nggantungaken marang amal mboten saget nyelametaken
piyambake. Cepet-cepet tiyang saleh niki nyuwun ngapuro lan ngakoni sedoyo
kesalahan ugi kesombonganipun. Piyambakipun terlalu ngandalaken amal
ibadahipun lan ngeremehaken rahmat Allah.
 
Untungipun Allah maringi pangapuro lan tanglet malih dateng tiyang saleh
meniko: Opo awakmu mlebu suwarga iki kerono amalmu? Tiyang niki jawab:
Mboten ya Allah, saktemene sedoyo niki namung keranten rahmat panjenengan.
 
Cerito lintune, wonten teng kitab Nashaihul Ibad karya Syaikh Nawawi al-
Bantani nyeritaaken bilih Imam al-Ghazali meniko setunggal wekdal katon ing
jerone mimpi sahabate, terus ditangletaken: Nopo ingkang Allah paringaken
dateng panjenengan? Imam al-Ghazali jawab: Naliko ngadep, Allah SWT
dawuh: Kena opo awakmu nang kene, lan opo sing awakmu gowo? Imam al-
Ghazali nyebutaken amal-amalipun. Tapi Allah menjawab: Saktemene Aku gak
nerimo kabeh amal ibadahmu, ananging siji amal. Yo iku siji waktu awakmu
ngejarake laler menclok nang dukur pulpenmu lan ngombe mangsi pulpen iku.
Waktu iku awakmu ngejarake laler kuwi mergo ngesakne marang laler iku.
Sakteruse Allah dawuh: Hei malaikat, gawanen Imam Ghazali iki nang suargo.
 
Nopo ingkang saget kito pendet saking cerito niki? Ampun pisan-pisan menilai
rendah amal ibadah. Sinaoso namung nyingkiraken krikil saking tengah dalan,
keranten niku saget dados amal ingkang dirahmati Allah. Kito mboten angsal
ngeremehaken amal sinaoso dianggep cilik, sinten ingkang semerap amal cilik
menikolah ingkang nyebabi kito teng akhirat mangke selamet?
 
Kados dene kisah Sayyidina Umar diapuro dusone keranten amal cilik nggih
meniko welas lan nyelametaken manuk emprit ingkang ditumbas saking lare alit
ingkang nyikso manuk meniko. Cerita niki ingkang saklajengipun diabadikan
teng kitab Usfuriyah. Kosok wangsulipun, kita mboten angsal menyombongkan
amal ibadah ingkang numpuk katah sinahoso sedoyone sae. Keranten dereng
tentu amal niku angsal rahmate Allah.
 
Terakhir, monggo kito nyuwun dumateng Allah kangge terus istiqamah ibadah
nopo mawon lan mboten gampang memvonis tanggi, konco lan keluarga kito
sesat, mursal naliko dereng purun ibadah. Mugi sedaya angsal maghfirah utawi
pengapurane gusti pengeran lan kito nerami rahmatipun Allah sahinggo
dilebetaken dateng suwargonipun, amin.
 
‫ضهَا‬ ُ ْ‫ار ُع ٓو ْا ِإلَ ٰى َم ْغفِ َر ۢ ٍة ِّمن َّربِّ ُك ْم َو َجنَّ ٍة َعر‬
ِ ‫ َو َس‬:‫َّجي ْم بسم هللا الرحمن الرحيم‬ ِ ‫ْطان الر‬ ِ ‫أ ُعو ُذ بِاهللِ ِمنَ ال َّشي‬
ْ ‫ت َوٱَأْلرْ ضُ ُأ ِع َّد‬
َ‫ت لِ ْل ُمتَّقِين‬ ُ ‫ٱل َّس ٰ َم ٰ َو‬
 
ٌ ِ‫ إنّهُ تَعاَلَى َجوا ٌد َك ِر ْي ٌم َمل‬.‫ت وال ِّذ ْك ِر ال َح ِكي ِْم‬
ٌّ‫ك بَر‬ Dِ ‫ َونَفَ َعنِ ْي َوِإيّا ُك ْم بِاآليا‬D،‫آن ال َع ِظي ِْم‬ ِ ْ‫ك هللاُ لِ ْي َولك ْم ِفي القُر‬ َ ‫با َ َر‬
‫ف َر ِح ْي ٌم‬ ٌ ْ‫َرُؤ و‬
 

You might also like