You are on page 1of 3

oleh : Nur Yasin

ِ ُ‫ َعلَْي ُكم ور ْحمة‬ ‫السالَم‬


ُ‫اهلل َو َب َرا َكاتُه‬ َ ََ ْ ُ َّ
َ‫َأش َه ُد َأ ْن ال‬ ْ .‫ان َوالِ َديْ ِه‬ ِ ‫ وَأمرناَ ُكالًّ ِمن اَّ بِِإ ْحس‬.ُ‫الَ ِذى َأمرناَ َأ ْن الَ َن ْعب َد ِإالَّ ِإياَّه‬ 2 ‫الحم ُد هلل‬
َ ََ َ ُ ََ َْ
ْ ‫ َو‬.ً‫ك لَه َر ِح ْي ٌم لِّل ُْمْؤ ِمنِْي َن َولِ ْل َخاِئِف ْين اََمانا‬ ِ
‫َأن ُم َح َّم ًد َر ُس ْو ُل‬ َّ ‫َأش َه ُد‬ َ ْ‫اله ِإالَّ اهلل َو ْح َده الَ َش ِري‬
‫ اللَّ ُه َّم‬.ُ‫ ال َقاِئ ُل الَ يَ ْج ِزى َولَ ٌد َوالِ َدهُ ِإالَّ يَ ِج َدهُ َم ْملُ ْوك اً َفيَ ْش تَ ِريَهُ لُِي ْعتِ َق ه‬. ‫اهلل َع ْب ُدهُ َو َر ُس ْولُه‬
ِ ِ
.‫اله َدى َواْ َلبيَان‬ ُ ُ‫َأص َحابِه َح ْملَة‬ ْ ‫ص ِّل َعلَى َسيِّدناَ ُم َح َّمد َوعلَى آله َو‬ َ
ِ ‫ وقَ ْد فَ َاز اْلمَّت ُق ون و‬.‫اهلل ! ِإَّت ُق وا اهلل ح َّق ُت َقاتِ ه والَ تَم وتُ َّن ِإالَّ وَأْنتم مس ِلمو َن‬
‫َأطْي ُع ْوا ل ََعلَّ ُك ْم‬ َ ْ ُ َ ُْ ْ ُ ُْ َ ُْ َ َ َ ْ
ِ ‫اد‬ َ َ‫ََّأما َب ْع ُد – َفيَ ا ِعب‬
.‫ُت ْفِل ُح ْو َن‬
Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Sak sampunipun muji dumateng Alloh soho maos sholawat kunjuk dateng junjungan kito
Nabi Agung Muhammad SAW, kulo wasiat dumateng panjenengan sedoyo, ugi dateng pribadi
kulo piyambak, monggo samiyo nambahi taqwa dumateng Allah SWT kanthi nebihi awisan-
awisanipun lan nglampahi punopo ingkang dipun dawuhaken.  Lan kita kedah mangertos
bilih kito sedoyo wonten ing alam dunyo puniko dipun ciptaaken dening Allah SWT. mboten
sanes inggeh namung ibadah lan ngabekti dumateng perintahipun Allah SWT. Artosipun sedoyo
gerak lampah kito, tumindak kito, pangendikan soho pendamelan kito wonten dunyo meniko
kedah dipun landasi minongko bukti ngawulo lan raos syukur dumateng Allah.
Allah SWT sampun ngendika:

ُ ‫َوما َ َخ َل ْق‬
َ ‫ت ا ْل ِجنَّ َو ْاِإل ْن‬
‫س ِإالَّ لِ َي ْع ُبد ُْو ِن‬
Ingkang artosipun: “Aku ora ndadeake bongso jin lan manungso kejobo supoyo ngawulo
maring Ingsun (Allah SWT”)
Allah ugi ngendiko wonten ing surat An-Nisa’ 36:: “ Artosipun: Ngabektiyo siro kabeh
marang Allah SWT lan ojo siro kabeh pisan-pisan nyekutoake Allah marang liyane lan gaweo
kabecikan marang wong tuwo loro, kerabat, anak-anak yatim, wong-wong fakir miskin, tonggo
kang cedak lan adoh, konco akrab, ibnu sabil lan hamba sahayamu. Sak temene Allah iku ora
seneng tumrap wong kang sombong bangga marang awak dewene”.
( Qur’an surat an-Nisa : 36)
Sak sampunipun Allah merintah ngabekti, ibadah dumateng Allah piyambak, lajeng dipun
susul kaliyan perintah ngabekti dumateng tiyang sepah kekalih, lan meniko wajib kito lampahi
kanti ikhlas.
Menawi kito penggalih, raos welas, raos asih ingkang ageng, ingkang kito raosaken,
sak sampunipun welasipun Allah, meniko raos welas asihipun tiyang sepah kekaleh marang
putranipun. Pramilo kanthi meniko, bektos dumateng tiyang sepuh kekalih dumawah persis
sak sampunipun bekti dumateng Allah SWT. 
Kito saged mangertosi rekasanipun ibu naliko ngandut. Lajeng
sak sampunipun putro lahir, Ibu kanthi ikhlas dahar ingkang anyep-anyep, soho ingkang sarwo
pahit   kados jamu-jamu, supados putranipun tetap sehat wal afiyat. Naliko tiyang sepuh sare,
wungu sebab mirengaken tangisipun bayi lan sak panunggalanipun. Semanten ugi bapak
ngupados nafkah soho biaya ingkang halal  ingkang mboten etangan. Kulit rumiyen kuning
lajeng dados cemeng geseng, badan rumiyen ageng kadang kantun balung kaliyan kulit. Sebab
ngeraosaken awratipun pados nafaqoh. Pramilo Sampun sak mestinipun kito ngabekti dumateng
tiyang sepah kekalih lan jagi hak-hakipun .
Allah sampun dawuh wonten ing surat Luqman: 14:
Ingkang artosipun: “ Lan tak perintahake marang menungso kabeh supoyo agawe becik
marang wong tuwo lorone, ibune wis ngandut kanthi lemes lan tambah-tambah, lan nyapih sak
wuse 2 tahun, syukuro marang Aku (Allah) lan marang wong tuwo loromu, lan namung marang
Aku ( Allah) siro bakal bali”. ( Qur’an Surat Lukman: 14).
Milo monggo, manawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulya’aken, kito
hormati, kito wajib taat dateng perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam.
Nebihi sedoyo ingkang dadosaken kuciwo manahhipun tiyang sepah kekalih, sebab.... saged kito
tingali ing zaman ahir sak meniko kathah sanget, putro kumowantun dumateng tiyang sepah
kekalihipun, jangkar, kirang totokromo, kadang malah kebablasen ngantos niya’-niyaaken ibu
bapakipun, na’udzubillahi min dhalik. Prasasat tiyang kolowau sampun nglampahi dosa ageng.
Anamung piyambakipun mboten kraos, Rosululloh paring dawuh :

‫(رواه‬ ‫الول دَ ْين َو َق ْول ال ُز ْور‬ ْ ‫َأ ْك َبر ا ْل َك َبائر اآل‬


َ ‫ش َر ُك باهلل و َق ْتل الن ْفس َو ُعقُ ْو ُق‬
)‫البخاري‬
Artosipun : dosa-dosa ingkang paling besar inggih puniko :
1. Nyekutoaken dateng Alloh swt.
2. Mateni dateng awak-awakan
3. Duroko dateng tiyang sepah kekalih
4. Guneman Awon utawi pendusta (Hadits Sahih 152)

Ahli jum’at Ingkang Tinuhu kinebekten


Menawi mederek pengendikane rosul bilih birrul walidain meniko anggadahi khikmah
ingkang ageng sanget, nuwun inggih saged ndatengaken kabejan kagem piyambaipun ugi Alloh
nambahi dateng umuripun :
)‫(رواه البخاري‬ ‫َمنْ بَر َوالده طُوبَي لَهُ َو َزا َد هللاُ في ُع ُمره‬
Artosipun : Sopo wong kang agawe bagus marang wong tuwo lorone, mongko bakal bejo
lan Alloh bakal ndawa’ake umure (hadits shoheh 164)

Kosok wangsulipun menawi tiyang meniko mboten kerso mbeciki dateng tiyang sepah
kekalih, tentu Alloh mboten bade ridho dumateng piyambaipun.
Tiyang ingkang kados mekaten termasuk tiyang ingkang rugi, keranten mboten waged
mlebet suwarganipun  Alloh swt. Mekaten meniko miderek pengendikanipun Rosululloh saw. :

،‫ وأكيل الرب@@ا‬،‫ ُمدْمنُ َخ ْمر‬: ‫ نَع ْي َم َها‬ ‫الجنَةَ َوآليُديقهم‬


َ ‫أربَ ُع َحق علي هللا أن آل يُدخل ُه ْم‬ ْ
)‫(رواه الحاكم‬  ‫لوال َد ْيه‬ َ ‫ق‬ُ ‫ وال َعا‬،‫َوأك ُل َمال اليَت ْيم ب َغ ْير َحق‬
Artosipun : Sekawan haq menggah Alloh, Alloh mboten bade nglebetaken suwargo, lan
mboten bade ngraosaken nikmatipun suwargonipun Alloh : tiyang sekawan puniko.......
1. Peminum khomer utawi pemabuk
2. Pemakan harta riba termasuk rentenir
3. Pemakan bandonipun anak yatim tanpa hak
4. Tiyang ingkang kumowantun nyakiti dateng tiyang sepah kekalih.

Menawi  kito tingali sangking hadits meniko, sok sinten to tiyange ingkang kumowantun
dateng tiyang sepahipun mongko tiyang kasebat ampun ngajeng- ngajeng dateng suwarganipun
Alloh swt.
Milo Minongko akhir khutbah, monggo kito tansah enget bilih ridhonipun Allah meniko
tergantung ridhonipun tiyang sepah kekalih, semanten ugi bendunipun Allah wonten bendunipun
tiyang sepah kekalih.
‫وسخط هللا في سخط الوالدين‬ ‫رضي هللا برض الولدين‬
Menawi tiyang sepuh kito sami taksih sugeng kedah kito mulyaaken, taat marang
perintahipun ingkang boten nyimpang saking syari’at Islam. Menawi sampun sumare monggo
kito do’aaken minongko bektinipun putro dumateng tiyang sepah kekalih.
Hadirin sidang jum’at ingkang minulyo.
Ahiripun...... Mugi-mugi kito kagolong tiyang ingkang taat dumateng Allah, dumateng
rosul lan bekti dateng tiyang sepah kekalih. Amin...

.‫من ال َّر ِح ْي ِم‬ ِ ‫س ِم هللا ال َّر ْح‬ َّ ‫اَع ُْو ُذ باِهلل ِم َن ال‬
ْ ِ‫ش ْيطا َ ِن ال َّر ِج ْي ِم ب‬
‫ َوقَضى َربُّ َك َأنْ الَ تَ ْعبُ@د ُْوا ِإالَّ ِإي@اَّهُ َوباِ ْل َوالِ@ َد ْي ِن ِإ ْحس@اَنا ً ِإم@ا َّ يَ ْبلُ َغنَّ ِع ْن@دَكَ ْال ِكبَ@ َر‬ 
.ً‫ف َوالَ تَ ْن َه ْرهُما َ َوقُ ْل ل َه ُما َ قَ ْوالً َك ِر ْيما‬ ٍّ ‫َأ َح َد ُه َما َأ ْو ِكالَ ُه َما ُأ‬
‫آن ْال َع ِظ ْي ِم‬ِ ‫في ْالقُ ْر‬ ِ ‫لي َولَ ُك ْم‬ ِ ُ‫با َ َركَ هللا‬
َ ‫الذ ْك ِر ْا‬
‫لح ِك ْي ِم‬ ِّ ‫ت َو‬ ِ ‫ َونَفَ َع‬ 
ِ َ ‫ني َوِإيا َّ ُك ْم بِ َما فِ ْي ِه ِم َن ْاآليا‬
َّ ‫ني َو ِم ْن ُك ْم تِالَ َوتَهُ ِإنَّهُ ه َُو ال‬
‫س ِم ْي ُع ْال َعلِ ْيم‬ ِّ ‫َوتَقَبَّ َل ِم‬
‫سلِ َمات‬ْ ‫سلِ ِم ْي َن َو ْال ُم‬ ْ ‫ساِئ ِر ْال ُم‬ َ ِ‫لي َولَ ُك ْم َول‬ ِ ‫ستَ ْغفُ ُر هللاَ ْال َع ِظ ْيم‬ ْ ‫لي َه َذا َوا‬ ِ ‫َأقُ ْو ُل قَ ْو‬ 
                         .‫ستَ ْغفِ ُر ْوهُ ِإنَّهُ ه َُو ْال َغفُ ْو ُر ال َّر ِح ْي ِم‬ ْ ‫ َو ْال ُمْؤ ِمنِ ْي َن َو ْال ُمْؤ ِمنَات فَا‬ 

You might also like